wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

QUIZIZZ 2 TEMBANG MACAPAT KLS 7

Total questions: 20

Worksheet time: 34mins

Name
Class
Date
1.

Reriptan utawa karangan kanthi mawa paugeran-paugeran tartamtu kang carane maca sarana ditembangake utawa dilagoake, diarani….

a)

Tembang macapat

b)

Tembang dolanan

c)

Geguritan

d)

Gancaran

2.

Guru gatra yaiku….

a)

Nilai-nilai kang kinandut jroning tembang

b)

Tebaning swara ing pungkasaning baris

c)

Cacahing larik/barik ing saben pada

d)

Cacahing wanda ing saben baris

3.

Guru Wilangan yaiku….

a)

Cacahing wanda ing saben baris

b)

Cacahing larik/baris ing saben pada

c)

Tebaning swara ing pungkasaning baris

d)

Nilai-nilai kang kinandut jroning tembang

4.

Guru Lagu yaiku….

a)

Cacahing wanda ing saben baris

b)

Cacahing larik/baris ing saben pada

c)

Tebaning swara ing pungkasaning baris

d)

Nilai-nilai kang kinandut jroning tembang

5.

Jinise tembang macapat iku ana….

a)

8

b)

9

c)

10

d)

11

6.

Gatekna tembang ing ngisor iki!


Amurwati kidung kang tinulis,

ing reh suka memetri budhaya

dimen memanis karyane,

mireng sutresna satuhu,

......................................

Tembung kang kecetak kandel tegese….

a)

Pratingkah

b)

Mungkasi

c)

Tembang

d)

Miwiti

7.

Tembang macapat kang guru gatrane ana 7 yaiku….

a)

Mijil, kinanthi

b)

Megatruh, gambuh

c)

Maskumambang, pocung

d)

Durma, Pangkur, Asmaradana

8.

Tembang macapat kang guru gatrane ana 10 yaiku….

a)

Pangkur

b)

Megatruh

c)

Asmaradana

d)

Dhandhanggula

9.

Tembang pocung iku kedadeyan saka…. gatra.

a)

4

b)

5

c)

6

d)

7

10.

Gatekna tembang ing ngisor iki!


Kadi denira Hyang arka,

Sumunar purnama sidhi,

Akarya padhanging jagad,

Sinawang ngelam-elami,

Pepasren wus pinasthi,

Jroning endah wanci dalu,

Nganggit ponang gurita,

Wahyaning sesanti wengi,

Ingkang geleng gumolong sajroning nala.


tembang ing ndhuwur dumadi saka …. gatra.

a)

7

b)

8

c)

9

d)

10

11.

Gatekna struktur ing ngisor iki!


12i

6a

8i

8a


Guru wilangan lan guru lagune tembang apa kang ana ing nduwur iku….

a)

Maskumambang

b)

Asmaradana

c)

Pangkur

d)

Pocung

12.

Gatekna struktur ing ngisor iki!

12u

6a

8i

12a

Guru wilangan lan guru lagune tembang apa kang ana ing nduwur iku......

a)

Pocung

b)

Pangkur

c)

Asmaradana

d)

Maskumambang

13.

Gatekna ukara ing ngisor iki!


“ Jagad iki tan lestari” tegese….

a)

Aja dikira langgeng selawase

b)

Jagat iki ora langgeng

c)

Uripmu bakal mati

d)

jagat iki ombo

14.

Gatekna tembang ing ngisor iki!


Gambuh

Sranane urip rukun,

Ana catur luwih becik mungkur,

Kang ginayuh tresna asih mring sesami,

Ora seneng urub-urub,

Apa maneh mring padudon.


Gatra tembang ing ndhuwur yaiku....

a)

4

b)

5

c)

6

d)

7

15.

Gatekna tembang ing ngisor iki!


Gambuh

Sranane urip rukun,

Ana catur luwih becik mungkur,

Kang ginayuh tresna asih mring sesami,

Ora seneng urub-urub,

Apa maneh mring padudon.

Nilai kautamaan kang ana ing tembang ndhuwur yaiku, kejaba.....

a)

Marang sasepadha kudu urub-urub

b)

Marang sapepadhane urip aja nganti padha padudon

c)

Saranane urip rukun iku kudu tresna asih marang sapepadha

d)

Yen ana catur (ana rembug kang ala) luwih becik mungkur/sumingkir

16.

Gatekna tembang ing ngisor iki!


Beda lamun kang wus sengsem reh ngasamun,

Semune ngaksama,

Sasamane bangsa sisip,

Sarwa sareh saking mardi martatama.


Miturut cakepan tembang ing dhuwur, guru lagune yaiku...

a)

n, a, i, a

b)

u, a, p, a

c)

u, a, i, a

d)

n, a, p, a

17.

Gatekna tembang ing ngisor iki!


Serat Kancil

Ngelmu iku kalakone kanthi laku,

Lekase lawan kas,

Tegese kas nyantosani,

Setya budya pangekese dur angkara


Miturut cakepan tembang ing dhuwur, guru wilangane yaiku...

a)

12, 6, 8, 12

b)

12, 5, 8, 12

c)

11, 6, 8, 10

d)

11, 5, 8, 12

18.

Gatekna tembang ing ngisor iki!


Serat Kancil

Ngelmu iku kalakone kanthi laku,

Lekase lawan kas,

Tegese kas nyantosani,

Setya budya pangekese dur angkara


judul tembang ig ndhuwur yaiku....

a)

Ngelmu

b)

Serat Kancil

c)

Setya Budya

d)

Si Kancil

19.

Gatekna paugeran ing ngisor iki!

1. Nduweni guru gatra 4 larik

2. Ukara kaping siji jumlahe 12 tembung, ukara kaping pindo jumlahe 6 tembung, ukara kaping telu 8 tembung, lan ukara kaping papat 12 tembung. (Guru wilangan = 12, 6, 8, 12).

3. Guru lagune = u, a, i, a


Paugeran ing nduwur ciri-cirine tembang….

a)

Dandhanggula

b)

Asmaradana

c)

Pangkur

d)

Pocung

20.

Gatekna paugeran ing ngisor iki!

1. Nduweni guru gatra 7 larik

2. Nduweni guru wilangan = 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8

3. Nduweni guru lagu a, I, u, a, u, a, i


Paugeran ing nduwur ciri-cirine tembang….

a)

Dhandanggula

b)

Asmaradana

c)

Pangkur

d)

Pocung