wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Memahami Crita Wayang

Total questions: 20

Worksheet time: 11mins

Name
Class
Date
1.

Crita wayang kang nyritakake perang gedhe antarane Pandhawa lan Kurawa yaiku ...

a)

Mahabarata

b)

Dewa Ruci

c)

Ramayana

d)

Punakawan

2.

Crita wayang Ramayana dikarang dening ...

a)

Mpu Sedah

b)

Mpu Walmiki

c)

Mpu Panulu

d)

Mpu Panjalu

3.

Wong sing nglakokake crita wayang diarani ...

a)

niyaga

b)

pengrawit

c)

pangripto

d)

dhalang

4.

Lampu kanggo madhangi pagelaran wayang diarani ...

a)

kelir

b)

cempala

c)

blencong

d)

keprak

5.

Wong kang nabuh gamelan diarani ...

a)

wayang

b)

niyaga

c)

sindhen

d)

dhalang

6.

Wayang kang digawe saka kulit kewan diarani ...

a)

wayang purwa

b)

wayang titi

c)

wayang wahyu

d)

wayang golek

7.

Mori warna putih kang digelar kanggo wayangan diarani ...

a)

cempala

b)

kothak

c)

gedebog

d)

kelir

8.

Wayang golek yaiku wayang kang digawe saka ...

a)

plastik

b)

kayu

c)

godhong

d)

kulit kewan

9.

Piranti kanggo nyimpen wayang diarani ...

a)

kothak

b)

kelir

c)

cempala

d)

kardus

10.

Wayang kang nyritakake crita saka Negara Cina diarani ...

a)

wayang potehi

b)

wayang wahyu

c)

wayang golek

d)

wayang purwa

11.

Asmane bapake Pandhawa yaiku ...

a)

Prabu Salya

b)

Prabu Pandhu Dewanata

c)

Prabu Dasamuka

d)

Prabu Dursasana

12.

Asmane ibune Pandhawa yaiku ...

a)

Dewi Madrim lan Dewi Drupadi

b)

Dewi Kunthi lan Dewi Arimbi

c)

Dewi Arimbi lan Dewi Subadra

d)

Dewi Kunthi lan Dewi Madrim

13.

Pembarepe Pandhawa yaiku ...

a)

Janaka

b)

Werkudara

c)

Nakula

d)

Puntadewa

14.

Jeneng liyane Werkudara yaiku ...

a)

Janaka

b)

Bratasena

c)

Pinten

d)

Tangsen

15.

Getihe Puntadewa wernane ...

a)

ireng

b)

abang

c)

putih

d)

biru

16.

Watake Prabu Yudhistira yaiku ...

a)

kemrungsung, ora bisa nesu, welas asih, ikhlas

b)

seneng ngapusi, sabar, ora bisa nesu, ikhlas

c)

sabar, jujur, ora bisa nesu, welas asih, ikhlas

d)

nesunan, seneng ngapusi, sabar, ikhlas

17.

Garwane Puntadewa asmane ...

a)

Dewi Arimbi

b)

Dewi Drupadi

c)

Dewi Srikandhi

d)

Dewi Subadra

18.

Pandhawa sing pinter manah yaiku ...

a)

Janaka

b)

Werkudara

c)

Nakula

d)

Sadewa

19.

Pandhawa sing pinter nambani yaiku ...

a)

Nakula

b)

Bima

c)

Janaka

d)

Sadewa

20.

Pusakane Prabu Yudhistira kang awujud payung jenenge payung ...

a)

karawelang

b)

tunggulnaga

c)

kalimasada

d)

rujakpolo