wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa

Total questions: 50

Worksheet time: 3hrs 30mins

Name
Class
Date
1.
  1. Unen-unen kang kudu dibedhek utawa dibatang, paneges saka ….

a)

parikan

b)

cangkriman

c)

bebasan

d)

geguritan

2.

Miturut wujude cangkriman iku ana ….

a)

loro

b)

telu

c)

papat

d)

lima

3.

Ing ngisor iki sing kalebu titikane (ciri-ciri) cangkriman yaiku ….

a)

kudu dibadhe (digoleki wangsulane)

b)

ora kanggo sayembara

c)

nduweni teges global

d)

swasanane dadi sepi

4.

Cebloke mengisor, sing digoleki …. Batangane yaiku gentheng bocor.

a)

memburi

b)

mengisor

c)

mendhuwur

d)

mengarep

5.

Ing ngisor iki kang kalebu cangkriman wancahan yaiku ….

a)

Bapak pocung dudu watu dudu gunung, sangkamu ing plembang

b)

Sega sakepel dirubung tinggi

c)

Wong adol tempe ditaleni wiwawite

d)

wiwawite, lesbandhonge

6.

Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung, dawa kaya ula, pencokanmu wesi miring, yen lumaku si pucung ngumbar swara, badhekane yaiku ….

a)

sepur

b)

gelang

c)

kalung

d)

binggel

7.

Pithik walik saba meja batangane …..

a)

nanas

b)

kemoceng

c)

sapu

d)

salak

8.

Ngarep ireng mburi ireng, ing tengah methenteng. Batangane …..

a)

wong mikul areng

b)

wong mikul kopi

c)

wong mikul kayu

d)

wong mikul sega

9.

Ing ngisor iki klebu cangkriman plesetan kajaba ….

a)

Burnas kopen

b)

Wong adol tempe ditaleni

c)

Ana gajah numpak becak, katon apane

d)

Tulisan arab macane sak ngendi

10.

Kegiyatan juru pidhato (orator) ngomong kanggo wong akeh lan migunakake unggah-ungguh basa sing bener utawa basa krama alus sing duweni tujuan-tujuan tartantu diarani . . . .

a)

nembang

b)

sesorah

c)

maca puisi

d)

lomba maca

11.

Wacanen cuplikane sesorah ing ngisor iki kanthi tliti!

Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarokatuh

Sugeng enjang Ibu penguji ingkang kinurmatan ing ngarsanipun. Tepangaken nami kulo Arumi Bunga Lestari, ing mriki kulo badhe maos seseroh bab Hemat Energi. Langkung rumiyen sumonggo kita ngaturaken puja lan puji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang sampun maringi kesehatan lan keslametan, saengga kita bisa makempal wonten mriki.

Cuplikan sesorah ing dhuwur ana ing bagian . . . .

a)

pambuka

b)

isi

c)

inti

d)

panutup

12.

Sawetara sesorah saking kulo nyuwon pangapunten menawi wonten lepat. Matur nuwun sampun nyedia ake wekdal kangge mirengaken seseroh kulo.

Cuplikan sesorah ing dhuwur ana ing bagian . . .

a)

panutup

b)

isi

c)

inti

d)

pambuka

13.

Ing ngisor iki sing bener bagian-bagiane pidhato/seseroh yaiku . . . .

a)

pembuka, isi, lan panutup

b)

isi, pambuka, lan panutup

c)

pambuka, panutup, lan isi

d)

panutup, pambuka, lan isi

14.

Metode Pidhato/Seseroh sing migunakake naskah sakdurunge pidhato diarani metode. . . .

a)

Memoriter/ngapalake

b)

Impromptu (dadakan)

c)

naskah

d)

ekstemporan

15.

Yen metode pidhato/sesorah sing ngapalake naskah pidhato banjur sawijine bab diarani . . . .

a)

Impromptu/dadakan

b)

naskah

c)

memoriter

d)

ekstemporan

16.

Nalika maca sesorah ana bab-bab kang kudu diperhataeake, kayata . . .

a)

riasan

b)

intonasi

c)

apik e klambi

d)

akeh e pidato

17.

Miturut swasanane, pidato/sesorah kaperang dadi loro (2 ) yaiku…. A. pidato kenegaraan lan pidato perpisahan B. pidato ing sekolahan lan pidato ing manten C. pidato pengetan Hardiknas lan pidato presiden D. pidato resmi lan pidato ora resmi

a)

pidato kenegaraan lan pidato perpisahan

b)

pidato ing sekolahan lan pidato ing manten

c)

pidato pengetan Hardiknas lan pidato presiden

d)

pidato resmi lan pidato ora resmi

18.

Ing ngisor iki kalebu tuladhane pidato resmi kajaba ....

a)

pidato Hardiknas

b)

pidato ing manten

c)

pidato kenegaraan

d)

pidato Presiden

19.

Sing endhek didhudhuk, sing dhuwur diurug, badhekane ….

a)

timbangan

b)

ondo

c)

sepatu

d)

lemari

20.

Badhekane "tuwokrawan ", yaiku ….

a)

untu krowok larane sepisan

b)

untu krowok ora lara

c)

untu krowok larane ora karuan

d)

wong tuwo turu awan

21.

Dilebokne malah metu yaiku ….

a)

klambi

b)

sepatu

c)

timbangan

d)

benik

22.

Bapak pucung among sirah lawan gembung, padha kinunjara, mati sajroning ngaurip, mijil baka si pucung dadi dahana. Badhekane ….

a)

pentol korek

b)

pentol tahu

c)

keranjang sepatu

d)

lemari klambi

23.

Burnaskopen batangane/bedhekane …..

a)

bubur panas kokopen

b)

bubur panas ombenen

c)

bubur panas diopen

d)

bubur panas gak kopen

24.

Pidhato/sesorah yaiku nyampekake gagasan kanthi lisan ing ngarepe . . .

a)

audiensi

b)

pak lurah

c)

bu RT

d)

kepala sekolah

25.

Tujuan pidhato/seseroh yaiku kanggo menehi . . . .

a)

sangu

b)

pitutur

c)

informasi

d)

arto

26.

Antoni ngapalake teks sesorah rumiyen sakderenge tampil. Metodhe kang digunaake Pak Tono diarani metodhe . . .

a)

memoriter

b)

naskah

c)

impromptu

d)

ekstemporan

27.

Yen pidato orator maca naskah /teks diarani nggunaake metode . . .

a)

memoriter

b)

naskah

c)

impromptu

d)

ekstemporan

28.

Bapak lagi lara untu. Lara untu krama aluse ….

a)

gerah waja

b)

gerah untu

c)

lara waja

d)

lara untu

29.

Simbah saweg sare ukara kasebut kalebu ukara….

a)

ngoko lugu

b)

krama lugu

c)

ngoko alus

d)

krama alus

30.

Basa kang kanggo bocah karo bocah utawa sapadha-padha yaiku….

a)

krama inggil

b)

krama lugu

c)

ngoko lugu

d)

ngoko alus

31.

Dudutan,panyuwun ngapura lan salam penutupkelebu perangan ….pidato

a)

pembuka

b)

penutup

c)

isi

d)

salam pembuka

32.

Mbah kakung ngrungokake siyaran wayang kulit , ukara kasebut migunakake basa ….

a)

ngoko lugu

b)

krama alus

c)

ngoko alus

d)

krama lugu

33.

Yen arep pidato becik e gawe ….

a)

cengkorongan

b)

naskah pidato

c)

gagasan baku

d)

struktur pidato

34.

Mangga Pak konduripun kula dherekaken ,basa kang digunakake yaiku….

a)

krama lugu

b)

ngoko lugu

c)

krama alus

d)

ngoko alus

35.

ꦤꦂꦠꦶ, ꦏꦢꦼꦩꦶ, ꦤꦸꦂꦱꦶꦃ ꦱꦶꦤꦲꦸꦧꦉꦁ

Yen ditulis latin yaiku .…

a)

Narti, Kademi, Nursih, sinau bareng

b)

Narti, Kadeni, Nursih, sinau bareng

c)

Narti, Kademi, Narsih, sinau bareng

d)

Narti, Kademi, Narsih, sinau bareng

36.

Joko Seger lan Rara Anteng muja semedi ing pucuke Gunung Lejar. Anggone muja semedi dikantheni rasa temen-temenan supaya kekarone keturutan duwe putra. Sanajan suwene patang puluh dina patang puluh bengi lan akeh panggodane, kakarone tetep mantep muja semedi.

Saka perangan crita kasebut sing dadi lakon utama yaiku ...

a)

Joko Seger

b)

Roro Anteng

c)

Joko Seger lan Rara Anteng

d)

Gunung Lejar

37.

Senjata Kunta bisa ngenani Raden Gathutkaca nganti nemahi palastra.

Palastra padha tegese karo ...

a)

Semaput

b)

lunga

c)

mati

d)

ilang

38.

Senjata Kunta bisa ngenani Raden Gathutkaca nganti nemahi palastra.

Palastra padha tegese karo ...

a)

Semaput

b)

lunga

c)

mati

d)

ilang

39.

Wong bungah sok nemu ...

a)

Sengsara

b)

rekasa

c)

cilaka

d)

susah

40.

Tembung globalisasi iku asale saka tembung “globe” kang ateges bal bunder banjur dadi global sing tegese . . . .

a)

donya

b)

mendunia

c)

ing donya

d)

kabeh

41.

Ing ngisor iki sing kalebu dhampak negatife globalisasi yaiku . . . .

a)

majune teknologi

b)

masyarakat tansaya maju

c)

lunture rasa nasionalisme

d)

anane pasar global

42.

burnas kopen kalebu cangkriman . . . .

a)

awujud pepindhan

b)

sinawung ing tembang

c)

awujud blenderan

d)

awujud wancahan

43.

bapak pucung, tanpa untu darbe siung

badan ira panjang

tutuk ira panpesagi

dina-dina si pucung mangan buntut ira

batangane tembang pucung ing ndhuwur yaiku . . . .

a)

tasbih

b)

ali-ali

c)

sabuk

d)

gelang

44.

Dina Sabtu lan Minggu sajroning liburan semester kepungkur bocah-bocah kelas enem SDN Tanggungan Gudo nganakake perkemahan sabtu malam minggu ing Bhumi Perkemahan Wonosalam Kecamatan Wonosalam Kabupaten Jombang jam pitu esuk dina Sabtu, bocah-bocah lan Bapak Ibu Guru wis padha ngumpul ing sekolahan. Budhale numpak bis Indah Jaya.

Irah-irahan (judul) perangan karangan ing dhuwur yaiku ...

a)

Dina Sabtu lan Minggu ana kemah

b)

Bocah-bocah kelas VI kemah

c)

Kemah pramuka ing Wonosalam

d)

Sabtu lan Minggu ing Bhumi Perkemahan

45.

Pidato kanggo acara ing sekolahan sing kurang trep yaiku ...

a)

HUT RT

b)

Persami

c)

Ulangan Harian

d)

Perpisahan

46.

Muji syukur ing ngarsaning Allah kalebu perangan ....... pidhato.

a)

pambuka

b)

panutup

c)

Isi

d)

dudutan

47.

Ing ngisor iki sing kalebu gagasan baku sajroning pambuka pidhato yaiku . . . .

a)

dudutan

b)

puji syukur

c)

salam pambuka

d)

pakurmatan

48.

Ukara ing ngisor iki sing nggunakake basa ngoko alus kang bener yaiku ...

a)

Nalika bapak adus, aku mangan

b)

Nalika bapak siram, aku mangan

c)

Nalika bapak adus, aku dhahar

d)

Nalika bapak siram, aku dhahar

49.

Bosok malah enak, batangane . . . .

a)

telo

b)

gedhang

c)

tape

d)

gethuk

50.

bapak pucung dudu watu dudu gunung

sangkamu ing sabrang

ngon-ingone sang bupati

yen lumampah, si pucung lembehan grana

batangane tembang ing dhuwur yaiku ....

a)

gajah

b)

sepur

c)

macan

d)

sepeda