wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Boso Jowo

Total questions: 53

Worksheet time: 33mins

Name
Class
Date
1.

Ngopeni Banyu Sumber Panguripan


Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhaek banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.


Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.


Irah-irahan teks ing dhuwur yaiku .........

a)

banyu resik

b)

ngopeni banyu

c)

ngopeni banyu sumber penguripan

d)

banyu kali sumber panguripan

2.

Tembang kang kaiket dening guru wilangan, guru gatra, lan guru lagu diarani tembang ........

a)

macapat

b)

dolanan

c)

tengahan

d)

gedhe

3.

Cacahe wanda saben sa gatra diarani ........

a)

guru lagu

b)

guru wilangan

c)

guru gatra

d)

guru saka

4.

Cacahe gatra saben sa pada diarani .........

a)

guru wilangan

b)

guru gatra

c)

guru saka

d)

guru lagu

5.

Dhong-dhinging swara ing saben pungkasaning gatra diarani .......

a)

guru lagu

b)

guru wilangan

c)

guru gatra

d)

macapat

6.

Ukara kasebut diwaca

a)

Krateg salareja

b)

Kreteg selareja

c)

Kreteg selorejo

d)

Krateg soloreja

7.

Kopyah putih, yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku

a)
b)
c)
d)
8.

ana pira (berapa) guru gatra tembang macapat iki

a)

6

b)

7

c)

8

d)

9

9.

Jinise tembang macapat ana . . .

a)

sewelas

b)

pitu

c)

wolu

d)

sepuluh

10.

Es batune (tutuk) mas Ilham. Yen diowahi dadi ukara tanggap kang bener yaiku...........

a)

Es batune (nutuk) mas Ilham

b)

Es batune (daktutuk) mas Ilham

c)

Es batune (ditutuk) mas Ilham

d)

Es batune (kotutuk) mas Ilham

11.

Gambar kasebut basa kramane yaiku....

a)

gulu

b)

kuping

c)

jangga

d)

talingan

12.

Sing dicekel wong kasebut basa kramane yaiku....

a)

rambut

b)

sirah

c)

rikma

d)

asta

13.

Wong sing neng sekolah, penggawehane ngulang murid-murid yoiku?

a)

Polisi

b)

Dokter

c)

Guru

d)

Penjaga

14.

Gambar kasebut basa kramane yaiku...

a)

sikil

b)

mlaku

c)

ampeyan

d)

dlamakan

15.

Ing ngisor iki uwa'e Gathutkaca, kejaba...

a)

Puntadewa

b)

Arjuna

c)

Bima

d)

Nakula

e)

Sadewa

16.

Ajian kang wenehi para dewa marang gathutkaca sehengga bisa miber tanpa sewiwi, yaiku...

a)

Kuntawijaya

b)

Pasopati Lan ardadedalin

c)

Kembang wijaya kusuma

d)

Kotang antra kusuma lan suryakanta

e)

Jamus kalimasada

17.

Bapak puncung renteng-renteng kaya kalung

Dawa kaya ula

Pencokanmu wesi miring

Yen lumaku sipuncung ngumbar suwara

Adhedasar tembung kasebut bedhekane yaiku ….

a)

Tasbih

b)

gelang

c)

sepur

d)

kalung

18.

Namung tutuk lan netra kalih kadulu

Yen pinet kang karya

Sinunduk netrane kalih

Yeku saratira bangkit ngemah-ngemah

a)

12u-6a-8i-12a

b)

6a-81-12u-12a

c)

12u-6u-8a-12i

d)

12u-12i-6u-8a

19.

sego sak kepel di rubung... (bedhekane=salak)

a)

tinggi

b)

semut

c)

laler

d)

angkrang

20.

pitik walik sobo ... (badhkane=nanas)

a)

kebon

b)

sawah

c)

ratan

d)

kali

21.

Cangkriman iku padha karo....

a)

Lok-lokan

b)

Paribasan

c)

Bedhekan

d)

Omong-omongan

22.

Bapak kepala sekolah nimbali bocah kelas enem.

Ukara tanduk ing dhuwur yen didadekake ukara tanggap....

a)

Bapak kepala sekolah timbalana bocah kelas enem

b)

Bapak kepala sekolah ditimbali bocah kelas enem

c)

Bocah kelas enem ditimbali bapak kepala sekolah

d)

Bocah kelas enem nimbali bapak kepala sekolah

23.

yen aksara latin yaiku..

a)

dino rebo 23 juni

b)

dino rebo 26 juni

c)

dina rebo 26 juni

d)

dina rebo 23 juni

24.

saiki umurku 12 taun, yen di tulis aksara jawa dadi

a)
b)
c)
d)
25.

katulis latine ...

a)

supaya penyune lestari

b)

supaya penyu lestari

c)

supaya penyu 2 disate

d)

supaya payu disate karo teri

26.

Ukara ing ngisor iki tuladhane teks pawarta wujud andharan ngenani kedadeane...........

a)

Gunung Kelud njeblug ing tanggal 14 Pebruari 2014

b)

Banjir bandang wingi sore dinuga amarga alas kulon kae gundul

c)

Jaman saiki udan panas ora pas wancine

d)

Ibu seneng banget dina iki

27.

Anggone ngaturake pesen marang simbah kudu nganggo basa... .

a)

ngoko

b)

krama

28.

Kabudayan ing kutha Sala pancen wis misuwur, tembung kang kacetak kandel tegese... .

a)

Kondang

b)

nyenengake

29.

Raden Wrekudara iku satriya ing... .

a)

Pringgodani

b)

Sawojajar

c)

Jodhipati

d)

Ngamarta

30.

Pandhawa iku putrane sapa ?

a)

Prabu Pandhu Dewanata

b)

Dhestharata

c)

Prabu Kresno

d)

Semar

31.

Raden Arjuna iku satriya ing... .

a)

Pringgodani

b)

Madukoro

c)

Jodiphati

d)

Sawojajar

32.

Ibune Raden Gathutkaca jenenge... .

a)

Dewi Kunthi

b)

Dewi Madrim

c)

Dewi Arimbi

d)

Dewi Gendhari

33.

BANJIR

Saben taun ing mangsa rendheng, surat-surat kabar, radio lan televisi mesthi padha ngemot utawa nggiyarake pawarta banjir. Semono uga kalawarti basa Jawa babaran Surabaya, Panyebar Semangat lan Jayabaya.

Banjir iku kedadeyan ing mangsa apa?

Wangsulan pitakon kasebut yaiku ....

a)

Ing Jawa Timur

b)

Ing mangsa rendheng

c)

Ing mangsa labuh

d)

Ing sakuruting Bengawan Sala

34.

Bapak pucung renten-renteng

kaya kalung; Dawa kaya ula; Pencokanmu wesi

miring; Sing disaba si pucung mung turut kutha.

sing maksud ana tembung yaiku ....

a)

sepur

b)

wong sing kulino kalungan

c)

kutha gedhe

d)

rel sepur

35.

Teks kang ngandarake fakta, kamomot ing media cetak lan elektronik, isine kedadeyan utawa prastawa kang lagi dadi omongan, diarani teks ...........

a)

persuasi

b)

slogan

c)

pawarta

d)

pariwara

36.

Basa kramane ngomong

a)

ngendika

b)

dhahar

c)

tindak

d)

nitih

37.

Gambar wayang iki jenenge . . . .

a)

Werkudara

b)

Janaka

c)

Gathutkaca

d)

Baladewa

38.

Bapak tindak dhateng kantor . . . . mobil.

Tembung kang bener kanggo nglengkapi ukara ing ndhuwur yaiku . . . .

a)

numpak

b)

nitih

c)

ngasta

d)

mbeta

39.

Bapak pucung, saben dina tansa bingung

Badanira panjang

Tutukira pan pesagi

Saben dina si pucung nguntal buntutira


Guru wilangan lan guru lagune gatra katelu tembang ing dhuwur yaiku ....

a)

7i

b)

8i

c)

9i

d)

10i

40.

Salah sijine tembang sing lumrahe ditembangake bocah-bocah nalika dolanan diarani ....

a)

tembang jawa

b)

tembang macapat

c)

tembang dolanan

d)

tembang campursari

41.

Ing ngisor iki titikan utawa ciri-cirine tembang dolanan, kajaba ....

a)

basane prasaja lan gampang dingerteni

b)

jumlah barise (gatrane) uga winates

c)

isine bab sing salaras karo kahanane bocah

d)

nyritakake bab sinau

42.

Tujuan utama isine tembang dolanan yaiku ....

a)

nyenengake bocah dolanan

b)

bisa dienggo nari daerah

c)

ajaran nilai budi pekerti

d)

ajaran sinau sing sregep

43.

Tembang dolanan sing mathuk karo gambar yaiku ....

a)

Jaranan

b)

Gundhul Pacul

c)

Kupu Kuwi

d)

Jamuran

44.

Bulan-bulan gedhe

Ana santri menek jambe

Ceblokna salining wae

Mumpung jembar kalangane


Tegese "mumpung jembar kalangane" yaiku ....

a)

mumpung isih ana wektu lan diparingi rejeki

b)

bocah sing lagi nyantri

c)

saben bocah kudu sregep sinau agama

d)

lapangan sing jembar

45.

Ayo kanca ngayahi karyaning praja

Kene kene gugur gunung tandang gawe

Sayuk sayuk rukun bebarengan ro kancane

Lila lan legawa kanggo mulyaning negara


Irah-irahan tembang ing ndhuwur yaiku ....

a)

Bulan Gedhe

b)

Kupu Kuwi

c)

Gugur Gunung

d)

Ilir-ilir

46.

Jaranan-jaranan, jarane jaran teji

Sing numpak ....


Tembung sing trep kanggo tembang ing ndhuwur yaiku ....

a)

klambi abang

b)

ndara Bei

c)

para mantri

d)

jaran kepang

47.

Tembang sing cocok kanggo dolanan kuwi yaiku ....

a)

Jaranan

b)

Gugur Gunung

c)

Cublak-cublak Suweng

d)

Gundhul Pacul

48.

Irah-irahane yembang dolanan iki yaiku . . . .

a)

Cublak cublang suweng

b)

Sluku-sluku bathok

c)

Menthog-menthog

d)

Jaranan

49.

Edo, mbake, lan ibune lagi ....

a)

nandur kabecikan

b)

nyirami wit-witan

c)

nandur wit-witan

50.

Ibu lagi masak sega goreng ing ....

a)

a. pawon

b)

b. jedhing

c)

c. kamar

51.

6. Toni lagi .... matematika ing omah.

a)

a. dolanan

b)

b. sinau

c)

c. ngumbah

52.

Tina iku areke mata dhuwitan. Mata dhuwitan tegese ... .

a)

Areke dhuwite akeh

b)

Srakah marang dhuwit

c)

Ora seneng karo dhuwit

d)

Seneng ngguwak dhuwit

53.

Ing ngisor iki sing klebu ukara pakon yaiku ... .

a)

Le, sinaua sing sregep supaya pinter!

b)

Dan, kowe arep dolan menyang endi?

c)

Bapak badhe tindak dhateng pundi?

d)

Bin, saiki awakmu lagi mangan apa?