NEW
Font size
WorksheetsEvaluasi BAB Pranatacara Kelas XI
Total questions: 20
Worksheet time: 38mins
1. Pranata adicara menika salah satunggaling paraga ingkang nggadhahi jejibahan … .
A. Caos seserepan dhumateng para rawuh
B. Caos panglipur dhumateng ingkang rawuh ing adicara
C. Nglantaraken titilaksana ing satunggaling adicara
D. Atur pangandikan ing salebetipun adicara
E. Maos adicara
2. Ingkang boten kalebet dasanamane tembung Pranatacara inggih menika ...
A. Panata adicara
B. Panata acara
C. Pambagyaharja
D. Pambiwara
E. Pewara
3. Cecawis sangunipun pranatacara kados ing ngandhap menika, kejawi ….
A. Olah swara
B. Olah basa
C. Olah sastra
D. Olah busana
E. Olah raga
4. Pocapan/lafal pranatacara kedah cetha, wiramanipun sae. Menika ateges nggatosaken ….
A. Olah swara
B. Olah sastra
C. Olah wirasa
D. Olah basa
E. Olah wirama
5. Salah setunggaling sarat dados pranatacara ingkang gamben inggih menika kedah gladhen olah swara ing antaranipun kedah wasis wonten babagan wirama wedharing ukara. Wirama wedharing ukara menika ugi dipunsebat...
A. Artikulasi
B. Lafal
C. Wirama gendhing
D. Intonasi
E. Vokal
6. Paraga pranatacara punika kedah saged ngolah raganipun, ing ngandhap punika ingkang leres dipuntindakaken dening paraga pranatacara inggih menika ....
A. Badan dhoyong
B. Paningalan namung ningali teks
C. Astanipun ngapurancang
D. Tansah lenggah anggenipun ngaturaken acara
E. Mangu-mangu
7. Pranatacara tindak-tandukipun kedah malaksana, tegesipun ….
A. Jumeneng kanthi jejeg
B. Pantes lan tanggap
C. Pocapan cetha lan wijang
D. Luwes lan boten ingah-ingih
E. Anteb, anteng, boten rongeh
8. Nalika dados pranatacara kedah maraga, tegesipun ….
A. Mrantasi lan ngentasi gawe
B. Mantep lan boten rongeh
C. Jumeneng jejeg, boten dhoyong
D. Enthengan lan ngentasi karya
E. Trampil, sembada ing karya
9. Pranatacara kedah tanggap ing swasana, saged gumbira, saged kucem nawung duhkita menika ateges pranatacara ngugemi prinsip ….
A. Matanggap
B. Mawwat
C. Magatra
D. Mawastha
E. Malaghawa
10. Tuladha wicara pranatacara ingkang leres inggih menika….
A. Adicara ingkang angka gangsal inggih menika lain-lain
B. Dumugi adicara ingkang kaping gangsal inggih menika mancawarni
C. Acara ingkang angka gangsal inggih menika sanes-sanes
D. Susunan acara ingkang pungkasan inggih sanes-sanes
E. Sapunika susunan adicara ingkang angka gangsal inggih menika acara adiwarni
11. Ukara ingkang trep kangge murwakani adicara tuladhanipun ….
A. Ingkang sepindhah sumangga kita dedonga rumiyin.
B. Kangge mbikak adicara punika sumangga kita dedonga miturut agami sowang-sowang.
C. Pertami-tami sumangga kita sesarengan panjataken marang Gusti Allah.
D. Ingkang sepisan sumangga kula lan panjenengan ngaturaken puji syukur dhateng Gusti Ingkang Maha Agung.
E. Kula minangka pranata adicara badhe ngaturaken rantamaning adicara ing dinten menika.
12. ”Para pepundhen para pinisepuh ingkang dahat kinabekten”. Ukara menika kalebet perangan ...
A. Salam pambuka
B. Tetepungan
C. Atur pangayubagya
D. Atur pakurmatan
E. Atur puji syukur
13. Dipungatosaken urutan menika!
(1) Ancasing Gati
(2) Atur Pamuji
(3) Salam Pambuka
(4) Panutup
(5) Salam Panutup
(6) Atur Pakurmatan
Urutan struktur teks pranatacara kasebat ingkang leres inggih menika…
A. 1 , 2 , 3 , 4 , 5 , 6
B. 1 , 3 , 2 , 6 , 5 , 4
C. 2 , 6 , 3 , 1 , 5 , 4
D. 3 , 6 , 2 , 1 , 4 , 5
E. 3 , 2 , 6 , 1 , 4 , 5
14. Babagan solah bawa/ trapsila nalika ngandharaken pranatacara inggih menika...
A. Wibawa
B. Wirasa
C. Wiraga
D. Wirama
E. Wicara
15. Metode maos pranatacara ingkang ngginakaken catetan alit inggih menika...
A. Impromtu
B. Ekstemporan
C. Naskah
D. Apalan
E. Dadakan
16. Supados saged ngolah basa lan sastra pranatacara kedah saged mangertosi ….
A. Paramasastra
B. Unggah-ungguh
C. Tatakrama
D. Unggah-ungguh lan tatakrama
E. Undha-usuk
17. Kanthi pangertosan paramasastra pranatacara saged ndhapuk mocap, tembung, ukara, wacana kanthi laras lan leres. Laras tegesipun ….
A. Pranatacara saged ngrantam trep kaliyan kawontenan saha swasana.
B. Pranatacara saged ngrantam saha mbabar titi laksana trep kaliyan kawontenan saha swasana.
C. Saged ngginakaken basa ingkang trep kaliyan paramasastra.
D. Pranatacara saged nguwaosi kawontenan kanthi sae.
E. Saged maos titi laras kanthi trep.
18. Adicara ingkang angka sekawan inggih menika panutup .... mbok bilih wonten atur ingkang kirang nuju prana saha tindak tanduk kirang nengsemaken, kanthi andhap asoring manah kula nyuwun agunging samudra pangaksami.
Ceceg-ceceg wonten nginggil supados jangkep saged dipunisi ukara ....
A. Sumangga sareng-sareng kita wiwiti adicara pepanggihan ing dinten menika.
B. Purnaning wedharing diskusi menika mratandhani bilih adicara sampun paripurna.
C. Mekaten pangandikan saking Bapak Ketua Sekolah.
D. Mugi-mugi adicara ingkang karantam menika saged lumampah kanthi winantu barokah saking gusti Allah SWT.
E. Mekaten menggah runtut reroncening titi laksana adicara pepanggihan ing enjang menika.
19. Ingkang saged dipunaturaken dening pranatacara wonten ing perangan panutup kados ing ngandhap menika, kejawi ….
A. Ngaturaken pambagyaharja
B. Nyuwunaken pangapunten kagem ingkang hamengku gati/panitya
C. Nyuwun pangapunten menawi anggenipun nindakaken ayahan pranatacara wonten lepatipun
D. Ndherekaken ndedonga
E. Salam panutup
20. Dhumateng bapa Slamet ingkang kula ... saha para kadang ingkang kula tresnani. Tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara kasebat inggih menika....
A. Tresnani
B. Urmati
C. Kinabekten
D. Minulya
E. Bagya
