wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Latihan PAS BD Kelas 5 Semester 1

Total questions: 25

Worksheet time: 13mins

Name
Class
Date
1.

Jam enem esuk aku wis dandan mllipis. Seragam abang putih, dhasi lan topi wis takanggo. Dina iki arep melu lomba egrang ing stadion. Jam setengah wolu, rombongan wis tekan ing stadion. Ing kono wis rame, amarga para peserta lomba dolanan tradhisional sing wis padha teka.

Wacan ing dhuwur kalebu wacan jenis ... .

a)

Narasi

b)

Dheskripsi

c)

Argumentasi

d)

Persuasi

2.

Gatekna pranyatan ing ngisor iki!

(1) Duweni alur kang runtut

(2) karangane isi andharan nganti sing maca kaya ngalami dhewe

(3) Karangan kang ngandharake sawijine objek

(4) Ngandarake kanthi njlimet/rinci

(5) Dhuweni paraga lan watak

(6) Dhuweni Latar

Ciri - ciri teks narasi yaiku ... .

a)

1,2,lan 4

b)

1,3, lan 5

c)

1,5, lan 6

d)

2,4, lan 6

3.

Gatekna pranyatan ing ngisor iki!

(1) Duweni alur kang runtut

(2) karangane isi andharan nganti sing maca kaya ngalami dhewe

(3) Karangan kang ngandharake sawijine objek

(4) Ngandarake kanthi njlimet/rinci

(5) Dhuweni paraga lan watak

(6) Dhuweni Latar

Ciri - ciri teks deskripsi yaiku ... .

a)

1,2,lan 4

b)

2,3, lan 4

c)

1,5, lan 6

d)

2,4, lan 6

4.

Si Jago Abang

Pas iku, aku lagi siap-siap menyang sekolah. Nanging ndilalah ing televisi wongten “Pawarta Enjing” ingkang mawartakake berita tentang kajadian kebakaran. Peristiwa iku kedadean ing salah sawijining panggong cedak marang sekolahanku.

Gagasan pokok cerita narasi ing dhuwur yaiku ... .

a)

Budhal sekolah ing wayah esuk

b)

Pawarta kejadian kebakaran

c)

Pawarta enjing

d)

Kebakaran ing sekolahanku

5.

Wacanen teks narasi ing ngisor iki kanthi teliti!

A. Sawijining dina bulikku ngejak putrane blanja bahan-bahan roti neng cedhak stasiun Tugu. Sawise blanja terus arep neng pasar Beringharjo, mulane golek “jalan pintas” sing cedhak, bablas ngetan jedhul dalan Malioboro, ee… ndilalah ketemu patroli pulisi, mak jegagig putrane bulikku kaget diendheg Pak Polisi amerga ana tandha larangan kok nekat bablas wae. STNKne dijaluk terus didhawuhi neng kantor pulisi.

B. Ing salah sijining deso kang subur lan makmur, wargane akeh seng kerjo dadi petani. Poro petani podho nandur pari, jagung lan sayuran. Pak Sugeng salah sijine petani kang nandur ketimun. Timune sae-sae lan seger. Saben dino ditilik’i, dirabuk lan disirami supoyo subur. Timune Pak Tono wes wayahe arep panen.

Isuk-isuk pas ono kebon, Pak Tono kaget. Tanduran timune podo rusak lan akeh seng ilang. Banjur Pak Tono dhuwe ide kanggo goleki sapa sing nyolong timune. Ora di sangka sing njupuk timune Pak Tono mau si kancil. Sawise ketangkep kancil mau nyumun sepuro marang Pak Tono. Amarga Pak Tono wong apik, kancil mau di wenehi sepura nanging ana syarate yaiku kancil kudu ngewangi Pak Tono jaga timunne.

Saka rong crita mau urutna jenise kanthi bener!

a)

A. Narasi Sugestif

B. Narasi Ekspositoris

b)

A. Narasi Ekspositoris

B. Narasi Sugestif

c)

A. Deskripsi Sugestif

B. Deskripsi Ekspositoris

d)

A. Deskripsi Ekspositoris

B. Deskripsi Sugestif

6.

Wacanen kanthi setiti !

Wong Paling Tuwa ing Indonesia Tinggal Donya


Sodimejo aliyas Mbah Gotho, manungsa paling tuwa se-Indonesia asal dhukuh Segeran, Desa Cemeng, Kecamatan Sambung Macan, Kabupaten Sragen, Jawa Tengah, tinggal Donya dina Ahad, 30 April 2017. Kalawarta Minggon “Penyebar Semangat” tanggal 13 Mei 2017 ngabarake, Mbah Gotho diyakini minangka wong paling tuwa sadonya adhedhasar kartu identitase. Panjenengane kecathet lair tanggal 31 Desember 1870, saengga nalika tinggal Donya dikira-kira yuswane Mbah Gotho 146 tahun. Sok ngonoa ora ana katrangan gumathuk bab umure Mbah Gotho awit dhokumen klairan kang dilacak ing kantor Dinas Kependhudhukan lan Catatan Sipil Sragen nuduhake menawa identitase Mbah Gotho wis ana kawit jaman Landa.

Teks pawarta iki mujudake informasi bab …

a)

Wong paling tuwa ing Jawa Tengah

b)

Kalawarta Mingguan "Penyebar Semangat"

c)

Mbah Gotho, wong paling tuwo ing Indonesia tinggal donya

d)

Mbah Gotho lahir tahun 1770 lan tinggal donyo tahun 2017

7.

Wacanen crita ing ngisor iki ngnti teliti!

Dina Selasa tanggal 1 Desember 2020 rasane kaya arep kiamat. Lha piye jal, jam 02.15 esuk wae isih peteng ndhedet krungu suara gembleger banjur jam 7 esuk aku metu omah kok aheh awu saka gunung Semeru Jebule bar delok berita tengah malam mau Gunung Semeru Mbledos.


Nganti awan mung awu tutupi dalan. Medeni, radiyus pandang mung 100 m neng dalan gedhe. Bayangke wae nek nganti tubrukan. Jarene awune nganti adoh. Wong yen padha arep metu omah kudu nganggo masker, kacamata ireng lan topi.

Wacan ing dhuwur iku kalebu teks pawarta. Ciri - ciri teks pawarta ing dhuwur yaiku ... .

a)

Nyemsengake, lawas, lan sederhana

b)

Anyar, sederhana lan ruwet

c)

Singkat, nyemsengake, lan paling anyar

d)

Luwes, dhawa lan apik

8.

Wacanen teks ing ngisor iki kanthi teliti!

Zaman Corona kaya saiki, bocah - bocah kudu bijak anggone ngunakake HP. Saben bocah tansah padha dhuwe HP dhewe - dhewe amarga digunakake kanggo sinau Online. Nanging yen ora bisa migunakake kang trep akeh bocah - bocah sing lara mata amarga sawise digunakake sinau banjur diterusna kanggo ngegame yaiku sing ngarahi mata lara. Dadi bocah - bocah kudu bisa migunakake HP kang trep.

Wacan ing dhuwur adhedhasar isine kagolong teks pawarta sing dhuweni jenise ... .

a)

agama

b)

kewarasan

c)

lingkungan

d)

pendhidhikan

9.

Wacanen kanthi setiti !

Wong Paling Tuwa ing Indonesia Tinggal Donya


Sodimejo aliyas Mbah Gotho, manungsa paling tuwa se-Indonesia asal dhukuh Segeran, Desa Cemeng, Kecamatan Sambung Macan, Kabupaten Sragen, Jawa Tengah, tinggal Donya dina Ahad, 30 April 2017. Kalawarta Minggon “Penyebar Semangat” tanggal 13 Mei 2017 ngabarake, Mbah Gotho diyakini minangka wong paling tuwa sadonya adhedhasar kartu identitase. Panjenengane kecathet lair tanggal 31 Desember 1870, saengga nalika tinggal Donya dikira-kira yuswane Mbah Gotho 146 tahun. Sok ngonoa ora ana katrangan gumathuk bab umure Mbah Gotho awit dhokumen klairan kang dilacak ing kantor Dinas Kependhudhukan lan Catatan Sipil Sragen nuduhake menawa identitase Mbah Gotho wis ana kawit jaman Landa.

Kang mujudake unsur *sapa* isine teks pawarta ing dhuwur yaiku …

a)

Suyanto

b)

Mbah Gotho

c)

Segeran

d)

Sragen

10.

Wacanen kanthi teliti ikara ing ngisor iki!

Bapak lan ibu mundhut sate wonten peken.

Ukara ing dhuwur dhuweni pola ... .

a)

J - W - L

b)

J - W - L - K

c)

K - J -W - L

d)

J - W - K

11.

Tuladhane tembung camboran yaiku ….

a)

bapa biyung

b)

meja makan

c)

emak bapak

d)

sanak kadang

12.

Tembung rangkep (dibaleni) kagolong tembung rinengga contone yaiku ... .

a)

sapu tangan

b)

dawa tangan

c)

bocah - bocah

d)

gilir gumanti

13.

Masyarakat ing desaku guyup rukun bebarengan resik-resik kampung. Tembung guyup rukun kalebu tembung... .

a)

saroja

b)

camboran wutuh

c)

camboran tugel

d)

entar

14.

mbah putri yen nginang bisa ngetokake dubang. tembung dubang kagolong tembung?...............

a)

camboran tugel

b)

camboran wutuh

c)

entar

d)

saroja

15.

Wacanen tembung ing ngisor iki!

(1) sekti madraguna

(2) nagasari

(3) kacamata

(4) dubang

(5) gagah prakosa

(6) guyup rukun

Sing kagolong tembung camboran yaiku ... .

a)

1,2, lan 3

b)

3,4, lan 5

c)

1,3, lan 5

d)

2,3,lan 4

16.

Wong tuwa anggene kerja direwangi nganti adus kringet. Adus kringet tegese ... .

a)

kerja santai

b)

kerjane suwe

c)

kerjane adoh

d)

kerja keras

17.

wacanen ukara ing ngisor iki!

a. Bocah iku gedhe endase amarga nilaine paling apik.

b. Bocah iku gedhe endase kawit cilik

c. Wong iku ngarit kanggo golek urip

d. Upin dawa tangane dadi bisa ngerah jambu sing dhuwur.

e. Urang lan tawon biasa ngabangake kupinge Ipin amarga alergi

f. Pak Andi entheng tangane dadi disenengi warga.

Ukara ing dhuwur sing kalebu ukara entar yaiku ... .

a)

a, b, lan f

b)

b,c, lan e

c)

a, c lan f

d)

a, c lan d

18.

wacanen ukara ing ngisor iki!

a. Bocah iku gedhe endase amarga nilaine paling apik.

b. Bocah iku gedhe endase kawit cilik

c. Wong iku nagrit kanggo ngolek urip

d. Upin dawa tangane dadi bisa ngerah jambu sing dhuwur.

e. Urang lan tawon biasa ngabangake kupinge Ipin amarga alergi

f. Pak Andi entheng tangane dadi disenengi warga.

Ukara ing dhuwur sing kalebu ukara lugu yaiku ... .

a)

a, b, lan f

b)

b,d lan e

c)

a, c lan f

d)

a, c lan d

19.

samengko ingsun tutur,

sembah catur supaya lumuntur,

dhingin raga cipta jiwa rasa kaki,

ing kana lamun tinemu,

tandha nugrahaning Manon.


tembang ing dhuwur kalebu jinis tembang macapat?

a)

sinom

b)

pangkur

c)

gambuh

d)

durma

20.

Tembang macapat ing gambar, kalebet jinising tembang macapat...

a)

Sinom

b)

KInanthi

c)

Asmaradana

d)

Megatruh

21.

Sekar pangkur kang winarna

Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip

Ala lan becik puniku

Prayoga kawruhana

Adat waton puniku dipun kadulu

Miwah ingkang tata krama

Den kaesthi siyang ratri

Guru wilangan lan guru lagu saka tembang kasebut yaiku ..

a)

8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a


b)

8i, 8a, 8e/o, 8a, 7a, 8u, 8a

c)

8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i

d)

8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

22.

Tembang pucung dhuweni ciri - ciri yaiku ... .

a)

kedadeyan saka 4 wanda ing saben sagatra

b)

dhuweni paugeran 12u, 6a, 8i, 12 a

c)

dhuweni paugeran 12 i, 6a, 81,8a

d)

dhuweni paugeran 12u, 8a, 8i, 12a

23.

Bapak pucung rodho papat bisa mbengung

Wujud kothak dawa

Nguntal barang sakabehing

Yen wes nggereng banjur lunga tanpa kandha


Batangane tembang Pucung ing dhuwur yaiku….

a)

Gajah

b)

Kalung

c)

Kawat listrik

d)

Trek

24.

Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung,

Dawa kaya ula,

Pencokanmu .....,

Sing disaba si pucung mung turut kutha.


Lengkapana ukara cangkriman tembang ing dhuwur supaya jangkep yaiku ....

a)

kotak miring

b)

wesi miring

c)

kayu miring

d)

bata miring

25.

Guru wilangan lan guru lagu saka tembang kasebut yaiku

a)

7u, 8i, 8u, 8i, 8o

b)

6u, 8i, 10u, 6u, 8o

c)

7u, 10u, 12i, 8u, 8o

d)

12u, 8u, 10i, 8u, 80