NEW
Font size
WorksheetsULANGAN 2
Total questions: 20
Worksheet time: 20mins
Pilihen wangsulan sing paling bener!
Jlimetana tembang ing ngisor iki kanggo mangsuli nomor 1 – 7!
Sekar gambuh ping catur,
Kang cinatur polah kang kalantur,
Tanpa tutur katula-tula katali,
Kadalu warsa kapatuh,
Katutuh pan dadi awon.
(Sunan Paku Buwana IV. Wulang Reh: III. 1)
1. Uwosipun tembang ing nginggil, inggih punika….
a. ngabdi marang tiyang sepuh
b. ngurmati tiyang sanes
c. menungsa ingkang mboten nduweni tumindak becik
d. menungsa sing nduweni watek ala
2. “Kang cinatur polah kang kalantur”
Tumindak padintenan kang jumbuh kaliyan ukara ing nginggil, inggih punika….
a. Ani lan kanca-kanca gladhen wonten ing sekolah
b. Risa tumindak keminter karo sing diomongi
c. Adit tumindak sae kaliyan Bu guru
d. Joko tumindak kaluwihan marang kancane
3. Tuladha kahanan ingkang mboten trep kaliyan wosan tembang Gambuh ing nginggil, inggih punika….
a. Rani tumindak biyantu Ibu masak
b. Roro mboten mirengaken pitutur sing pantes
c. Adit remen pitutur mboten sae
d. Leni sampun kabiasan sanjang elek
4. Menapa kemawon guru lagunipun wonten ing tembang Gambuh kasebut….
a. u, a, u, i, o
b. u, u, i, u, o
c. u, i, i, u, o
d. u, u, a, o
5. Kadalu warsa kapatuh. Ukara ingkang kacetak kandhel menika, anggadhahi teges punapa….
a. wis kadung dadi kabiyasan
b. tembang gambuh sing ke papat
c. kabiyasan saged ndadosaken lelara
d. tanpa pitutur kabajut lelara
6. Guru lagu lan guru wilanganipun tembang ing nginggil, inggih menika….
a. 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
b. 7a, 10e, 8u, 12i, 8o
c. 7i, 8a, 12i, 8i, 8o
d. 7u, 10i, 12e, 81, 8o
7. Pitutur kang kaemot saking tembang Gambuh ing nginggil, inggih punika….
a. dados tiyang mboten usah serik
b. dados tiyang mboten usah pitutur kaluwihan
c. dados tiyang kedah ngurmati marang sinten kemawon
d. dados tiyang kedah ngurmati tiyang sesepuh
8. Tembang Gambuh nduweni watek menapa…
a. grapyak
b. drengki
c. sumeh
d. kemaki
9. Apa tegese guru wilangan….
a. tibaning swara ing pungkasaning gatra
b. tibaning swara wonten ing tembang
c. cacahing wanda saben sagatra
d. cacahing gatra wonten ing tembang
10.Ingkang mboten kalebu paugerane tembang inggih menika….
a. guru lagu
b. guru wilangan
c. guru dwilingga
d. guru gatra
11.Menapa kemawon paugerane tembang macapat…
a. guru gatra lan guru lagu
b. guru gatra lan guru wilangan
c. guru gatra, guru lagu, guru wilangan
d. guru lagu, guru dwipurwa, guru gatra
Gambuh
Ilang budayanipun,
Tanpa bayu weyane ngalumpuk,
Sakciptane wardaya ambebayani,
Ubayane nora payu,
Kari ketaman pakewuh.
(Rangga Warsita, Sabda Tama)
12. Cobi golekana guru gatranipun wonten ing tembang nginggil….
a. 4 gatra
b. 5 gatra
c. 6 gatra
d. 8 gatra
13. Tegesipun tembung nora, inggih menika….
a. sami
b. mboten/ora
c. ical
d. saderekan
14. Uwosipun tembang ing nginggil, inggih menika….
a. wong sing nduweni watek angkuh lan keminter
b. wong ingkang sampun leres pacelathonipun
c. wong sing nduweni watek kemaki lan keminter
d. wong sing nduweni watek sumeh marang sinten kemawon
15. “ilang budayanipun”
Ukara ing nginggil, nggadhahi teges punapa…
a. mboten nggadhahi kekiyatan lan lemah
b. ical unggah-ungguhipun
c. sumpah lan janji namung ning lambe
d. ical tata kramanipun ing panguripan
16.Tembang gambuh kalebu pelog punapa….
a. pelog pathet sanga
b. pelog pathet nem
c. pelog pathet siji
d. pelog pathet barang
17. Gatra ke-3 wonten ing tembang gambuh nginggil, nggadhahi pinten guru wilangan….
a. 11
b. 8
c. 9
d. 12
18. Tegesipun tembang gambuh inggih punika….
a. kalebu jinising tembang macapat kang duweni watek angkuh
b. kalebu jinising tembang macapat kang nduweni watek grapyak
c. kalebu jinising tembang macapat kang duweni teges cocog utawa jumbuh
d. kalebu jinising tembang macapat kang mboten teges
19. Watek tembang gambuh kang mboten trep, inggih punika….
a. drengki, mulang lan sumanak
b. sumanak, sumadulur, mulang, pitutur
c. sumadulur, kemaki lan pitutur
d. mulang, pitutur, drengki lan sumeh
20.Pitutur ingkang kaemot saking tembang gambuh ing nginggil, inggih punika…
a. kita urip kedah bebrayan kaliyan sesepuh
b. dados tiyang kedah ngati-ati nalika ngendhika
c. kita kedah nerapaken unggah-ungguh marang sinten kemawon
d. urip menika kedah nerapaken unggah-ungguh
