wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Paribasan, Bebasan lan Saloka Review

Total questions: 10

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.

Ing ngisor iki sing diarani Paribasan yaiku ....

a)

unen-unen kang ajeg panganggone, tegese wantah ora ngemu surasa pepindhane

b)

unen-unen ajeg panganggone ngemu surasa pepindan kang dipindahake sifate utawa kahanane wong

c)

unen-unen ajeg panganggone ngemu surasa pepindhan kang dipindahake wonge

d)

unen-unen kang ajeg panganggone, ngemu surasa pepindhane

2.

Unen-unen ajeg panganggone ngemu surasa pepindan kang dipindahake sifate utawa kahanane wong, diarani ....

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Cangkriman

3.

Unen-unen ajeg panganggone ngemu surasa pepindhan kang dipindahake wonge. Lumrahe tembung kang isi pepindhaning wong dumunung ana ngarep utawa ana wiwitane ukara diarani ....

a)

Saloka

b)

Paribasan

c)

Wangsalan

d)

Bebasan

4.

Ing ngisor iki tegese paribasan dahwen ati open yaiku ....

a)

tumindak ala lan becik iku bakal ketara/dingerteni tembe mburine

b)

wong tuwa bakal ngrasakake tumindake anak

c)

sing bodho lan sing pinter padha dene nemu cilaka

d)

nyacat nanging duwe pamrih

5.

Ing ngisor iki bebasan sing tegese nggoleki barang sepele, yen ketemu ora sumbut karo rekasane, yaiku ....

a)

keplok ora tombok

b)

gupak pulu ora melu mangan nangkane

c)

nututi layangan pedhot

d)

bathok bolu isi madu

6.

Saloka sing nduweni teges gegayuhan kang mokal bisa kelakon yaiku ....

a)

cebol nggayuh lintang

b)

jamur tuwuh ing sela

c)

kuthuk marani sunduk

d)

ula marani gepuk

7.

Ing ngisor iki sing kagolong Paribasan yaiku ....

a)

mikul dhuwur mendhem jeru

b)

adigang, adigung, adiguna

c)

ancik-ancik pucuking eri

d)

kodhok nguntal gajah

8.

Unen-unen iki sing kagolong jinis bebasan yaiku ....

a)

Kebo nusu gudel

b)

nabok nyilih tangan

c)

becik ketitik ala ketara

d)

jamur tuwuh ing sela

9.

Pitik trondhol diumbaring padaringan, unen-unen kasebut kalebu jinis ....

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Cangkriman

10.

Anak polah Bapa kepradah, menawa digawe ukara sing trep yaiku ....

a)

Dadi anak iku sing sak karepe dhewe supaya anak polah bapa kepradah

b)

Polah tingkahe anak kudu sing bisa gawe mareme wong tuwa, amarga anak polah bapa kepradah

c)

Tingkah polahe anak ora usah manut marang wong tuwa, amarga anak polah bapa kepradah

d)

Anak kakehan polah gawe sarane wong liya, bakal urip mulya amarga anak polah bapa kepradah