wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Kawruh Basa - Tembung Entar

Total questions: 20

Worksheet time: 11mins

Name
Class
Date
1.

Ukara ing ngisor iki sing ngandhut tembung entar yaiku...

a)

Mas Bagas awake gagah prakosa

b)

Amar disenengi kanca-kancane amarga seneng guyon

c)

Arif ora disenengi kanca-kancane amarga entheng tangane

d)

Adik seneng nggawe klambi werna bangjo

2.

Yu Marni kae yen guneman omongane ora temenan, mung lelamisan. Tembung entar kang trep kanggo omongane Yu Marni yaiku ...

a)

abang raine

b)

abang kupinge

c)

abang-abang lambe

d)

abang-abang raine

3.

Jono kae bocahe sugih pangapura lan sabar banget. Tembung entar kang trep kanggo watake Jono yaiku ...

a)

jembar kawruhe

b)

jembar segarane

c)

jembar polatane

d)

jembar dhadhane

4.

Tembung entar kang trep kanggo uwong kang bisa mangan sing sarwa enak yaiku ...

a)

mogel pikire

b)

mogel ilate

c)

mogel raine

d)

mogel wake

5.

Tembung entar lan tegesé ing ngisor iki bener, kejaba ...

a)

Pingget atine tegese serik

b)

Abang-abang lambe tegese ora tenanan/ lamis

c)

Cilik atine tegese sabar

d)

Kethul atine tegese ora isa nampa ngelmu

6.

Tembung Entar yaiku tembung ...

a)

saroja

b)

ungkapan/kiasan

c)

lingga

d)

camboran

7.

Bagyo iku gedhe endhase dumeh anake wong sugih, gedhe endhase tegese ...

a)

sirahe gedhe

b)

seneng nyolong

c)

sombong, gumedhe

d)

ngelu

8.

Aja glethak-glethek yen ndheleh barang, amarga Marsiyem iku dawa tangane, tegese seneng ...

a)

tuku

b)

nyilih

c)

nyolong

d)

dolan

9.

Bu Suyati pancen lobok ... sabar, ora gampang muring

a)

atine

b)

ilate

c)

gulune

d)

tangane

10.

Omongane Yu Lastri kae mung gawe .... lambe wae

a)

gatel

b)

abang-abang

c)

kembang

d)

pingget

11.

Bocah kok senengane mung urun ... wae, ora gelem modal

a)

cangkem

b)

rembug

c)

tangan

d)

omongan

12.

Aja pisan-pisan gawe pingget atine liyan kosok baline kowe kudu aweh panarima! Pingget atine tegese ...

a)

sumelang

b)

sabar

c)

serik

d)

gumedhe

13.

Tembung silihan utawa tembung kang tegese ngedoh saka teges lugune arane ...

a)

tembung entar

b)

tembung saroja

c)

tembung garba

d)

tembung camboran

14.

Dadi uwong kuwi aja ... atine, sing teteg wae kabeh prakara ing dunya kuwi mesthi ana solusine.

a)

serik

b)

sumelang

c)

cilik

d)

lobok

15.

Dadi uwong aja seneng mata ... ndak marai congkrah

a)

abangan

b)

dhuwiten

c)

kethul

d)

cilik

16.

7. Bocah kuwi seneng ngabangake kuping. Ngabangake kuping tegese...

a)

Kupinge dadi abang

b)

Kupinge getihen

c)

Kupinge kabangen

d)

Nggawe nesu

17.

Anggoro kae lagi susah, aja dibebeda. Tembung entar ing ukara lagi susah yaiku ....

a)

mangan ati

b)

ora due ati

c)

rupak atine

d)

sumpeg atine

18.

Niken kae dadi kembang lambe ing sekolahane. Tegese kembang lambe yaiku ....

a)

papujaning ati

b)

dadi omongan

c)

ayu banget

d)

pinter banget

19.

yen dadi uwong iku aja seneng nekak gulu mundak mengko oleh karma saka Gusti kang luwih abot. Tembung nekak gulu tegese ....

a)

seneng nulungi kanca

b)

gawe tatu marang wong liya

c)

gawe pangapura marang liyan

d)

gawe angele liyan

20.

karo kancane mbok aja seneng entheng .... cengkiling

a)

ilate

b)

tangane

c)

endhase

d)

atine