Font size
WorksheetsDRAMA B.JAWA
Total questions: 20
Worksheet time: 40mins
Arin :”oh.. yo aku iling lak tau ono wong ireng tuntheng payungan nak gudang sekolah”
Bertha :”ono pocong sisan nak karangan sekolah”
Retno :”ojo ngunu a aku ngkok gak iso turu loh mbok ceritani ngunu”
Aldo :”wes-wes ojo tukaran aku due ide”
Faul :”opo idene do?”
Aldo :”kepriye yen awakdhewe nyoba ngevlog pas sekolah peteng”
Faul :”ide mu apik do, aku setuju. Sing liyane ya opo?”
Retno :”moh wedi aku, barekan yo sekolah lak bengi ditutup”
Ing pratelan teks pacelathon duweni unsur instrinsik busananing basa, busananing basa apa kang ana pacelathon kasebut... .
Tembung saroja
Saloka
Tembung entar
Bebasan
Paribasan
Setane kok temenan
Ing sawijining dina ana 5 boca sohib saka cilik sing jenenge Bertha, Arin, Aldo, Retno, lan Faul. Bocah kui pada sakelas. Ing wektu jam pelajaran Aldo lan Faul keruan gurune lak omong – omongan.
Aldo :”he ul awakmu ngerti a lak ono penghunine nak sekolah iki”
Faul : “iyo a jare sopo awakmu”
Aldo :”aku mari moco jur…”
Bu Ani :”Aldo karo Faul maju yen kate ngoong kene ing ngarep!”
Aldo lan Faul kenek hukum gurune ngadek nak ngarep sampek jam istirahat.
Aldo :”ledeh awakku ul kongkon ngadek mulai maeng”
Faul :”gara – gara awakmu iki aku kenek sisan wes gak usah ngersula, lanjutno cerita mu mau!”
Bertha lan Arin :”cerita apa?”
Faul :”mboh aldo jarene sekolah iki akeh penghunine”
1. Ing pratelan teks pacelathon kasebut kang digaris bawahi menika kalebu ing struktur... .
Dialog
Prolog
Epilog
Klimaks
Koda
Struktur teks drama kang nyeritakake tuntase utawa karampungane puncaking prakara iku kalebu struktur drama… .
Resolusi
Komplikasi
Orientasi
Koda
Dudutan
Silancang wis wiwit bosen karo panguripaning kang sarwo kakurangan. Dheweke gersula katon riweng. Wes bola-bali ibuke menehi wewaler marang si lancang supaya putrane setiti nyambut gawe. “sabara, Nak! Aja sliramu nggersula wae ! awake dewe pancen kudu sengkut nyambut gawe kanggo nyukupi kabutuhan urip saben dina. Aja riweng lang aja gampang nyerah.” Mangkono ibu si Lancang menehi piwejang marang putrane.
Alur pethilan cerita ing dhuwur yaiku… .
Maju-mundur
Flashback
Campuran
Maju
Mundur
Wektu iku wes sore srengengene wes katon slulup. Ananging Pardi katon gurung mulih iku seng gawe Siti kaget, padahal wes jam 5 luwih.
Siti : sampean isih neng kene, Pardi. Kok during kondhur ?
Pardi : ( ora semaur. Mung geleng geleng lan dolanan hape)
Pratelan Drama kasebut nyritakake latar…
piranti
Kahanan
Papan
Wektu
Panggon
ina : aja minggat, koe arep nyandi !! kabeh podo ora oleh metu, sek soro ora gur koe tok. Kabeh ya melu soro !! aja ngeyel marang pamarentah !
aksal : (nduding meja)menengo !!! opo koe ora nyawang? Negara oleh nglarang aku metu ananging urusan weteng sapa sek arep nanggung ??
Watak paraga aksal iku nudhuhake menawa aksal nduweni watak … .
ora bertanggung jawab
sombong
wani
wong kendhel
pemarah
Drama iku duweni unsure instrinsik lan unsure ekstrinsik. Ing ngisor iki kang ora kalebu unsure intrinsic yaiku….
pamawas
Paraga
latar belakang pangripta
Busananingbasa
Ancas
Ciri-cirine drama yaiku :
1) Ceritane mesti beda kajupuk saka panguripan sak iki
2) Ceritane kajupuk saka panguripan wong sakiki
3) Paraga nalika meragakake kaiket teks
4) Paraga nalika meragakaake ora kaiket teks
5) Ceritane kajupuk saka cerita ing zaman disek
6) Ceritane ora rubah kanthi sokben
Miturut cirikhas drama ing dhuwur kang kalebu Drama Tradisional yaiku… .
5 lan 3
3 lan 2
5 lan 6
1 lan 4
4 lan 6
Silancang wis wiwit bosen karo panguripaning kang sarwo kakurangan. Dheweke gersula katon riweng. Wes bola-bali ibuke menehi wewaler marang si lancang supaya putrane setiti nyambut gawe. “sabara, Nak! Aja sliramu nggersula wae ! awake dewe pancen kudu sengkut nyambut gawe kanggo nyukupi kabutuhan urip saben dina. Aja riweng lang aja gampang nyerah.” Mangkono ibu si Lancang menehi piwejang marang putrane.
Ing ngisor iki watake si Lancang yaiku kajaba… .
Ora syukur marang kanugrahaning Gusti
Setiti nyambut gawe
Ora sabar babagan uripe
Seneng nggersula
Gampang riweng
Tatacarane meragakake peran paraga ing drama kayata ing ngisor iki, kajaba… .
Nggatekake watak paraga
Nggatekake watak pamirsa
Nggatekake intonasi
Nggatekake mimic
Nggatekake swara
Singgih : “ Adhuh padharan kula sakit , Bu. Pasuryan kula ngantos putih memplak niki, Singgih luwe bu, maag kula kumat.”
Arin : “ Ana apa Mas? Sing lara apane Mas?
………………………………………………….
Bapak : “ Ana apa ta Le, kok geger lan regejegan (padu) karo adhimu?”
Singgih : “ Arin punika lho Pak, remenipun nggodhani terus garai abang kupinge. Remenipun …..”
Bapak : “ Karepe Arin ya apik, nanging…….
Singgih : “ Nanging kados pundi Pak?
Bapak : “ Ya dadi wong iki sing laku prihatin sithik ngono to Le. Aja tiru-tiru kulawarga sing sugih, esuk-esuk wis cumepak sarapane, lawuhe enak yen sekolah sanguine akeh, tumpakane Mersi, sandhang penganggone sarwo apik, ora padha gelem prihatin utawa tirakat”. Nglakoni kaya mengkono kudu cilik atine ,Supaya bisa dadi wong kang adigang,adigung adiguna.
Arin : “ Lho kuwi dirungokke Mas”.
Ibu : “ iya Lhe. Kabeh ngendikane Bapak bener, dadi wong ki sing gelem prihatin lan Nrima ing pandum.
Busananing basa kang awujud tembung saroja ana ing pacelathon kasebut yaiku….
Nrima ing pandum
Adigang adigung adiguna
Cilik atine
Putih memplak
Abang kupinge
Dewi Shinta wis kalakon dicolong dening Rahwana diboyong menyang Kraton Ngalengkadiraja. Dewi Shinta dipapanake ing Taman Keputren. Ing Taman mau Dewi Trijatha kang bisa ngarih-arih lan nglelipur Shinta supaya gelem mangan. Dewi Trijatha kuwi putra atmajane Gunawan Wibisana. Gunawan Wibisana iku adhine Dasamuka. Dadi Dewi Trijatha iku isih ponakane Rahwana. Dewi Trijatha ayu lan alus bebudene, ora kaya buta ngalengka.
Anoman wis dadi dhuta utusane Ramawijaya, mula banjur njujug menyang Taman Keputren. Ing kono Anoman bisa nemoni Dewi Shinta lan Dewi Trijatha, malah bisa ngaturake Ali-ali (Sesupe) Nanging nalika arep bali malah konangan Prajurit, banjur disowanake Prabu Rahwana. Kacarita Anoman ya si Kethek putih nlakoni paukuman di obong. Nanging sanajan diobong ora kobong amarga sekti mandraguna. Malah Kraton Ngalengka sing kobong dadi awu.
Tokoh antagonis ana ing crita kasebut yaiku …
Dewi trijatha
Anoman
Rahwana
Dewi Sinta
Gunawan W
Ing bug sacedhake prapatan, katon nom-noman kang lagi padha cangkrukan.
Tomo : Cangkrukan sore-sore ngene iki enak banget ya? (sambimolet)
Hasan : Iya Tom, bener. Aku ya seneng banget, bisa ngerti wong sliwar-sliwer.
Salim : Padha… Aku iya. Amerga… aku ora perlu nunggu toko ing omah. (ngadeg)
Hasan : (ngethak Salim) Pancen anak duraka kowe iku Lim… Lim…, dikongkon mbokmu jaga toko kok malah dolan.
Saka punggelan teks drama ing dhuwur setting panggonan lan wayahe, yaiku ...
ing tengah sawah wayah esuk
ing tengah desa wayahe sore
ing bug prapatan wayah sore
Ing ngarep omah wayah isuk
Ing bug prapatan wayah bengi
bapak: Ibu, anakke dhewe ngunduri gedhe, ayo enggal-enggal disiapake dana pendidhikane.
ibu: iya pak, iki ibu wis usaha nyimpen saka sisane dhuwit belanja, iya wes pa kayo geg sarapan ndang budhal kerja.
saka pacelathon kasebut latar wektune yaiku...
wayah wengi
wektu esuk
rumah makan
susah
omah
Klething Abang: Klething kuning cepet mrene! arep lunga menyang kutha, iki kumbahan ndang dikumbah!
Klething Kuning: Inggih Mbak Yu sendika dhawuh
Saka pacelathon drama ing nduwur, watek Klething Abang yaiku ....
kumalangkung (sombong )
gampang iri
galak
wicaksana
sabar
Kencana Sari : Eh Kencana Wungu, cepet mrene. Ora ndang milih klambi. Iki lho aku wis oleh sing regane larang.
Kencana Wungu : Iku lho Mbakyu...mesakne banget. Ana bocah cilik lusuh, kuru lan punuken.
Kencana Ayu : Wis ta Dhi, ora usah dideleng wae bocah iku. Sing penting ndang blanja, ben ndang cepet bali menyang kraton.
Latar panggonan saka perangan teks kasebut, yaiku ....
omah
sendhang
kraton
alas
pasar
Prastawa-prastawa iki ditengeri anane gantine paraga utawa panggonan lan wektu, diarani...
epilog
prolog
dialog
adegan
babak
Laku-lakuning crita (alur) jroning drama diarani...
plot
konflik
panggung
sound
setting
Sing ora kalebu struktur drama, yaiku... .
setting
prolog
pacelathon/dialog
adegan
babak
Paraga drama sing mung dianggep geganep wae diarani...
antagonis
protagonis
penonton
figuran
sutradara
