wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Basa jawa kelas xii

Total questions: 25

Worksheet time: 25mins

Name
Class
Date
1.

Paugerane tembang Dhandhanggula yaiku ....

a)

8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i

b)

10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u

c)

8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

d)

8a, 8i,8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a

e)

10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a

2.

Lire lalabuhan tri prakawis, guna bisa saniskareng karya, binudi dadi unggule, kaya sayektinipun, duk bantu prang manggada nagri, amboyong putri dhomas, katur ratunipun, purunne sampun tetela, aprang tandhing lan ditya ngalengka aji, Suwanda mati ngrana


Saking pada nginggil, punapa ingkang saged dipuntiru saking patih Suwanda?

a)

kawasisane, kekendelane, lan pengabdiane

b)

kawasisane, kaiklasane, lan lila legawa

c)

iklas, lila lan legawa

d)

kapinterane, kaprigelane lan pengabdiane

e)

kaluhurane, kapinterane lan pengabdiane

3.

Kumbakarna kinen mangsah jurit, mring kang rak sira tan lenggana, nglungguhi kasatriyane, ing tekad datan purun,

amung cipta labuh nagari, lan nolih yayah rena, myang luluhuripun, wus mukti aneng Ngalengka, mangke arsa rinusak ing bala kapi, punagi mati ngrana


Tetuladhan ingkang saged dipunpundhut saking Raden Kumbakarna ing pada 4 serat Tripama nginggil punika….

a)

mati ing paprangan

b)

kelingan leluhur kang mbangun negarane

c)

cipta labuh nagari / mbela negarane

d)

saged males sihipu ingkang raka

e)

saged ngrampungi padamelan

4.

Yogyanira kang para prajurit

Lamun bisa sira anuladha

Duk ing nguni caritane

Andelira sang prabu

Sasrabahu ing Maespati

Aran Patih Suwanda

Lelabuhanipun

Kang ginelung triprakara

Guna kaya purune kang den antepi

Nuhoni Trah utama

Ing pada kasebut ngemot piwulang apa...

a)

sawijining satriya kudu kendel mbelani negarane supaya subur makmur

b)

satriya kang njunjung bebener lan nyirnakae durangkara lan nyingkirake bebaya

c)

Satriya agung kang gelem ngorbanake jiwa raga marang negarane tanpa ngarep2 pamrih

d)

satriya kang tansah ngumbar kasektene kanggo numpes durangkara

e)

satriya luhur kang urmat marang pangarsa negarane lan ngudi kautaman

5.

Lire lalabuhan tri prakawis,

guna bisa saniskareng karya,

binudi dadi unggule,

kaya sayektinipun,

duk bantu prang Manggada nagri,

amboyong putri domas,

katur ratunipun,

purune sampun tetela,

aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji,asana

Suwanda mati ngrana.

Patuladhan apa kang bisa kapethik ing pada kasebut,...

a)

satriya kang sejati iku kudu duwe watak bela bangsa lan negarane

b)

kudu bisa nggunakake kapinterane kanggo mbangun negara

c)

satriya kang utama ora eman marang drajat pangkate

d)

satriya kang utama iku kudu duwe jiwa tetulung mring sapepadhane

e)

Unggah ungguh kang kudu diutamake dening para satriyaning negara

6.

Adipati Karna ingkang pundi?

a)
b)
c)
d)
e)
7.

Menika tokoh sinten?

a)

Bambang Sumantri

b)

Kumbakarna

c)

Rahwana

d)

Duryudana

e)

Bathara Surya

8.

Serta Tripama kaanggit dening

a)

KGPAA Mangkunegaran IV

b)

KGPAA Mangkunegara IV

c)

Paku Buwana IV

d)

Paku Alam IV

e)

Prasetya Eka Purnomo

9.

Tokoh wayang sing ora ana ing Serat Tripama yaiku.....

a)

Bambang Sumantri

b)

Kumbakarna

c)

Arjuna

d)

Karna

10.

“... tur iku warna diyu, suprandene nggayuh utami ...”

Tembung diyu tegese ...

a)

buta

b)

wanara

c)

gajah

d)

manungsa

e)

dewa

11.

Tembung garba yaiku tembung kang dumadi saka rong tembung utawa luwih, kanthi nyuda cacahing wanda lan ndadekake tembung anyar. Tembung garba uga bisa diarani nyingkat rong tembung supayane dadi ringkes. Tembung garba kang ana ing Serat Tripama ing ngisor iki, kajaba .....

a)

senopati

b)

saniskareng

c)

aneng

d)

wirotama

e)

sudarsananeng

12.

Gatekna cakepan tembang macapat Dandhanggula ing ngisor iki.

"Yogyanira kang para prajurit,"

Guru wilangan lan guru lagu kang ana ing gatra kasebut yaiku ....

a)

8e

b)

7u

c)

10i

d)

10a

e)

9i

13.

Wacana ingkang beberaken analisis proses kanthi narasi

a)

Teks narasi

b)

Teks deskripsi

c)

Teks eksposisi

d)

Teks persuasi

e)

Teks argumentasi

14.

Aja ngidoni sumur, mengko ....

a)

lambene suwing

b)

lambene gatel

c)

lambene abuh

d)

lambene nggula satemplik

e)

dadi kembang lambe

15.

Aja nglungguhi bantal, mengko ....

a)

setruken

b)

wudunen

c)

kankeren

d)

jantungen

e)

koronanen

16.

Yen nyapu ora resik, mengko bojone ....

a)

kumisen

b)

gundul

c)

brewoken

d)

gondrong

e)

jenggoten

17.

Aja dolan wayah surup/sandikala/maghrib, mengko ....

a)

digondhol kuntilanak

b)

digondhol tuyul

c)

digondhol pocong

d)

digondhol kalongwewe

e)

digondhol jin

18.

Aja dolanan beras, mengko drijine ....

a)

kotor

b)

kithing

c)

gatel

d)

dawa

e)

kraket

19.

Yen ngandhut aja metu wayah purnama, mengko ....

a)

jabang bayine dipangan kurawa

b)

jabang bayine dipangan buta

c)

jabang bayine dipangan rahwana

d)

jabang bayine dipangan dewa

e)

jabang bayine dipangan bathara kala

20.

Aja dol tinuku ... ing wayah bengi.

a)

dom

b)

kaca

c)

jungkat

d)

benang

e)

sembako

21.

Ngisor iki kang ora klebu titikane teks eksposisi yaiku ....

a)

Wose wacan adhedhasar kasunyatan

b)

Duweni struktur tesis, argumentasi, lan dudutan

c)

Wose duweni sipat subjektif

d)

Ngemot sawijining panemu

e)

Didhapuk kanthi analisis

22.

Kuku punika wangunipun gepeng landhep, menawi kangge kukur-kukur saged ngrisakaken kulit. Menapa malih anggenipun kukur-kukur saweg pinuju tilem, lajeng kesupen dhateng raos sakit, namung sakeca raos gatel kinukur. Wekasan babak ing wanci siyang punika lajeng ngungun getun.


Wewaler kang trep kanggo pratelan ing dhuwur yaiku ....

a)

Aja nggunting kuku wayah wengi

b)

Aja ngingu kuku nganti dawa

c)

Aja ngingu kuku mundhak dipanggoni setan

d)

Aja sok ngingu kuku mundhak lelara

e)

Aja sok ngingu kuku yen ceklek mundhak getun

23.

Gugun tuhon salugune kayadene crita dongeng kuno kang medharake bocah sukerta menawa ora diruwat bakal dipangan dening Bathara Kala.

Ngisor iki kang diarani bocah sukerta sarimpi yaiku ....

a)

Bocah lanang siji tanpa tunggal

b)

Bocah wadon siji tanpa tunggal

c)

Bocah wadon loro kakang adhi

d)

Bocah papat lanang kabeh kakang adhi

e)

Bocah papat wadon kabeh kakang adhi

24.

Pratelan ing ngisor iki kang ora klebu wewaler yaiku ....

a)

Mulih layat adus kramat

b)

Mangan ora entek mundhak pitike mati

c)

Nglungguhi bantal mundhak wudunen

d)

Mbedholi pitik karo guneman

e)

Turu kemulan slimut

25.

Bocah sukerta lamun wis .... ora klebu memangsane Bathara Kala.

Tembung kanggo njangkepi tembung ing dhuwur yaiku ....

a)

dicukur rambute

b)

diruwat

c)

dibancaki

d)

diguyang kembang setaman

e)

disajeni