wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

WULANGAN BASA JAWA KELAS IVA

Total questions: 20

Worksheet time: 40mins

Name
Class
Date
1.

Tembang sing lumrahe ditembangake bocah – bocah nalika dolanan diarani ….

a)

tembang dolanan

b)

tembang wajib

c)

tembang macapat

d)

tembang jawa

2.

Setitekna Tembang ing ngisor iki !


Kupu Kuwi

Kupu iku dak incupne

Mung aburmu ngewuhake

Ngalor ngidul ngetan bali ngulon

Mrana mrene mung saparan paran

Sapa bisa ngincupake

Mentas menclok cegreg

Nuli mabur bleber


Tembung ngewuhake nduweni teges ……….

a)

Nyenengake banget

b)

Papan, panggonan

c)

Angel banget

d)

Mabur cepet

3.

Setitekna Tembang ing ngisor iki !

Kupu Kuwi

Kupu iku dak incupne

Mung aburmu ngewuhake

Ngalor ngidul ngetan bali ngulon

Mrana mrene mung saparan paran

Sapa bisa ngincupake

Mentas menclok cegreg

Nuli mabur bleber

Tembang ing dhuwur ana pirang larik ?

a)

1

b)

2

c)

8

d)

7

4.

Tembang dolanan nduweni titikan utawa ciri – ciri.

Ciri – cirine tembang dolanan yaiku ……………

a)

Basane angel dimangerteni

b)

Basane prasaja lan gampang dingerteni

c)

Bisa ditembangake sinambi sinau

d)

Bisa ditembangake wayah esuk

5.

Setitekna tembang dolanan ing ngisor iki!

Bulan Gedhe

Bulan – bulan gedhe

Ana santri menek jambe

Ceblokna salining wae

Mumpung jembar kalangane

Mumpung gedhe rembulane

Suraka surak hiyo

Mumpung jembar kalangane, nduweni tegaes …………

a)

Mumpung isih enom, ayo sing padha sregep.

b)

Mumpung isih sugih, ayo sing padha nyambut gawe.

c)

Mumpung isih esuk , lan hawane isih seger.

d)

Mumpung isih ana wektu lan diparingi rejeki

6.

Ing ngisor iki sing kalebu tembang dolanan yaiku ……….

a)

Jaranan, Kinanthi, Jamuran.

b)

Gambang Suling, Jaranan, Jamuran

c)

Padhang Bulan, Jaranan, Pucung

d)

Pucung, Gambang Suling, Jamuran

7.

Tujuan utama isine tembang dolanan yaiku ………..

a)

Ajaran Agama

b)

Ajaran Budi pekerti

c)

Ajaran dolanan

d)

Ajaran ngenani pelajaran sekolah

8.

Penyebarane tembang dolanan iku sarana ……

a)

Gethok tular lan turun temurun.

b)

Crita bareng lan maca buku.

c)

Maca buku lan dicritani

d)

Ngrungokna lan ndeleng video

9.

Tembang dolanan kang judhule “ Dhondhong Apa Salak “ nduweni makna ………….

a)

Ngajarake kita supaya kudu urip mandhiri.

b)

Ngajarake kita supaya kudu urip rukun.

c)

Ngajarake kita supaya kudu urip sehat.

d)

Ngajarake kita supaya kudu urip prasaja.

10.

Kidang talun

Mangan kacang talun

Mil kethemil mil kethemil

Si kidang mangan lembayung

Irah – irahan sing mathuk kanggo tembang ing ndhuwur, yaiku ……..

a)

Mangan kacang

b)

Kacang talun

c)

Si kidang

d)

Kidang talun

11.

Kidang talun

Mangan kacang talun

Mil kethemil mil kethemil

Si kidang mangan lembayung

Irah – irahan sing mathuk kanggo tembang ing ndhuwur, yaiku ……..

a)

Klapa

b)

Tela

c)

Kates

d)

Bayem

12.

Sing biasane nembangake tembang dolanan sajroning pagelaran wayang kulit yaiku …………

a)

Dhalang

b)

Lawak

c)

Waranggana

d)

Prodeser

13.

Tembang dolanan “ Padhang Bulan “ kerep ditembangake ing wayah ………

a)

Esuk

b)

Awan

c)

Sore

d)

Wengi

14.

Judul sing cocok kanggo lagu dolanan kang cocog kanggo gambar ing ndhuwur yaiku ……..

a)

Kupu Kuwi

b)

Kupu

c)

Kupu Ing Taman

d)

Aku Duwe Kupu

15.

Tembang dolanan iku pantese ditembangna sarana ………

a)

Dhewe-dhewe

b)

bebarengan

c)

karo turu

d)

karo mangan

16.

Lumantar tembang dolanan, bocah – bocah dikenalake bab sato kewan, sato iwen, thethukulan lan sapanunggalane.

Sato kewan nduwene teges …..

a)

Panganan soto teka kewan.

b)

Maceme soto

c)

Maceme kewan

d)

Maceme panganan

17.

Tembang dolanan ing masyarakat jawa tradisional kalebu sastra …………

a)

Lisan

b)

Tulisan

c)

Karangan

d)

Puisi

18.

Cah angon – cah angon

…………………………………………

Jangkepane tembang dolanan ing ndhuwur yaiku ………….

a)

Lunyu – lunyu penekna

b)

Tandure wis sulmilir

c)

Kummitir bedhah ing pinggir

d)

Penekna blimbing kuwi

19.

Ayo simak tembang ing ngisor iki

Jaranan – jaranan, jarane jaran teji

Sing numpak ndara Bei

Sing nggiring para mantri

Jeg – jeg nong, jeg – jeg gung

Prok prok turut lurung

Gedebug krincing gedebug krincing

Prok – prok gedebug jedher

Manut tembang ing ndhuwur iku, sapa sing nggiring ndara Bei?

a)

Jaran teji

b)

Para mantri

c)

Gedebug jedher

d)

Jaranan

20.

Ayo simak tembang ing ngisor iki

Jaranan – jaranan, jarane jaran teji

Sing numpak ndara Bei

Sing nggiring para mantri

Jeg – jeg nong, jeg – jeg gung

Prok prok turut lurung

Gedebug krincing gedebug krincing

Prok – prok gedebug jedher

Ana ngendi ndara Bei numpak jaran ?

a)

ana pasar

b)

ana omahe para mantri

c)

turut lurung

d)

turut sawah