wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa X (Cerita Pengalaman Geguritan)

Total questions: 20

Worksheet time: 40mins

Name
Class
Date
1.

Geguritan ingkang ngginakaken basa Jawa kina lan kaperang wonten ing pupuh-pupuh tembang, kawengku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan dipunwastani punapa ?

a)

Geguritan gagrag enggal

b)

Geguritan gagrag lawas

c)

Purwakanthi guru swara

d)

Purwakanthi guru sastra

e)

Purwakanthi guru basa/lumaksita

2.

Gatosaken pethikan geguritan menika!

Sun gegurit,

Wateke wong kampung jati

Bekti marang yayah wibi

Setya marang sakeh janji


Pethikan geguritan kasebut kalebet jenis geguritan punapa ?

a)

Geguritan gagrag enggal

b)

Geguritan gagrag lawas

c)

Purwakanthi guru swara

d)

Purwakanthi guru sastra

e)

Purwakanthi guru basa/lumaksita

3.

Pratelan ing ngandhap menika ingkang boten kalebet titikan (ciri-ciri) geguritan gagrag enggal inggih menika …..

a)

ngginakaken basa jaman samenika

b)

kawengku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan

c)

dipunserat mawi aksara latin lan ngginakaken dluwang/kertas

d)

boten ngginakaken tembung “sun gegurit”

e)

boten kaperang ing pupuh-pupuh

4.

Supados pamaosipun geguritan menika saged endah saha ndudut ati, pramila kedah nggatosaken punapa ?

a)

Wicara, wirama, wirasa, wiraga

b)

Wirama. wiraga, wibawa, wicara

c)

Wicara, wirasa, wibawa, wiguna

d)

Wirama, wirasa, wiguna, busana

e)

Wiraga, wibawa, wiguna, busana

5.

Nyerat geguritan mbetahaken kaprigelan ingkang maneka warni. Ing ngandhap punika ingkang boten kalebet unsur-unsur ing salebeting geguritan inggih menika …..

a)

wetah

b)

pakulinan nyerat geguritan

c)

nuwuhaken rasa tresna

d)

piwulang/Pendidikan

e)

kaendahan

6.

Nalika maos geguritan kedah nggatosaken cendhek-inggil, cepet-alon, lan sora-lembutipun swanten ingkang dipunwastani punapa ?

a)

Wicara

b)

wirama

c)

Wirasa

d)

Wiraga

e)

Busana

7.

Wondene nggatosaken ebahing awak saha pasuryan ingkang luwes, boten kaku, lan boten dipundamel-damel nalika maos geguritan dipunwastani punapa ?

a)

Busana

b)

Wicara

c)

Wirama

d)

Wirasa

e)

Wiraga

8.

Nalika maos geguritan ugi kedah nggatosaken wirasa. Wirasa tegesipun punapa ?

a)

Cetha, bener lan pener anggenipun ngucapaken tetembungan

b)

Ngrasakaken surasaning geguritan kadosta susah, seneng, greget, lsp

c)

Obahing badan/salira, ekspresi, saha patrap nalika maos

d)

Cendhek-inggil, cepet-alon, lan sora-lembutipun swanten

e)

Banter-rindhiking swanten naika maos

9.

Gatosaken tuladha pethikan geguritan menika!

Wujuding katresnan suci

Sucining ati ati nglilakake jiwa

Jiwa kang wus nglembara


Pethikan geguritan ing nginggil ngginakaken purwakanthi punapa ?

a)

Purwakanthi guru swara

b)

Purwakanthi guru sastra

c)

Purwakanthi guru jiwa

d)

Purwakanthi guru busana

e)

Purwakanthi lumaksita

10.

Gatosaken pethikan geguritan menika!

Jare lemah wutah getih iki, swarga

Teklek, kayu, lan watu

Bisa dadi tetuwuhan

Tirta tumrap amerta

Samirana sumilir ing pinggir


Punapa tegesipun tembung “tirta” ing geguritan ing nginggil ?

a)

banyu

b)

mega

c)

angin

d)

langit

e)

segara

11.

Gatosaken pethikan geguritan menika!

Delengen, kadang

Dheweke kukuh nyangga butuh

Tangi jenggirat pendhak krungu adzan subuh

Gita-gita mangkat sangu sapada Gambuh

Mlipir-mlipir ngendhani lurung-lurung kisruh


Pethikan geguritan ing nginggil ngginakaken purwakanthi punapa ?

a)

Purwakanthi guru busana

b)

Purwakanthi guru sastra

c)

Purwakanthi lumaksita

d)

Purwakanthi guru basa

e)

Purwakanthi guru swara

12.

Cariyos ngengingi kadadosan-kadadosan ing wekdal tartamtu ingkang boten saged dipunsupekaken wiwit kedadosan ngantos wekdal dipuncariyosaken dipunwastani punapa ?

a)

Jurnal

b)

Artikel

c)

Cerkak

d)

Narasi

e)

Cariyos pengalaman

13.

Bab kapisan ingkang kedah dipungatosaken nalika badhe nyerat cariyos pengalaman inggih menika …..

a)

nyerat cariyos pengalaman ingkang boten saged dipunsupekaken

b)

milih tembung ingkang trep

c)

mekaraken lan nyunting cariyos pengalaman

d)

pangangen-angen salebeting penggalih

e)

ngrumusaken underaning cariyos/tema

14.

Supados sae anggenipun nyariosaken pengalaman, prayoginipun nggatosaken punapa ?

a)

Milih ukara ingkang sarwa endah

b)

Topik cariyos njlimet

c)

Nalika ngandharaken cariyos pengalaman swantenipun blero

d)

Obahing salira saha pasuryan kedah luwes

e)

Wirasa boten kedah dipunjumbuhaken kaliyan isi cariyos

15.

Gatosaken ukara menika !

Banjur Triyanto spontan matur, “Yo mooh aku, dipala mbak Yati”.

Lajeng Ibunipun gumujeng kaliyan ngendika “Ora dipala”.

Lajeng tiyang-tiyang ingkang mirengaken rembagan menika gemujeng sedaya.


Tegesipun tembung “gumujeng” ing ukara kasebut inggih menika …..

a)

sedhih

b)

ngguyu

c)

mlaku

d)

gujengan

e)

nangis

16.

Nalika nyerat satunggaling cariyos pengalaman, prayoginipun ngewrat 6 pitakenan ingkang asring dipunwastani 5W+1H, salah satunggalipun inggih menika “where”.

Punapa tegesipun where ?

a)

Punapa pengalaman ingkang badhe kacariyosaken?

b)

Wekdalipun rikala punapa kadadosan pengalaman kala wau?

c)

Pundi papan panggenan kadadosan pengalaman kala wau?

d)

Punapa sebab-sebabipun pengalaman wau kadadosan?

e)

Sinten tiyang-tiyang utawi paraga-paraga sanes ingkang ndherek mlebet ing cariyos kala wau?

17.

Gatosaken pethikan cariyos pengalaman menika !

Nalika kula kelas 3 SD, kula saha kanca-kanca kula nama Luki saha Yogi dolan wonten griyanipun Arif. Kula sakanca lajeng dolanan bendthik saha dhelikan. Sasampunipun bosen dolanan, lajeng kula sakanca pados cacing kangge mancing ulam wonten ing lepen.


Adhedhasar cariyos kasebut sinten tiyang utawi paraga sanes ingkang ndherek mlebet ing cariyos punika ?

a)

Luki

b)

Luki saha Arif

c)

Yogi saha Arif

d)

Luki saha Yogi

e)

Luki, Yogi, Arif

18.

“Mangertos kadadosan punika adhi kula ngraosaken jijik lajeng muwun. Kula, bapak, saha ibu gumujeng boten mandheg-mandheg. Jebul watu wau watu jadi-jadian.”


Tembung muwun tegesipun … .

a)

nangis

b)

ngguyu

c)

gumujeng

d)

mlayu

e)

njaluk

19.

“Cariyos pengalaman kedah saged dados kaca benggala minangka pandoming tumindak”.


Andharan ing nginggil punika tegesipun punapa ?

a)

Cariyos pengalaman menika saged kangge piwulang tumrap dhiri pribadhi saha tiyang sanes.

b)

Cariyos pengalaman kedah dipuneling-eling.

c)

Cariyos pengalaman saged kangge pasinaon tumrap tiyang sanes.

d)

Cariyos pengalaman sami kaliyan pawarta.

e)

Cariyos pengalaman namung kangge panglipur.

20.

Ing ngandhap punika kalebet titikanipun/ciri-ciri geguritan ingkang sae, kejawi…..

a)

isinipun mentes

b)

saben sapada maknanipun manunggal

c)

tembung-tembung pinilih

d)

kaiket mawa paugeran/aturan

e)

cacahing larik boten katemtokaken