wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PAS BJ KELAS X SEMESTER 1

Total questions: 40

Worksheet time: 2hrs 0mins

Name
Class
Date
1.
1.      Struktur teks artikel mujudake gegambaran kepriye artikel kasebut diwangun. Panulise artikel kudu migatekake isine gagasan utawa ide ilmiahe. Gagasan ilmiah iku bisa disumurupi saka substansi . . . .
a)
gagasan lan alur
b)
gagasan lan fakta
c)
opini lan fakta
d)
fakta lan alur
e)
opini lan gagasan
2.
2.      Arupa perangan teks kang isine bab ngrembakane sakehe perkara. Perkara-perkara sing diadepi karo paragane crita ing wayang, kalebu perangan bab . . . .
a)
pambuka
b)
pangudharan
c)
panutup
d)
coda
e)
pasulayan
3.
3.      Pamedharing pamikir lan rasa-pangrasane manungsa, nalika sesambungan karo kahanane jagad sakupenge. Lumantar ekspresine saben manungsa bisa ngatonake apa sing sejatine dipikir lan dirasa nalika nemoni sawijining prakara. Ukara mau njlentrehake tegese tembung . . . .
a)
instrinsik
b)
ekstrinsik
c)
wuwuhan
d)
andhahan
e)
ekspresi
4.
4.      Urut-urutane crita wayang arupa perangan teks kang isine bab ngrembakane sakehe perkara yaiku . . . .
a)
orientasi
b)
komplikasi
c)
resolusi
d)
coda
e)
latar
5.
5.      Artikel sing ngandharake kanyatan-kanyatan miturut panalare panulis. Jinis artikel iki pas banget kanggo ngandharake temon-temon anyar. Diarani jinis artikel . . . .
a)
eksploratif
b)
deskriptif
c)
eksplanatif
d)
prediktif
e)
preskriptif
6.
6.      Tembung drama utawa sandiwara asale saka basa Yunani kang nduweni teges sawijining aksi/solah bawa, utawa crita kang dipentasake dening paraga-paraga. Tembung sandi nduweni teges rahasia yen wara nduweni teges . . . .
a)
piwulang
b)
pitutur
c)
nasehat
d)
tata krama
e)
panggulawenthah
7.
7.      Ragam bahasa lisan yaiku ragam basa kang diandharake lumantar media lisan, kang ana gegayutane karo . . . .
a)
sesawangan lan wayah
b)
kahanan lan wayah
c)
ekspresif lan kahanan
d)
intonasi lan wayah
e)
mimik lan kahanan
8.
8.      Unsur-unsur sing anane ing sanjabane crita wayang, yaiku latar belakange crita wayang kang ana ing tanah Jawa ngenani apa kang dikarepake pangripta jroning nulis crita iku lan kepriye tanggapane masyarakat ngenani crita-crita wayang. Diarani unsur . . . .
a)
instrinsik
b)
ekstrinsik
c)
pangudharan
d)
coda
e)
estetik
9.
9.      Wayang kang nyritakake kahanan negara saiki, kanggo penerangan program-program pemerintah diarani . . . .
a)
kadhewatan
b)
Arjuna Sasra
c)
Ramayana
d)
Wayang Suluh
e)
Wayang beber
10.
10.      Ing ngisor iki gunane basa ngoko alus, kajaba . . . .
a)
Sedulur utawa marang sedulur enom kang luwih dhuwur drajate
b)
Garwane priyayi marang sing kakung
c)
Priyayi marang priyayi yen wis ngoko-ngokoan
d)
Wong tuwa marang wong enom
e)
Ibu marang Bapak kang wis ngoko-ngokoan (wis kulina)
11.
11.      Karya tulis ana kalane menehi sawijining ringkesan ana saben pungkasan tulisan utawa saben pungkasan bab. Ringkesan iku migunani tumrap para . . . .
a)
pamaca
b)
panulis
c)
pangamat
d)
paneliti
e)
pangarang
12.
12.      Urut-urutaning cara nganalisis artikel kang kapisan yaiku . . . .
a)
asmane penulis artikel
b)
asmane narasumber
c)
media sing digunakake
d)
irah-irahan artikel
e)
ukara kasunyatan, aktual lan wis kadadeyan
13.
13.      Ringkesan kudu migunakake ukara anyar, ana ing wujud rangkaian utawa gayutan kang cetha lan logis, uga nggambarake isi saka . . . .
a)
opini
b)
fakta asline
c)
karangan asline
d)
latar belakange ringkesan
e)
tanggapane masyarakat
14.
14.      Kresna iku sawijining paraga Mahabharata. Nalika isih timur asmane Narayana. Tembung timur saka ukara kasebut nduweni dasanama . . . .
a)
tuwa
b)
enom
c)
bagus
d)
sugih
e)
mlarat
15.
15.      Sabotenipun Prabu Sri Kresna ingkang minangka ngasta sesepuh penasehat agung Pandhawa, minangka duta mundhut hak warisan pandhawa kanthi cara damai. Tembung duta nduweni teges . . . .
a)
wani
b)
utusan
c)
pesuruh
d)
kendel
e)
nesu
16.
16.      Kumbakarna kaparingan aji Cirakalasupta, aji Gedhongmenga, lan aji Getak Gelap Asakethi. Aji-ajine Kumbakarna kang bisa njalari Kumbakarna bisa turu kepati atusan taun tanpa nglilir yaiku . . . .
a)
Cirakalasupta
b)
Gedhongmenga
c)
Getak Gelap Asakethi
d)
Kaca paesan
e)
Cakra Baskara
17.
17.      Prabu Baladewa kondhang kadidene ratu sing pakulitane putih mulus alias bule tekan balung sumsum, walikane karo Prabu Kresna sing nduweni pakulitan ireng. Ireng tekan getih, balung lan sumsume. Werdine tembung Kresna yaiku . . . .
a)
abang
b)
putih
c)
ijo
d)
kuning
e)
ireng
18.
18.      Shinta sumerep kabregasaning kidang. Piyambakipun gawok, tuwuh prentuling manah kepingin ngingah kidang rukmi. Tembung rukmi tegese . . . .
a)
perak
b)
kuning
c)
emas
d)
lincah
e)
ayu
19.
19.      Wayang kang nyritakake perange Prabu Arjuna Sasra karo Dasamuka, klebu lakon Sumantri lan Sukrasana yaiku . . . .
a)
Kadhewatan
b)
Ramayana
c)
Mahabharata
d)
Arjuna Sasra
e)
Wayang beber
20.
20.      Salah siji ciri khase naskah drama yaiku awujud pacelathon. Naskah drama iku mujudake tetiron saka panguripane manungsa saben dinane. Mula saka iku dialog digunakake mujudake pacelathon padinan kang nggunakake basa lisan kang . . . .
a)
langsung
b)
kaiket dening gramatikal
c)
formal
d)
komunikatif
e)
efektif
21.
21.      Perangan wiwitane crita kanggo nepungake paraga, swasana, lan bibit kawit tumuju crita sabanjure, ing struktur teks lakon diarani . . . .
a)
jejer (orientasi)
b)
pasulayan (komplikasi)
c)
pangudhare prakara (resolusi)
d)
pungkasaning crita (coda)
e)
owahaning crita (revolusi)
22.
22.      Bab pokok sing mbedakake antarane teks lakon karo teks prosa gancaran liyane yaiku anane . . . . ing teks lakon.
a)
urutan crita
b)
tema
c)
wewarah
d)
antawacana
e)
irah-irahan
23.
23.      Pungkasane karampungan pasulayan utawa dredah, ing struktur teks lakon diarani . . .
a)
orientasi
b)
komplikasi
c)
resolusi
d)
coda
e)
revolusi
24.
24.      “Omahku sing madhep ngalor cedhak pasar kae lho.” Yen didadekake basa krama alus yaiku . . . .
a)
Dalem kula sing madhep ngalor cedhak pasar kae lho
b)
Dalem kula ingkang majeng ngaler caket peken menika lho
c)
Griya kula sing madhep ngalor cedhak peken niko lho
d)
Dalem kula sing madhep ngalor cedhak pasar kae lho
e)
Griya kula ingkang majeng ngaler caket peken menika lho
25.
25.      Ajining dhiri gumantung ana ing lathi. Tembung lathi tegese . . . .
a)
ilat
b)
driji
c)
ati
d)
manah
e)
lambe
26.
26. Ana tetembungan Jawa kang wus kawentar banget. Tembung kawentar tegese . . . .
a)
kondhang
b)
kuno
c)
modern
d)
kulina
e)
gumathok
27.
27.      Jenenge liya Arjuna yaiku Janaka kang nduweni pusaka keris Pulanggeni, panah Sengkali, Cundamanik, Aji Mayabumi, Panah Pasopati. Raden Arjuna iku satriya ing . . . .
a)
Madukara
b)
Plangkawati
c)
Pringgondani
d)
Jodhipati
e)
Banjarjumput
28.
28.      Memayu hayuning bawana tegese . . . .
a)
Nggawe supaya katon ayu utawa endah
b)
Kahanan kang ayu utawa endah
c)
Kahanan
d)
Donya
e)
Nggawe donya sing wis endah iki supaya tetep katon ayu lan endah
29.
29.      Kidang rukmi nunten wira-wiri sacelaking papan dunungipun tiyang tetiga. Sinta sumerep kabregasaning kidang. Piyambakipun gawok, tuwuh prentuling manah kepingin ngingah kidang rukmi. Tembung manah ing ukara kasebut nduweni dasanama . . . .
a)
ilat
b)
driji
c)
lambe
d)
duit
e)
ati
30.
30.      Keprak iku salah sijine piranti pagelaran wayang kang nggambarake ilining banyu utawa getih. Dene piranti pagelaran wayang kang nggambarake mobah mosiking kahanan jagad saisine, yaiku . . . .
a)
kelir
b)
blencong
c)
kayon
d)
gamelan
e)
debog
31.

31. Diajari korupsi

Diajari korupsi Sawijining dina, Glendhoh mertamu ing omahe Klithuk, kanca lawas jaman isih sekolah SMA mbiyen. Pawakane Klithuk isih ajeg kuru kaya ndek jaman mbiyen. Glendhoh dhewe saiki lemu ginuk-ginuk, tandane wus nemoni sukses ing gaweane.

Glendhoh : Piye kabarmu Thuk?

Klithuk : Ya isih ngena-ngene wae Ndhoh. Kaya sing mbok sawang iki.

Glendhoh : Lha piye ta? Mbok leh mu nyambut gawe sing tenanan, ben isoh entuk dhuwit akeh.

Klithuk : Jan-jano nyambut gaweku ya wus tenanan. Nanging tetep wae, uripku ajeg ngene. Ora tau cukup. Bojoku ya sambate ngayawara saben dinane.

Glendhoh : Jaman saiki manawa nyambut gawe becik, kuwi ora mungkin bisa nyukupi butuhe omah.

Klithuk : Piye karepmu? Aku durung mudheng.

Glendhoh : Ngene. Tak kandani ya? Contone aku wae. Gaweanku iki gawean cilik-cilikan ing kantor. Nanging piye carane supaya aku bisa entuk dhuwit saliyane blanjanku saben sasi. Mula kuwi, uripku sakulawarga sarwa kecukupan.

Klithuk : Lha piye carane? Mbok aku diajari supaya uripku ya mundhak apik tinimbang saiki. Aku njagakake blanjan sasen saka bos-ku ya ora sepiraa.

Glendhoh : Carane gampang banget. Korupsi. Njajala korupsi, sithik sithik wae. Sing cilikan wae supaya ora konangan.

Klithuk : Korupsi?? Tenanan kuwi?

Glendhoh : Lha iya! Kaya sing ing tipi-tipi kae lho. Wong-wong dhuwuran padha korupsi tur gedhen kabeh. Nek aku, cilikan wae sing penting bisa kanggo nutup butuhe omah. Ayo, kowe mesthi ya bisa. Elingana anak-bojomu sing saben dina mangane kurang-kurang.

Klithuk : Mengko dhisik Ndhoh. Sajane aku ya mathuk karo usulmu kuwi. Nanging kayane aku iki ora bakal bisa korupsi ing gaweanku.

Glendhoh : Lha ngapa? Pengawasane ketat po?

Klithuk : Ora babagan kuwi. Aku iki kerjane melu wong, jasa sedot tinja. Lha sing ameh tak korupsi kuwi apa?? Saben dina mubeng nguplek-uplek tinja.

Glendhoh : ??????!!!!!

Paraga kang saiki wis dadi lemu ginuk-ginuk ing crita Diajari Korupsi yaiku …

a)

klithuk

b)

eri

c)

glendhoh

d)

bawana

e)

hayu

32.

32. Diajari korupsi

Wos surasane crita Diajari Korupsi iku yaiku …

a)

Klithuk uripe rekasa

b)

Glendhoh ngajari korupsi

c)

Glendhoh uripe rekasa

d)

Klithuk uripe kepenak

e)

Klithuk ngajari korupsi

33.

33. Diajari korupsi

Apa sesambungan antarane Klithuk lan Glendhoh ing critab Diajari Korupsi iku? …

a)

sedulut

b)

wong tuwane isih sedulur

c)

kanca kantor

d)

kaca lawas SMA

e)

tangga desa

34.
34.      Teks lakon katulis kanthi bleger kang dumadi saka….
a)
Bait, baris, paragraf, lan antawacana
b)
Paragraf, antawacana, swasana, lan pituduh laku
c)
Tokoh, paragraf, swasana, lan pituduh laku
d)
Tokoh, baris, swasana, lan pituduh laku
e)
Tokoh, antawacana, swasana, lan pituduh laku
35.
35. Sajerone pagelaran lakon, paraga kudu bisa ngatur suara, supaya….
a)
Antawacana bisa keprungu endhek-dhuwur dening pamirsa ing sajrone gedhung
b)
Antawacanane bisa kaprungu kanthi jelas dening pamirsa ing sajerone gedhung utawa panggung
c)
Paraga lakon bisa ngatur intonasi (nada/endhek-dhuwure suara) ing sajerone gedhung utawa panggung
d)
Paraga lakon bisa ngatur intonasi (nada/endhek-dhuwure suara) ing sajerone gedhung utawa panggung
e)
Paraga lakon bisa ngatur artikulasi (kedal/obah lan menga-mingkeme tutuk) ing sajerone gedhung utawa panggung
36.

36. Sandhangan kang digunakake kanggo mbuka ukara yaiku ....

a)
b)
c)
d)
e)
37.

37. Sandhangan kanggo misahake angka lan huruf ana ing panulisan angka jawa yaiku sandhangan ....

a)
b)
c)
d)
e)
38.

38.

a)

15 riyal utawa 45 miliyar

b)

16 riyal utawa 46 miliyar

c)

15 riyal utawa 35 miliyar

d)

15 riyal utawa 45 juta

e)

16 riyal utawa 46 juta

39.

39. ampun remen sumebar barang ala, tegesipun manungsa punika kedah ngendika ingkang sae, boten nyebar hoax utawi pawarta ingkang boten leres. Amargi saking pangandikan kita punika saged ngrisak guyub rukun sesami. Ukara ingkang kacetak kandel menawi dipunserta aksara Jawi inggih punika ....

a)

ꦯꦸꦩꦼꦧꦂꦧꦫꦁꦲꦭ

b)

ꦱꦸꦩꦺꦧꦂꦧꦫꦁꦱꦶꦁꦲꦭ

c)

ꦯꦸꦩꦺꦧꦂꦧꦫꦁꦱꦶꦁꦲꦭ

d)

ꦱꦸꦩꦼꦧꦁꦧꦫꦁꦲꦭ

e)

ꦱꦸꦩꦼꦧꦂꦧꦫꦁꦲꦭ

40.

40. Ukara ing dhuwur menawa ditulis mawa aksara latin....

a)

Ibu guru tuku buku lan bolpen ing koperasi sekolah siyang wau.

b)

Ibu guru mundhut buku kaliyan bolpen ing koperasi sekolah awan mau.

c)

Ibu guru tuku buku lan bolpen ing koperasi sekolah awan mau.

d)

Ibu guru tumbas buku lan bolpen ing koperasi sekolah awan mau.

e)

Ibu guru mundhut buku kaliyan bolpen ing koperasi sekolah siyang mau.