wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PAS BAHASA DAERAH 8 TAHUN 2020=2021

Total questions: 50

Worksheet time: 2hrs 49mins

Name
Class
Date
1.

Perangane struktur teks crita cekak kang isine kabeh katrangan sing bisa dijupuk saka teks cerkak ngenani papan panggonan, waktu/wayah, lan swasana., diarani....

a)

tema

b)

alur/ plot

c)

paraga/ pamaragan

d)

latar/ setting

2.

Perangane struktur teks crita cekak kang isine nelakake urut-urutane crita, diarani....

a)

tema

b)

alur/ plot

c)

paraga/ pamaragan

d)

latar/ setting

3.

Tema ing sajroning cerkak, yaiku … .

a)

pesen kang diandharake dening pangripta marang para pamaos

b)

Gagasan utawa idhe sing dadi underane crita, bisa dititik langsung saka ukara-ukara ing teks, utawa dijupuk saka inti critane.

c)

paraga kang ana sajroning crita. sajroning crita.

d)

katrangan ngenani panggonan, wayah lan kahanan kang ana

4.

Amanat ing sajroning cerkak, yaiku …

a)

pesen kang diandharake dening pangripta marang para pamaos

b)

Gagasan utawa idhe sing dadi underane crita, bisa dititik langsung saka ukara-

ukara ing teks, utawa dijupuk saka inti critane.

c)

paraga kang ana sajroning crita. sajroning crita.

d)

katrangan ngenani panggonan, wayah lan kahanan kang ana sajroning crita.

5.

Ngadeg neng teras omah pancen dadi kesenenganku saben sore. Namatake sesawangan nalika srengenge meh angslup. Manuk-manuk padha mulih neng susuhe, mabur renteng-renteng neng langit sing wiwit mbrabak abang ndadekake sesawangan katon endah. Sanajan sesawangan dikebaki karo gedhong-gedhong dhuwur nantang langit.

Punggelan crita cekak ing dhuwur, manut struktur teks kalebu perangan....

a)

tema

b)

alur/ plot

c)

paraga/ pamaragan

d)

latar/ setting

6.

Mung siji kuwi sing bisa gawe ilange rasa sayah sawise nyambut gawe sedina ngrampungake tugas-tugas kantor sing kaya-kaya ora ana lerene. Mengko sedhela mesthi bakal keprungu swara mbrenginging saka dalan ngarep omah neng komplek perumahanku. Pak Wiryo. Bakul puthu bumbung mikul dodolane, mlaku alon saka kidul. Yen wis tekan ngarep omahku mesthi mandheg karo cluluk, "Puthu, Mas!" Aku banjur mbukak pager, mangan puthu karo lungguh ing buk ngarep omah. Pak Wiryo uga mandheg. Ngladeni wong wong ing komplek perumahan sing padha tuku puthu bumbung.

Punggelan crita cekak ing dhuwur, manut struktur teks kalebu perangan....

a)

tema

b)

alur/ plot

c)

paraga/ pamaragan

d)

latar/ setting

7.

Pak Wiryo. Bakul puthu bumbung mikul dodolane, mlaku alon saka kidul. Yen wis tekan ngarep omahku mesthi mandheg karo cluluk, "Puthu, Mas!" Aku banjur mbukak pager, mangan puthu karo lungguh ing buk ngarep omah. Pak Wiryo uga mandheg. Ngladeni wong wong ing komplek perumahan sing padha tuku puthu bumbung.

Punggelan crita cekak ing dhuwur, manut struktur teks kalebu perangan....

a)

tema

b)

alur/ plot

c)

paraga/ pamaragan

d)

latar/ setting

8.

"De, sajake kok lagi ana masalah. Coba crita nyang ibu sapa ngerti ibu bisa mbantu? " ngendikane ibune. Manut gunemane, ukara kasebut diarani ... .

a)

Ukara langsung

b)

Ukara ora langsung

c)

Ukara andharan

d)

Ukara pakon.

9.

Kandhane ibune, yen Dea ana masalah diutus crita nyang ibune sapa ngerti ibune bisa mbantu. Manut gunemane, ukara kasebut diarani ... .

a)

Ukara langsung

b)

Ukara ora langsung

c)

Ukara andharan

d)

Ukara pakon.

10.

Tuladhane basa ngoko lugu, yaiku ... .

a)

"De, sajake kok lagi ana masalah. Coba crita nyang ibu sapa ngerti ibu bisa mbantu? "

b)

"Amargi kanca-kanca saben dinten tansaya rekaos dipunkandhani. Sedaya kados kepengin sakarepe piyambak lan boten purun dipunpimpin".

c)

Sawise nyadhari mangkono. Wiwit sesuk dheweke bakal nindakake apa kaya kang dingendikakake ibune.

d)

Panjenengane malah ngelem marang Budi, amarga dhemen tetulung marang sapa wae.

11.

Tuladhane basa ngoko alus, yaiku :

a)

"De, sajake kok lagi ana masalah. Coba crita nyang ibu sapa ngerti ibu bisa mbantu? "

b)

"Amargi kanca-kanca saben dinten tansaya rekaos dipunkandhani. Sedaya kados kepengin sakarepe piyambak lan boten purun dipunpimpin".

c)

Sawise nyadhari mangkono. Wiwit sesuk dheweke bakal nindakake apa kaya kang dingendikakake ibune.

d)

Dheweke malah ngelem marang Budi, amarga dhemen tetulung marang sapa wae.

12.

Tuladhane basa krama alus, yaiku :

a)

"De, sajake kok lagi ana masalah. Coba crita nyang ibu sapa ngerti ibu bisa mbantu? "

b)

"Amargi kanca-kanca saben dinten tansaya rekaos dipunkandhani. Sedaya kados kepengin sakarepe piyambak lan boten purun dipunpimpin".

c)

Sawise nyadhari mangkono. Wiwit sesuk dheweke bakal nindakake apa kaya kang dingendikakake ibune.

d)

Panjenengane malah ngelem marang Budi, amarga dhemen tetulung marang sapa wae.

13.

“Fadilah mau esuk sarapan sega goreng, endhog, lan krupuk.”, yen ditulis aksara Jawa,

a)
b)
c)
d)
14.

“Rani tuku buku 3 lan garisan 4”, yen ditulis aksara Jawa, …

a)
b)
c)
d)
15.

Ragam dhialek Surabayaan, Bojonegoroan, Malangan lan sapanunggalane iku perangane ragam basa sing dititik saka ….

a)

panganggone

b)

wilayahe

c)

sapa sing nganggo

d)

situasine

16.

Pak, njenengan ki mbok ya nyebut. Mungsuh Mas Hadi kuwi kaya timun mungsuh Duren”! Ukara kasebut nggunakake basa …

a)

basa ngoko lugu.

b)

basa krama lugu.

c)

basa ngoko alus.

d)

basa krama alus.

17.

Pak, njenengan ki mbok ya nyebut. Mungsuh Mas Hadi kuwi kaya timun mungsuh Duren”! Ukara kasebut nggunakake basa …

a)

basa ngoko lugu.

b)

basa krama lugu.

c)

basa ngoko alus.

d)

basa krama alus.

18.

Ukara ing ngisor iki sing paling trep manut unggah-unggahe basa krama alus, yaiku … .

a)

Para wisatawan seneng lunga menyang Gunung Bromo.

b)

Bocah-bocah padha mangan rujak legi.

c)

Dhek wingi Ratno didukani ibune amarga mulihe telat.

d)

Kula mboten mangertos punapa ingkang dipunngendikaaken Pak Minto.

19.

Ukara ing ngisor iki sing paling trep manut unggah-unggahe basa ngoko lugu, yaiku … .

a)

Panjenengan kesra dhahar sega goreng

b)

Sampeyan purun nedha sekul goreng

c)

Kowe gelem mangan sega goreng.

d)

Garwanipun Pak Suparman mundhut pisang, pelem, kaliyan apel.

20.

Unen-unen kang ajeg panganggone, duwe teges pepindhan, sing dipindhakake utawa dibandhingake wonge, diarani … .

a)

Bebasan.

b)

Paribasan

c)

Saloka.

d)

Pepindhan

21.

Unen-unen kang ajeg panganggone, duwe teges pepindhan, sing dipindhakake utawa dibandhingake kahanan lan ulah-kridhane manungsa.

a)

Bebasan.

b)

Paribasan

c)

Saloka.

d)

Pepindhan

22.

Ukara ing ngisor iki kang nggunakake basa rinengga pepindhan, yaiku . . . .

a)

Nglungguhi klasa gumelar.

b)

Si cebol nggayuh lintang

c)

Kebat kliwat, gancang pincang

d)

Srawunge kaya banyu karo lenga

23.

Ukara ing ngisor iki kang nggunakake basa rinengga paribasan, yaiku . . . .

a)

Nglungguhi klasa gumelar.

b)

Si cebol nggayuh lintang

c)

Kebat kliwat, gancang pincang

d)

Srawunge kaya banyu karo lenga

24.

Ukara ing ngisor iki kang nggunakake basa rinengga bebasan, yaiku . . . .

a)

Nglungguhi klasa gumelar.

b)

Si cebol nggayuh lintang

c)

Kebat kliwat, gancang pincang

d)

Srawunge kaya banyu karo lenga

25.

Nututi layangan pedhot, tegese … .

a)

ngendelake kekuwatane, kaluhurane, lan kapinterane

b)

sipate anak ora beda adoh karo sipate wong tuwa

c)

mburu barang sepele sing asile ora sumbut karo rekasane.

d)

kaya ora ana sing bisa ngalahake.

26.

Adigang, adigung, adiguna, tegese … .

a)

ngendelake kekuwatane, kaluhurane, lan kapinterane.

b)

sipate anak ora beda adoh karo sipate wong tuwa.

c)

mburu barang sepele sing asile ora sumbut karo rekasane.

d)

kaya ora ana sing bisa ngalahake.

27.

Kacang ora ninggal lanjaran, tegese … .

a)

ngendelake kekuwatane, kaluhurane, lan kapinterane.

b)

sipate anak ora beda adoh karo sipate wong tuwa.

c)

mburu barang sepele sing asile ora sumbut karo rekasane.

d)

kaya ora ana sing bisa ngalahake.

28.

Struktur teks wawancara, yaiku … .

a)

Identifikasi, Klarifikasi, definisi bagian

b)

Deskripsi bagian, Identifikasi, Klarifikasi

c)

Identifikasi, Klasifikasi, deskripsi bagian

d)

deskripsi bagian, Identifikasi, Klasifikasi

29.

Perangan teks kang mantha-mantha utawa milah manut jinise utawa klompoke, diarani

a)

Identifikasi

b)

Klasifikasi

c)

Klarifikasi.

d)

Deskripsi bagian

30.

Perangan teks sing nerangake gegambaran sing luwih rinci lan cetha, diarani … .

a)

Identifikasi

b)

Klasifikasi

c)

Klarifikasi.

d)

Deskripsi bagian

31.

Kegiatan dhialog antarane pewawancara utawa wong sing golek informasi lan narasumber, diarani … .

a)

Teks Wawancara

b)

Tegese Wawancara

c)

Tujuan wawancara

d)

Asile Wawancara

32.

“Bu Siti mundhut gedhang raja setangkep”. Ukara iki kalebu ukara … .

a)

tembung kriya tanduk

b)

tembung kriya tanggap

c)

Ukara tanggap

d)

Ukara tanduk

33.

“Sapine diengon dening Sauki ing pinggir sawah”. Ukara iki kalebu ukara … .

a)

tembung kriya tanduk

b)

tembung kriya tanggap

c)

Ukara tanggap

d)

Ukara tanduk

34.

“Sumantri nggoleki adhine”. Tembung nggoleki kalebu tembung … .

a)

tembung kriya tanduk

b)

tembung kriya tanggap

c)

Ukara tanggap

d)

Ukara tanduk

35.

“Kripik gedhang agung didadekake unggulan Kabupaten Lumajang”.

Tembung didadekake kalebu tembung … .

a)

tembung kriya tanduk

b)

tembung kriya tanggap

c)

Ukara tanggap

d)

Ukara tanduk

36.

Titikane ukara pitakon, yaiku anane … .

a)

tembung sesulih

b)

tembung panggandheng.

c)

tembung pitakon

d)

tembung wilangan.

37.

Tuladhane ukara pitakon kang trep, yaiku … .

a)

Raos kripik pisang produk panjenengan raos eco.

b)

Nyuwun tulung njenengan angkataken kardhus menika nggih !

c)

Kripik gedhang agung didadekake unggulan Kabupaten Lumajang.

d)

Kadospundi caranipun masaraken kripik pisang punika ?

38.

Kanggo nggenepi pacelathon ing ngisor iki, ukara kang trep yaiku ....

Anik : Kula nuwun.

Pak Karji : Mangga nak, kene mlebu kene.

Anik : Inggih pak, matur nuwun.

Pak Karji : Ana perlu apa kok sajak wigati banget.

Dewi : Punika lho pak, kula pengin ngertos bathik kagungan panjenengan.

Pak Karji : Apa bae sing pengin dingerteni nak?

Anik : ..........................................................................

Pak Karji : Usaha bathik iki dakjenengake "Sekar Jagad".

a)

Apa jenenge usaha bathik sampeyan pak?

b)

Punapa naminipun usaha bathik panjenengan pak?

c)

Sinten naminipun usaha bathik panjenengan pak?

d)

Sapa jenenge sing duwe usaha bathik pak?

39.

Nalika arep nindakake wawancara kudu nyiapake pedhoman wawancara kang wujude .

a)

Dheskripsi sing arep ditakokake.

b)

Dhaftar pitakonan sing kanggo takon

c)

Tape recorder kanggo ngrekam.

d)

Ringkesan materi sing arep ditakokake.

40.

Tulisan kang ngandharake barang kang arep didol, kaluwihane apa, lan panganggone supaya wong sing maca / krungu gelem nganggo kanthi cara tuku barang kang ditawakake, diarani … .

a)

iklan/reklame

b)

kampanye

c)

woro – woro

d)

sayembara

41.

Iklan kang mengku tujuan kanggo nawakake sawijine prodhuk barang lan jasa supaya ketarik, rumangsa butuh, lan wusanane gelem tuku utawa nggunakake barang lan jasa sing ditawakake, diarani … .

a)

iklan komersial

b)

iklan layanan masyarakat.

c)

iklan informatif

d)

iklan persuasif

42.

Iklan kang tujuane kanggo narik kawigaten lan ndayani konsumen supaya ketarik marang prodhuk sing diiklanake, diarani … .

a)

iklan komersial

b)

iklan layanan masyarakat.

c)

iklan informatif

d)

iklan persuasif

43.

Perangan iklan kang pancen sengaja ditonjolake, pamrihe supaya iklan narik kawigaten para pamiarsa minangka punjer utawa intine iklan. Manut struktur teks iklan, diarani … .

a)

Amplifikasi

b)

Subheadline

c)

Headline

d)

Tagline

44.

Saka gambar ing ndhuwur tulisan ukara kang kalebu Headline, yaiku … .

a)

Bakiak

b)

Bakiak Asli Indonesia

c)

Enak dianggo, Enak ing kanthong

d)

Dijamin ora bakal gela.

45.

Saka gambar ing ndhuwur tulisan ukara kang kalebu Tagline, yaiku … .

a)

Bakiak

b)

Bakiak Asli Indonesia

c)

Enak dianggo, Enak ing kanthong

d)

Dijamin ora bakal gela

46.

Ukara kang ngemu surasa prentah utawa pakon marang wong liya supaya nindakake kaya isi/surasane ukara mau, diarani ukara … .

a)

Ukara Sambawa

b)

Ukara Agnya

c)

Ukara langsung

d)

Ukara ora langsung

47.

Tuladhane ukara sambawa kang nduweni teges senajan, yaiku … .

a)

Sinaua rada suwe aku mau entuk biji apik.

b)

Sikilku ndang maria, aku bisa bal-balan maneh.

c)

Udana kaya ngapa bapak tetep tindak pasar.

d)

Banu maneh lulusan, Wahyuni sing pinter wae ora bisa.

48.

Tuladhane ukara sambawa kang nduweni teges umpama, yaiku … .

a)

Sinaua sing temen aku mau entuk biji apik.

b)

Sikilku ndang maria, aku bisa bal-balan maneh.

c)

Udana kaya ngapa bapak tetep tindak pasar.

d)

Banu maneh lulusan, Wahyuni sing pinter wae ora bisa.

49.

Tuladhane ukara sambawa kang nduweni teges muga-muga, yaiku … .

a)

Sinaua sing temen aku mau entuk biji apik.

b)

Sikilku ndang maria, aku bisa bal-balan maneh.

c)

Udana kaya ngapa bapak tetep tindak pasar.

d)

Banu maneh lulusan, Wahyuni sing pinter wae ora bisa.

50.

Kaidah kang kudu digatekake nalika nulis iklan, yaiku ... .

a)

Migunakake tetembungan kang narik kawigaten

b)

Ukarane dawa, pantes, lan mentes

c)

Bisa nekakake manawa migunakake prodhuk lan jasa sing diiklanake bakal migunani

d)

Migunakake tembung sambawa