wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

BASA JAWA TEMBANG MACAPAT

Total questions: 10

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.

Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung,

Dawa kaya ula,

pencokanmu wesi miring,

sing disaba si pucung mung turut kutha.

Tembang ing dhuwur guru gatrane ana … .

a)

4

b)

5

c)

6

d)

7

2.

Bapak pucung dudu watu dudu gunung,

Tan ana kang tresna,

Kabeh uwong mesthi sengit,

Kang kanggonan den lus-elus tinangisan.

Batangane tembang ing dhuwur yaiku … .

a)

sepur

b)

udeng

c)

gajah

d)

udun

3.

Tembang macapat iku kaiket ing telung paugeran, kejaba… .

a)

guru lagu

b)

guru gatra

c)

guru pada

d)

guru wilangan

4.

Dedalane guna lawan sekti

Ukara ing dhuwur guru wilangan lan guru lagune yaiku … .

a)

10a

b)

10i

c)

9u

d)

8a

5.

Ing ngisor iki ukara kang guru wilangane ana 12 yaiku … .

a)

Mbangun turut marang wong tuwa

b)

Sapa jujur mbesuke bakal luhur

c)

Wis wajibe si murid sregep sinau

d)

Saben dina rama ibu kang njaga

6.

Tembang ing ngisor iki jenenge tembang … .

Bener luput ala becik lawan begja,

Cilaka mapan saking,

Ing badan priyangga,

Dudu saka wong liya,

Pramila den ngati-ati,

Sakeh dirgama,

Singgahana den eling.

a)

maskumambang

b)

durma

c)

pucung

d)

kinanthi

7.

Ing ngisor iki kalebu tembang macapat,kejaba … .

a)

pucung

b)

gambuh

c)

praon

d)

kinanthi

8.

Bener luput ala becik lawan begja,

Cilaka mapan saking,

Ing badan priyangga,

Dudu saka wong liya,

Pramila den ngati-ati,

Sakeh dirgama,

Singgahana den eling.


Tembang ing dhuwur, guru wilangan lan guru lagune

yaiku …

a)

12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i

b)

8i, 8a, 8e/o, 8a, 7a, 8u, 8a

c)

8i, 8a, 8e/o, 8a, 7a, 8u, 8a

d)

8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i

9.

Ing ngisor iki guru wilangan lan guru lagune tembang pucung

yaiku … .

a)

12u, 8i, 8u, 8i, 8o

b)

8i, 8a, 8e/o, 8a, 7a, 8u, 8a

c)

7u, 10u, 12i, 8u, 8o

d)

12u, 6a, 8i, 12a

10.

Tata paugerane tembang macapat iku ana telu, salah sijine guru lagu. guru lagu yaiku ... .

a)

cacahing gatra/larik saben sapada/bait

b)

cacahing wanda/suku kata saben sagatra

c)

dhong-dhing/tibaning swara (vokal) ing

saben pungkasane gatra.

d)

cangkriman utawa bedhekan