wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

UH Teks Wayang & Tembang Kreasi

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Teks Cerita Wayang iku kalebu teks ... .

a)

argumentasi

b)

deskripsi

c)

biografi

d)

narasi

2.

Ing ngisor iki sing klebu salah sawijine irah-irahan (judhul) teks cerita wayang yaiku ... .

a)

Karna Nyandhing

b)

Kresna Tandhing

c)

Karna Tandhing

d)

Kresna Sandhing

3.

Teks Cerita Wayang iku kanggo panglipur (hiburan) sing bisa dijupuk pesan morale. Perkara iki kalebu .... teks cerita wayang.

a)

Teges (Arti)

b)

Ancas (tujuan)

c)

Struktur Cerita

d)

Paedah (Manfaat)

4.

Ing ngisor iki kang ORA kalebu struktur teks cerita wayang yaiku ... .

a)

Orientasi

b)

Komplikasi

c)

Klasifikasi

d)

Resolusi

5.

Teks Cerita Wayang iku biasane ana amanate. Amanat iku uga bisa diarani ... .

a)

Kode

b)

Koda

c)

Kuda

d)

Kudu

6.

Gundhul-gundhul Pacul, Suwe Ora Jamu, Cublak-cublak Suweng, lan Gugur Gunung.


Irah-irahan ing dhuwur klebu irah-irahan … .

a)

tembang dolanan

b)

tembang dangdut

c)

tembang macapat

d)

tembang campursari

7.

Tembang-tembang sing nganggo Basa Jawa iku lumrahe ana titi laras lan cakepane. Cakepan iku tegese padha karo … .

a)

nada

b)

titi laras

c)

lirik/syair

d)

tangga nada

8.

Didi Kempot klebu penyanyi kang kondhang jenenge nganti mancanegara, amarga dheweke sregep nulis lan nyanyi tembang….

a)

dolanan

b)

dangdut

c)

macapat

d)

campursari

9.

Pelog lan slendro iku diarani ... . Tembang Jawa.

a)

Intro/Buka

b)

Lirik (syair)

c)

Tangga Nada

d)

Reffrain/Chorus

10.

Tembang Kreasi Anyar Jawa iku ana loro jinise, yaiku ... .

a)

Tembang Dodolan lan Tembang Campursari

b)

Tembang Dolanan lan Tembang Campursari

c)

Tembang Dangdut lan Tembang Campursari

d)

Tembang Dolanan lan Tembang Dangdutan

11.

Tembang Kreasi iku tegese salahsawijine tembang kang ... paugeran-paugeran (peraturan-peraturan) tartamtu.

a)

kudu kaiket

b)

ora kaiket

c)

mesthi kaiket

d)

prelu kaiket

12.

Tembang sing iringane arupa campuran saka iringan modern lan tradhisional diarani tembang ... .

a)

Campuran

b)

Campursari

c)

Campur-campur

d)

Dolanan

13.

Tembang Dolanan iku lumrahe ditembangake .... nalika dolanan.

a)

Wong-wong

b)

Kewan-kewan

c)

Bocah-bocah

d)

Dhewe-dhewe

14.

Tembang Campursari biasane kanggo nggambarake perkara ing ngisor iki, KEJABA ... .

a)

Kahanan urip

b)

Kawula alit

c)

tresna asmara

d)

kahanan sekolah

15.

Tembang sing biasane ngandhut (mengandung) piwulang moral lan pitutur kang apik kanggo arek-arek diarani tembang ... .

a)

Dangdut

b)

Campursari

c)

Dolanan

d)

Macapat

16.

Ing ngisor iki kang klebu irah-irahan tembang campursari yaiku ... .

a)

Cublek-cublek Suweng

b)

Gundhul-gundhul Pacul

c)

Stasiun Balapan

d)

Suwe ora Jamu

17.

Sing kudu digatekake nalika arep nembang Tembang Kreasi Jawa yaiku ... .

a)

wirama, wiraga, wicara, wirata

b)

wirama, wiraga, wicara, wirasa

c)

wirama, wigara, wicara, wirasa

d)

wirama, wilaga, wicara, wirasa

18.

Obahe awak nalika nembangake Tembang Kreasi diarani ... .

a)

wicara

b)

wirama

c)

wiraga

d)

wirasa

19.

Nembangake Tembang apa wae kalebu nalika nembangake Tembang Kreasi kudu diwenehi rasa supaya bisa kepenak dirasakake. Perkara iki ing Basa Jawa diarani ... .

a)

wicara

b)

wirama

c)

wiraga

d)

wirasa

20.

Ing ngisor iki kang klebu tokoh-tokoh ing cerita wayang "Karna Tandhing" yaiku ... .

a)

Rama, Arjuna, Kresna, Karna

b)

Salya, Arjuna, Kresna, Karna

c)

Sinta, Arjuna, Kresna, Karna

d)

Samba, Arjuna, Kresna, Karna