wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ULANGAN HARIAN 3 B.JAWA SEMESTER 2

Total questions: 10

Worksheet time: 30mins

Name
Class
Date
1.

Jamane wis maju kepingin weruh kahanan negara manca utawa endahe papan wisata cukup disawang saka layar HP.

Paribasan sing cocog kanggo ukara mau yaiku....

a)

Donya tansanya modern

b)

Donya ambane mung sagodhong kelor

c)

Donya tansaya tuwa

d)

Donya wis ilang sorote

2.

Blanja online iku tegese........

a)

Blanja sing carane menyang mulih numpak line

b)

Blanja sing bayare ora nganggo dhuwit langsung

c)

Blanja sing ora prelu menyang pasar

d)

Blanja sing migunakake sarana internet

3.

Ing ngisor iki sing klebu jinise cangkriman pepindhan yaiku...

a)

cilikk ora wedhakan yen gedhe wedhakan

b)

sore-sore ngombe kopi nasginthel

c)

sega sakepel di rubung tinggi

d)

wong mati dilompati kucing urip

4.

Bapak pucung ,maburmu ngungkuli gunung

Mabur ing angkasa

Awit dayane si angin

Lamun udan mudhun mung kari rangkangan


Tembang mau awujud cangkriman.Batangane.......

a)

korekan

b)

montor mabur

c)

layangan

d)

anting-anting

5.

Pegaweane wis rampung ,malah menek.

Batangane yaiku.......

a)

ngedhuk sumur

b)

ndandani gentheng bocor

c)

ngethok wit-witan

d)

tukang kayu

6.

Yen nulis angka Jawa sing dibarengi ukara,carane kudu diwenehi....

a)

pada lingsa

b)

pada lungsi

c)

pada pangkat

d)

pada guru

7.

Ing dhuwure lawang ana ceceke.

Yen ceceke ilang lawang owah dadi....

a)

lawa

b)

luwe

c)

luwung

d)

lawu

8.

Pak jani tuku pedhet loro.Sawise rong taun pedhete wis ora ana,amarga..........

a)

dicolong uwong

b)

didol dening pak Jani

c)

dikekne uwong

d)

pedhete wis dadi sapi

9.

Ati-ati yen sepedhahan montor,ana polisi tidur.

Sing dikarepake ukara polisi tidur yaiku....

a)

polisi sing turu karo jaga keamanan

b)

polisi sing keturon nalika njaga lalu-lintas

c)

polisi sing turu amarga bar piket bengi

d)

Gundhukan sing ana tengah-tengahe dalan

10.

Dicokot bongkote,sing kalong pucuke.

Cangkriman mau batangane...........

a)

nggawa pring

b)

ngundhuh blonceng

c)

wong ngrokok

d)

wong mangan tebu