wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

STS BAHASA JAWA KELAS 4 SEMESTER 1

Total questions: 20

Worksheet time: 5hrs 0mins

Name
Class
Date
1.

Tembung liyane "irah-irahan" yaiku ....

a)

simpulan

b)

judul

c)

pengarang

d)

penulis

2.

Ide baku utawa gagasan baku jroning crita diarani..

a)

alur

b)

paraga

c)

tema

d)

latar

3.

Gabungan tembung kang endah awujud puisi nganggo basa jawa diarani...

a)

tembang

b)

syair

c)

parikan

d)

geguritan

4.

Dhuwur cendheke lan banter orane swara nalika maca geguritan diarani...

a)

intonasi

b)

gerak mimik

c)

vokal

d)

irama

5.

Iwak Lohan

......................

Sapa nyana

Yen nononge bathukmu

Malah dadi pamikat

Sing lagi nyawang wujudmu

Sing dadi pamikate iwak lohan iku bab...

a)

sisike

b)

wernane

c)

nononge

d)

buntute

6.

Wernane sisikmu

Ngelengake gendera pujaanku

Abang putih kumlebat angawe-ngawe

Kaya ngundang sakabehane wong

Nggatekna saolah bawane

Tembung gendera ing geguritan iwak lohan mau yen ing basa Indonesia tegese...

a)

bendera

b)

umbul-umbul

c)

poster

d)

gambar

7.

Jinis geguritan kang ora kaiket guru lagu, guru gatra, lan guru wilangan diarani geguritan gagarag ... .

a)

lawas

b)

jadul

c)

biyen

d)

anyar

8.

Ing ngisor iki kang kudu digatetake nalika maca geguritan, kajaba ... .

a)

wikana

b)

wiraga

c)

wirama

d)

wirasa

9.

Wacanen kanthi premati !

Rukun Agawe Santosa

R. Tantiningsih

Kadangku ….

Donya iki dudu duweku

Donya iki dudu duwekmu

Mula

Aja rebutan panguwasa

Aja rebutan bebener

Kadangku ….

Eling,

Aku lan kowe ora bisa urip ijen

Aku lan kowe kudu urip bebarenga

Sayuk rukun

Gotong royong

Bahu binahu

Adohna rasa drengki srei

Jail methakil

Gedhekna rasa tepa selira

Urip bakal tentrem ayem

Geguritan ing ndhuwur nduweni pitutur luhur yaiku

a)

ngelingake supaya dadi manungsa kudu urip ijen

b)

ngelingake supaya dadi manungsa kang nduweni watek drengki srei

c)

ngelingake supaya dadi manungsa kang ora tau tepa selira

d)

ngelingake supaya dadi manungsa kang sayuk rukun

10.

Ngowahi geguritan dadi basa gancaran kanthi pangajap maknane geguritan luwih gamblang utawa cetha diarani ... .

a)

parafrase

b)

paragraf

c)

preposisi

d)

persuasif

11.

Kita kudu gemi energi supaya ora kentekan.

Tembung gemi tegese ....

a)

awet

b)

boros

c)

utuh

d)

irit

12.

Pak Hasan : “ Mobil kae bahan bakare apa ? “

Agus : “ Bensin, pertalite, utawa pertamax “

Pak Hasan : “ kuwi kabeh bahan sing asale saka bumi.Yen digawe terus , suwe - suwe bisa entek “

Agus : “ Wah, dangu – dangu rak saged telas ? “

Pak Hasan : “ Mulane aku numpak sepedhah, ben irit energi “

Isi teks pacelathon ing dhuwur yaiku ...

a)

numpak sepedha

b)

bahan bakar

c)

gemi energi

d)

saka bumi

13.

Kepriye carane ngirit nggunakake energi banyu ?

a)

ora nutup kran sakwise digunakake

b)

gunakake banyu saperlune

c)

ngisi bak mandi nganti amber – amber

d)

ngisi bak mandi terus ditinggal

14.

Pola pengembangan khusus-umum sajroning wacan eksposisi diarani paragrap …

a)

induktif

b)

deduktif

c)

ineratif

d)

deskriptif

15.

Ing ngisor iki irah-irahan kang trep kanggo wacan eksposisi yaiku …

a)

plesir ing Pante Pulo Merah

b)

endahe Gunung Bromo

c)

carane Gawe Wayang Kulit

d)

dumadine Kutha Surabaya

16.

Eksposisi proses biasane ditemokake ing …. .

a)

cerkak

b)

laporan kagiyatan

c)

teks pawarta

d)

buku patuduh pegaweyan

17.

Ing ngisor iki ora klebu unsur kang mangun saka jero sawijining crita yaiku…

a)

alur

b)

pendidikan pangripta

c)

latar

d)

tema

18.

Mite yaiku dongeng kang surasane nyritakake babagan…

a)

Uripe kewan kang tindak-tanduke kaya manungsa

b)

mula buka dumadine sawijining papan panggonan

c)

para dewa utawa lelembut kang kedadean ing donya liyane lan dianggep bener kedadean

d)

para linuwih ing jaman kuna

19.

Jinis maca kang luwih nengenake babagan kualitas yaiku maca....

a)

cepet

b)

insentif

c)

dangkal

d)

ekstensif

20.

Kagiyatan ndeleng tulisan kanthi nyuwara utawa ora supaya bisa mangerteni surasane tulisan diarani…

a)

maca

b)

nulis

c)

ndongeng

d)

micara