wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa

Total questions: 20

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.

Tembung wayang dumadi saking punapa ?

a)

sayang-sayang

b)

wahahané Hyang

c)

sembayang

d)

wayahé mbayang

e)

Hyang Gusti

2.

Babonipun cariyos wayang wonten kalih (2), inggih punika Ramayana & Mahabharata.

Tembung Ramayana nggadhahi teges punapa ?

a)

Rama dalah Ayana

b)

pagelaran Rama

c)

kisah Rama Shinta

d)

katresnanipun Rama

e)

lampahing Rama

3.

Begawan Vyasa ingkang nganggit cariyos punapa ?

a)

Ramayana

b)

Wayang

c)

Mahabharata

d)

Pandawa Kurawa

e)

Wahanané Hyang

4.

Ngandhap punika pundi ingkang kalebet jinising wayang ing tlatah Jawa ?

a)

Menak

b)

Mahabharata

c)

Asmarabangun

d)

Sekartadji

e)

Ramayana

5.

Wayang Kancil kalebet jinising wayang punapa ?

a)

Gedhog

b)

Purwa

c)

Beber

d)

Modhern

e)

Madya

6.

Wayang punapa ingkang migunakaken mori ingkang dipunsungging gegambaran ?

a)

Potehi

b)

Gedog

c)

Beber

d)

Purwa

e)

Wahana

7.

Wayang punapa ingkang nyariosaken lakon Raden Panji Inu Kertapati saha Dewi Sekartaji ?

a)

Suluh pancasila

b)

Gedhog klithik

c)

Kulit purwa

d)

Golék menak

e)

Purwa gedog

8.

Wayang ingkang nyariosaken lakon Mahabharata & Ramayana, inggih punika .....

a)

Kulit purwa

b)

Golék menak

c)

Kulit betawi

d)

Wong

e)

Kancil

9.

Gambar wayang punika nggadhahi watak punapa ?

a)

Angkara

b)

Budi ingkang alus

c)

Bangsawan

d)

Buta

e)

Pandhita

10.

Miturut gambar punika, saged dipuntitiki ciri punapa ?

a)

Pasuryanipun jené

b)

Grananipun lancip

c)

Nétra ketingal kalih

d)

Paningalipun sithip

e)

Suku ngagem cenéla

11.

Ing pagelaran wayang, gambar punika mralambangaken punapa ?

a)

manungsa

b)

bulan, lintang, srengèngè

c)

langit

d)

pangan, sandhang, papan

e)

bumi

12.

Punapa nama prajanjén minangka linambaran hadeging Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat ?

a)

Linggarjati

b)

Renville

c)

Roem Royen

d)

Bongaya

e)

Giyanti

13.

Pangéran Mangkhubumi kaliyan VOC ngawontenaken pirembagan kanggé mungkasi perang.

Pundi ing ngandhap punika ingkang boten kalebet wosipun pirembangan ?

a)

Panguwaos Mataram ajejuluk Sunan

b)

Sepalih wewengkon Mataram kagunganipun Pangéran Mangkhubumi

c)

Punjering kraton mapan ing alas Mentaok

d)

Panguwaos Mataram ajejuluk Datuk

e)

Wewengkon Mataram kapérang pinara sigar semangka

14.

Punapa ajejulukipun Pangeran Mangkubumi sasampunipun madeging Raja ?

a)

Sampèyan Dalem Ingkang Sinuwun Kanjeng Susuhunan Senapati Ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama Kalifatullah

b)

Ngarsa Dalem Sampèyan Dalem Ingkang Sinuhun Sri Sultan Hamengku Bawana Ingkang Jumeneng Kasepuluh Surya ning Mataram, Sénapati ing Alaga

c)

Susuhunan ing Mataram Sénopati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang Tuhu Naréndra Mandiréng Amengku Tlatah ing Nuswa Jawa

d)

Sultan Hamengku Bhuwana Sénapati ing Alaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama Kalifatullah

e)

Ngarsa Dalem Ingkang Sinuwun Kanjeng Susuhunan Senapati Ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama Kalifatullah

15.

Tetenger madegipun Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat kinanthi Candrasengkala Dwi Naga Rasa Tunggal, ingkang ateges taun punapa ?

a)

1682 taun Masehi

b)

1756 taun Jawa

c)

1755 taun jawa

d)

1755 taun Masehi

e)

1682 taun Jawa

16.

Ngandhap punika minangka garis imajiner Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat, kejawi punapa ?

a)

Gunung Merapi

b)

Tugu Pal Putih

c)

Panggung Krapyak

d)

Segara Kidul

e)

Kusumanegara

17.

Punapa nama bregada ing gambar punika ?

a)

Mantrijeron

b)

Bugis

c)

Nyutra

d)

Patangpuluh

e)

Wirabraja

18.

Punapa titikanipun bregada ing gambar punika ?

a)

Klèbèt/gendéra winastan Cakraswandana

b)

Dwajanipun nama Kanjeng Kyai Trisula

c)

Tetabuhanipun Gendhing Mars Bulu-bulu

d)

Busana awujud rasukan saha clana warni pethak kanthi garis abrit ing pérangan jajanipun

e)

Busana awujud sikepan lurik, clana panji lurik, sepatu pantopel cemeng, mojah pethak

19.

Punapa nama tugu minangka wujuding tugu asli ing wewengkon Ngayogyakarta punika ?

a)

Golong gilig

b)

Pal putih

c)

Garis imajiner

d)

Patung Sumbu

e)

Tugu Jogja

20.

Wonten pinten bregada ingkang taksih njagi Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat ?

a)

8

b)

9

c)

10

d)

11

e)

7