Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Unggah-Ungguh

Total questions: 20

Worksheet time: 23mins

Name
Class
Date
1.

Aisha : “Mbak, panjenengan mau wis dhahar durung ta?”

Mbak Deska : “Durung je Dhik, lha arep maem ketungka ana tamu.”

Undha-usuking basa ingkang dipunginakaken dening Aisha ing pacelathon kasebat, inggih menika ....

a)

ngoko alus

b)

krama alus

c)

ngoko lugu

d)

krama inggil

2.

Ibu : “Dit, anggonmu bali sekolah mengko jam pira?”

Adit : “ Kula ................ sonten Bu.”

Tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara kasebat, inggih menika ....

a)

wangsul

b)

kondur

c)

tindak

d)

kesah

3.

Basa ngoko digunakake kanggo guneman ...

a)

bocah enom marang wong tuwa kang wis akrab

b)

bocah enom marang wong tuwa

c)

wong tuwa marang wong enom

d)

wong kang lagi kenal

4.

Bapak .......... adhiku dhuwit 20 ewu.


tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara kasebut inggih menika .....

a)

menehi

b)

nyaosi

c)

maringi

d)

nyukani

5.

Bapak ora sida ........... amarga sikile aboh.


tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara kasebut inggih menika .....

a)

kesah

b)

mlampah

c)

bidhal

d)

tindak

6.

Ragam basa/jinis ukara iku kaperang dadi 4. Apa wae?

a)

ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, krama alus

b)

ngoko lugu, ngoko alus, krama madya, krama inggil

c)

ngoko kasar, ngoko lugu, krama lugu, krama alus

d)

ngoko kasar, ngoko lugu, krama madya, krama alus

7.

Wong enom marang wong tuwa, murid marang gurune kuwi sing trep nggunakake ragam basa/jinising ukara ....

a)

krama lugu

b)

krama alus

c)

krama madya

d)

krama desa

8.

Bapak tindak dhateng peken.

ukara kasebut kalebu ragam basa/jinis ukara ....

a)

ngoko alus

b)

ngoko lugu

c)

krama lugu

d)

krama alus

9.

Yen mung kaya ngono wae, aku mesthi ya bisa.

ukara kasebut kalebu ragam basa/jinis ukara ....

a)

krama lugu

b)

ngoko lugu

c)

krama alus

d)

ngoko alus

10.

Pak, kula badhe ... kalawingi kula mboten mlebet sekolah amargi sakit.

tembung kang trep kanggo ngisi ceceg ing dhuwur yaiku....

a)

ngomong

b)

matur

c)

ngendikan

d)

celuluk

11.

Dipun sekecakaken anggenipun..., kula ugi nembe kemawon ....


Tembung tembung sing trep kanggo nyampurnaake ukara kasebut ....

a)

Dhahar, dhahar

b)

Nedha, mangan

c)

Nedha, dhahar

d)

Dhahar, nedha

12.

Ing ngisor iki kang dadi titikane basa ngoko alus yaiku...

a)

tembung ngoko kang kacampuran tembung krama

b)

tembung ngoko kang ora kacampuran tembung krama

c)

tembunge ngoko kabeh

d)

tembunge krama kabeh

13.

Basa ngoko kang ora kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak guneman diarani…

a)

ngoko alus

b)

krama alus

c)

ngoko lugu

d)

krama alus

14.

Mas, sampeyan mengko didhawuhi bapak kesah daleme pakdhe. Tataran basa kang digunakake ing ukara kasebut yaiku...

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama alus

d)

krama lugu

15.

Bapak nembe kemawon...kula mboten wantun nggigah. Ganepe ukara kasebut kang trep yaiku...

a)

tilem

b)

turu

c)

sare

d)

bobok

16.

Kula dikon simbah tumbas gendhis. tembung dikon benere yaiku ....

a)

diaturi

b)

dipunaturi

c)

dipundhawuhi

d)

diken

17.

Omahe budhe wonten Semarang. tembung omahe benere ....

a)

daleme

b)

dalemipun

c)

griyanipun

d)

griyane

18.

Jinising ukara kang trep yaiku ...

a)

krama lugu

b)

ngoko alus

c)

ngoko lugu

d)

krama alus

19.

Jinising ukara kang trep yaiku ...

a)

krama lugu

b)

ngoko alus

c)

ngoko lugu

d)

krama alus

20.

Jinising ukara kang trep yaiku ...

a)

krama lugu

b)

ngoko alus

c)

ngoko lugu

d)

krama alus