wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

SESORAH #2

Total questions: 20

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.

Ngandaraken gagasan kanthi lisan ing ngajengipun tiyang kathah

a)

Sesorah

b)

Wara-wara

c)

Pambyawara

d)

Pranatacara

2.

Dasanamanipun sesorah

a)

pamedhar sabda

b)

titah sabda

c)

sabda dalem

d)

sabda geni

3.

Sesorah kanthi cara dadakan, diwastani ...

a)

manuskrip

b)

impromtu

c)

memoriter

d)

ekstemporan

4.

Ingkang kinurmatan kepala sekolah,

ingkang kula hormati bapak lan ibu guru,

saha kanca-kanca ingkang kula tresnani.

a)

Salam pambuka

b)

Pambuka

c)

Atur pakurmatan

d)

Pamuji

5.

Perangan pambuka ing sesorah yaiku ..

a)

salam pambuka, surasa, panutup

b)

salam pambuka, atur pakurmatan, pamuji syukur

c)

salam pambuka, pamuji syukur, surasa

d)

pambuka, surasa, panutup

6.

Mugi-mugi kula lan panjenengan ditebihaken saking virus punika, lan virus punika enggal ical saking donya, Aamiin.

a)

Surasa

b)

Panutup

c)

Pangajeng-ajeng

d)

Salam panutup

7.

Cara nyegah virus punika ingkang kapisan, wijik mawi sabun paling sakedhik 20 detik. Kaping kalih Physical distancing utawi wicanten kaliyan tiyang sanes paling sakedhik wonten jarak 2 meter punika wigatos sanget. Kaping tiga, menawi kedah medal saking griya, kedah ngagem masker. Kaping sekawan, enggal periksa dhateng griya sakit menawi wonten gejala watuk, benter, lan ambekanipun sesek. Ingkang pungkasan, menawi mboten wonten masalah ingkang wigatos, tetep wonten griya mawon.

a)

Pambuka

b)

Surasa

c)

Panutup

d)

Pangajeng-ajeng

8.

Cekap semanten saking kula, menawi wonten kelepatan kula nyuwun pangapunten.

a)

Surasa

b)

Panutup

c)

Pangajeng-ajeng

d)

Nyuwun pangapunten

9.

Perangan panutup ing sesorah

a)

pangajeng-ajeng, nyuwun pangapunten, salam panutup

b)

surasa, pangajeng-ajeng, salam panutup

c)

surasa, pangajeng-ajeng, pamuji syukur

d)

pambuka, surasa, panutup

10.

ingkang kajawi ukara salam panutup ...

a)

Sugeng siyang

b)

Nuwun

c)

Wassalamualaikum warohmatullahi wabarokatuh

d)

Sugeng rawuh

11.

Ingkang kajawi ukara salam pambuka ...

a)

Nuwun

b)

Sugeng siyang

c)

Assalamualaikum warohmatuhi wabarokatuh

d)

Ingkang kinurmatan

12.

Surasa basa menehi andharan ngenani ...

a)

panutup

b)

purwaka

c)

dudutan

d)

isi

13.

jinising sesorah wonten sekawan, inggih menika ... .

a)

langsung, maos teks, dadakan, ekstemporan

b)

apalan, maos teks, impromtu, ekstemporan

c)

apalan, maos teks, dadakan, impromptu

d)

apalan, langsung, maos teks, dadakan

14.

Sesorah ingkang dipunayahi kanthi damel seratan teks rumiyin lajeng dipunapalaken tembungipun ngantos ukaranipun persis kaliyan teks sinebut sesorah ... .

a)

apalan

b)

impromptu

c)

maos teks

d)

ekstemporan

15.

Sesorah ingkang dipunayahi kanthi ngasta cathetan alit minangka gaman utawi pangemut-emut urutaning ingkang badhe dipunngendikakaken sinebut sesorah ... .

a)

apalan

b)

impromptu

c)

maos teks

d)

ekstemporan

16.

Sangu nalika sesorah menika wonten gangsal ingkang kawastanan sekawan wa setunggal ba, inggih menika ... .

a)

wicara, wirasa, wiraga, wibawa, basa

b)

wirama, wirasa, wicara, basa, busana

c)

wicara, wirama, wiraga, wirasa, busana

d)

wicara, wirasa, wiraga, wibawa, busana

17.

Nyocogaken ebahipun salira kaliyan punapa ingkang nembe dipunwedharaken kalebet sanguning sesorah bab ...

a)

wicara

b)

wirama

c)

wiraga

d)

wirasa

18.

Saged nyurasa saha mangertosi kanthi saestu punapa ingkang dipunadharaken nalika sesorah inggih menika kalebet sangu bab ... .

a)

wicara

b)

wirasa

c)

wirama

d)

wiraga

19.

Jinising sesorah ingkang ancasipun kangge nampi rawuhipun para tamu inggih menika ... .

a)

tanggap wacana

b)

pangajak

c)

pambagyaharja

d)

atur panglipur

20.

Nalika ngandharaken sesorah pamicara kudu nggatekake munggah-mudhune swara lan cepet-lendhete swara, awit saka iku pamicara kudu nggatekake ….

a)

Wicara

b)

Wirama

c)

Wiraga

d)

Wirasa