wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

SOAL PTS GENAP BAHASA JAWAKELAS 7

Total questions: 50

Worksheet time: 2hrs 40mins

Name
Class
Date
1.

Dhutane Ramawijaya

a)

Anggada

b)

Anila

c)

Anoman

d)

Sugriwa

2.

Mitrane Prabu Dasarata

a)

Garudha Sampati

b)

Garudha Brihawan

c)

Garudha Harna

d)

Jathayu

3.

Raja Alengka kang nyulik Dewi Sinta saka tangane Rama Wijaya

a)
b)
c)
d)
4.

Garwane Dewi Sinta

a)

Kresna

b)

Rama

c)

Wisnu

d)

Karna

5.

Pasukan kethek putih dipimpin karo ….

a)

Rahwana

b)

Rama

c)

Kumbakarna

d)

Anoman

6.

Karaktere Rahwana yaiku …..

a)

Protagonis

b)

Antagonis

c)

Tritagonis

d)

Baik

7.

Garwane Prabu Ramawijaya yaiku....

a)

Dewi Trijatha

b)

Dewi Kunthi

c)

Dewi Sinta

d)

Dewi Sayempraba

8.

Serat Wulangreh kaanggit dening...

a)

Sultan Pakubuwana IV

b)

Susuhunan Pakubuwana IV

c)

Susuhunan Pakubuwana VI

d)

SUsuhunan Hamengkubuwana VI

9.

Guru gatra yaiku .....

a)

Tibane swara ing pungkasane gatra

b)

Cacahe gatra saben sapada

c)

Cacahe wanda saben sagatra

d)

Tibane swara saben sawanda

10.

sinom iku duweni teges ...

a)

kumambang

b)

lair

c)

anom

d)

cocok

11.

Lan aja nalimpang madha,

mring leluhur dhingin dhingin,

satindake den kawruhan,

ngurangi dhahar lan guling,

nggone ambanting dhiri,

amasuh sariranipun,

temene kang sinedya,

mungguh wong nedheng Hyang Widdhi,

lamun temen lawas enggale tinekan.


tembang ing dhuwur ana pirang gatra?

a)

8

b)

9

c)

10

d)

11

12.

Nuladha laku utama

tumprape ning tanah Jawi

wong agung ing Ngeksigondo

Panembahan Senapati

kapati amarsudi

sudaning hawa lan nepsu

pinesu tapa brata

tanapi ing siyang ratri

amemangun kayenak tyasing sasama


tembang ing dhuwur duweni patokan/paugeran

a)

gatra : 9, wilangan : 8, 8, 8,8, 7, 8, 7,8,12 lagu : a,i,a,i,i,u,a,i,a

b)

gatra : 4, wilangan : 12, 6, 8, 8, lagu : i, a, i, a

c)

gatra : 7, wilangan : 8, 8, 8, 8, 7, 8, 8, lagu : i, a, e, a, a, a, u

d)

gatra : 5, wilangan : 12, 8, 8, 8, 8, lagu : u, i, u, i, o

13.

Werdine/tegese nuladha laku utama yaiku

a)

tansah prihatin

b)

nyonto tumindhak kang becik

c)

tansah gawe senenge wong liya

d)

urip kudu bisa meper hawa lan nepsu

14.

Pratelan kang ateges ngendhaleni hawa lan nepsu, yaiku….

a)

nuladha laku utama

b)

kapati amrsudi

c)

sudaning hawa lan nepsu

d)

tanapi ing siyang ratri

15.

Sasampunipun ngrahapi menapa ingkang sampun sumadya, kasuwun para tamu tumuju papan parepatan awit tata upacara badhe kalajengaken. Basa kang digunakake yaiku …

a)

krama madya

b)

Ngoko alus

c)

Krama inggil

d)

Krama andhap

16.

tembung digawakake yen diowahi dadi ragam ngoko alus dadine....

a)

dibektakake

b)

diastakake

c)

dipunbektakaken

d)

dipunastakaken

17.

Basa kang tembunge ngoko kabeh diarani ...

a)

ngoko alus

b)

ngoko lugu

c)

ngoko biasa

d)

ngoko umum

18.

Sekawan ewu tigang atus selangkung iku angka ...

a)

4025

b)

3425

c)

4325

d)

3045

19.

Ibu tindak peken ... sepedha motor.

a)

numpak

b)

ndherek

c)

nitih

d)

numpak

20.

Nalika aku bali sekolah, Bapak lagi ...

a)

nedha

b)

madhang

c)

dhahar

d)

mangan

21.

ing pasisir, para nelayan ngadakake .... kanggo nambah syukuring gusti kang Maha Luhur

a)

syawalan

b)

sedekah laut

c)

grebeg besar

d)

besaran

22.

Karangan kang isine nggambarake kahanan,panggonan, wong, watak lan liyane saengga wong sing maca kaya-kaya melu ndeleng, melu krungu, lan melu ngrasakake kahanan mau diarani karangan .....

a)

Deskripsi

b)

Narasi

c)

Persuasi

d)

Eksposisi

23.

Sebuah tugu ing ujung utara pulau aceh ngadek degak seng duwure wolong meter. Landasan beton seng persis tangga seng disusun gangsal.Karo panjan lan lebar kira – kira enem meter. Iku terletak ono ing semak belukan ing bilangan jaboi kota madya sabang. Iku ono ing kilometer nol indonesia. Lagu patriotik dari sbang sampai merauke seolah- olah ngilengake neng kuping. Kita tasek nginjak setapak tanah ing paling ujung Barat Nusantara. Lambang garuda ketok megah ngadek ono ing puncak tugu. Ing singor sikil garuda ono relif ing melukiskan ejarah kepulauan ing indonesia.


karangan iki kalebu karangan .....

a)

Narasi

b)

Argumentasi

c)

Eksposisi

d)

Deskripsi

24.

Srengenge isih panas-panase, watara antara jam 2 awan. Karepe ngono Rudi arep ngumbulake layangan. Pamitan ibune, mesti wae ora diparengake. Sing apik kuwi ngumbulake layangan yen wis rada iyup. Kira-kira jam setengah papat. Hawane ora pati ya panas. Nanging Rudi nduwen alasaan yen sore-sore angine wes ora pati banter maneh.

Saka wacan ing nduwur iku, paragane yaiku ... .

a)

Ibu lan bapak

b)

Bapak lan Rudi

c)

Rudi lan adhine

d)

Ibu lan Rudi

25.

Apem iku kalebu panganan tradisional saka Jawa Tengah. Rasane sing legi nanging uga ana kecut- kecute sitik sing gawe apem tambah enak. Ing jaman saiki kue- kue tradisional wis langka amarga saiki wis akeh panganan saka negara liyane sing nyebar ning beberapa wilayah.

Teks ing nduwur iku ndeskripsikake panganan sing jenenge ... .

a)

klepon

b)

apem

c)

lupis

d)

klanting

26.

"Klepon yaiku panganan tradisional wong jawa kang digawe saka glepung beras ketan kang awujud bunder mblondo kang duweni ukuran kaya dolanan bocah. Klepon biasane warnane ijo, nanging ana uga sing warna kuning, abang, lan ora ana warnane.

Teks deskripsi kuwi nyritakake ... .

a)

apem

b)

pukis

c)

klepon

d)

ketan

27.

Lampu neyon madhangi tumpukan buku tema lan buku Basa Jawa. Ana bocah lungguh ngadhepi bukune ing kono, lagi nggarap tugas online saka Bu Guru, sisih tengene ana laci. Uga ana tempelan jadwal pelajaran.

Paragraf ing dhuwur nggambarake ....

a)

meja tamu

b)

meja guru

c)

meja sinau

d)

meja sudut

28.

Pak Lurah saweg ... dateng kantor kelurahan. Anake uga lagi mangkat menyang sekolah.

Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku ....

a)

kesah

b)

tindhak

c)

budhal

d)

mulih

29.

Tumindake Rahwana iku ora becik.Bukti tumindak ora becik yaiku....

a)

Seneng tetulung

b)

Manutan

c)

Ndusta garwane wong liya

d)

Loma

30.

Rama iku duwe watak...

a)

Culika

b)

Wicaksana

c)

Blaka

d)

Galak

31.

Setitekna pacelathon iki!

1. A : “ Bapak benjang dinten Senin diaturi tindak sekolahan.”

B : “ La, ana apa,Le. Kok kadingaren Bapak ditimbali gurumu.”

A : “Anu, pak, ngendikanipun Pak guru babagan beasiswa ngaten.”

B : “ O, ya. Sesuk Bapak tak menyang sekolahmu.”

2. A : “ Mbak, ibuk tindak endi to, kok sepi.”

B : “ Ibuk tindak daleme bu Lurah, jare arep arisan.”

A : “ La Bapak tindak endi, Mbak?”

B : “ Bapak durung kondur seka kantor.”

3. A : “ Mas Bayu, kene pinarak kene sik.”

B : “ Nggih, matur nuwun Pakdhe, menika kesesa.”

A : “ Arep tindak endi to?”

B : “ Badhe methuk Ibu wonten stasiun, Pakdhe.”

4. A : “ Gus, ana PR Basa Jawa apa ora.”

B : “ Ana. Kaca 75 tekan kaca 78.”

A : “ Aku mengko diajari ya, aku durung mudheng.”

B : “ Ya, iki aku tak nggarap Matematika sik.”


Pacelathon kasebut kang nuduhake pacelathon antarane anak lan wong tuwa katuduhake ing angka . . . .

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

32.

Pacelathon kanggo mangsuli pitakonan!

Ibu : “ Ndhuk, tulung tukokke uyah ing warunge mbak Yah.”

Rindi : “ ....................................”

Ibu : “ Aja suwi-suwi, selak dinggo masak.”


Wangsulane Rindi ana ing pacelathon kasebut kang bener yaiku . . .

a)

Nggih, bu

b)

Emoh, bu

c)

Mengko sik, bu

d)

Aja aku ta, bu

33.

Rahwana saya cepet lakune anggone nggondhol Sinta, Sinta kelaran, kabeh perangan awake krasa lara, satemene pengen uwal nanging sansaya kenceng sikepane Rahwana. Uwal tegese ....

a)

Lawan

b)

Ucul

c)

Mateni

d)

Nangis

34.

Tumeka Negara Alengka Sinta dipameri endahing kraton, barang-barang lan prabotan kang edi peni, mawarna-warna mas inten barleyan. Sinta ora gumun lan ora ngrewes. Ngrewes tegese ....

a)

Bungah

b)

Sedih

c)

Peduli

d)

Jengkel

35.

Ratu buta iku jenenge ....

a)

Rama

b)

Sinta

c)

Rahwana

d)

Dasarata

36.

"Nyuwun pangapunten Kisanak, menika tlatah pundi nggih?" pitakone Endang Sukarni marang pawongan desa Dhadapan.


Pitakone Endang Sukarni migunakake basa ....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

37.

Basa ngoko lugu digunakake dening ....

a)

Bocah marang bocah

b)

Wong enom marang wong tuwa

c)

Siswa marang guru

d)

Bocah marang wong tuwa

38.

Tembung krama saka duwe yaiku ....

a)

Purun

b)

Gadhah

c)

Kersa

d)

Kesah

39.

Menawa matur karo bapak guru nganggo basa ....

a)

Krama alus

b)

Krama

c)

Ngoko alus

d)

Goko lugu

40.

Budhe lara, basa krama aluse yaiku ....

a)

Budhe gerah

b)

Budhe sakit

c)

Budhe sare

d)

Budhe tindak

41.

Bu guru nggawa buku. Tembung nggawa krama aluse ....

a)

Mbeta

b)

Ngasta

c)

Nyangking

d)

Pirsa

42.

Ibu : Srengenge wes mlethek, lampu kamarmu yen arep budhal sekolah aja lali dipateni.

Arka : Inggih Bu, kulo mboten ngantos kesupen. Matur nuwun.


Sing nindakake pacelathon ing ndhuwur yaiku ...

a)

Ibu lan Bapak

b)

Arka lan Bapak

c)

Ibu lan Arka

d)

Arka lan Rama

43.

Ibu : Srengenge wes mlethek, lampu kamarmu yen arep budhal sekolah aja lali dipateni.

Arka : Inggih Bu, kulo mboten ngantos kesupen. Matur nuwun.


Pacelathon ing ndhuwur ditindakake wayah dina ...

a)

Isuk

b)

Awan

c)

Sore

d)

Bengi

44.

Pacelathon kudu nggunakake basa krama yen paragane antarane ...

a)

Bocah cilik marang wong tuwa

b)

Wong enom karo wong enom

c)

Wong tuwa karo wong enom

d)

Wong tuwa karo kancane

45.

Ngirit Banyu

Bu Rita : “Adam, Nabil, lagi ngapa?”

Adam : “Kula kaliyan Nabil siram-siram Bu.”

Nabil : “Inggih Bu, ngrencangi mas Adam siram-siram.”

Bu Rita : “Banyu sing kanggo siram-siram saka ngendi?”

Adam : “Toyanipun saking sumur Bu”

Bu Rita : “Biasane yen ketiga ngene iki asat. Alhamdulillah yen isih megung. Nanging aja lali, banyu kudu diirit”


Apa irah-irahane pacelathon ing dhuwur?

a)

Ngirit banyu

b)

Siram-siram

c)

Bu Rina, Adam, Nabil

d)

Bu Rina, Adam, Nabil

46.

Ngirit Banyu

Bu Rita : “Adam, Nabil, lagi ngapa?”

Adam : “Kula kaliyan Nabil siram-siram Bu.”

Nabil : “Inggih Bu, ngrencangi mas Adam siram-siram.”

Bu Rita : “Banyu sing kanggo siram-siram saka ngendi?”

Adam : “Toyanipun saking sumur Bu”

Bu Rita : “Biasane yen ketiga ngene iki asat. Alhamdulillah yen isih megung. Nanging aja lali, banyu kudu diirit”


Sapa paraga pacelathon ing dhuwur?

a)

Ngirit banyu

b)

Siram-siram

c)

Bu Rina, Adam, Nabil

d)

Bu Rita, Adam, Nabil

47.

Ngirit Banyu

Bu Rita : “Adam, Nabil, lagi ngapa?”

Adam : “Kula kaliyan Nabil siram-siram Bu.”

Nabil : “Inggih Bu, ngrencangi mas Adam siram-siram.”

Bu Rita : “Banyu sing kanggo siram-siram saka ngendi?”

Adam : “Toyanipun saking sumur Bu.”

Bu Rita : “Biasane yen ketiga ngene iki asat. Alhamdulillah yen isih megung. Nanging aja lali, banyu kudu diirit.”


Kepriye biasane banyu sumur yen mangsa ketiga?

a)

Irit

b)

Megung

c)

Asat

d)

Awet

48.

miturut unggah-ungguh basa, Basa Jawa kaperang dadi loro yaiku ...

a)

basa ngoko lugu lan ngoko alus

b)

basa krama lan basa ngoko

c)

basa krama alus lan krama lugu

d)

basa ngoko lugu lan krama alus

49.

Yen seng dijak guneman wong sing luwih tuwa, kita bakal ngajeni kanthi nggunakake basa ...

a)

krama

b)

ngoko

c)

ngoko lugu

d)

ngoko alus

50.

Yen seng dijak guneman wong sing luwih tuwa, kita bakal ngajeni kanthi nggunakake basa ...

a)

krama

b)

ngoko

c)

ngoko lugu

d)

ngoko alus