wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

LATIHAN SOAL BAHASA JAWA

Total questions: 45

Worksheet time: 22mins

Name
Class
Date
1.

Karangan sing isine ngajak utawa narik kawigatane, mengaruhi lan ngyakinake sing maca diarani teks . . . . .

a)

deskripsi

b)

persuasi

c)

narasi

d)

eksposisi

2.

Karangan sing nyritakake kedadeyan prastawa lan dhuweni telung unsur arupa kedadeyan, paraga, lan konflik diarani karangan… .

a)

Narasi

b)

Deskripsi

c)

Argumentasi

d)

Persuasi

3.

"Sapa sing nandur bakal ngunduh". Ukara iki klebu ..............

a)

slogan

b)

pawarta

c)

geguritan

d)

narasi

4.

Cacahe tembang macapat ana .....

a)

2

b)

3

c)

7

d)

11

5.

Guru gatra yaiku .....

a)

Tibane swara ing pungkasane gatra

b)

Cacahe gatra saben sapada

c)

Cacahe wanda saben sagatra

d)

Tibane swara saben sawanda

6.

Sing kalebu jinis tembang macapat yaiku .....

a)

Maskumambang

b)

Balabak

c)

Citramengeng

d)

Girisa

7.

Tembang macapat sing gatrane mung papat yaiku .....

a)

Pangkur

b)

Gambuh

c)

Pocung

d)

Dhandhanggula

8.

Guru wilangan lan guru lagu saka tembang kasebut yaiku

a)

7u, 8i, 8u, 8i, 8o

b)

6u, 8i, 10u, 6u, 8o

c)

7u, 10u, 12i, 8u, 8o

d)

12u, 8u, 10i, 8u, 80

9.

Tibane swara ing pungkasane gatra yaiku ...

a)

Guru lagu

b)

Guru wilangan

c)

Guru swara

d)

Guru basa

10.

Urip bareng iku kudu guyub rukun

Tembung "guyub rukun" tegese yaiku ...

a)

Nyawiji

b)

Congkrah

c)

Bubrah

d)

Tukar padu

11.

Bapak pucung, saben dina tansah bingung,

Badanira panjang,

Tutuk ira pesagi,

Saben dina pucung nguntal buntut ira


Tembang ing dhuwur jenenge tembang ...........

a)

gambuh

b)

pucung

c)

sinom

d)

mijil

12.

Bapak pucung, saben dina tansah bingung,

Badanira panjang,

Tutuk ira pesagi,

Saben dina pucung nguntal buntut ira


Guru wilangan lan guru lagune gatra katelu tembang ing dhuwur yaiku .........

a)

7i

b)

8i

c)

9i

d)

10i

13.

Bapak pucung, saben dina tansah bingung,

Badanira panjang,

Tutuk ira pesagi,

Saben dina pucung nguntal buntut ira


Tembang ing dhuwur satemene cangriman. Batangane ......

a)

tali

b)

ula

c)

sabuk

d)

kalung

14.

Tembang kang kaiket dening guru wilangan, guru gatra, lan guru lagu diarani tembang ........

a)

macapat

b)

dolanan

c)

tengahan

d)

gedhe

15.

Cacahe wanda saben sa gatra diarani ........

a)

guru lagu

b)

guru wilangan

c)

guru gatra

d)

guru saka

16.

Tembang macapat kang nduweni pugeran 7u, 12i, 8u, 8o diarani ....

a)

kinanthi

b)

gambuh

c)

durma

d)

pucung

17.

Tembang sing kedadeyan saka 10 gatra : 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12e, 7a, kalebu paugeran  tembang. . .

a)

Mijil

b)

Pangkur

c)

Asmaradana

d)

dhandhanggula

18.

Ing ngisor iki kang kalebu unen-unen basa jawa, kejaba....

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Geguritan

19.

Unen-unen sing diumpamakake yaiku kahanan, tumindak, utawa sifate manungsa diarani....

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Parikan

20.

Unen-unen sing isine arupa menungsa diumpamake kewan utawa barang yaiku....

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Parikan

21.

Kang kalebu unen-unen jinis saloka yaiku....

a)

Diwenehi ati ngrogoh rempelo

b)

Nututi layangan pedhot

c)

Pupur sawise benjut

d)

Kebo nusu gudel

22.

"Kaya asu karo kucing"


Unen-unen ing dhuwur kalebu....

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Parikan

23.

"Gajah ngidak rapak"


Ukara ing dhuwur kalebu saloka.

a)

Bener

b)

Salah

24.

"Kakehan gludhug kurang udan"


Unen-unen ing dhuwur kalebu bebasan.

a)

Bener

b)

Salah

25.

"Mikul dhuwur mendhem jeru"


Unen-unen ing dhuwur kalebu saloka.

a)

Bener

b)

Salah

26.

(1) ancik-ancik pucuke eri

(2) arep nangkane emoh pulute

(3) diwenehi ati ngrogoh rempelo

(4) iwak klebu ing wuwu


Unen-unen kang kalebu bebasan yaiku nomer....

a)

(1) lan (2)

b)

(1) lan (3)

c)

(2) lan (3)

d)

(2) lan (4)

27.

Dudu sanak dudu kadang yen mati melu kelangan

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

28.

Becik ketitik ala ketara, tegese ....

a)

tumindak ala utawa becik wusanane bakal konangan

b)

bia njunjung drajate wong tuwa

c)

wong tuwa njaluk warah wong enom

d)

wis nate lunga teka ngendi-ngendi

29.

Esuk dele sore tempe, tegese ....

a)

uripe tansah kuwatir

b)

akeh wong kesusahan amarga ketaman bencana

c)

ora teteg atine, gampang molah-malih

d)

sipate wong tuwa tumurn menyang anak

30.

Kodok nguntal gajah, saloka kasebut tegese ....

a)

wong kang rekasa uripe amarga kakehan anak

b)

luwih dhuwur pangkate, luwih gedhe panguwasane

c)

wong duwe kekarepan sing mokal kelakone

d)

prakara cilik dadi gede

31.

Wong tuwa njaluk wuruk wong enom, salokane yaiku ....

a)

Kebo nusu gudel

b)

Kebo kabotan sungu

c)

Kebo lagi turu

d)

Kebo mangan suket

32.

Ing ngisor iki sing kalebu ukara paribasan yaiku...

a)

Asu rebutan balung

b)

Becik ketitik, ala ketara

c)

Gupak pulute ora mangan nangkane

d)

Mlakune kaya macan luwe

33.

Rukun agawe santosa, crah agawe ....

a)

susah

b)

sedih

c)

bungah

d)

bubrah

34.

Desa mawa cara, nagara mawa ....

a)

aturan

b)

tata

c)

basa

d)

tatacara

35.

Ora gelam ngrungokake rekasaning liyan kang ora prayoga.

Yen diparibasaake...

a)

ono catur mungkur

b)

angon ulat ngumbar tangan

c)

becik ketitik ala ketara

d)

jer basuki mawa bea

36.

Ing ngisor iki titikane pariwara/iklan sing bener yaiku...

a)

ukarane ngajak-ngajak

b)

ukarane mamerake

c)

ukarane nyenengake

d)

ukarane ngujuk-ujuki

37.

Ing ngisor iki sing dudu ciri-ciri teks informasi yaiku...

a)

isi informasi kudu cocok karo kahanan

b)

isi informasi kudu nduweni manfaat dening pembaca

c)

isi informasi kudu jelas maksud lan tujuane

d)

isi informasi kudu tepat guna

38.

Teks persuasi nduweni tujuan...dening wang sing maca.

a)

mamerake

b)

ngelingake

c)

ngajak

d)

nyritakake prastawa nyata

39.

“Agama ageming aji”, apa tegese ukara kasebut ?

a)

Ngindarake awak saka angkara

b)

Ben kang dituju ngilmu apik kelakon

c)

Dipaesi supoyo katon apik

d)

Agami kang dadi pitakon para pemimpin

40.

Tegese paribasan

"Ana catur mungkur" yaiku...

a)

ngendel-endelake kekuwatane, kaluhurane, lan kapintarane

b)

ora gelam ngrungokake rekasaning liyan kang ora prayoga

c)

wong tuwa nemu pakewuh amarga saka tumindake anak kang kurang prayoga

d)

karepe arep ngirit jebul malah entek akeh

41.

Tegese paribasan

"Keplok ora tombok" yaiku...

a)

wong kang tansah nukari wong liya wusanane kena akibate dhewe

b)

wong senengane ngalem, nanging sajatine ngasorake

c)

samubarang panggawean kudu dicoba dhisik bisa lan orane

d)

melu ngrasakake seneng nanging ora melu ragad

42.

Tegese paribasan

"Ngubak-ubak banyu bening" yaiku...

a)

gawe rerusuh ana ing panggonan kang tata tentrem

b)

wong kang nyemoni wong, wusane sing krasa wong liya

c)

wong kang sugih omong tandhane sithik kawruhe

d)

wong kang kegedhen panjangka kurang sarana

43.

wong kang weweh marang wong sugih, wusanane ora ana gunane

paribasan sing cocok kanggo arti kasebut...

a)

Nguyahi segara

b)

Nututi layangan pedhot

c)

nuthuk elor kena kidul

d)

Mbalung usus

44.

tegese “lambe satumang kari samerang” yaiku ….

a)

bocah kang dituturi bola-bali, meksa tetep ora nggugu

b)

tumindak ala kanthi kongkonan wong liya

c)

wong pinter mungsu wong pinter, nanging sing siji kalah ubet (rajin)

d)

wong sing sarwa kecukupan uripe

45.

tegese “diwenehi ati ngrogoh rempela”, yaiku ….

a)

wong ala dipasrahi barang kang aji, wekasane malah ngentek-enteki

b)

tumindak ala kanthi kongkonan wong liya

c)

wong pinter mungsu wong pinter, nanging sing siji kalah ubet (rajin)

d)

diwenehi enak, ananging isih kurang trima, njaluk sing luwih enak maneh