Font size
WorksheetsUSP BAHASA JAWA XII SMK
Total questions: 52
Worksheet time: 3hrs 36mins
“Pak, kula mangke tindak jam wolu. Bapak kesah jam pinten?”
Ukara kasebut menawa diowahi supaya trep marang unggah-ungguh basane, yaiku . . .
Pak, kula mangke kesah jam wolu. Bapak tindak jam pinten?
Pak, kula mangke kesah jam wolu. Bapak kesah jam pinten?
Pak, kula mangke tindak jam wolu. Bapak tindak jam pinten?
Pak, kula mangke tindak jam wolu. Bapak kesah jam pinten?
Pak kula mangke bidhal jam wolu. Bapak tindak jam pinten?
“Thole, Panjenengan sekolah jam pinten?”
Ukara kasebut menawa diowahi supaya trep menyang unggah-ungguh basane, yaiku . . .
Thole, panjenengan sekolah jam pinten?
Thole, kowe sekolah jam pira?
Thole, peyan sekolah jam pinten?
Thole, sampeyan sekolah jam pinten?
Thole, sampeyan sekolah jam pira?
“Bu, kula sampun ngantuk, kula badhe sare rumiyin nggih?”
Ukara kasebut menawa diowahi supaya trep menyang unggah-ungguh basane, yaiku . . .
Bu, kula sampun ngantuk, kula badhe nyare rumiyen nggih?
Bu, kula sampun ngantuk, kula badhe tilem rumiyen nnggih?
Bu, kula sampun ngantuk, kula badhe sare rumiyen nggih?
Bu, kula sampun ngantuk, kula arep tilem nggih?
Bu, kula sampun ngantuk, kula arep nyare nggih?
Kula kalawau sampun nimbali bapak, nanging bapak mboten mireng.
Ukara kasebut menawa diowahi supaya trep menyang unggah-ungguh basane, yaiku . . .
Kula kalawau sampun ngomongi bapak, nanging bapak mboten mireng.
Kula kalawau sampun ngaturi bapak, nanging bapak mboten mireng.
Kula kalawau sampun ngandani, bapak mbonten mireng.
Kula kalawau sampun ndawuhi, nanging bapak mboten mireng
Kula kalawau sampun nimbali bapak, bapak mboten mireng.
Ing sawijining isuk ana bapak lan anak kang lagi rembukan.
Bapak : ”Ayo to le enggal di dahar segane iku, aja ditinggal hpan wae.”
Anak : “ngih pak, sekedap malih niki lo taksih wonten ingkang penting!”
Bapak : “piye to jawamu ki, dikandani apik – apik ko malah sengol jawabe.”
Anak : “ mboten sengol pak.”
Bapak : “ kowe kuwi piye to, diaturi bapake mbantah wae.”
Anak : “ nggih pak, nyuwun pangapunten.”
Ukara kang ora bener unggah -ungguhe yaiku….
1 lan 2
1 lan 3
2 lan 5
2 lan 6
1 lan 5
Ibu lunga menyang pasar nalika bapak teka saka omahe simbah.
Yen diowahi dadi krama alus kang bener dadine ...
Ibu tindak menyang pasar nalika bapak mulih saka daleme simah.
Ibu kesah dateng peken nalika bapak wangsul saking omahe simbah.
Ibu tindak dateng peken wekdal bapak kondur saking dalemipun simbah.
Ibu kesah dateng peken nalika bapak mantuk saking griyane simbah.
Ibu tindak pasar nalika bapak dugi saking griyane simbah.
Bapak lan ibu lunga menyang omahe simbah maneh.
Krama lugu kang bener yaiku ...
Bapak kalian ibu tindak dateng dalemipun simbah malih.
Bapak kalian ibu kesah dateng griyanipun simbah malih.
Bapak kalih ibu tindak dateng dalemipun simbah malih.
Bapak sarta ibu kesah dateng dalemipun simbah malih.
Bapak lan ibu tindak dateng dalemipun simah malih.
Simbahku lara weteng, banjur dikongkon ngombe obat.
Yen dadi krama alus kang bener dadine...
Simbahku sakit weteng, banjur ken nginum obat.
Simbah kula sakit padaran, lajeng dipunkengken nginum obat.
Simbah kula sakit weteng, banjur dipunutus ngunjuk obat.
Simbah kawula sakit padaran, lajeng dipunaturi nginum obat.
Simbah kawula gerah padaran, lajeng dipunaturi ngunjuk obat.
Sampeyan wingi lunga menyang Solo didherekake sapa?
Yen diowahi miturut unggah-ungguh basa sing trep yaiku …
Sampeyan kala wingi lunga menyang Solo didherekake sapa?
Sampeyan kala wingi kesah menyang Solo didherekake sapa?
Sampeyan kala wingi kesah dhateng Solo didherekake sapa?
Panjenengan kala wingi tindak dhateng Solo didherekake sapa?
Panjenengan kala wingi tindak dhateng Solo dipundherekaken sinten?
Titin diutus ibune ngaturake oleh-oleh kanggo tanggane. Banjur dheweke matur: “Amit Bu Marlik, iki oleh-oleh saka pasar gedhe gawe sampeyan saka ibu.”
Marang wong sepuh sing diajeni kudune migunakake basa sing bener unggah-unguhe. Kudune bocah mau yen matur nganggo ukara …
“Nuwun sewu Bu Marlik, punika angsal-angsal saking peken ageng kagem panjenengan saking ibu.”
“Nuwun sewu Bu Marlik, punika angsal-angsal saka peken ageng kagem panjenengan saking ibu.”
“Nuwun sewu Bu Marlik, punika angsal-angsal saka pasar ageng kagem panjenengan saking ibu.”
“Nuwun sewu Bu Marlik, iki angsal-angsal saking peken ageng kagem panjenengan saking ibu.”
“Nuwun sewu Bu Marlik, iki oleh-oleh saking peken ageng kagem panjenengan saking ibu.”
Pak Arif lagi mertamu nggoleki bapake Dinda, banjur ditemoni Dinda.
Pak Arif : “Kula nuwun …”
Dinda: “Mangga, mlebu nggoleki sapa Pak?”
Marang wong sepuh sing diajeni kudune migunakake basa sing bener unggah-unguhe. Kudune bocah mau yen matur nganggo basa sing trep yaiku …
“Sepuntene bapak mboten wonten. “
“Mangga, pinarak rumiyin Pak. Panjenengan madosi sinten nggih?”
“Mangga pinarak Pak, nggoleki sapa?”
“Mangga pinarak, enggal-enggal nggih kula badhe kesah.”
“Mangga pinarak, sepuntene niki badhe medal sedaya.”
Andi: “Sampeyan apa wis tau ndeleng wayang?”
Pak Aji: “Yo wis tau ta Le, arek ngganteng.”
Unggah-ungguh basa sing trep nalika Andi guneman karo Pak Aji kudune yaiku …
Panjenengan punapa sampun nate mirsani ringgit?
Panjenengan punapa sampun nate ningali ringgit?
Panjenengan punapa sampun nate midhangetaken ringgit?
Panjenengan punapa sampun nate mirengaken ringgit?
Panjenengan punapa sampun nate nyerat cariyos ringgit?
Murid :”Sampeyan mengko budhal bareng sapa Bu menyang BO?”
Marang guru kudu ngajeni kudune migunakake basa sing bener unggah-unguhe. Kudune murid yen matur nganggo basa sing trep yaiku …
“Sampeyan mengko budhal bareng sapa Bu menyang BO?”
“Sampeyan mangke budhal bareng sapa Bu menyang BO?”
“Sampeyan mangke tindhak bareng sapa Bu menyang BO?”
“Panjenengan mangke tindhak sareng sinten Bu dhateng BO?”
“Panjenengan mangke tindhak sareng sinten Bu menyang BO?”
Nganti saiki ibuku isih durung gelem mangan, merga isih lara untu.
Unggah-ungguh basa sing trep kanggo ukara ing dhuwur yaiku …
Ngantos saiki ibuku isih durung gelem mangan, merga isih lara untu.
Ngantos sapunika ibu kula isih durung gelem mangan, merga isih lara untu.
Ngantos sapunika ibu kula taksih dereng kersa dhahar, amargi taksih gerah waja.
Ngantos sapunika ibu kula taksih dereng kersa dhahar, amargi taksih sakit waja.
Ngantos sapunika ibu kula taksih dereng kersa nedha, amargi taksih gerah waja.
Bapakku ora sida tuku sepedhah montor jalaran isih durung duwe dhuwit.
Unggah-ungguh basa sing trep kanggo ukara kuwi yaiku …
Rama kula ora sida tuku sepedhah montor amarga isih durung duwe dhuwit.
Rama kula mboten siyos tumbas sepedhah montor amarga isih durung duwe dhuwit.
Rama kula mboten siyos tumbas sepedhah montor amargi isih durung duwe dhuwit.
Rama kula mboten siyos tumbas sepedhah montor amargi taksih dereng duwe dhuwit.
Rama kula mboten siyos tumbas sepedhah montor amargi taksih dereng kagungan arta.
Upacara adat ing dhuwur iku minangka pralambang…..
siraman
midadaren
wiji dadi
srah-srahan
sungkeman
Tulisan aksara Jawa ing ngisor iki salinen menyang aksara Latin ….
Esuk mau aku dipundhutake jajan ibu
aku seneng jajan pasar kayata: nagasari, cenil, lan horok-horok
bapak ngendikan: aku budhal menyang kantor
aku seneng jajan pasar kayata: nagasari, cenil, cucur lan legamara.
aku seneng jajan pasar kayata: nagasari, cenil, lan legamara.
Tutur bener puniku,
Sayektine apantes tiniru,
Nadyan metu saking wong sudra papeki,
Lamun becik nggone muruk,
Iku pantes sira anggo.
Tembang ing dhuwur diarani tembang macapat….
megatruh
gambuh
pucung
sinom
mijil
Ana weling, saka bapa kalih biyung
Aja seneng lunga
Jomeneh lungane wengi
Yen dilanggar cah ayu iku bebaya
Pranyatan kang bener mungguh tembang ing dhuwur yaiku… .
sapada dumadi saka patang gatra, guru wilangan lan guru lagune: 12u, 6a, 8i, 12a
sapada dumadi saka patang gatra, guru wilangan lan guru lagune: 12u, 6a, 8i, 12o
sapada dumadi saka patang gatra, guru wilangan lan guru lagune: 12g, 6a, 8i, 10o
sapada dumadi saka patang gatra, guru wilangan lan guru lagune: 12u, 6a, 8i, 11a
sapada dumadi saka patang gatra, guru wilangan lan guru lagune: 12u, 6a, 8i, 11o
Aja nganti kebanjur,
barang tingkah polah nora jujur,
yen kebanjur kojor sayekti tan becik,
becik ngupaya iku, pitutur ingkang sayektos
Pitutur luhur kang tinemu sajroning tembang ing ndhuwur yaiku … .
Dadi wong mono aja seneng ngina marang sapadha-padha.
Uripa kanthi prasaja lan jujur ana sakabehing tumindak.
Wong bodho iku adate sok sombong lan keminter.
Ojo nganti manungso iku kulino nglakoni samubarang kang ora jujur ben ora kebanjur ciloko kudu mbudidaya paugeran sing bener
Ojo kesusu ngangsu kawruh kanggo golek pangarep-arep sing gedhe tapi kliru nalare
Wacanen cerkak ing ngisor iki!
Tekan kantor PT Bumi Asih kekarone langsung diterake petugas nampa tamu menyang ruwang dhirektur. Nalika Suranti mlebu ruwangan lan lumaku nyaketi dhirektur, dumadakan jangkahe kandheg. Mripate mlolo nyawang dhirektur sing wis ngadheg saka kursine arep methuki dheweke. Ditamat-tamatake dhirektur iku, wekasan alok karo nuding. “Lho, mas Parto? Kowe mas Parto?” “Iya, Ranti. Kowe ora kleru.” Wong loro pandeng-pandengan. Sauntara iku Ningsih ganti-ganti nyawang wong loro iku, “Apa tegese iki, Bu?” “Ndhuk, iku kere sing teka ing omah dhewe dhek wingenane wengi. Iku bapakmu, Ndhuk!” saure Ranti. “Oh, Bapak!” ucape Ningsih karo njranthal nyaketi.
Latar papan kang digunakake ing crita cerkak kasebut, yaiku ….
kantin
terminal
omahe Suranti
omahe Parto
kantor PT Bumi Asih
Gatekna wacan ing ngisor iki!
Isuk-isuk ing sekolahan Ricis lungguh njejeri Melody. Melody ndeloki katalog klambi ing hpne banjur diparani karo Ricis. “Ikilo sawangen apik klambine” Melody. “Pira regane?” pitakone Ricis. “900 ewu cis” wangsule Melody. Ricis langsung njawab “Halah, rego sakmono kok dibanggakne. Pengen ngerti sing luwih larang?”. “Pira regane sing luwih larang?”saute Melody. “1 milyar! Klambine tahanan KPK!” jawabe Ricis dibarengi karo ngguyune Melody.
Sing kalebu perangan orientasi saka teks anekdot ing dhuwur yaiku ...
Isuk-isuk ing sekolahan Ricis marani Melody.
Melody ndeloki katalog klambi ing hpne.
“Rego sakmono kok dibanggakake”.
“1 Milyar! Klambine tahanan KPK!”.
Melody ngguyu ngrungokno jawabe Ricis .
Gatekna gambar tokoh wayang iki!
Nang perang Baratayuda, tokoh wayang iki kang dadi senapati perang pihak Pandhawa ngadhepi raja saka kerajaan Mandaraka. Senapati kasebut yaiku ...
Yudisthira
Werkudara
Sadewa
Nakula
Arjuna
Nalika Rama lan Sinta ngembara nganti sinta dicolong dening Rahwana kang suwene nganti 13 taun. Rama cubrya menawa sinta ora suci maneh lan wis ora trisna maneh, kanggo buktekkake sinta banjur ngelakoni ...
Pati Geni
Pati Obong sandangan
Obong-obong
Pati Obong
Obong kraton Rahwana
(1) Jejer
(2) Wasana
(3) Dhagelan
(4) Perang
(5) Pasulayan
Urutan tontonan ketoprak kang trep yaiku ...
1-3-5-2-4
1-5-3-4-2
1-5-3-4-2
1-3-4-5-2
1-4-3-5-2
Ukara iki yen ditulis menyang aksara latine, yaiku ...
Tulungagung ayem tentrem mulya lan tinata
Tulungagung mulya tentrem ayem lan tinata.
Tulungagung tinata mulya ayem lan tentrem
Tulungagung tentrem ayem mulya lan tinata
Tulungagung ayem mulya tinata lan tentrem
Ukara iki yen ditulis menyang aksara latine, yaiku ...
Sawise kondur hajah Ibu ngasta banyu zam-zam
Sawise kondur haji ibu ngasta banyu zam-zam
Sawise kondur Hj Ibu ngasta banyu zam-zam
Sawise kondur HJ. Ibu ngasta banyu zam-zam
Sawise kondur haji Ibu ngasta banyu zam-zam
Ukara iki yen ditulis menyang aksara latine, yaiku ....
Regane sepatu 270.900 rupiyah
Regane sepatu 278.000 rupiyah
Regane sepatu 278.900 rupiyah
Regane sepatu 289.700 rupiyah
Regane sepatu 287.900 rupiyah
Ukara iki yen ditulis menyang aksara latine, yaiku ....
Siswa kuwi kudu sregep mlaku
Siswa kuwi kudu seneng laku
Siswa kuwi kudu tuku buku
Siswa kuwi kudu duwe buku
Siswa kuwi kudu sregep sinau
Ngelmu iku kelakone kanthi laku,
Lekase lawan kas,
Tegese kas nyantosani,
Setya budya pangekesing dur angkara
Pranyatan kang bener mungguh tembang ing dhuwur yaiku… .
sapada dumadi saka patang gatra, guru wilangan lan guru lagune: 12u, 6a, 8i, 12a
sapada dumadi saka patang gatra, guru wilangan lan guru lagune: 12u, 6a, 8i, 12o
sapada dumadi saka patang gatra, guru wilangan lan guru lagune: 12u, 6a, 8i, 10o
sapada dumadi saka patang gatra, guru wilangan lan guru lagune: 12u, 6a, 8i, 11a
sapada dumadi saka patang gatra, guru wilangan lan guru lagune: 12u, 6a, 8i, 11o
Kasusu arsa weruh,
cahyaning Hyang kinira yen karuh,
ngarep-arep urup arsa den kurebi,
Tan wruh kang mangkoko iku,
akale keliru enggon.
Pitutur luhur kang tinemu sajroning tembang ing ndhuwur yaiku … .
Dadi wong mono aja seneng ngina marang sapadha-padha.
Uripa kanthi prasaja lan jujur ana sakabehing tumindak.
Wong bodho iku adate sok sombong lan keminter.
Ojo kesusu ngangsu kawruh kanggo golek pangarep-arep sing gedhe tapi kliru nalare
Goleka ilmu sing akeh supaya mulya uripmu ing tembe mburi.
Nama Lengkap
Kelas
