wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

1920 Kuis PAS 12

Total questions: 50

Worksheet time: 22mins

Name
Class
Date
1.

Jangkepe gatra ing tembang iku miturut paugeran lan tata runtut surasane yaiku ….

a)

Atetamba yen wus bucik

b)

Anggepe pandhita luwih

c)

Yen tan nartati ing kapti

d)

Sayekti karendhet ing ri

e)

Tan panasten nora jail

2.

Paugeran tembang macapat ing dhuwur gatra sepisan yaiku 8u. Angka 8 kasebut nuduhake….

a)

cacahing larik

b)

cacahing ukara

c)

cacahing wanda

d)

cacahing tembung

e)

cacahing tembang

3.

Guru wilangan lan guru lagu tembang ing ndhuwur iku kang bener ....

a)

8u,8i,8a,8u,8a,8a

b)

8u,8a,8i,8u,8a,8i

c)

8i,8a,8u,8i,8a,8i

d)

8a,8i,8u,8a,8i,8i

e)

8u,8i,8a,8i,8a,8i

4.

Salami mung awas eling. Ukara kasebut duwe makna ....

a)

ngelingake marang sing duwe kuwasa

b)

sakjege tansah eling lan waspada

c)

percaya karo upayane wong liya

d)

ora tidha-tidha anggone eling

e)

waspada karo tumindak ala

5.

Aywa sembrana ing kalbu. Tembung aywa tegese ….

a)

anak

b)

cara

c)

lali

d)

ora

e)

aja

6.

Wewesen praptaning uwis, duwe karep yaiku ….

a)

kabeh kudu sabar

b)

kabeh kudu tekan

c)

kabeh kudu dilakoni

d)

kabeh kudu nganti ngati-ati

e)

kabeh kudu nganti rampung

7.

Eling lukitaning alam, gancaran ngisor iki sing jumbuh karo larik mau yaiku ….

a)

Waspada kahanane alam donya.

b)

Eling pratandhane alam donya.

c)

Ngreksa endahe alam donya.

d)

Luput mahanani alam donya.

e)

Lali kahanane alam donya.

8.

Marma den sembadeng sedya. Tembung sembadeng iku kalebu tuladha tembung ….

a)

garba

b)

saroja

c)

lingga

d)

plutan

e)

andhahan

9.

Gelar ngalam sakalir. Tembung gelar ing gatra kasebut durung trep amarga durung jumbuh karo paugeran tembang Kinanthi, sing bener kudune ….

a)

gilar

b)

ginilar

c)

gegelar

d)

gumelar

e)

gilar-gilar

10.

Aywa mematuh nalutuh / Tanpa tuwas tanpa kasil. Gatra kasebut ngelingake marang manungsa supaya ….

a)

nggugu karepe awakke dhewe

b)

mentingake kekarepane dhewe

c)

ngguroni kekarepan sing ora kasil

d)

ngupaya amrih entuk asil sing apik

e)

aja seneng nggawe perkara sing ala

11.

Geguritan mau duwe tema babagan ….

a)

pendidikan

b)

katresnan

c)

religius

d)

budaya

e)

sosial

12.

Tembung “ngepluk” ing ukara Nggugah sing lagi padha ngepluk duwe teges ….

a)

turu

b)

adus

c)

mangan

d)

geguyon

e)

ngalamun

13.

Jinis citraan ing tetembungan kang kacithak miring mau yaiku ….

a)

citraan pangecap

b)

citraan pamireng

c)

citraan paningal

d)

citraan rabaan

e)

citraan gerak

14.

Geguritan ing ndhuwur duwe tema babagan ….

a)

pendidikan

b)

katresnan

c)

budaya

d)

religius

e)

sosial

15.

Geguritan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 15!

panase surya tan rinasa

kesele awak tan ginubris

kang diesthi amung makarya

oleh karya

kanggo putra

Isi pethikan geguritan ing ndhuwur ngemu rasa ….

a)

jengkel nalika nyambut gawe ing alas

b)

kangen marang wong kang nyambut gawe

c)

sabar nalika nyambut gawe kanggo kulawarga

d)

ora trima amarga dadi wong kakehan gaweyan

e)

semangat nyambut gawe kang makantar-kantar

16.

Setitekna geguritan ing ngisor iki! Purwakanthi kang ana ing geguritan iku yaiku ….

a)

lelewaning basa

b)

lumaksita

c)

swara

d)

sastra

e)

diksi

17.

Setitekna geguritan ing ngisor iki! Purwakanthi kang ana ing geguritan iku yaiku ….

a)

lelewaning basa

b)

lumaksita

c)

swara

d)

sastra

e)

diksi

18.

Nadyan digrujug tirta

Nadyan maruta padha teka

Nanging latu kuwi ora surut

Tegese latu yaiku....

a)

geni

b)

udan

c)

angin

d)

banjir

e)

kobong

19.

Nadyan digrujug tirta

Nadyan maruta padha teka

Nanging latu kuwi ora surut

Maruta tegese....

a)

geni

b)

udan

c)

angin

d)

banyu

e)

srengenge

20.

Suriname

wis suwe dak angen-angen

pancen aku wis kangen

Geguritan kasebut ngandharake rasa ….

a)

sengsem

b)

trenyuh

c)

kangen

d)

seneng

e)

marem

21.

Manungsa kedah narima ing pandum saking Gusti saha tansah sabar, pasemone aja gampang serik.

Pratelan ing ndhuwur minangka werdine ….

a)

jarik

b)

benik

c)

sabuk

d)

dhuwung

e)

blangkon

22.

Perangan barang iki manggone ana ing mburi pasemonipun manungsa kedah saged ngungkuraken sedaya penggodhaning setan.

Pratelan ing ndhuwur minangka werdine ….

a)

cunduk mentul

b)

dhuwung

c)

beskap

d)

canela

e)

jarik

23.

Ditingali saking pasemone canthelna jroning nala. Batin manungsa kedah kiyat anggenipun nggegem iman. wujudipun kanthi manembah, ngibadah saha pasrah marang Gusti Kang Maha Kuwasa.

Pratelan ing nduwur minangka werdine ….

a)

cunduk mentul

b)

dhuwung

c)

beskap

d)

canela

e)

jarik

24.

Ditingali saking pasemone canthelna jroning nala. Nala ing ukara iku tegese ….

a)

mustaka

b)

dhadha

c)

tangan

d)

suku

e)

ati

25.

Gunungan nduweni teges keteguhan kanthi pangajab si panganggo Bathik Sidomukti bisa ngendhalekake hawa nepsu sing ana dhiri pribadine. Masyarakat Jawa percaya sapa sing bisa ngendhalekake hawa nepsu, wong kasebut bakal oleh ….

a)

kemakmuran

b)

kasangsaran

c)

kawarasan

d)

kawigaten

e)

kabagyan

26.

Ornamen utama kang ana ing Bathik Sidomukti yaiku gambar kupu, nduweni makna ….

a)

kabebasan, pepadhang lan kapitayan

b)

kabebasan, pepadhang lan kasarasan

c)

kawaskithan, pepeling lan kasampurnan

d)

kabebasan, pepadhang lan kasampurnan

e)

kawaskithan, pepadhang lan kasampurnan

27.

Kembang saliyane minangka simbol kasulistyan lan kaendahan, kembang ing motif Bathik Sidomukti minangka simbol sumber ….

a)

panguripan

b)

panglipur

c)

pamawas

d)

pangajab

e)

panemu

28.

Tembung sidomukti asale saka wanda sida dan mukti. Sida tegese dadi, lan Mukti tegese ….

a)

menang

b)

kuwasa

c)

mulya

d)

gagah

e)

becik

29.

Sangsanganipun ratu gumebyar endah ing warna. Sangsangan tegese ….

a)

suweng

b)

kalung

c)

gelang

d)

ali-ali

e)

sabuk

30.

Bathik, wayang kulit, reog lan sapanunggalane minangka kas karya asli saka Indonesia, mula aja nganti diaku dening negara liya. Pratelan kasebut ngrembug babagan ….

a)

pendidikan

b)

kabudayan

c)

kesehatan

d)

ekonomi

e)

kriminal

31.

Antarane 20 mahasiswa etnomusikologi Pusat Konservatorium Musik (Central Conservatory of Music/CCOM) Beijing, padha nabuh gamelan Indonesia ing Festival Musik Beijing, Selasa (21/5). Sing luwih narik kawigaten, nalika para mahasiswa saka Cina iku padha nabuh gamelan, busana sing dienggo yaiku kebaya lan bathik tulis asli saka Indonesia.

Mahasiswa Cina iku nabuh gamelan Indonesia ing acara ….

a)

Pentas Seni CCOM

b)

Pagelaran Musik ISI

c)

Festival Musik Beijing

d)

Festival Musik CCOM

e)

Pagelaran Wayang Kulit ISI

32.

Antarane 20 mahasiswa etnomusikologi Pusat Konservatorium Musik (Central Conservatory of Music/CCOM) Beijing, padha nabuh gamelan Indonesia ing Festival Musik Beijing, Selasa (21/5). Sing luwih narik kawigaten, nalika para mahasiswa saka Cina iku padha nabuh gamelan, busana sing dienggo yaiku kebaya lan bathik tulis asli saka Indonesia.

Sing narik kawigaten nalika mahasiswa Cina iku nabuh gamelan yaiku ….

a)

amarga bisa prigel nabuh gamelan kamangka mung latihan rong sasi

b)

gendhing sing digawakake iku gendhing kang anyar lan endah

c)

busana sing dienggo yaiku bathik tulis Indonesia lan kebaya

d)

bisa lancar nabuh lan nggawakake gendhing-gendhing Jawa

e)

nggawakake lagu karyane dosen saka tlatah ISI Surakarta

33.

Salah siji piranti gamelan

Jawa sing ditabuh, digawe saka kuningan lan nduwe ukuran sing gedhe dhewe. Piranti iki biasane papane ing mburi dhewe, digantung ing palang sing umum digawe saka kayu ukuran gedhe diarani ….

a)

gong

b)

saron

c)

peking

d)

bonang

e)

slenthem

34.

Piranti gamelan iki salah siji piranti musik sing disebul. Piranti iki diarani ….

a)

kempyang

b)

gender

c)

suling

d)

rebab

e)

siter

35.

Salah sawijine racikan gamelan kang cara nabuhe utawa ngunekake kanthi digesek, diarani ….

a)

kendhang

b)

kenong

c)

bonang

d)

peking

e)

rebab

36.

Piranti gamelan kang sinebut gong cilik yaiku ....

a)

siter

b)

kempul

c)

bonang

d)

kenong

e)

gambang

37.

Salah sijining piranti gamelan Jawa sing ditabuh nganggo kombinasi antarane epek-epek karo driji. Gamelan iki diselehake ing wadhah panyangga saka kayu sing wujude memper huruf Y. Piranti gamelan iki fungsine kanggo mimpin lan ngarahake gendhing diarani ….

a)

kendhang

b)

bonang

c)

kenong

d)

peking

e)

rebab

38.

Gamelan Jawa beda karo Gamelan Bali lan Gamelan Sunda. Gamelan Jawa duwe laras/nada kang luwih ….

a)

rancak

b)

banter

c)

sithik

d)

abot

e)

alus

39.

Titi laras gamelan kaperang dadi loro, yaiku ....

a)

laras pelog lan laras nem

b)

laras gulu lan laras slendro

c)

laras pelog lan laras barang

d)

laras pelog lan laras slendro

e)

laras dhadha lan laras slendro

40.

Pawongan kang tugase nabuh gamelan diarani ….

a)

panyumping

b)

waranggana

c)

wiraswara

d)

sindhen

e)

niyaga

41.

Ukara ing ndhuwur kang migunakaken aksara swara yaiku tembung ….

a)
b)
c)
d)
e)
42.

weton Eropa, menawa ditulis aksara Jawa dadine ....

a)
b)
c)
d)
e)
43.

Aditya kuliah ing Inggris. , yen ditulis aksara Jawa yaiku ….

a)
b)
c)
d)
e)
44.

Olga lagi sinau. ,yen ditulis aksara Jawa yaiku ….

a)
b)
c)
d)
e)
45.

Iskak cah sregep. , yen ditulis aksara Jawa yaiku ….

a)
b)
c)
d)
e)
46.
a)

Mas Ahmad

b)

Mas Umar

c)

Mas Indra

d)

Mas Agil

e)

Mas Ibas

47.
a)

lunga menyang Oman

b)

lunga menyang Afrika

c)

lunga menyang Inggris

d)

lunga menyang Estonia

e)

lunga menyang Ukraina

48.
a)

cilik Adi ing Ungaran

b)

tilik Edi ing Ungaran

c)

cilik Adi ing Imogiri

d)

tilik Edi ing Imogiri

e)

tilik Odi ing Imogiri

49.
a)

Oktora lan Usman

b)

Usman lan Obama

c)

Oktora lan Umami

d)

Obama lan Umami

e)

Umami lan Oktora

50.
a)

Agustus

b)

September

c)

Oktober

d)

November

e)

Desember