wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

POSTEST CERKAK

Total questions: 10

Worksheet time: 6mins

Name
Class
Date
1.

Cerkak kabentuk saka unsur-unsur intrinsik kaya kang kasebut ing ngisor iki, kajaba...

a)

Tema

b)

Kondisi Sosial

c)

Alur

d)

Penokohan

2.

Langit wulan april tansah peteng ndhedhet kaya-kaya arep ambruk, dasar nganggo angin gedhe lan bledhek nyamber-nyamber. Unsur kang katon ing pethilan cerkak kasebut yaiku...

a)

penokohan

b)

amanat

c)

setting

d)

alur

3.

Gatekna wacan cerkak ing ngisor iki!        

Tinimbang ana omah mung nganggur lan ngenteni ditakonake anake wong, karuwan lunga nggolek pengalaman nggolek upa aneng kutha, ucape Kinanthi nalika ngajak Tangguh mangkat Semarang. Pranyata Tangguh uga sarujuk. Lan saiki wis genep setaun anggone bebarengan sinau nyambung nyawa ing kutha atlas.        “Mbak, nyuwun kentang goreng kalih es lemon tea malih, inggih.” “Inggih, Mbak,” pelayan mau mesem.        Tangguh nyawang kancane. Dheweke ngerteni menawa Kinanthi lagi nandang susah ing batin mlayune kudu mangan enak lan akeh. Dheweke gumun, kenangapa kancane sinarawedhi iku ora bisa mbukak atine kanggo nrima tresnane wong lanang. Kamangka wis akeh banged priya sing nyedhaki lan karep ngrengkuh Kinanthi.         “Kenangapa ta, Kin, apa ta, kurange Mas Sudibya? Priyantune nggantheng, nyambut gawene wis mapan. Superviser ing kantormu, ta?” pitakone Tangguh.        “Piye ya, Ngguh, Mas Sudibya ora tipeku, kurang cocog, tur meneh, aku durung kepingin sinau katresnan. Esih akeh cita-cita lan kepinginan sing pingin takranggeh,” sinambi dolanan sedhotan ing lambene, Kinanthi nyauri. Saka cerita kasebut, Kinanthi nduweni sipat….

a)

Teteg

b)

sabar

c)

welas asih

d)

kemayu

4.

Gatekake pethilan cerkak ing ngisor iki!

Katon saya suwe srengenge saya mlaku mulih nyang parane. Sumiyati isih wae lungguh karo ngelap eluhe. Disawang foto ibune kang ana ing tangane. Dheweke isih lungguh ana ngisor wit randhu, ora nglegewa yen Winarto wis ana ing mburine.Saka pethilan cerita cekak ing ndhuwur, pesen kang kakandhut yaiku ….

a)

Sumiyati mung predhuli marang Winarto

b)

Sumiyati putra kang bekti marang ibune

c)

Sumiyati putra kang bhekti marang Winarto

d)

Winarto seneng ndelik ngamati Sumiyati

5.

pokok masalah ingkang wonten ing cerkak disebut...

a)

paraga

b)

sinopsis

c)

amanat

d)

tema

6.

pesen ingkang dipunsampeke pengarang marang pamaos di sebut...

a)

Latar

b)

pamawas

c)

amanat

d)

busananing basa

7.

Unsur kang ana gegayutane karo wektu, swasana, lan lingkungan sosial ing cerkak diarani ....

a)

tema

b)

alur

c)

latar

d)

paraga

8.

Ing ngisor iki katrangan ngenani isine cerkak, kajaba...

a)

Katrangan cerkak awujud gancaran

b)

Njelentrehake carane nggunakake sawijining barang

c)

Musatake crita ana ing salah sawijining tokoh

d)

Rampung diwaca sapisan

9.

Jinise cerkakkang ngandharake prakara-prakara kang kerep dipraungguli ing masyarakat diarani...

a)

Roman sacuwil

b)

Crita misteri

c)

Crita cekak sejati

d)

Crita alaming lelembut

10.

Saben dina Jumat Pak Karman mbagi sega bungkusan gratis kanggo jamaah sholat Jumat kang mulih saka jumatan. Pak Karman, sejatine dodolan sega bungkusan ing sebrange mesjid. Batine ora akeh. Nanging piyambakipun seneng bagi-bagi sega bungkusan senajan iku dagangan kang bakal didol gawe panguripan sabendinane.

Wewatekan saka Pak Karman, yaiku ...

a)

Seneng tinular

b)

Wicaksana

c)

Andhap Asor

d)

Loman