NEW
Font size
WorksheetsUAS ULANG
Total questions: 20
Worksheet time: 20mins
Keblinger
Dening : Suyitno Etex
Akeh wong keblinger
Aku lenger-lenger
Ora melu keblinger
Ora kaduman hamburger
Oalah
Urip kok tambah susah
Nyambut gawe sawayah-wayah
Budhal esuk mulih sore
Liwat dalan sing bener
Lan ora nrajang pemalang
Kasile mung cukup dipangan
Apa aku kudu keblinger
Ben enthuk kasil milyarder
Nrajang pemalang
Pokoke enthuk penghasilan
Sing lumayan
Ah ….
Ora ….
Ben kasil sethithik yen becik
Aku ora melu keblinger
Nyambut gawe ora bener
Panyitra kang kinandhut ing pada kapindho yaiku yaiku ....
Panindak lan pangrungu
Pangganda lan pangrungu
Paningal lan pangganda
Pangrungu lan pangrasa
Pangrasa lan panindak
Keblinger
Dening : Suyitno Etex
Akeh wong keblinger
Aku lenger-lenger
Ora melu keblinger
Ora kaduman hamburger
Oalah
Urip kok tambah susah
Nyambut gawe sawayah-wayah
Budhal esuk mulih sore
Liwat dalan sing bener
Lan ora nrajang pemalang
Kasile mung cukup dipangan
Apa aku kudu keblinger
Ben enthuk kasil milyarder
Nrajang pemalang
Pokoke enthuk penghasilan
Sing lumayan
Ah ….
Ora ….
Ben kasil sethithik yen becik
Aku ora melu keblinger
Nyambut gawe ora bener
Ing guritan Keblinger nyaritakake ngenani….
akeh kabar kang ora bener jaman saiki
kabeh perkara bisa diudhari kanthi ngrapal mantra
susahe golek rejeki kang halal
manungsa jaman saiki akeh sing ngati-ati lan waspada
rusake moral manungsa jaman saiki
Keblinger
Dening : Suyitno Etex
Akeh wong keblinger
Aku lenger-lenger
Ora melu keblinger
Ora kaduman hamburger
Oalah
Urip kok tambah susah
Nyambut gawe sawayah-wayah
Budhal esuk mulih sore
Liwat dalan sing bener
Lan ora nrajang pemalang
Kasile mung cukup dipangan
Apa aku kudu keblinger
Ben enthuk kasil milyarder
Nrajang pemalang
Pokoke enthuk penghasilan
Sing lumayan
Ah ….
Ora ….
Ben kasil sethithik yen becik
Aku ora melu keblinger
Nyambut gawe ora bener
Purwakanthi kang ana ing pada kapisan yaiku ….
guru swara lan guru basa
guru sastra lan guru basa
guru sastra lan guru swara
guru gatra lan guru swara
guru basa lan guru lagu
Tegese tembung entar “nrajang pemalang” yaiku...
wong sing kebacut wani
wong sing kuat ngrusak pepalang
wong sing gagah pideksa
wong sing ngati-ati
wong sing nerak aturan
Prosesi manten lanang ngidhak endhog ing upacara temu manten adat jawa diarani….
Bobot timbang
Wiji dadi
Balangan gantal
Kacar kucur
Sinduran
Ing ngisor iki kang kalebu tata urutan upacara temu manten adat jawa kejaba….
Tanem jero
Siraman
Papag toya
Balangan gantal
Dulangan
Kula …….. ibu, lajeng kula ……. bapak. Owahana tembung sing dikurung dadi basa kang trep klawan unggah-ungguh!
Ditimbali, Ngaturi
Diceluk, Ngaturi
Ditimbali, Nimbali
Diceluk, Nimbali
Diaturi, Ngaturi
Sampun ta sampun mangke kula dak …… piyambak …...
Tembung kang trep kanggo mangsuli titik-titik kasebut yaiku…
Njupuk, dhaharanipun
Ngasta, dhaharanipun
Ngampil, dhaharanipun
Mendhet, tedhananipun
Mundhut, tedhananipun
Apa …… pirsa yen acarane mengko diundur jam 11.00 siyang?
Tembung kang trep kanggo mangsuli titik-titik kasebut yaiku…
Kowe
Sira
Panjenengan
Sampeyan
Awakmu
Juragan : “Kang, kula …… pantun sampeyan.”
Wakid : “Nggih, mangga juragan, ……. pinten?”
Tembung kanggo njangkepi pacelathon kang jumbuh karo unggah-ungguh basa yaiku….
Nyuwun, Ngersakaken
Njaluk, Ngersaken
Nedhi, Ngarepaken
Nedhi, Ngersakaken
Nyuwun, Ngarepaken
Panjenengan wis diaturi …., kok ora …., geneya ta?
Tetembungan kang trep kanggo njangkepi ukara, jumbuh karo undha usuk basa jawa yaiku ....
Lungguh-Gelem
Pinarak-Purun
Lenggah-Purun
Lenggah-Kersa
Pinarak-Kersa
Para ibu lan para bapak tuwin para sedherek sedaya, awit saking sedanipun Ibu Sastradiharja, para kulawarga nyuwun dhateng panjenengan sedaya kersaa paring pandonga, pamuji, lan panuwun, amrih pisowanipun Mbok Ayu Sastradiharja wonten ing ngarsanipun Pangeran, katampi lan kaparingana ganjaran samurwatipun tumraping lelabetanipun wonten ing donya punika. Pranyatan kasebut mujudake gatining sedyane tanggap wacana/ pidhato …
pahargyan tetakan
ngundhuh mantu
nyaosaken kesripahan
tasyakuran dina kalairan
tasyakuran pindhah omah
Mugi-mugi kanthi peparingan berkah berkah pangestunipun, putra ingkang dipunkhitanaken kaparingan karaharjan. Kalis saking sambekala. Ukara iki mathuke digunakake ing perangan ….
pambuka
rantaman adicara
atur pakurmatan
pengarep-arep
surasa basa
Bakuning ayahan panatacara, minangka sopir/ kusir ing pasamuan. Tegesipun ….
Wonten upacara menika kathah paraga ingkang hanyengkuyung minangka penumpang ingkang kedah dipunbungahaken panggalihipun
Upacara saged lumampah kanthi rancak punapa mboten, komandhonipun wonten panatacara
Wonten upacara menika panata cara angasta titihan ing pasamuan
Wonten upacara menika, panatacara dados sopir/kusir kendharaan ingkang mimpin lelampahanipun adicara
Kathah paraga ingkang hanyengkuyung panatacara dados sopir/kusir
Pancen kang/ mimpin iku dudu/ empuke kursi kok/ apamaneh kerta aji/ angen-angen kurang duga//
Struktur lair kang bisa ditemokake ana cuplikan ing pada geguritane, kejaba ….
Purwakanthi guru sastra k
Purwakanthi guru swara a
Panyitra paningal
Tembung kawi
Tembung dwilingga wantah
Awan iki wis ilang gambaran kerukunan
tumrap para menjangan
ing sela-selaning napas mung kari
cumanthel esem sepa
Saka kutipan geguritan ing dhuwur panyitra kang digambarake yaiku…
pangrungu
Pangganda
Paningal
Pangrasa
Panindak
Pranyatan ing ngisor iki kang kalebu basa rinengga pepindhan yaiku….
dhuwure kaya othak-othak mega
saben esuk para kadhang tani padha cancut taliwanda
sumur lumaku tinimba
sarung jagung, abot entheng ayo ditanggung
satya murca ing embanan
Pak Novian …. dhumateng bu Wita menawi badhe wonten lomba karawitan.
Tembung kanggo njangkepi pacelathon kang jumbuh karo unggah-ungguh basa yaiku….
Atur pawartos
Paring pawartos
Paring kabar
Atur kabar
Ngaturi kabar
Sumilire angin mung bias ngemuli prawan sunthi, tembung prawan sunthi kalebu basa rinengga yaiku...
Tembung entar
Tembung garba
Dasanama
Tembung saroja
Tembung kawi
Jejibahane pranatacara iku kang paling abot yaiku nalika ....
mbukak adicara
nata lakune adicara
nutup adicara
maca adicara
nata lan nulis rantamane adicara
