NEW
Font size
WorksheetsCrita Rakyat
Total questions: 15
Worksheet time: 8mins
Ing sajroning unsur Instrinsik crita rakyat, kang ana sambung rapete karo papan, wektu lan swasana iku diarani ....
tema
alur
watak
latar
Ing ngisor iki ora kalebu unsur-unsur cerita rakyat yaiku ....
alur
setting
ending
penokohan
Wacanen pethilan cerita rakyat ing ngisor iki!
Ing ereng-erenge Gunung Bromo ana kulawargakang rukun banget lan tentrem uripe, yaiku Kyai seger lan nyai Anteng, esuk umun-umun dheweke wis padha tangi, metu saka omahe saperlu golek angin seger. Sesawangan kang edi peni ing saindenging ereng-ereng Browo nuwuhake rasa kang ngresepake tumprap wong sakloron, senadyan wis ora enom maneh. Kahanan kang ngresepake iku pranyata ora langgeng. Wong sakloron rumangsa kaganggu solahe kahanan. Nalika iku srengenge lagi bae muntub-muntubing gigire Gunung Bromo. Sunaring bagaskara numusake anget ing saranduning badan.
Pethilan cerita rakyat ing dhuwur nuduhake perangan crita rakyat ing ....
latar
amanat
tema
penokohan
Rerangkening kadadean ing sawijining crita rakyat diarani ....
amanat
alur
latar
tema
Crita kang isine nyritakake kepahlawanan diarani ....
legendha
fabel
narasi
epos
Kang diarani mitos, yaiku ...
Cerita sing kedadeyan ing alam daratan,segara utawa langit, paragane manungsa sekti,dewa, kewan kang nduweni kasekten ora masuk akal
Cerita sing kedadeyan bumi lan petilasane arupa watu, wit, gunung,kali lsp
Cerita sing ngayawara ora bisa dipercaya
Cerita ringkasan saka alur kang dawa dadi cendhak
Kang diarani legenda, yaiku ...
Cerita sing kedadeyan ing alam daratan,segara utawa langit, paragane manungsa sekti,dewa, kewan kang nduweni kasekten ora masuk akal
Cerita sing kedadeyan bumi lan petilasane arupa watu, wit, gunung,kali lsp
Cerita sing ngayawara ora bisa dipercaya
Cerita ringkasan saka alur kang dawa dadi cendhak
Kang diarani sinopsis yaiku ....
Cerita sing kedadeyan bumi lan petilasane arupa watu, wit, gunung,kali lsp
Cerita ringkasan saka alur kang dawa dadi cendhak
Cerita sing ngayawara ora bisa dipercaya
Cerita sing kedadeyan ing alam daratan,segara utawa langit, paragane manungsa sekti,dewa, kewan kang nduweni kasekten ora masuk akal
Mbok Randha Dhadhapan lungguh ing sapinggiring kali. Dumadakan Mbok Randha Dhadhapan weruh sawijining barang kang cumlorot ing satengahing kali kang asat iku. Mbok Randha Dhadhapan kaget banjur ngadeg marani barang kang cumlorot ing tengah kali iku. Eba gumune dheke nalika weruh ana keyong kang ketindhihan watu. Ora sranta dhewkw banjur njupuk watu kang nindhihi keyong iku. Sawise watu dijupuk, dheweke banjur njupuk keyong mau lan dilebokake ing genthonge. Mbok Randha Dhadhapan nuli bali mulih menyang gubuge.
Watake Mbok Randha Dhadhapan, yaiku ...
sregep
seneng tetulung
seneng melik barang liyan
seneng golek pangan
Krungu pambengoke Buta Ijo, Mbok Randha ndredheg. Mbok Randha nginjen kahanan njaba gubuge saka sela-selane gedheg gubuge.
Latar swasana pethikan crita kasebut, yaiku ...
seneng
susah
wedi lan kuwatir
wani
Dhek jaman biyen ing sawijining desa, ana sawijining ibu kang urip ijen. Dening wong-wong ibu iku diundang kanthi jeneng Mbok Randha. Mbok Randha wis suwe ditinggal mati dening sisihane. Mbok Randha iku ira duwe anak lan sedulur liyane. Saben dina Mbok Randha iku tansah memuji lan dedonga marang Gusti kang Murbeng Dumadi, amrih diparingi anak saengga dheweke ora urip ijen maneh.
Nilai luhur ing pethilan crita kasebut, yaiku ...
nilai keagamaan
nilai sosial
nilai kerukunan
nilai keadilan
Babagan kang biyasane diandhut ing sajroning crita rakyat yaiku...
budi pakerti
nilai moral
nilai sosial lan bud pakerti
pitutur luhur lan kautaman ing budi pakerti
Setitekna pethilan crita rakyat ing ngisor iki!
Mitos Dewi Sri
Sawijining tradhisi lesan kang isih urip lan dijaga nganti saiki yakuwi ngenani mitos Dewi sri minangka Dewi Pari utawa Dewi Kasuburan. Awit jaman biyen para leluhur kita mligine suku Jawa wus tepang lan nduweni cara kanggo ngajeni pangan, kayuwi kaya kang kababar ing mitos Dewi Sri.
Mitos Dewi Sri dadi sawijining tradhisi lesan amarga awit jaman mbiyen para leluhur kita wus...
Ngerti wujude Dewi Sri
Nyembah Dewi Sri kang dadi dewi Padi
Duwe cara kanggo ngendhaleni hawa nepsu
Tepang lan nduweni cara kanggo ngajeni pangan
Setitekna wacan ing ngisor iki!
Mitos Dewi Sri
Sawijining tradhisi lesan kang isih urip lan dijaga nganti saiki yakuwi ngenani mitos Dewi sri minangka Dewi Pari utawa Dewi Kasuburan. Awit jaman biyen para leluhur kita mligine suku Jawa wus tepang lan nduweni cara kanggo ngajeni pangan, kayuwi kaya kang kababar ing mitos Dewi Sri.
Mitos ngenani Dewi pangan iki kaunggak jroning maneka sastra Nuswantara kang siji lan sijine ngamot pakurmatan marang Dewi Pari kanthi sebutan rena-rena. Dewi Sri kondhang ing tanah Jawa, Bali, lan Madura. Nyi Pocahi Sang Hyang Dewi sri ing Dhaerah Sunda, Dewi Sri Ine Mbu ing dhaerah Flores, Sanghiang Sri utawa Sangiangseri ing Bugis.
Wujud pakurmatan marang Dewi Sri, yaiku kanthi pagelaran wayang purwa lan maneka warna bebeksan utawa kesenian,kayata tayub. Nalika upacara merti desa kanthi panglipur tayub diwiwiti dening para wanita kang mudhun ing sawah, banjur methik pari siji mbaka siji kanthi piranti ani-ani. Sabanjure pirang-pirang puluh gegem pari kang kapethik iku dipasrahake marang pambeksa tayub utawa ledhek kang wus lungguh ing ngarep gamelan. Gendhing kang dianggo ngiring pisanan nalika nggawa pari ing ngarep ledhek yakuwi gendhing Sri Boyong.
Wujud pakurmatan warga marang Dewi Sri kanthi...
Pagelaran wayang wong
Tayub lan kesenian liyane
Pagelaran wayang purwa lan tayub
Campursari lan dhangdhut
Mbok Randha Dhadhapan menehi bokor kencana marang tamu kasebut.
Tembung liyane kencana, yaiku .…
emas
tembaga
tembikar
perak
