wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PH Terakhir B.Jawa 7A

Total questions: 20

Worksheet time: 5hrs 0mins

Name
Class
Date
1.

Rasa lan swasana dina Riyaya utawa luwih akrab diarani “bakda” utawa lebaran isih duwe pangaribawa nganti sepuluh dina candhake. Akeh bab sing nandhes lan nabet ing ati. Raketing paseduluran lan kekancan tansah katon ing ngendi-endi papan lan samubarang kegiyatan, kalebu regenging swasana kajatan sukuran kanggo mungkasi wulan suci pasa lan tumapake wulan Sawal sing diadani dening Kraton Kasunanan Surakarta. Wujud puji sukur kasebut saben taun mesthi ditindakake kanthi upacara Grebeg Sawal nganggo gunungan cacah loro minangkasesinglone sing kanggo rebutan para warga ing pungkasane upacara.

pangaribawane lan swasana lebaran isih dirasakake suwene kira-kira.....

a)

rong dina sawise bakda

b)

sepuluh dina sadurunge bakda

c)

sesasi wutuh ing wulan sawal

d)

sepuluh dina sawise baksa

2.

Rasa lan swasana dina Riyaya utawa luwih akrab diarani “bakda” utawa lebaran isih duwe pangaribawa nganti sepuluh dina candhake. Akeh bab sing nandhes lan nabet ing ati. Raketing paseduluran lan kekancan tansah katon ing ngendi-endi papan lan samubarang kegiyatan, kalebu regenging swasana kajatan sukuran kanggo mungkasi wulan suci pasa lan tumapake wulan Sawal sing diadani dening Kraton Kasunanan Surakarta. Wujud puji sukur kasebut saben taun mesthi ditindakake kanthi upacara Grebeg Sawal nganggo gunungan cacah loro minangkasesinglone sing kanggo rebutan para warga ing pungkasane upacara.

Ing Kraton Kasunanan Surakarta saben mungkasi wulan pasa nganakake....

a)

buka bareng-bareng

b)

upacara grebeg sawal

c)

sukuran wulan pasa

d)

saur nganggo gunungan

3.

Rasa lan swasana dina Riyaya utawa luwih akrab diarani “bakda” utawa lebaran isih duwe pangaribawa nganti sepuluh dina candhake. Akeh bab sing nandhes lan nabet ing ati. Raketing paseduluran lan kekancan tansah katon ing ngendi-endi papan lan samubarang kegiyatan, kalebu regenging swasana kajatan sukuran kanggo mungkasi wulan suci pasa lan tumapake wulan Sawal sing diadani dening Kraton Kasunanan Surakarta. Wujud puji sukur kasebut saben taun mesthi ditindakake kanthi upacara Grebeg Sawal nganggo gunungan cacah loro minangkasesinglone sing kanggo rebutan para warga ing pungkasane upacara.

Ukara sing nelakake menawa ing ngendi-ngendi paseduluran katon raket yaiku ukara kaping....

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

4.

Ing sakiwa tengene plataran jejer-jejer kanthi urut lan runtut dening ibu-ibu lan simbah-simbah sing wis umur padha dodolan kinang. Kinang iku diedol bareng karo endhog amal lan kembang setaman. Sing padha tuku racake uga ibu-ibu sing wis tuwa. Wong-wong sing padha tuku kinang p[ercaya, yen kanthi nginang nalika mbarengi gamelan sekaten ditabuh bisa ndadekake awet enom. Mula akeh warga sing teka ing kono padha gelem suk-sukan lan uyel-uyelan karo nginang nyedhaki gamelan nalika hamelan iku ditabuh. Kanggo ngenteni gamelan ditabuh maneh nalika bubar sigeg, para warga padha metu jajan manut pekaremane dhewe-dhewe. Ana sing tuku wedang rondhe, cabuk rambak, sega liwet, lan maneka warna jajanan pasar liyane sinambi ngenggar-enggar penggalih ing sangisore wit-witan sing eyup idhum ing plataran Mesjid Kraton Surakarta.

Pratelan ing ngisor iki sing jumbuh karo wacan yaiku....

a)

Ibu-ibu anggone dodol kinang saenggon-enggon

b)

biasane angger dodol kinang mesthi uga dodol endhog amal

c)

akeh sing padha percaya yen nginang ing sekaten bakal enggal entuk jodho

d)

yen gamelan wis ditabuh ora kenang sigeg utawa mandheg

5.

Ing sakiwa tengene plataran jejer-jejer kanthi urut lan runtut dening ibu-ibu lan simbah-simbah sing wis umur padha dodolan kinang. Kinang iku diedol bareng karo endhog amal lan kembang setaman. Sing padha tuku racake uga ibu-ibu sing wis tuwa. Wong-wong sing padha tuku kinang p[ercaya, yen kanthi nginang nalika mbarengi gamelan sekaten ditabuh bisa ndadekake awet enom. Mula akeh warga sing teka ing kono padha gelem suk-sukan lan uyel-uyelan karo nginang nyedhaki gamelan nalika hamelan iku ditabuh. Kanggo ngenteni gamelan ditabuh maneh nalika bubar sigeg, para warga padha metu jajan manut pekaremane dhewe-dhewe. Ana sing tuku wedang rondhe, cabuk rambak, sega liwet, lan maneka warna jajanan pasar liyane sinambi ngenggar-enggar penggalih ing sangisore wit-witan sing eyup idhum ing plataran Mesjid Kraton Surakarta.

Paragraf ing wacan kasebut dumadi saka ukara sing acacahe ana....ukara

a)

4

b)

5

c)

6

d)

7

6.

Papan kanggo jajan nalika gamelane sigeg yaiku ing....

a)

njero masjid

b)

ngarep kraton

c)

plataran masjid

d)

alun-alun

7.

Adat Yaqowiyunan mono wis lumaku atusan taun lan nganti saiki isih tetep ilestarekake dening para warga. Tradhisi Yaqowiyunan wis dadi agenda rutin saben taun ing satengahing wulan Sapar. Pinangka puncaking acara yaiku diadani nyebar apem sing bisa nyedhot ewonan warga Klaten lan sakiwa tengen ora keri para wisatawan mancanegara. Dening warga masarakatt Jatinom lan sakiwa tengene, tradhisi sing wis lumaku atusan taun iku tetep dijaga lan dilestarekake kanthi suka lila nyetorake apem ing acara kasebut.

Adat Yaqowiyunan diadani nalika wulan.....

a)

sura

b)

sapar

c)

mulud

d)

bakda mulud

8.

Adat Yaqowiyunan mono wis lumaku atusan taun lan nganti saiki isih tetep ilestarekake dening para warga. Tradhisi Yaqowiyunan wis dadi agenda rutin saben taun ing satengahing wulan Sapar. Pinangka puncaking acara yaiku diadani nyebar apem sing bisa nyedhot ewonan warga Klaten lan sakiwa tengen ora keri para wisatawan mancanegara. Dening warga masarakatt Jatinom lan sakiwa tengene, tradhisi sing wis lumaku atusan taun iku tetep dijaga lan dilestarekake kanthi suka lila nyetorake apem ing acara kasebut.

Kang jumbuh karo isine wacan kasebut yaiku....

a)

acara yaqowiyunan wis dadi agenda rutin saben taun

b)

adat yaqowiyu dening para warga ing sakiwa tengene wis wiwit ditinggalake

c)

yaqowiyu iku anane nalika masarakat Jatianom padha gawe apem

d)

carane warga Jatinom kanggo nglestarekake acara yaqowiyu kanthi urunan dhuhwit

9.

Adat Yaqowiyunan mono wis lumaku atusan taun lan nganti saiki isih tetep ilestarekake dening para warga. Tradhisi Yaqowiyunan wis dadi agenda rutin saben taun ing satengahing wulan Sapar. Pinangka puncaking acara yaiku diadani nyebar apem sing bisa nyedhot ewonan warga Klaten lan sakiwa tengen ora keri para wisatawan mancanegara. Dening warga masarakatt Jatinom lan sakiwa tengene, tradhisi sing wis lumaku atusan taun iku tetep dijaga lan dilestarekake kanthi suka lila nyetorake apem ing acara kasebut.

Sing dadi puncake acara Yaqowiyunan yaiku....

a)

para warga padha setor apem

b)

nyebar apem

c)

tekane wisatawan mancanegara

d)

ewonan warga padha rebutan apem

10.

Ambeke kang wus utama

tan ngendhak gunaning jalmi

amiguna ing aguna

sasolahe kudu bathi

pintere den alingi

bodhone dinokok ngayun

pamrihe den inaa

mring padha padhaning jalmi

suka bungah den ina sapadha-padha

SIng ora jumbuh karo isine tembang kasebut yaiku wong utama iku....

a)

ora ngreamehake kapinterane liyan

b)

tansah nambah kawruh utawa kapinterane

c)

ora ngatonake kapinterane

d)

yen di ina liyan atine dadi susah

11.

Ambeke kang wus utama

tan ngendhak gunaning jalmi

amiguna ing aguna

sasolahe kudu bathi

pintere den alingi

bodhone dinokok ngayun

pamrihe den inaa

mring padha padhaning jalmi

suka bungah den ina sapadha-padha

Tembang Sinom iku guru gata, guru wilangan, lan guru lagune sing bener yaiku....

a)

8a, 8i, 8a, 8i, 8i, 8u, 8a, 8i, 12i

b)

8a, 8i, 8a, 8i, 8i, 8u, 7a, 8i, 12i

c)

8a, 8i, 8a, 8i, 8i, 8u, 8a, 8i, 12a

d)

8a, 8i, 8a, 8i, 8i, 8u, 7a, 8i, 12a

12.

Mring padha padhaning jalmi

Tembung jalmi iku tegese padha karo....

a)

urip

b)

manungsa

c)

sasmita

d)

golek ngelmu

13.

Tembung sing kanggp sasmitaning tembung Sinom iku antarane ing ngisor iki kajaba....

a)

enom

b)

mudha

c)

nom-noman

d)

manis

14.

Ana ing crita Ramayana anggone ngumbara Raden Ramawijaya didherekake dening ingkang rayi asmane....

a)

Dewi Sinta

b)

Raden Barata

c)

Raden Leksmana

d)

Raden Satrugna

15.

Dewi Sinta banjur duwe rasa welas marang kaki-kaki mau tanpa ana rasa cubriya marang gawating kahanan. Nalika astane kumlawe arep maringake ganten, age sinaut dening kaki-kaki sing kedadak malih wujud raseksa. Raseksa kasebut ya Prabu Dasamuka, raja ing Alengka. Dewi Sinta kena digeret metu nganti sanjabane cakrapratala terusdigawa mabur menyang akasa.

Tembung kaki-kaki ing wacan kasebut duwe teges....

a)

sikil cacahe akeh

b)

wong sing wis tuwa banget

c)

sebutan kanggo bocah lanang

d)

wong lanang sing gagah prakosa

16.

Prabu Dasamuka sawise kasil nyaut Dewi SInta banjur malih wewujudan asline yaiku....

a)

buta

b)

satriya

c)

wong tuwa

d)

manuk

17.

Dewi Sinta banjur duwe rasa welas marang kaki-kaki mau tanpa ana rasa cubriya marang gawating kahanan. Nalika astane kumlawe arep maringake ganten, age sinaut dening kaki-kaki sing kedadak malih wujud raseksa. Raseksa kasebut ya Prabu Dasamuka, raja ing Alengka. Dewi Sinta kena digeret metu nganti sanjabane cakrapratala terusdigawa mabur menyang akasa.

Pitutur luhur sing jumbuh karo wacan kasebut yaiku....

a)

wong wadon iku kudu manut karo wong lanang

b)

aja wedi karo bebaya apa wae

c)

aja sembrana kudu tansah eling lan ngati-ati

d)

wong urip kuwi kudu gelem tulung-tinulung

18.

Budi :“Pak, kula nyuwun pamit badhe dhateng griyanipun Toni, sinau bebarengan.”

Bapak :“Lha, kancamu karo sapa?”

Budi :“Kaliyan Udi, Pak. Malah piyambakipun sampun ngampiri, nengga wonten njawi.”

Bapak :“Mbok kon mlebu dhisik!”

Budi :“Boten purun, Pak.”

Bapak :“Ya, wis kana. Ning, mengko yen rampung enggal bali ya, ben ora kewengen!”

Budi : “Inggih, Pak.”

Manut wacan pacelathon kasebut paraga Budi duwe watak sing....

a)

ora ngerti tata krama

b)

ora manut karo wong tuwa

c)

manut lan ngerti unggah-ungguh

d)

ngerti unggah-ungguh ning ora manut

19.

Budi :“Pak, kula nyuwun pamit badhe dhateng griyanipun Toni, sinau bebarengan.”

Bapak :“Lha, kancamu karo sapa?”

Budi :“Kaliyan Udi, Pak. Malah piyambakipun sampun ngampiri, nengga wonten njawi.”

Bapak :“Mbok kon mlebu dhisik!”

Budi :“Boten purun, Pak.”

Bapak :“Ya, wis kana. Ning, mengko yen rampung enggal bali ya, ben ora kewengen!”

Budi : “Inggih, Pak.”

Anggone Budi arep belajar kelompok ing wektu....

a)

esuk

b)

awan

c)

surup

d)

wengi

20.

Regane murah

yen katulis mawa aksara Jawa, nggunakake sandhangan....

a)

Pepet lan wigyan

b)

Taling lan wigyan

c)

Pepet lan layar

d)

Taling lan layar