wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PH BAB CERKAK DAN ANEKDOT

Total questions: 49

Worksheet time: 2hrs 9mins

Name
Class
Date
1.

Cerkak kalebu kasusastran Jawa......

a)

anyar

b)

Klasik

c)

Kuna

d)

Tengahan

e)

Madya

2.

Ing ngisor iki sing ora kalebu teks sastra yaiku....

a)

Artikel lan Cerkak

b)

cerkak lan carita wayang

c)

cerkak lan cermor

d)

cerkak lan cerbung

e)

cerkak lan cermis

3.

Lumrahe isine cerkak karonce kurang saka....

a)

100 tembung

b)

1.000 tembung

c)

10.000 tembung

d)

10 tembung

e)

100.000 tembung

4.

Ing ngisor iki tegese cerkak kang trep yaiku...

a)

reriptan cekak kang awujud gancaran, nyritaake saklebatan lelakone urip paraga lan butuh wektu suwe kanggo diwaca

b)

reriptan cekak kang awujud gancaran, nyritaake saklebatan lelakone urip paraga nganti pungkasane ngowahi nasib paraga

c)

reriptan cekak kang awujud gancaran, nyritaake saklebatan lelakone urip paraga lan rampung diwaca sepisan lungguh

d)

reriptan cekak kang awujud gancaran, nyritaake lelakone urip paraga kang owah, rampung diwaca sepisan lungguh

e)

reriptan cekak kang awujud gancaran, nyritaake saklebatan lelakone urip paraga, kasusun saka rong dredah lan rampung diwaca sepisan lungguh

5.

Ing ngisor iki kang ora kelebu tata rakite cerkak yaiku. . .

a)

Orientasi

b)

Kompilasi

c)

Resolusi

d)

coda

e)

konflik

6.

Tembung panggandheng kang nuduhake sebab akibat yaiku. . .

a)

Lan

b)

Utawa

c)

Jalaran

d)

Nalika

e)

uga

7.

Susiana sregep gladhen nulis aksara Jawa, . . . bijine apik. Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara kasebut yaiku. . .

a)

Lan

b)

Mulane

c)

Nalika

d)

Utawa

e)

mula

8.

Ing ngisor iki titikane cerkak, kajaba....

a)

awujud prosa

b)

dawane luwih saka 3 halaman

c)

ngandhut pitutur lan pasemon

d)

isine bab lelakoning urip manungsa

e)

dredah ora nyebabake nasib paragane owah

9.

tokoh pambiyantu kang mbantu tokoh protagonis lan antagonis diarani tokoh....

a)

antagonis

b)

utama

c)

protagonis

d)

tirtagonis

e)

figuran

10.

Wacane cerkak ing ngisor iki!

“... Batine muntab kalawan pawongan wingi kang katon alus, nanging sardula awewujud manungsa, kekudhung walulang macan. Wicarane alus manganyuwara, jebule julig lan culika. Batine pengin nesu ananing mung kandheg ing sajroning dhadha.

Mbah Surip mampir ing sangisore wit trembesi tuwa ing pojok tanggul sawah, dislonjorake sikile banjur ndheleg-dheleg.

“Dhuh Gusti Pangeran Kang Gawe Urip, paringana kuwat. Wong cilik ongklak-angklik kok tegel-tegel diapusi. Wis bejamu Sri ... aja dadi ati,” Mbah Surip seleh.


pitakonane "Mbah Surip susah amarga ..."

a)

kesel

b)

diapusi

c)

kelangan putu

d)

kelangan dhuwit

e)

tandurane dirusak macan

11.

Wacanen cerkak ing ngisor iki kanthi setiti!

“... Batine muntab kalawan pawongan wingi kang katon alus, nanging sardula awewujud manungsa, kekudhung walulang macan. Wicarane alus manganyuwara, jebule julig lan culika. Batine pengin nesu ananing mung kandheg ing sajroning dhadha.

Mbah Surip mampir ing sangisore wit trembesi tuwa ing pojok tanggul sawah, dislonjorake sikile banjur ndheleg-dheleg.

“Dhuh Gusti Pangeran Kang Gawe Urip, paringana kuwat. Wong cilik ongklak-angklik kok tegel-tegel diapusi. Wis bejamu Sri ... aja dadi ati,” Mbah Surip seleh.


pitakonane "Crita ing ndhuwur kalebu crita sing gawe..."

a)

eling

b)

sumelang

c)

kuciwa

d)

seneng

e)

trenyuh

12.

Wacane cerkak ing ngisor iki!

“... Batine muntab kalawan pawongan wingi kang katon alus, nanging sardula awewujud manungsa, kekudhung walulang macan. Wicarane alus manganyuwara, jebule julig lan culika. Batine pengin nesu ananing mung kandheg ing sajroning dhadha.

Mbah Surip mampir ing sangisore wit trembesi tuwa ing pojok tanggul sawah, dislonjorake sikile banjur ndheleg-dheleg.

“Dhuh Gusti Pangeran Kang Gawe Urip, paringana kuwat. Wong cilik ongklak-angklik kok tegel-tegel diapusi. Wis bejamu Sri ... aja dadi ati,” Mbah Surip seleh.


pitakonane "Miturut pethilan cerkak ing dhuwur, Mbah Surip mujudake paraga kang duweni watak ..."

a)

meneng

b)

ngapusi

c)

kuwat

d)

pasrah

e)

gampang nesu

13.

Ide pokok utawa gagasan utama ing sajrone cerkak (underane prakara ing cerkak) diarani ...

a)

Latar

b)

Alur/plot

c)

Tema

d)

Amanat

e)

Paraga

14.

Carane pengarang mapanake dheweke ing njero cerita diarani ...

a)

pamawas

b)

Amanat

c)

Gaya pengarang

d)

Paraga

e)

nembung sesulih 

15.

Unsur kang mbangun cerkak saka sanjabane cerkak diarani unsur...

a)

Sosial

b)

Ekstrinsik

c)

Instrinsik

d)

Pendukung

e)

Pendidikan 

16.

Sakabehing tembung kang mratelakake katrangan marang tembung kriya utawa tembung saliyane tembung aran diarani...

a)

Tembung Kaanan

b)

Tembung Katrangan

c)

Tembung ancer - ancer 

d)

Tembung Sesulih

e)

Tembung Panyulih 

17.

Ing ngisor iki tuladhane tembung panyeru yaiku... 

a)

la dalah jebul ngono critane.

b)

O, kowe ta sing jenenge sukirman.

c)

Para tamu kula aturi jumeneng sawetawis 

d)

Angkringan iku asli saka Klaten 

e)

Adhuh ! HP ku keri ana WC.

18.

Ing ngisor iki tuladhane tembung panyilah yaiku... 

a)

Sokur biji ulanganmu elek!

b)

oalah, tibake sliramu ta mbak.

c)

Kula tumbas kaos werni biru kagem si Ibu

d)

Angkringan iku asli saka Klaten 

e)

Halo Dhik, piye kabare?

19.

Pilih wangsulan kang kokanggep bener. wangsulan luwih saka siji!

Cara kanggo nggambarake watak paraga sajrone cerkak bisa lumantar

a)

katrangan langsung saka pangripta

b)

pamawas penonton

c)

solah bawane

d)

protagonis utawa antagonise

e)

kedadean-kedadean kang ditindakake paraga

20.

Rantamane crita saka kedadean saiki menyang kedadean kepungkur diarani...

a)

alur maju

b)

alur mundur

c)

alur campuran

d)

dobel

e)

konflik

21.

Sing mujudake cara anggone ngrampungake prekara kang thukul ing sajrone krisis. Iki mujudake teks struktur anekdot perangan….

a)

Abstraksi

b)

Orientasi

c)

Krisis

d)

Reaksi

e)

Re-Orientasi

22.

Tegese kerata basa yaiku….

a)

Cerita cekak kang asipat lucu/guyonan

b)

Tembung kang ditegesi kapirid saka wandane, banjur diotak-athik amrih mathuke

c)

Cekakan kang awujud gabungan aksara wiwitan, gabungan wanda, utawa gabungan aksara

d)

Tembung-tembung asipat saderma nggabung wae

e)

Sembarang cekakaning tembung kang bisa diwaca minangka tembung

23.

Rianti mangan soto lan sega rawon. Tembung kang ana garise ngisor nduweni kalungguhan minangka....

a)

Jejer

b)

wasesa

c)

lesan

d)

katrangan

e)

panggenah

24.

Wacanen cuplikan cerita cekak ing ngisor iki kanthi setiti!

Mbah kabul, dhukun kondhang Desa Sendhangagung, wis marisake Aji pamungkase marang murid kinasihe cacah pitu. Misdi, Giran, Kliwon, Dengkek, Saman, Darmin lan jarot. Murid-murid mau wis padha netepi sarat masrute, nglakoni pati geni patang puluh dina, patang puluh bengi. Nanging diringkes mung telung dina. Dina rebo pon,kamis wage, lan jemuwah kliwon. Rebo pon gunggung neptune dina lan pasaran patbelas, kemis wage rolas lan jemuwah kliwon patbelas. Dadi gunggung kepruk patang puluh. Bareng wis padha nglakoni pati geni patang puluh dina, patang puluh bengi, para murid kinasihe Mbah Kabul mau banjur mbruwah. Sben murid nyepakake ambegan siji mawa ingkung pitik jago mulus.

                                                                                                                              (Panjebar semangat, no 12-19 maret 201)

a)

Wong kapisan paraga utama

b)

Wong kapisan paraga sampingan

c)

Wong kapindho paraga utama

d)

Wong katelu paraga sampingan

e)

Wong katelu sarwa ngerti

25.

Perangan kawitan pada kang duweni fungsi kanggo menehi gambaran cetha babagan isi teks anekdot. Iki mujudake teks struktur anekdot perangan..

a)

pawadan

b)

orientasi

c)

prekara

d)

reaksi

e)

janturan

26.

Tembang          :           Dhandhanggula

Ula-ula tan ana kang mandi

Adja wedi singa nemonana

Waton empuk pidjetane

Ana menir saberuk

a)

Balung geger

b)

Bangsane kewan          

c)

Kayu dawa

d)

Balungan gamelan

e)

Janur

27.

1. Aku lagi mangan

2. Awakku meriang

3. Aku wingi dikongkon pak bagus nggawakake tase

4. anggun madul yen diganggu kancane

5. Omahe lina gedhe banget tur apik

Adhedhasar tuladha ing dhuwur kang kalebu ukara crita yaiku.....

a)

1, 2 lan 5

b)

3 lan 4

c)

3, 4 lan 5

d)

1 lan 2

e)

2 lan 5

28.

“Surabaya sing meh seminggu udan nrecih, dina iki kosok baline. Srengenge menthor-menthor, hawane sumuk. Kuliyahku jam sepisan wis rampung, mengko jam suwelas ana kuliyah mane. Wektu longgar sak jam dakgunakake kanggo lungguh leyeh-leyeh ing iringan gedhong kampus sisih kulon.”

Yen dideleng saka pethikan cerkak kasebut, bisa dimangerteni bilih ngandhut tembung sesulih….

a)

Sesulih purusa

b)

Utama purusa

c)

Pratama purusa

d)

Madyama Purusa

e)

Pamawas purusaa

29.

Pakbomba, paklawa, pakpijut.

Wangsulan cangkriman kasebut yaiku...

a)

Tapak kebo ombo, tapak lawa, tapak kaki tjiut

b)

Kewan kebo, lawa, sapi

c)

Tapak kebo amba, tapak ula dawa, tapak sapi tjiut

d)

Tapak kebo, tapak lawa, tapak tjiut

e)

Tipak kebo amba, tipak lawa dawa, tipak sapi cjiut

30.

Dheweke bisa diarani minangka bocah…. Awit katon yen ora nate resik-resik.

      Tembung kahanan sing paling trep kanggo njangkepi ukara kasebut yaiku…

a)

Sregep

b)

Ngganteng

c)

Kesed

d)

Lanang

e)

Nakal

31.

Guyon maton mujudake adat pakulinan masyarakat jawa kanggo..

a)

Nerak paugeran bebrayan

b)

Mulangake wejangan utawa ilmu pengetahuan

c)

Ndudut ati lan ora mboseni katampa kanthi ikhlas jalaran ora ngguroni

d)

Ngguroni masyarakat jawa babagan norma

e)

Pralambang kang nglatih lantip ing pikir

32.

“srengenge krasa sumelet tumanjem ana aspal bandhara. Kanthi jangkah kang manteb, palgunadi mudhun saka andha motor mabur. Midak lemah indhonesia, Palgunadi saiki ora kaya palgunadi sepuluh taun kepungkur sing anake pak krama, tani utun,kesrakat, nggarap sawah mung sathemik warisane simbahe”.

Tembung aran sajrone cuplikan cerkak kasebut, yaiku….

a)

Motor mabur

b)

Palgunadi

c)

Mudhun

d)

Midak

e)

Warisan

33.

Ing ngisor iki sing kalebu ukara crita kang trep, yaiku ....

a)

"Tugase kae garapen!" Jarene Rina

b)

"Nyuwun pirsa, menika menapa dalemipun Pak Burhan" pitakone Sasti

c)

"Coba wedang iki tilikana!"

d)

Katno kandha yen kelase arep diresiki.

e)

"Ayo, enggal dirampungake tugase"

34.

Ing ngisor iki sing kalebu unsur intrinsik cerkak, yaiku ....

a)

Tema, amanat, watak, alur, dialog

b)

Tema, blegere crita, penokohan

c)

Amanat, isi, latar

d)

Sudut pandang, alur, dialog, pamawas

e)

Pamawas, alur, tokoh, amanat

35.

Ing ngisor iki sing kalebu ukaran kandha, yaiku ....

a)

"Apa bukuku katut kok gawa?"

b)

Rini lagi maca kalawarti.

c)

Asti lagi sinau nulis cerkak.

d)

Rini takon marang Astri sesuk dheweke sida budal apa ora.

e)

Coba kalawarti kae gawanen mrene!

36.

Urutane struktur teks ing teks anekdot sing bener yaiku...

a)

Orientasi-abstraksi-krisis-reaksi-koda

b)

Abstraksi-orientasi-reaksi-krisis-koda

c)

Abstraksi-orientasi-krisis-reaksi-koda

d)

Krisis-orientasi-abstraksi-reaksi-koda

e)

Abstraksi-Orientasi-Konflik-Penyelesaian

37.

Adi : Yen mlaku sikile loro, menawa mandheg sikile sepuluh. Apa kuwi aranane Nab?

Zaenab : Apa ya... wuah kuwi ya ora mungkin ana tah!

Adi : Kowe wae ra ngerti, jawabane kuwi bakul sate pikulan!

Teks anekdot kasebut dudutan...

a)

Sindiran

b)

Pitutur

c)

Lucu

d)

Pesen moral

e)

ora kena dinalar

38.

Penggaweane wong iku rekasa banget pipine nganti nipak (mbekas) klasa. Teks kasebut ndudut prakara...

a)

Lucu

b)

Sindiran

c)

Pesen moral

d)

Pitutur

e)

wewarah

39.

Milih sumber teks anekdot kudu ati-ati, kudu nyiriki ….

a)

pengalaman pribadi utawa pawarta babagan tingkah polahe para priyayi.

b)

bab-bab kang kaanggep sakral dening masyarakat.

c)

ngajak tumindak becik lumantar pasemon.

d)

jenenge paraga lan papan dumadine prakara.

e)

sapa wong kang diajak guneman

40.

Mobil Murah


Sapa wonge sing pengin duwe urusan karo jaksa? Yen ora kepengin duwe urusan karo jaksa, mula aja nglanggar hukum. Luwak mangan tales, lagi apes. Kaya ngono nasibe Kangsa, mantan bupati kang kudu urusan karo jaksa, jalaran kasus korupsi.

Dina Minggu, sedina sadurunge kasuse disidhangake ing pengadilan, Kangsa sowan ing ndaleme jaksa kang arep nangani prakarane. Kanthi ageman necis, rambut disisir mlipit Kangsa nothok lawang, ”Thok...thok...thok, kula nuwun”. ”Mangga, tengga sekedhap nggih”, keprungu wangsulan saka njero ngomah. Kangsa atine dheg-dhegan. Karo nunggu dibukakake lawang, ukara-ukara kang wis disusun ing omah ditata maneh. Tangane ngapurancang, awake kang gagah prakosa dina iku kepeksa dibungkukake.

”Nuwun sewu, sugeng enjing,” Kangsa uluk salam.”Ooo...inggih, Pak Kangsa...mangga lenggah, wonten kersa menapa,” Pak Jaksa mbagekake tamune.”Saderengipun kula matur, kula nyadhong duka mbok menawi kula klentu ing atur,” Kangsa miwiti rembug kanthi alus.

Pak Jaksa wis kulina ngadhepi wong kang kena masalah, mula panjenengane tetep anteng merbawani, ”Mboten dados menapa, ngendika blaka suta mawon.””Anggen kula sowan menika, kula badhe ngaturaken mobil mewah kagem panjenengan,” ature Kangsa lirih nganti meh ora keprungu swarane.”Pundi mobilipun? Lan pinten reginipun,” Pak Jaksa pitakon kanthi madhep mantep. Rumangsa pancingane meh ngenani sasaran, Kangsa wiwit pracaya dhiri. Karo nudhing mobil sing diparkir ing njaba, Kangsa matur, ”Menika ingkang cemeng! Estunipun regi mobil menika setunggal milyar, nanging menika kula aturaken gratis kagem panjenengan.”

”Boten,....kula mboten purun nampi barang gratisan, awit niku kalebet gratifikasi utawi tindakan korupsi. Ananging, awit kula remen kaliyan mobil menika, kados pundi menawi kula tumbas?” Pak Jaksa ngendika kanthi teges.

”Inggih...mangga kersa, panjenengan pundhut pinten?” Kangsa mangsuli kanthi dheg-dhegan lan kebingungan. ”Kula tumbas Rp 50.000,- menapa angsal?” Pak Jaksa nerusake

ngendikane. ”Ooo...inggih...inggih...mangga!” Kangsa tambah bingung. Karo menehake salembar dhuwit Rp 100.000,- Pak Jaksa ngendika, ”Menika artanipun.” Kangsa nampani dhuwit karo matur, ”Nyuwun duka, kula mboten gadhah wangsulanipun? ”Mboten perlu dipunwangsulaken, panjenengan mbenjing sasampunipun sidhang, cekap maringi kula mobil setunggal malih, nanging kula nyuwun warninipun ingkang abrit!” ”Ooo...inggih...inggih..., kula nyuwun pamit.” Kangsa mlaku ngloyor kaya Baladewa ilang gapite.


Karakteristik wacan kanthi irah-irahan “Mobil Murah” Sing bener. Kajaba…

a)

Guyonane ngandhut pasemon,wewarah, lan utawa .

b)

Isine nyritakake lelakone paraga/wong penting.

c)

Guyonane lugu/ wantah.

d)

Mupangate minangka sarana kritik

e)

Mupangate minangka sarana hiburan.

41.

janturan, yaiku andharan umum kang nggambarake mula bukaning crita. Kang klebu janturan wacan “Mobil Murah” yaiku…

a)

Sapa wonge sing pengin duwe urusan karo jaksa? Yen ora kepengin duwe urusan karo jaksa, mula aja nglangar hukum. Luwak mangan tales,wong yen lagi apes. Kaya ngono nasibe Kangsa, mantan bupati kang kudu urusan karo jaksa, jalaran kasus korupsi.

b)

Dina Minggu, sedina sadurunge kasuse disidhangake ing pengadilan, Kangsa sowan ing ndaleme jaksa kang arep nangani prakarane. Kanthi ageman necis, rambut disisir mlipit Kangsa nothok lawang, ”Thok...thok...thok, kula nuwun”. ”Mangga, tengga sekedhap nggih”, keprungu wangsulan saka njero ngomah. Kangsa atine dheg-dhegan. Karo nunggu dibukakake lawang, ukara-ukara kang wis disusun ing omah ditata maneh. Tangane ngapurancang, awake kang gagah prakosa dina iku kepeksa dibungkukake.

c)

Pak Jaksa wis kulina ngadhepi wong kang kena masalah, mula panjenengane tetep anteng merbawani, ”Mboten dados menapa, ngendika blaka suta mawon.””Anggen kula sowan menika, kula badhe ngaturaken mobil mewah kagem panjenengan,” ature Kangsa lirih nganti meh ora keprungu swarane.”Pundi mobilipun? Lan pinten reginipun,” Pak Jaksa pitakon kanthi madhep mantep. Rumangsa pancingane meh ngenani sasaran, Kangsa wiwit pracaya dhiri. Karo nudhing mobil sing diparkir ing njaba, Kangsa matur, ”Menika ingkang cemeng! Estunipun regi mobil menika setunggal milyar, nanging menika kula aturaken gratis kagem panjenengan.”

d)

”Inggih...mangga kersa, panjenengan pundhut pinten?” Kangsa mangsuli kanthi dheg-dhegan lan kebingungan. ”Kula tumbas Rp 50.000,- menapa angsal?” Pak Jaksa nerusakengendikane. ”Ooo...inggih...inggih...mangga!” Kangsa tambah bingung. Karo menehake salembar dhuwit Rp 100.000,- Pak Jaksa ngendika, ”Menika artanipun.” Kangsa nampani dhuwit karo matur, ”Nyuwun duka, kula mboten gadhah wangsulanipun? ”Mboten perlu dipunwangsulaken, panjenengan mbenjing sasampunipun sidhang, cekap maringi kula mobil setunggal malih, nanging kula nyuwun warninipun ingkang abrit!”

e)

”Boten,....kula mboten purun nampi barang gratisan, awit niku kalebet gratifikasi utawi tindakan korupsi. Ananging, awit kula remen kaliyan mobil menika, kados pundi menawi kula tumbas?” Pak Jaksa ngendika kanthi teges.

42.

prakara, yaiku perangan crita kang nggambarake kahanan kang gawat, aeng‘aneh’,utawa janggal ‘ora lumrah. Prakara wacan “Mobil Murah”yaiku…

a)

Sapa wonge sing pengin duwe urusan karo jaksa? Yen ora kepengin duwe urusan karo jaksa, mula aja nglangar hukum. Luwak mangan tales,wong yen lagi apes. Kaya ngono nasibe Kangsa, mantan bupati kang kudu urusan karo jaksa, jalaran kasus korupsi.

b)

Dina Minggu, sedina sadurunge kasuse disidhangake ing pengadilan, Kangsa sowan ing ndaleme jaksa kang arep nangani prakarane. Kanthi ageman necis, rambut disisir mlipit Kangsa nothok lawang, ”Thok...thok...thok, kula nuwun”. ”Mangga, tengga sekedhap nggih”, keprungu wangsulan saka njero ngomah. Kangsa atine dheg-dhegan. Karo nunggu dibukakake lawang, ukara-ukara kang wis disusun ing omah ditata maneh. Tangane ngapurancang, awake kang gagah prakosa dina iku kepeksa dibungkukake.

c)

Pak Jaksa wis kulina ngadhepi wong kang kena masalah, mula panjenengane tetep anteng merbawani, ”Mboten dados menapa, ngendika blaka suta mawon.””Anggen kula sowan menika, kula badhe ngaturaken mobil mewah kagem panjenengan,” ature Kangsa lirih nganti meh ora keprungu swarane.”Pundi mobilipun? Lan pinten reginipun,” Pak Jaksa pitakon kanthi madhep mantep. Rumangsa pancingane meh ngenani sasaran, Kangsa wiwit pracaya dhiri. Karo nudhing mobil sing diparkir ing njaba, Kangsa matur, ”Menika ingkang cemeng! Estunipun regi mobil menika setunggal milyar, nanging menika kula aturaken gratis kagem panjenengan.”

d)

”Boten,....kula mboten purun nampi barang gratisan, awit niku kalebet gratifikasi utawi tindakan korupsi. Ananging, awit kula remen kaliyan mobil menika, kados pundi menawi kula tumbas?” Pak Jaksa ngendika kanthi teges.

e)

e. ”Inggih...mangga kersa, panjenengan pundhut pinten?” Kangsa mangsuli kanthi dheg-dhegan lan kebingungan. ”Kula tumbas Rp 50.000,- menapa angsal?” Pak Jaksa nerusakengendikane. ”Ooo...inggih...inggih...mangga!” Kangsa tambah bingung. Karo menehake salembar dhuwit Rp 100.000,- Pak Jaksa ngendika, ”Menika artanipun.” Kangsa nampani dhuwit karo matur, ”Nyuwun duka, kula mboten gadhah wangsulanipun? ”Mboten perlu dipunwangsulaken, panjenengan mbenjing sasampunipun sidhang, cekap maringi kula mobil setunggal malih, nanging kula nyuwun warninipun ”Inggih...mangga kersa, panjenengan pundhut pinten?” Kangsa mangsuli kanthi dheg-dhegan lan kebingungan. ”Kula tumbas Rp 50.000,- menapa angsal?” Pak Jaksa nerusakengendikane. ”Ooo...inggih...inggih...mangga!” Kangsa tambah bingung. Karo menehake salembar dhuwit Rp 100.000,- Pak Jaksa ngendika, ”Menika artanipun.” Kangsa nampani dhuwit karo matur, ”Nyuwun duka, kula mboten gadhah wangsulanipun? ”Mboten perlu dipunwangsulaken, panjenengan mbenjing sasampunipun sidhang, cekap maringi kula mobil setunggal malih, nanging kula nyuwun warninipun ingkang abrit!”

43.

Minangka teks kang tujuane kanggo nyemoni utawa nyindir, teks anekdot basa Jawa nduweni titikan yaiku ....

a)

migunakake basa baku utawa standar.

b)

migunakake basa campuran baku lan ora baku.

c)

migunakake basa kang trep karo unggah-ungguh basa.

d)

migunakake paribasan, bebasan, lan saloka.

e)

migunakake basa standar kaya Jogja-Solo.

44.

luwih, rada, paling lan banget nuduhake titikane tembung...

a)

kaanan

b)

katrangan

c)

aran

d)

kriya

e)

sesulih

45.

Adhik mbiyantu mbah kakung nandur wit jambu. Adhik kalungguhane minangka.....

a)

jejer

b)

wasesa

c)

panindak

d)

panandang

e)

pananggap

46.

bocah kok saben budhal sekolah kurap. tembung kasebut ngandhut...

a)

anekdot lisan

b)

anekdot tulis

c)

pasemon

d)

kerata basa

e)

akronim

47.

Winginane ibu mundhut gendhis limang kilo. Kang nuduhake panggenah yaiku...

a)

winginane

b)

ibu

c)

mundhut

d)

gendhis

e)

limangkilo

48.

Bocah cilik blusak blusuk menyang kebon, kalebu tuladha cangkriman..

a)

pepindhan

b)

blenderan

c)

wancahan

d)

bedhekan

e)

sinawung tembang

49.

Bu dhe mudhut melon 10 ing pasar. Melon kalebu tembung...

a)

aran

b)

kriya

c)

kahanan

d)

katrangan

e)

woh-wohan