Font size
WorksheetsBahasa Jawa
Total questions: 20
Worksheet time: 9mins
SEPATU ANYAR
Andhini, bocah sing umure isih sepuluh taun sekolah ing SD Sekar Arum Bandung Rejo kutha Malang. Rambute dawa, praupane ayu, tur pinter ing sekolahe. Saben dina diterno lan dipapag ibune.
Dina iki Andini ora kanten ngenteni ibuke mapag amarga langite wis mendhung. Nalika ing tengah dalan moro-moro udan gedhe banget, Andini banjur mandheg, terus mencolot mlebu dhek pos kamling.
Klambine Andini wis teles kebes. Sepatune sing anyar yo teles pisan. Rambute sing dikuncrit wis ora karu-karuan amarga kena banyu udan sing kaya diwutahna saka langit. Dheweke nyekeli tas sekolahe, banjur dideleh dhek meja pos kamling. Sepatu kesayangene diuculi pisan, nanging ora dideleh nang meja.
Dheweke kethap-kethip dhewekan. Swarane gludhuk pating jlegur kaya-kaya mung ana dhuwure sirah. Saka cendhela pos kamling Andhini ngungak nyang njaba. Arek cilik iku meruhi banyu kali wis amber, banjur mili banter liwat ngarepe pos kamling panggonane ngiyub. Andhini lekas krasa kadhemen, saking adheme awake nganti ndredeg nggreweli. Dheweke banjur ndodok dhek pojokan, karo tangane loro ngekep sikile.
Kang dadi tahap komplikasi (wiwitane ana masalah) saka pethikan cerita cekak ing ndhuwur yaiku….
Andhini, bocah sing umure isih sepuluh taun sekolah ing SD Sekar Arum Bandung Rejo kota Malang
Nalika ing tengah dalan moro-moro udan gedhe banget, Andini banjur mandheg, terus mencolot mlebu dhek pos kamling
Klambine Andini wis teles kebes. Sepatune sing anyar yo teles pisan. Rambute sing dikuncrit wis ora karu-karuan amarga kena banyu udan sing kaya diwutahna saka langit
Dheweke kethap-kethip dhewekan. Swarane gludhuk pating jlegur, kaya-kaya ana ing dhuwure sirah
Semaken pungggelan cerkak iki!
Dheweke kethap-kethip dhewekan. Swarane gludhuk pating jlegur kaya-kaya mung ana dhuwure sirah. Saka cendhela pos kamling Andhini ngungak nyang njaba. Arek cilik iku meruhi banyu kali wis amber, banjur mili banter liwat ngarepe pos kamling panggonane ngiyub. Andhini lekas krasa kadhemen, saking adheme awake nganti ndredeg nggreweli. Dheweke banjur ndodok dhek pojokan, karo tangane loro ngekep sikile.
Satemene Andhini kepingin nekad mlayu mulih, nanging ora wani amarga udane kaya diwutahna saka langit lan angine banter banget. Apa maneh swarane bledheg kaya kudu mecah-mecahna sirah. Saliyane iku dalan ngarepe pos kamling wis ora ketok merga ketutupan banyu sing molak-molak. Dalan iku wis ora beda karo kali. Saking derese udan lan saking gedhene banyu, ora ana uwong sing wani liwat. Menawa ana uwong liwat, dheweke mesthi njaluk tulung supaya diterna mulih. Nanging, sepi ora ana wong liwat babar pisan.
Kang dadi puncak masalah saka crita pethikan cerita cekak ing ndhuwur yaiku….
Dheweke kethap-kethip dhewekan. Swarane gludhuk pating jlegur kaya-kaya mung ana dhuwure sirah
Andhini lekas krasa kadhemen, saking adheme awake nganti ndredeg nggreweli
Satemene Andhini kepingin nekad mlayu mulih, nanging ora wani amarga udane kaya diwutahna saka langit
Swarane bledheg kaya kudu mecah-mecahna sirah. Saliyane iku dalan ngarepe pos kamling wis ora ketok merga ketutupan banyu sing molak-molak. Dalan iku wis ora beda karo kali. Saking derese udan lan saking gedhene banyu, ora ana uwong sing wani liwat
Sejatine Siti iku dudu bocah sing kethul pikire, nanging dheweke kepeksa leren anggone ngangsu kawruh nganti tekan kelas wolu alasane ora duwe biaya kanggo nerusake sekolah.
Saka ukara ing dhuwur tetembungan kang kalebu basa rinengga yaiku….
Siti, kethul pikire
Kethul pikire, ngangsu kawruh
Bocah, kelas wolu
Ngangsu kawruh, nerusake sekolah
Saloka sing tegese wong asor/ala wewatekane nanging sugih bandha donya, yaiku ....
Asu belang kalung wang
Bathok bolu isi madu
Cecak nguntal empyak
Dom sumurup banyu
Gagasan utawa idhe sing dadi underane crita, bisa dititik langsung saka ukara-ukara ing teks, utawa dijupuk saka intine crita diarani….
Alur
Tema
Sudut pandhang
Latar/setting
Tembung-tembung sekolahan, ketua kelas, kanca sakelas, kerjasama, lan sapanunggalane sing ana ing teks cerkak klebu tema….
Sekolah
Kabudayan
Pendhidhikan
Persatuan
Cerita ganjaran sing ngandarake kedadeyan utawa lelakon saka wiwitan nganti pungkasan kanthi cekak wae diarani….
(a)
"De, sajake kok lagi ana masalah. Coba crita nyang ibu sapa ngerti ibu bisa mbantu? " ngendikane ibune.
Ukara iki klebu tuladhane ukara….
Tanduk
Tanggap
Ora langsung
Langsung
Ukara-ukara iki mujudake titikane (ciri-cirine) crita cekak yaiku dituduhake ing nomer …(jawaban lebih dari satu)
Critane sakeplasan
Isine dawa nganti dadi episode
Ukarane ringkes, padhet, tur jelas
Jelas sapa panulise
Nyritakake cerita jaman biyen
“ Kreteg Emas Jurang Gupit “ salah sawijining crita cekak karya Djajus Pete kang pikantuk penghargaan. Crita cekak iku kagolong karangan …
Eksposisi (njelasake gagasan)
Deskripsi (nggambarake kahanan)
Persuasi (mbujuk, menehi pengaruh marang wong liya)
Narasi (crita)
Jinis ragam basa manut panganggone sing trep manut unggah-ungguh yaiku ….
Basa formal-basa informal
Basa tulis-basa lisan
Basa ngoko-basa krama
Basa gancaran-basa sastra
Ragam dhialek Surabayaan, Bojonegoroan, Malangan lan sapanunggalane iku pamerange ragam basa sing dititik saka ….
(a)
Bagian-bagian struktur teks crita cerkak menawa ing unsur intrinsik crita mlebu ing jroning….
(a)
Urut-urutane rangkaian kedadeyan sing mbentuk alur yaiku….
Paparane crita
Amanat/ancas
Critane wiwit ana perkara
Underan/tema crita
Ana perkara antarane peraga
Gajah ngidak ripah nduweni teges wong kang nglanggar wewalere dhewe, kalebu jenise….
(a)
Unen-unen kang ajeg panggonane, mawa teges entar, ngemu surasa pepindan. Kang dipindanake kahanan utawa sifate wonge diarani….
(a)
Paribasan sing tegese ora duwe apa-apa, ora gelem ikhtiyar nanging kepingin dadi panguwasa, yaiku....
Adang-adang tetesi embun.
Blilu tau, pinter durung nglakoni.
Cebol nggayuh lintang.
Durung pecus keselak besus
Ukara ing ngisor iki sing paling trep manut aturan unggah-unggahe yaiku …..
Kula sampun nyuwun arta, nanging dereng dipunparingi kalih ibu.
Kula empun nedha arta, nanging dereng disukani kalih ibu.
Kula sampun nedhi yatra, ning dereng disukani kalih ibu.
Kula empun nedhi yatra nanging dereng diparingi ibu
Semaken punggelan teks ngisor iki!
"Wonten enjing ingkang langitipun padhang, Mbok Randha kaliyan putrinipun para kleting ingkang ayu-ayu, inggih menika Kleting Abang, Kleting Biru, Kleting Ungu, lan Kleting Ijo sami ngenggar-enggar penggalih. Wonten nggriya Kleting Kuning olah-olah lan reresik griya piyambakan. Kleting Kuning niku putra tirine Mbok Randha. Pengrengkuhe Mbok Randha dhateng Kleting Kuning niku winastanan emban cindhe emban siladan, benten kaliyan putri sanesipun....”
Bebasan sing tegese ora adil, yaiku ....
Arep jamure ora arep watangane.
Emban cindhe, emban siladan.
Ora uwur ora sembur.
Rebut balung tanpa isi.
Bapak Kepala Sekolah ngendika menawa murid-murid ora pareng metu saka pekarangan sekolah ing wektu ngaso.
Ukara iki klebu tuladhane ukara….
Tanduk
Tanggap
Ora langsung
Langsung
