wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PTS 2 BAHASA JAWA KD 3.1 3.2

Total questions: 20

Worksheet time: 11mins

Name
Class
Date
1.

Wacanen kang patitis!


Bebayane Mbuwang Sampah Sembarangan

Ing wayah rendheng larahan utawa sampah-sampah mau akhire mbunteti dalan banyu. Ing kutha-kutha apa maneh. Kalen-kalen ing antarane perumahan iku dadi kebak larahan. Ana botol plastik,bungkus jajan, tas kresek, godhong, sayuran, lan sapanunggalane.

Yen udane deres banget, kalen-kalene buntet, akhire banyune mbludag ing dalan-dalan. Suwe-suwe banyune dadi mambeg saenggon-enggon. Apa maneh yen ora banjir? Alon-alon banyune saya dhuwur, anguk-anguk ing plataran omah.


(Tantri basa kls 5)

Isine pawarta ing paragraf siji yaiku ....

a)

sampah ambune banger banget

b)

mbuwang sampah sembarangan

c)

udane deres banget kalen-kalene buntet

d)

mbuwang sampah sembarangan bisa mbuntet dalan banyu

2.

RORO JONGGRANG

Roro Jonggrang dilamar dening Joko Bandung Bondowoso nanging nduwe sarat njaluk candhi cacahe sewu. Bandung Bondowoso saguh banjur ngumpulake anak buahe yaiku jin lan setan. Roro Jonggrang wedi yen Bandung Bondowoso nggawe sewu candhi, mula dheweke ngongkon dayange ngobong damen lan nabuh lesung. Mangerteni swara lesung, Bandung Bondowoso murka banjur Roro Jonggrang disabda dadi patung.

Crita rakyat ing dhuwur, paraga (tokoh) sing nduweni watak antagonis yakuwi ....

a)

Roro Jonggrang

b)

Bandung Bondowoso

c)

Jin lan setan

d)

Dayang

3.

Untung Surapati suwita ing Kraton Mataram. Pasuwitane ditampa becik. Nanging Walanda weruh papan singitane Untung Surapati. Walanda nggempur Mataram. Sing nandhingi Untung Surapati sabalane. Pasukane Walanda kasil tumpes, malah Kapten Tack sing dadi pimpinane Walanda uga bisa kaperjaya.

Crita ing dhuwur kagolong teks paragraf ….

a)

narasi

b)

dheskripsi

c)

persuasi

d)

argumentasi

4.

"Sapa sing nandur bakal ngunduh".

Ukara iki klebu ....

a)

slogan

b)

pawarta

c)

geguritan

d)

narasi

5.

Taman Nasional Baluran kuwi salah sijine cagar alam utawa hutan lindhung sing wis ditetepake dening pemerintah. Ekosistem sing asli ing Taman Nasional Baluran awujud padhang savana, alas mangrove, alas tropis, pesisir, rawa, lan pegunungan. Ana 444 jinis tanduran, 115 manuk, lan 26 mamalia. Mamalia sing paling misuwur yaiku bantheng.


Wacan iki kelebu jenis teks ....

a)

dheskripsi

b)

persuasi

c)

narasi

d)

eksposisi

6.

Pandhawa lan Ibu Kunthi diutus lelana brata dening Duryudana lan Patih Sengkuni menyang Waranawata. Kurawa wis nggawe Bale Sigala-gala kanggo nyingkirake para Pandhawa. Nalika padha sare, Bale Sigala-gala diobong. Becik ketitik, ala ketara, Pandhawa bisa uwal saka bebaya. Slamet waras-wiris amarga pitulungane Gusti Kang Maha Kawasa.

Pitutur luhur kang ana ing ringkesan crita wayang ing dhuwur yaiku ….

a)

becik ketitik ala ketara, sing salah slamet waras-wiris.

b)

becik ketitik ala ketara, lila legawa bakal oleh pitulungane Gusti.

c)

becik ketitik ala ketara, sing bener bisa uwal saka bebaya.

d)

becik ketitik ala ketara, lila legawa ora bakal oleh pitulungane Gusti.

7.

Wacanen tembang Pucung iki!


Pucung

Bapak pucung,

Cangkeme madhep mandhuwur,

Sabamu ing sendhang,

Pencokanmu lambung kering,

Prapteng wisma,

Si Pucung muntah guwaya.

Tembang Pucung ing dhuwur batangane yaiku ….

A.

B.

C.

D.

a)

piring

b)

timba

c)

gayung

d)

klenthing

8.

Gatekna tembang Pangkur iki!

Pangkur

Mingkar mingkuring angkara

Akarana karenan mardisiwi

Sinawung resmining kidung

........

Gatra kapindho tembang Pangkur ing dhuwur guru wilangane cacahe ana … wanda

a)

5

b)

8

c)

10

d)

12

9.

Kreteg kayu

Sinambung karya ing dina Minggu

Ndandani kreteg kayu rame-rame bebarengan

Tumandang gawe sowang-sowangan

Datan nggresula jroning kalbu

Geguritan ing dhuwur iku isine ....

a)

nyambut gawe ing dina Minggu

b)

dina minggu gotong-royong ndandani kreteg kanthi ikhlas

c)

nyambut gawe sing ikhlas bebarengan

d)

nyambut gawe rame-rame bebarengan

10.

Wacanen kanthi temenan tembang macapat ing ngisor iki!

Ngelmu iku kalakone kanthi laku,

Lekase lawan kas,

Tegese kas nyantosani,

Setya budya pangekese dur angkara.

Guru wilangan lan guru lagu tembang kasebut yaiku ….

a)

12u, 6a, 8i, 12a

b)

12a, 6u, 8a, 12i

c)

12a, 6a, 8u, 12a

d)

12i, 6i, 8u, 12a

11.

Sapu Sada

Jumat asri

Resik lan sehat

Cancut tali wanda

Nandur kabecikan


Cilik gedhe bagus ayu

Ora mung padha gumuyu

Ora tinggal glanggang colong playu

Tumuju adiwiyata murih rahayu

Tembung sing kacethak miring ing geguritan dhuwur iku tegese ….

a)

seneng banget

b)

nyambut gawe

c)

resik lan sehat

d)

guyub rukun

12.

Padang Bulan

Yo prakanca dolanan ing njaba,

Padhang mbulan padhange kaya rina,

Rembulane kang ngawe-awe,

Ngelingake aja turu sore-sore.

Isi tembang dolanan ing dhuwur medharake rasa .…

a)

gething

b)

susah

c)

wedi

d)

seneng

13.

Kupu Kuwi


Kupu iku dak incupe,

Mung aburmu ngewuhake,

Ngalor ngidul ngetan bali ngulon,

Mrana-mrene mung saparan-paran,

Sapa bisa ngincupake,

Mentas menclok cegreg,

Nuli mabur bleber.

Mung aburmu ngewuhake, tembang ngewuhake tegese…

a)

adoh banget

b)

gampang banget

c)

angel banget

d)

cedhak banget

14.

Pak Guntur iku sugih pangapurane. Pak Guntur iku ….

a)

kandel kupinge

b)

abang kupinge

c)

abang lambene

d)

jembar segarane

15.

Omongane ora kena dipercaya, esok dhele sore ….

a)

tahu

b)

jagung

c)

tempe

d)

kacang

16.

Wiwit esuk kok tukaran bae, kaya banyu karo lenga.


Tegese bebasan iku ….

a)

wong sing bedhigasan

b)

wong sing ora bisa rukun

c)

wong sing senengane maido

d)

wong sing rukun banget

17.

Grahana Srengenge Total 2016

Dhek dina Rebo, tanggal 9 Maret 2016 dumadi grahana srengenge total saengga petengdhedhet ing sadhengah tl atah Nuswantara. Kadadean alam kang kalebu langka

kasebut dumadi ing 12 tlatah propinsi, ndadekake para warga padha kepengin weruh lan ngalami kahanane nalika grahana srengenge.

Kepriye kahanane nalika ana grahana srengenge total ….

a)

peteng dhedhet

b)

remeng-remeng

c)

padhang jingglang

d)

padhang bulan

18.

Gatekna wacan ing ngisor iki!

Jaman saiki akeh wong tuwa padha bingung. Apa maneh yen nduwe anak wadon. Bingunge wong tuwa mau amarga ngawasi tingkah polahe pasrawungane arek nom-noman kang wis ora kena diatur. Akeh wong tuwa padha

kuwatir marang anak-anake yen salah pasrawungane.

Paribasan kang cocok karo wacan ing dhuwur, yaiku ….

a)

Kebo nusu gudel

b)

anak polah bapak kepradah

c)

asu arebut balung

d)

kriwikan dadi grojogan

19.

Yen ditulis aksara latin unine ….

a)

mangan iwak

b)

mangan iwak

c)

mangan roti

d)

mangan soto

20.

Tulisan aksara Jawa "mangan nanas" yaiku ....

a)

ꦩꦔꦤ꧀​ꦩꦁꦒ

b)

ꦩꦶꦤꦸꦩ꧀​ꦲꦼꦱ꧀

c)

ꦩꦔꦤ꧀​ꦤꦤꦱ꧀

d)

ꦩꦶꦤꦸꦩ꧀​ꦏꦺꦴꦥꦶ