Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

EOS - Javanese Culture

Total questions: 25

Worksheet time: 13mins

Name
Class
Date
1.

Tokoh manuk kang nylametake Shinta ing carita Ramayana yaiku …

a)

Rama

b)

Rahwana

c)

Anoman

d)

Jatayu

2.

Tokoh kang nyulik Shinta yaiku …

a)

Rama

b)

Rahwana

c)

Anoman

d)

Jatayu

3.

Prabu Rama anggone ngrebut dewi Shinta dibantu kethek putih kang jenenge …

a)

Indra

b)

Rahwana

c)

Anoman

d)

Jatayu

4.

Ing jaman biyen, gerhana bulan dicaritakake nganggo carita …

a)

buto kala ngemplok rembulan

b)

buto kala ngemplok terang rembulan

c)

Rara Jonggrang

d)

Anoman Obong

5.

Apa tujuane uwong-uwong nggejug lesung ing wektu gerhana bulan?

a)

Supaya kabeh uwong dadi rukun

b)

Supaya buto kala muntahake rembulan

c)

Supaya buto kala muntahake matahari

d)

Supaya pitik jago klurok tanda wayah esuk

6.

Ing carita buto ngemplok rembulan, sifate buto yaiku ...

a)

mangan sing enak-enak

b)

galak lan pelit

c)

nggragas mangan apa wae

d)

wicaksana

7.

Ing blangkon, ana bagian kang mbendol dijenengi mondholan ing sisih mburi. Iku maknane yaiku …

a)

Kapinteran kudu dipamerake

b)

Kemampuane kudu diweruhake uwong-uwong

c)

Kemampuan ora kudu diduweni uwong

d)

Kapinteran ora kanggo umuk mula diwenehke mburi

8.

Busana kang diagem dening priya jawa yaiku...

a)

surjan

b)

kebaya

c)

sanggul

d)

slendhang

9.

Keris iku senjatane wong jawa. Keris saka tembung mangker karana aris. Artine yaiku …

a)

Sekti nanging umuk

b)

Wicaksana nanging umuk

c)

Sekti amarga wicaksana

d)

Sekti amarga amarah

10.

Jarik ing pakaian adat jawa, ana wirune kang ditekuk lurus. Wiru nduweni makna ...

a)

yen mikir, pikirane kudu resik

b)

yen mlaku madhep ngarep

c)

ngendaleni hawa nepsu kanthi urip kang lurus

d)

yen omongan kudu jujur

11.

Batik khas Jogja motif kawung artine yaiku …

a)

ngendaleni hawa nepsu

b)

semangat muda

c)

wicaksana naggapi perubahan

d)

tekun nyambut gawe

12.

Motif batik ing ngisor iki arane .....

a)

jatayu

b)

mega mendung

c)

parang kemitir

d)

kawung

13.

Ing padasan, ana wadhah banyu kang digawe saka lempung, jenenge yaiku ....

a)

ember

b)

genthong

c)

bak

d)

tandhon

14.

Yen bar lelungan banjur arep mlebu omah, kita kudu …..

a)

wisuh

b)

turu

c)

maem

d)

sinau

15.

Yen mlebu omah durung wisuh awakdewe bisa lara, amarga ......

a)

ditutke setan

b)

awake awakdewe nggawa kuman lan bakteri

c)

awake ora seger

d)

krasa sumuk

16.

Biasane, kita matur 'ndherek langkung' nalika ....

a)

diparingi sesuatu karo wong liya

b)

liwat ngarepe wong liya

c)

arep sinau

d)

arep turu

17.

Yen diparingi, kita matur .....

a)

mboten napa-napa

b)

ndherek langkung

c)

matur sampun

d)

matur nuwun

18.

Yen gawe kesalahan, kita kudu ....

a)

matur nuwun

b)

njaluk duwit

c)

njaluk ngapura

d)

nyuwun sewu

19.

Unine aksara jawa iki yaiku ........

a)

sapi iku lima

b)

sapi iku lemu

c)

iki sapi lemu

d)

sapu iku lima

20.

Unine aksara jawa iki yaiku ......

a)

bakul dadung

b)

bakul gadung

c)

bakul jagung

d)

bakul gandul

21.

Unine aksara jawa iki yaiku ........

a)

tuku sega pecel

b)

toko sega pecel

c)

tuku sega kucing

d)

tuku tahu guling

22.

Ing wayang gunungan, ana gambar naga kang berliku. Iki nglambangake ...

a)

urip kang okeh cobaan, mula kudu ati-ati

b)

urip kui akeh perubahan, mula santai wae

c)

urip kudu nduweni tantangan

d)

urip kudu ngindari tantangan

23.

Ing wayang gunungan, ana gambar buto kala ing tengah. Iku nglambangake ...

a)

wektu kang terus mlaku

b)

wektu kang mandheg

c)

wektu jaman biyen

d)

masa depan

24.

Gambar buto geni ing sawalike wayang gunungan nglambangake ......

a)

wektu kang terus mlaku

b)

panas bumi lan hawa nepsu

c)

kehidupan ing bumi

d)

matahari

25.

Gunane wayang gunungan ana ing pagelaran wayang yaiku kanggo ...

a)

mbukak lan nutup adegan

b)

mbukak adegan

c)

nutup adegan

d)

pajangan ben ketok apik