NEW
Font size
WorksheetsBASA JAWA Arlaga
Total questions: 50
Worksheet time: 27mins
1. Wacanen
kang teliti!
Ibuku
Ibu
Sajrone
esemmu ana esemku
Rina
wengi tandang gawe, tansa rasa lesu
Tansah
kuwat lan sambat
Kuwi
kabeh mung gawe aku
Wosing
geguritan ing dhuwur yaiku:
Kesedihane ibu
Pangurbanane ibu
Esemme ibu
Tandange ibu
Busananing Raga
Busananing raga paling utama,
Dudu akehing bandha, abyorin sesotya.
Paedah apa raga binungkus busan adi
Yen jroning jiwa kebak letheing budhi
Prayoga amarsudi ayun ing budi
Budi ayu becik wicara lan pekerti
Tegese geguritan ing ndhuwur kacetak kandel yaiku:
ngupadi
prihatin
seneng
kawruh
1. Wacanen pacelathon ing ngisor iki!
Ibu : “Lagi apa En? Sajake kok gayeng banget.”
Eni : “Oh, Ibu, punika nembe nggarap tugas Basa Jawi.”
Ibu : “….. En?”
Eni :”Ndamel klipping bab prahara alam kang nembe dumados kepengker, Bu.”
Ukara kang trep kanggo jangkepi pacelathon ing ndhuwur yaiku:
Tugas apa
Ana ndhi
kapan
kanggo apa
Ing desa Dhadapan ana Mbok Randha dadapan. Dheweke duwe anak lanang siji,rupane ala, wetenge mblendhuk kaya kendhil, mula banjur dijenengi Jaka Kendhil.
Nuju sawajining dina Jaka Kendhil kandha marang si Mbokne, yen dheweke njaluk dirabekake karo putri raja. Mbok randha Dhadapan bingung banget, amarga kekarepane Si Jaka Kendhil ora kena dipenggak. Mula sanajan abot sanggane Mbok randha budhal nglamar putri raja.
Latar suasana cerita rakyat ing dhuwur yaiku
seneng
murka
kuatir
nesu
Paraga utama cerita rakyat ing dhuwur yaiku :
Putri Raja
Mbok Randha Dhadapan
Jaka Kendhil
Kaya Kendhil
Salahsijing panggonan wisata sing kasuwur ana Indonesia yaiku Borobudur. Candi Borobudur ana ing tlatah Jawa Tengah, sing dibangun taun780-840 Masehi, dhuwure 400 meter, luase 2.500 m. Suasana katon endah nalika ana ing dhuwur candi. Akeh wisatawan mancanegara karo wisatawan lokal sing wisata mrana. Yen arep menyang pusate candi, kudu mlaku ratusan meter, kiwa tengene dalan akeh wit-witan lan akeh wong dodol kaos, gelang, gantungan kunci lan liya-liyane.
Ukara utama wacan ing dhuwur yaiku:
Panggonan wisata sing kasuwur ana Indonesia yaiku Borobudur
Suasana katon endah ing dhuwur candi
Akeh wisatawan mancanegara lan lokal
Yen nang pusate candi kudu mlaku ratusan meter
Menthok, menthok tak kandani
Mung lakumu, angisin-ngisini
Mbok yo ojo ngetok, ana kandang wae
Enak-enak ngorok, ora nyambut gawe
Menthok, menthok… mung lakumu
Megal megol gawe guyu
Ciri tembang dolanan ing dhuwur yaiku:
Basane ora prasoja
Isine ngemot pitutur
lagune sedih
Isine ngemot patuladhan
Prei Sekolah
Preian semester wingi, aku ora lunga menyang ndi-ndhi. Aku ana omah bae, ngewangi ibu gae jajan. Pas aku ngewangi ibu manggang jajan, jajane gosong amarga manggange kesuwen, ibu murka, akhire aku gae jajan luwih ati-ati maneh, supaya hasile apik. Aku gae jajan diewangi dulurku sing preian ana omahku amarga pingin sinau carane gae jajan. Aku isin banget amarga diguyu karo dulurku, tapi aku seneng amarga dulurku ngewangi gae jajan sing dadine sampurna. Sakwise gae jajan, bareng-bareng ngresiki perkakas sing di gae. Preian rasane seneng banget amarga kabeh dilakoni bareng dulurku.
Gagasan pokok cerita ing dhuwur, yaiku:
Preian semester, aku ora lunga menyang ndhi-ndhi
Preian semester, aku ngewangi ibu gae jajan
Preian semester, gae jajan gosong
Preian semester, aku lan dulurku gae jajan
Prahara banjir bandhang lan tanah longsor kelakon ing dina Selasa, 16 Agustus 2016 pukul 22.00 WIB, sawise udan deres meh sedina sewengo ora leren. Prahara tanah longsor gawa korban jiwa asal desa Senden, Kecamatan Kampak, lagi bisa surut lan bisa ditangani ing dina Rabu, 17 Agustus 2016, …
Jenis pawarta ing dhuwur, adedhasar isine :
Hiburan
lingkungan
pendidikan
fakta
Tresna asih e ibu marang anak ora ana sing nandingi
Kang kalebu tembung saroja ukara ing dhuwur yaiku:
tresna asih
marang anak
nandingi
ora ana
Ibu gae jajan nagasari.
Ukara kang kacetak kandel, kalebu :
tembung entar
tembung dwilingga
tembung camboran wutuh
tembung camboran tugel
Rafi pancen bocah kandel kupinge, mula bola bali didukani ibu.
Kandel kupinge, ngemu teges:
kupinge kandel
ora nggugu pitutur
senengane nguping
kupinge ora krungu
Nulada laku utama
Tumrape wong tanah jawi
Wong agung ing Ngeksiganda
Panembahan Senapati
Kapati amarsudi
Sudane hawa lan nepsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amemangun karyenak tyasing sesama
Tembang macapat ing dhuwur yaiku:
Gambuh
Sinom
Pangkur
Kinanthi
Guru lagu lan guru wilangan tembang ing dhuwur yaiku:
8i 8a 8i 7i 8u 8a 7i 12a
8i 8a 8i 7i 8u 7a 8i 12a
8i 8a 8i 7i 8u 7a 7i 11a
8i 8a 8i 7i 8u 7a 7i 12a
Bapak pucung bunder-bunder saka glepung
Rasane mirasa
Tambah klapa saya eca
Yen dicokot kadang kala metu gula
Batangan tembang pucung ing dhuwur yaiku:
klepon
jemblem
bugis
dadar gulung
Pangkur
Mingkar-mingkuring angkara.
Angkarana karenan mardi siwi.
Sinawung resmining kidung.
Sinuba sinukarta.
Mrih kertata pakartining ngelmu luhung.
Kang tumrap neng tanah jawa.
Agama ageming aji.
Isi tembang pangkur ing dhuwur yaiku:
Bocah sing sik tas lahir
Masa enom-enoman
Pitutur
Agama
Bagawan Bagaspati sawijining brahman awujud raseksa, becik bebudene, bisa nelukake hawa napsune sing dumunung ing awake arupa sarining geni. Hawa napsu metu saka awake wujud buta bajang sing dijenengake Candhabirawa.
Bagawan Bagaspati duwe putra wadon aran Pujawati, prawan sunthi ayune ngedap-edapi. Pujawati ngimpi kepethuk satria sing bagus rupane, arane Raden Narasoma. Dheweke kasmaran tansah kepingin ketemu karo Raden Narasoma.
Pujawati matur marang Bagawan Bagaspati. Bagawan Bagaspati enggal luru sisik melik ngendi papane Narasoma. Bareng kepethuk Narasoma, Bagawan Bagaspati ngrimuk supaya gelem melu dheweke. Narasoma ora gelem. Banjur dumadi perang tandhing. Narasoma kalah. Bagaspati nggendong Narasoma, digawa bali ing Pertapan Hargabelah….
Paraga utama cerita wayang ing dhuwur yaiku:
Narasoma
Pujawati
Bagawan Bagaspati
Hargabelah
Sumardi tuku rujak cingur.
Rujak cingur yen ditulis aksara jawa yaiku:
Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip, ora bakal bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhake, banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Nyatane ing jaman saiki angel banget golek banyu sing resik bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandhon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kenek polusi, amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah pomahan uga limbah pabrik.
Irah-irahan teks informasi ing dhuwur yaiku:
Ngopeni Banyu, Sumber Panguripan
Banyu Kali
Polusi
Limbah Pabrik
Ukara utama teks informasi ing dhuwur (19) yaiku:
Banyu sing dibutuhake banyu resik
Kali wis akeh sing asat
Banyu kali kenek polusi
Banyu mujudake sumber panguripan
Ukara pakon sing kanggo teks informasi ing dhuwur (19)
Apa sing dadi sumber panguripan?
Kepriye carane golek banyu?
Ana ndhi sumber panguripan?
Sapa sing nyebabake polusi?
Paragraf 1 : Kanyatane saiki alas ing Indonesia meh kabeh wis rusak. Rusake disebabake saka bencana alam lan saka pokal gawene manungsa. Rusak merga bencana alam : gunung mbledhos, lindhu, yen rusake amarga kobong, banjir bandhang, tanah longsor bisa uga disebabake pokal gawene manungsa.
Paragraf 2 :Njaga lestarine alam dadi tanggung jawabe kabeh masyarakat lan pemerintah. Kementerian Kehutanan lan Lingkungan Hidup sing kejibah njaga lan ngupakara lestarine alam Indonesia. Salah sijine netepake Taman Nasional, yaiku Cagar Alam/Hutan lindung sing di lindungi undang-undang kanggo njaga lestarine ekosistem sing asli, yaiku alame, tandurane, lan kewan-kewane.
Bedane isi paragraph 1 lan paragraph 2 yaiku:
Paragraf 1 : Rusake alas saka bencana alam lan pokal gawene manungsa
Paragraf 2 : Njaga lestarine alam tanggung jawabe kabeh masyarakat lan pemerintah
Paragraf 1 : Rusake alas saka bencana alam
Paragraf 2 : Njaga lestarine alam tanggung jawabe pemerintah
Paragraf 1 : Rusake alas saka pokal gawene manungsa
Paragraf 2 : Njaga lestarine alam tanggung jawabe masyarakat
Paragraf 1 : Rusake alas saka bencana alam
Paragraf 2 : Njaga lestarine alam tanggung jawabe kabeh masyarakat lan pemerintah
Kinanthi
Anoman malumpat sampun
Prapteng witing nagasari
Mulat mangandhap katingal
Wanodya yu kuru aking
Gelung rusak wor lan kisma
Kang iga-iga kaeksi
Watak tembang kinanthi:
Kesenengan
Prihatin
Luwes
Asih asuh
Pangkur
Mingkar-mingkuring angkara.
Angkarana karenan mardi siwi.
Sinawung resmining kidung.
Sinuba sinukarta.
Mrih kertata pakartining ngelmu luhung.
Kang tumrap neng tanah jawa.
Agama ageming aji.
Ukara kang kacetak kandel sing duwe ateges padha yaiku:
Tembang
Busana
Nafsu
Sejati
Sinom
Sun iki dhutaning nata
prabu Kenya Majapahit
kekasih Damar Sasangka
atma mantune ki patih
magang anyar awak mami
lahta bisma praptaningsun
ingutus Sang Narpendah
kinen mocok murdantaji
mramaningsung ingutus ywa mindho karya
Guru wilangan lan guru lagune tembang sinom yaiku:
8a, 8i, 8a, 8i, 8i, 8u, 7a, 8i, 12a
8a, 8i, 8a, 8i, 8i, 8u, 8a, 8i, 12a
8a, 8i, 8a, 8i, 8i, 8u, 7a, 7i, 12a
8a, 8i, 8a, 8i, 8i, 7u, 7a, 8i, 12a
Samubarang gegayuhan mbutuhake wragad.
Ukara kang trep kanggo negesi paribasan ing dhuwur yaiku:
Ula marani gephuk
Ancik-ancik pucuke eri
Kebo kabotan sungu
Jer basuki mawa beya
Kakehan…kurang udan
Ukara kang trep kanggo njangkepi sing rumpang yaiku:
Anak
Catur
Gludhug
Polah
Uwi dawa uwite
Cangkriman kang trep karo batangan ing dhuwur yaiku:
Buta buri
Wi wa wite
Wit thoyung
uwok rawan
Adoh-adoh diparani…
Ukara kang trep kanggo jangkepi cangkriman ing dhuwur yaiku:
Ora wani
Bareng wis tekan di lewati
Ora ngandani
Ora ana
Ngarep ireng, buri ireng, tengah mententheng
Batangane cangkriman ing dhuwur yaiku:
Sega sakepel dirubung tinggi
Mripat nang sikil, irung nang sikil
Wong mikul areng
Buta buri
Teks pidato ing ngisor iki kanggo jawab no 31-32
Assalamualaikum Wr.Wb.
Bapak-bapak, ibu-ibu warga dhusun Sukamaju ingkang dahat kinurmatan, para kanca anggota Karang Taruna ingkang kula tresnani.
Puji syukur kita aturaken dhumateng Gusti Allah ingkang Maha Agung, jalaran kita tansah pinaringan rahmad, taufik, saha hidayahipun saengga kita saged pepanggihan ing kawontenan sehat walafiat lan rahayu wilujeng.
Bapak-bapak, ibu-ibu, para kanca Karang Taruna ingkang kniurmat, bombing raosing manah kula dene ing adicara rapat koordinasi kangge nyiapaken kegiatan pameran Usaha Kecil Menengah (UKM) menika panjenengan saged rawuh sedaya. Mugi-mugi menapa ingkang kita rancang sesarengan mlampah kanthi lancar.
Bapak-bapak, ibu-ibu saha para kanca anggota Karang Taruna, ancas tujuan pepanggihan menika kangge ngrancang adicara pameran. Mangga sesarengan kita ngrancang jadwalipun. Lajeng produk unggulan menapa ingkang badhe dipunpameraken. Ingkang baku produk unggulan kedah ingkang dados ciri khas Dusun Sukamaju. Mangga sabibaripun kula matur, kita ngempal manut seksi-seksi ingkang sampun kasusun. Minangka ketua panitia kula gadhah pangajab adicara ing enjing menika ngasilaken keputusan ingkang sae.
Bapak-bapak, ibu-ibu, lan para kanca anggota Karang Taruna ingkang kinurmat, mbokbilih cekap semanten anggen kula matur, menawi wonten tetembungan utawi solah tingkah ingkang kirang mranani kula nyuwun agunging samodra pangaksami.
Wassalamualaikum Wr.Wb.
Isi teks pidato ing dhuwur yaiku
Karang Taruna rapat
Dhusun Sukamaju ngrancang adicara pameran
Karang Taruna dhusun Sukamaju ngrancang jadwal pameran
Karang Taruna dhusun Sukamaju ngrancang adicara pameran produk unggulan
Tema teks pidato ing dhuwur yaiku:
Kegiatan pameran UKM
Karang Taruna Dhusun Sukamaju
Karang Taruna
Adicara pameran Dhusun Sukamaju
Bapak-bapak, ibu-ibu, lan para kanca anggota Karang Taruna ingkang kinurmat, mbokbilih cekap semanten anggen kula matur, menawi wonten tetembungan utawi solah tingkah ingkang kirang mranani kula nyuwun agunging samodra pangaksami.
Perangan teks pidato ing dhuwur yaiku:
Pambuka
Penutup
Isi
Salam
Puji syukur kunjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih…
Ukara kang cetak kandhel kosakata bakune yaiku:
Kanjuk
Konjuk
Kinjuk
Kenjuk
Bapak-bapak, ibu-ibu warga dhusun Sukamaju ingkang dahat kinurmatan, para kanca anggota Karang Taruna ingkang kula tresnani.
Puji syukur kita aturaken dhumateng Gusti Allah ingkang Maha Agung, jalaran kita tansah pinaringan rahmad, taufik, saha hidayahipun saengga kita saged pepanggihan ing kawontenan sehat walafiat lan rahayu wilujeng.
Perangan teks pidato ing dhuwur yaiku:
Pambuka
Penutup
Isi
Salam
ukara latine yaiku:
Mangano sego
Mangan sego
Mangan sega
Mangano sega
Dadi wong aja (tindak) ala.
Ukara kang trep ing jero kurung yaiku:
Tinindak
Tumindak
Tindak-tindak
Tindake
Asmane punakawan gambar ing dhuwur yaiku:
Petruk
Semar
Gareng
Bagong
Ukara latin aksara jawa ing dhuwur yaiku:
Tas Kuat
Tas Awet
Topi Awet
Tali Awet
Bapak pucung, saben dina tansah bingung,
badanira panjang,
tutukira pan pesagi,
saben dina pucung nguntal buntutira.
Batangane tembang pucung ing dhuwur yaiku:
Tali
Kalung
Sabuk
Ula
Kinanthi
Anoman malumpat sampun
Prapteng witing nagasari
Mulat mangandhap katingal
Wanodya yu kuru aking
Gelung rusak wor lan kisma
Kang iga-iga kaeksi
Guru lagu tembang kinanthi ing dhuwur yaiku:
u, i, a, i, a, i
u, i, a, i, a, i
a, i, a, i, u, i
u, i, i, a, a, i
Mikul dhuwur mendhem jero
Paribasan ing dhuwur tegese yaiku:
Perkara sarwa pakewuh
Bisa njunjung drajate wong tuwa
Wong mlarat banget
Wong sing sarwa kecukupan
Rizka lan Rizki sekolah kelas 5 ing SD 3 Lawang. Bocah loro kuwi yen dolan bebarengan. Ana kelas lungguh jejer. Bu guru ora bisa bedaake bocah loro kuwi, amarga rupane memper banget kaya…
Bebasan kang trep kanggo jangkepi ukara ing dhuwur yaiku:
Tumbu karo tutup
Jambe sinigar
Banyu karo lenga
Tikus karo kucing
Wong unduh klapa
Cangkriman ing dhuwur kang trep yaiku:
Ndhuwur kencrengan ngisor jedhoran
Gajah nguntal sangkrah
Kebo bule cancan merang
Disuguhi opak angin
Cangkriman kang trep kanggo jelasake gambar ing dhuwur yaiku:
Sega sak kepel dirubung tinggi
Pitik walik saba kebon
Dikethok malah dhuwur
Wis gedhe kok ngguyu tawa
Jembatan Suramadu
Pulo Madura menawi badhe tindak Surabaya boten usah nitih kapal fery malih, kanthi anane Jembatan Suramadu bisa nggrengsengake kegiyatan ekonomi ing pulo Madura. Awit asli industri, kerajinan, asil bumi, lam sapiturute saka Pulo Madura bisa dipasarake ing Pulo Jawa kanthi ragat sing luwih murah.
Amanat sing bisa kapethik saka cerita rakyat kanthi irah-irahan Jembatan Suramadu yaiku:
Jembatan paling dawa sa Indonesia
Cekakan Kuto Surabaya lan Pulo Madura
Jembatan Suramadu nguntungake masyarakat ing Pulo Madura
Jembatan Suramadu ngrengsengake kegiatan ekonomi ing Pulo Madura
1. Dina Kamis, Budi ora mlebu sekolah
2. Kira-kira jam 9, Budi diajak menyang dokter
3. Deweke wetenge mules
4. Tumeka dokter, ibune Budi njupukake nomer antrian
Rakitan ukara dadi paragraph sing trep, yaiku:
1-3-2-4
1-4-3-2
2-3-1-4
3-2-4-1
Ki Hajar Dewantara nalika isih timur asmane Raden Mas Suwardi Suryaningrat. Lahir ing Jogja, 2 Mei 1889. Sekolah ing ELS, MULO, STOVIA, amarga kepingin ngangkat drajate bangsa kanthi merjuwangake Indonesia merdeka. Panjenengane ngedegake Indhische Partij. Wektu dibuwang ing Walanda, panjenengane nggunakake wktune kanggo sinau lan ngangsu kawruh ing babagan pendidikan. Saka walanda, ngedegake sekolah Taman Siswa, panjengengane ora gelem nyerah saka reribet sing diadhepi. Kanthi sesanti “Ing ngarsa sung tuladha, Ing madya mangun karsa, Tutwuri handayani” panjenengane kasil ngrembakake Taman Siswa. Ki Hajar dewantara dadi Menteri Pendidikan lan Pengajaran
Dudutan teks informasi ing ndhuwur yaiku:
Ki Hajar Dewantara kasebut bapak pendidikan
Ki Hajar Dewantara asmane Suwardi Suryaningrat
Ki Hajar Dewantara lahir ing Jogja
Ki Hajar Dewantara dibuwak walanda
Tawon madu ngisep sekar
Parikan ing dhuwur tegese:
Luwih becik sing prasaja
Yen ora manut bisa keblinger
Dadi guru kudu sabar
Aja sumelang ora dipikir
(1) Menawi lepat anggen kula matur
(2) Wusananing makaten ingkang kula aturaken
(3) Wassalamu’alakum
(4) nyuwun agung pangaksami
2-1-4-3
2-4-1-3
1-2-4-3
1-4-2-3
