wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

LATIHAN UJIAN UAS BAHASA JAWA KELAS XII

Total questions: 50

Worksheet time: 50mins

Name
Class
Date
1.

Ngisor iki kelebu ing Serat Wedhatama kejaba.....

a)

Kinanthi

b)

Pucung

c)

Asmaradana

d)

Gambuh

2.

Serat Wedhatama anggitane....

a)

KGPAA Mangkunegoro II

b)

KGPAA Mangkunegoro III

c)

KGPAA Mangkunegoro IV

d)

KGPAA Mangkunegoro V

3.

Tembang Kinanthi duwe ateges ngisor iki kajaba....

a)

Saka tembung Kanthi

b)

Gembaraning lare sepuh

c)

Lare alir ingkang butuh gulawentah dumateng para sesepuh.

d)

Duweni tuladha becik

4.

Ngisor iki kang ora kelebu arti saka tembung Wedhatama dewe ateges....

a)

Ngemot ajaran kang apik, sae lan mugunani

b)

Ngemot hubungan kang bingungke

c)

Ngemot budi pakerti

d)

Ngemot Filsafat kang migunani

5.

Araning cacahing wanda saben gatra yaiku....

a)

Guru Lagu

b)

Guru Gatra

c)

Guru Wilangan

d)

Guru Pungkasan

6.

Arane cacahing larik / baris saben pada (bait) yaiku....

a)

Guru Lagu

b)

Guru Gatra

c)

Guru Wilangan

d)

Guru Pungkasan

7.

Perangan serat kang awujud kumpulan pada tembang macapat sajenis yaiku diarani....

a)

Serat

b)

Pada

c)

Gatra

d)

Pungkasan

8.

Ngisor iki kang ora kalebu watak Tembang Kinanthi yaiku....

a)

pitutur, welas asih,

b)

rasa bingah, tuladha becik

c)

wesasane nelangsa lan kuciwa ing penggalih

d)

tresnane ingkang sepuh dumateng putraipun

9.

Mangka kanthining tumuwuh, menawi dipuntingali saking titikanipun, pethilan sekar menika kawastanan sekar macapat menapa?

a)

Pocung

b)

Sinom

c)

Pangkur

d)

Kinanthi

e)

Gambuh

10.

Eling lukitaning alam. Tembung lukita ing pethilan sekar menika tegesipun menapa?

a)

tandha

b)

tetembungan

c)

sumerep

d)

ngertos

e)

enget

11.

Dadi weryaning dumadi, pethilan sekar menika gadhah teges ….

a)

Dados kekiyatan kangge mangertos sangkan paraning dumadi

b)

Dados kekiyatan kangge mangertos sedaya kedadosan

c)

Dados seserepan kangge mangertos sangkan paraning dumadi

d)

Dados seserepan kangge mangertos sedaya kedadosan

e)

Dados kekiyatan kangge mangertos sedaya kedadosan ing alam

12.

Geguritan yen ana ing Bahasa Indonesia padha karo . . .

a)

Puisi

b)

Prosa

c)

Pantun

d)

Karangan

13.

Nalika maca geguritan kudu nggatekake wirama kang tegese . . .

a)

isining geguritan

b)

alon, banter, cetha lan samaring swara

c)

obahing awak

d)

ngucapake swara

14.

Nalika maca sawijining geguritan kudu nggatekake wirasa kang tegese . . .

a)

dawane ukara

b)

pathokan

c)

rasaning swasana ati

d)

pocapan kang cetha

15.

Irah-irahe geguritan ing nduwur yaiku . . .

a)

Kembang Mlati

b)

Pahlawan

c)

Makam pahlawan

d)

Nangis

16.

Panganggone ater-ater "tak" kang bener yaiku . . .

a)

Aku karo adhiku melu takbiran

b)

Tasku tulung takgawake ya!

c)

Apike takon marang Simbah

d)

Mengko takgaweke es teh

17.

Lawuhe (pangan) kucing

Tembung ing jero kurung kudune . . .

a)

dipangan

b)

dakpangan

c)

kokpangan

d)

takpangan

18.

Pametuning rasa pujangga kang tinulis ing tembung-tembung lan karakit adhedasar larik lan pada

a)

Geguritan

b)

Cerkak

c)

Novel

d)

Crita rakyat

e)

Cerbung

19.

Geguritan iku basane katon endah, bisa migunakake purwakanthi, dwipurwa, seselan lan liya-liyane. Tuladha purwakanthi basa

a)

Aku mangkat turu

b)

Aku tuku tahu telu

c)

Aku melu kowe

d)

Aku takon sapa

e)

Aku bingung

20.

Geguritan iku basane katon endah, bisa migunakake purwakanthi, dwipurwa, seselan lan liya-liyane. Tuladha dwipurwa

a)

Adhi mlaku-mlaku

b)

Kancaku kang cengingisan

c)

Simbah leluhurku

d)

Rejeki lumintu

e)

Siswa-siswi smansa

21.

Aja nangis anakku

Ibumu isih lunga


Sedhela maneh teka


Aja nangis, anakku


Umpama hongkong kuwi mung lor kali


Wis wingi-wingi dakparani


Isi saka geguritan dhuwur yaiku ...

a)

wong tuwa kudu mesti nduweni rasa kangen marang anak

b)

susahe bapak marang ibu kang nyambut gawe golek duit nganti tekan hongkong gawe anak

c)

bapak kang goleki ibu tekan hongkong amarga anake lara

d)

susahe bapak dening tangise anak, sebab kangen ibune kang lagi nyambut gawe ing hongkong

e)

bapak kang goleki bojone nganti tekan lor kali

22.

Manungsa kedah ubed anggenipun gesang kadosta kangge pados rejeki ingkang halal, lan ampun damel serik tiyang sanes menika pralambang saking...

a)

jarik/sinjang

b)

beskap

c)

keris

d)

kebaya

e)

canela

23.

Gambar menika dipunwastani....

a)

kopyah

b)

blangkon gaya Jogja

c)

blangkon gaya Surakarta

d)

canela gaya yogyakarta

e)

paes gaya yogyakarta

24.

Gambar menika dipunwastani...

a)

beskap gagrag Surakarta

b)

beskap gagrag Ngayogyakarta

c)

surjan gagrag Ngayogyakarta

d)

surjan gagrag Surakarta

e)

busana takwa

25.

Gambar menika dipunwastani...

a)

beskap gaya Ngayogyakarta

b)

beskap gaya Surakarta

c)

surjan gaya Yogyakarta

d)

surjan gaya Surakarta

e)

busana takwa

26.

Gambar menika dipunwastani...

a)

iket

b)

sinjang gagrag Ngayogyakarta

c)

sinjang gagrag Surakarta

d)

slendhang

e)

canela gaya Yogyakarta

27.

Gambar menika dipunwastani...

a)

kebaya tangkeban Solo

b)

kebaya tangkeban Ngayogyakarta

c)

kebaya kuthu baru

d)

kebaya kuthu baru Solo

28.

Manungsa iku kudu duwe cekelan kang kuwat ing ati (nala) anggone manembah marang Gusti. Pratelan iku minangka filosofi saka...

a)

benik

b)

kamus

c)

kebaya

d)

timang

e)

selop

29.

Busana kadosdene jas kanthi werni polosan dipunwastani……

a)

kebaya

b)

surjan lurik

c)

beskap

d)

busana takwa

e)

pranakan

30.

Busana Jawa kanggo wong putri ing ngisor iki, yaiku...

a)

kebaya, sinjang, gelung/kondhe

b)

canela, dhuwung, jarik

c)

surjan, sinjang, selop

d)

jarik, kutubaru, iket

e)

iket, kamus, cenéla

31.

Gambar iki diarani ...

a)

Lerep

b)

Samir

c)

Cenela

d)

Dhuwung

e)

Wangkingan

32.

Wong Jawa nduweni unen-unen "ajining raga gumantung saka ...."

a)

Trapsila

b)

Solah bawa

c)

Tuturane

d)

Busana

e)

Lathi

33.

Titikane wacan dheskripsi iku anggone menehi gegambaran sawijining prekara kanthi ...

a)

Jangkep

b)

Ringkes

c)

Glamblang

d)

Jlimet

e)

Genah

34.

Peranganing udheng ingkang awujud bunder semu lanjong radi gepeng ingkang kapapanaken wonten sak wingkinge udheng ing tengah-tegah, trep nginggil githok. Menika dipun wastani ....

a)

Kemadha

b)

Modhangan

c)

Mondolan

d)

Sunglon

e)

Talingan

35.

Rambut palsu ugi rambut asli kang digawe bentuk oval lan ditempel ing mburi utawa ing sirah dipunsebat...

a)

Cundhuk Mentul

b)

Suweng

c)

Giwang

d)

Gelungan

36.

Jeneng gamelan ing gambar yaiku ....

a)

Kenong

b)

Saron

c)

Kendang

37.

Wong kang mainake gamelan arane ....

a)

Dhalang

b)

Niyaga

c)

Sindhen

38.

Gamelan Jawa


Gamelan menika salah satunggaling seni musik tetabuhan tradhisional aseli saking Indonesia mliginipun ing pulo Jawa, Madura, Bali lan Lombok. Tembung gamelan piyambak menika saking tembung Jawa inggih menika “gamel” ingkang gadhahi teges “tabuh”. Wosipun gamelan menika saprangkat piranti musik ingkang diagem ngiringi tembang utawi dipuntabuh tanpa tembang kawastan klenengan. Jinis musik menika kasebar ngantos dumugi pulo-pulo saindenging tlatah Nusantara lan sakmenika malah sampun kasebar ngantos dumugi Amerika, Eropah lan tlatah sanesipun. Jinis musik tradhisional sanes uga wonten ingkang memper kaliyan gamelan wonten tlatah Filipina, Malaysia lan Suriname.


Saking wacana punika nuduhaken babagan . . . .

a)

Alesan utawi argumentasi

b)

Pernyataan umum

c)

Sipatipun imajinatif

d)

Namung paring informasi kemawon

e)

Adhedasar dudutan wawanpirembagan

39.

Gamelan Jawa

….……..

Gamelan kalebet perangan ing kabudayan Jawa. Wonten Jawa, gamelan biyasanipun kangge musik pangiring pagelaran wayang kulit utawi ringgit, beksan, uyon-uyon, ketoprak lan sanesipun. Jinisipun laras gamelan wonten kalih inggih punika laras pelog lan laras slendro. Saben seset gamelan nggadhahi instrumen kangge laras pelog lan slendro. Gamelan laras slendro gadhahi titi laras 1 2 3 5 6, menawi gamelan laras pelog gadhahi titi laras pepak. Ateges pepak menika titi larasipun 1 2 3 4 5 6 7. Dados ingkang bentenaken inggih menika titi laras 4 (papat) lan 7 (pitu).

….………


Saking wacana punika wosipun paragraf inggih punika . . . .

a)

Gamelan Jawa kathah peranganipun.

b)

Gamelan namung kangge musik pangiring wonten pagelaran wayang kulit.

c)

Gamelan Jawa nggadhahi titi laras kalih, inggih menika sledro lan pelog.

d)

Laras slendro menika gadhahi titi laras pepak.

e)

Uyon-uyon kedhah dipunuri-uri supados lestantun.

40.

Wujudipun arupi kados lempengan emas ingkang kasusun wonten kajeng. Saben lempengan menika gadhah titilaras ingkang benten. Deskripsi ingkang jumbuh kaliyan gamelan menika . . . .

a)

Gamelan Jawa menika kedhah dipunuri-uri supados lestantun.

b)

Titi larasipun gamelan Jawa menika wonten kalih, slendro lan pelog.

c)

Gamelan Jawa sampun ngrembaka, menika katingal saking pandemenipun ingkang kathah.

d)

Saron menika salahsatunggaling gamelan ingkang mungelaken kanthi cara dithuthuk.

e)

Samenika tiyang manca sami remen sinau gamelan Jawa amargi mungelipun.

41.

Wonten pakeliran wayang, gender dipunginakaken kangge ngiringi cariyos, wawan ginem antawisipun paraga wayang setunggal lan sanesipun. Deskripsi ingkang jumbuh kaliyan gambar gamelan menika . . . .

a)

Gendher salah satunggaling ricikan gamelan ingkang ancasipun kangge instrumen melodi.

b)

Gamelan punika namung wonten ing gamelan Jawa, wonten sanesipun boten wonten.

c)

Bali ugi gadhah gamelan ingkang meh sami kaliyan gamelan Jawa.

d)

Titikanipun gamelan Sunda menika wontenipun swanten suling ingkang dominan.

e)

Gamelan kangge ngiringi wayang, beksan, kethoprak lan langgam.

42.

Saron penerus menika salah satunggaling perangkat gamelan Jawa ingkang ditabuh, saron penerus dipunselehaken kemawon wonten wilah kajeng ing kalih sisi ngandap, wonten slendro, saron penerus dipunwastani peking.


Ukara wonten inggil kalebet paragraph eksposisi….

a)

definisi

b)

proses

c)

klasifikasi

d)

ilustrasi

e)

perbandingan

43.

Rebab menika salah satunggaling racikan gamelan ingkang kangge ngiringi gendhing-gendhing Jawa nalika pentas wayang, kethoprak lan ing langgam langgam. Caranipun mungelaken gamelan menika kanthi cara . . . .

a)

Dithuthuk

b)

Dikeplak

c)

Digesek

d)

Didamu

e)

Disebul

44.

Kendhang punika sipunselehaken wonten panyangga kajeng ingkang saemper huruf Y.. Kendhang wonten pagelaran musik ancasipun kangge mimpin lan ngarahaken musikipun. Piranti menika caranipun mungelaken kanthi cara . . . .

a)

Dithuthuk

b)

Dikeplak

c)

Digesek

d)

Didamu

e)

Disebul

45.

ing ngisor iki gamelan kang anggone muni kanthi cara digesek yaiku.......

a)
b)
c)
d)
e)
46.

Piranti musik kanggo mimpin lan ngarahake musik gamelan yaiku.......

a)
b)
c)
d)
e)
47.

Pagelaran gamelan biyasane ditindakake neng acara.......

a)

pengajian

b)

pagelaran wayang

c)

pertandhingan futsal

d)

paresmenan gedhong

e)

pangiring layon

48.

Piranti gamelan iki pigunane kanggo ngrembakake melodhi saka saron. bahane kagawe saka logam tipis lan sangisore ana resonator awujud pipa-pipa silinder gedhe. piranti gamelan kang dikarepake yaiku........

a)

gender

b)

gambang

c)

slenthem

d)

siter

e)

rebab

49.

Punapa ingkang dipunwastani teks eksposisi?

a)

Teks ingkang nggadhahi ancas damel pangertosan langkung wiyar

b)

Teks ingkang gadhah ancas damel pamaos katut dherek panyerat

c)

Teks ingkang nggadhahi ancas damel gambaran obyek/kahanan/prastawa

d)

Teks ingkang wose runtutan prastawa adhedhasar urutan wekdal

e)

Teks ingkang ngandaraken alesan-alesan logis supados saged dipuntampi pamaos

50.

Caranipun nabuh bonang inggih punika ...

a)

disebul

b)

dithuthuk

c)

digesek

d)

dikeplak

e)

dipethik