NEW
Font size
WorksheetsBasa jawa kelas 6
Total questions: 25
Worksheet time: 50mins
Biyen wong dol-tinuku iku kudu ana pasar, toko, utawa panggonan saemper liyane. Saiki ana pasar modheren sing nggunakake majune teknologi. Umpamane: dodolan sarana online. Kabeh mau amarga saiki wis jamane globalisasi.
Globalisasi kuwi asal saka tembung “globe”, „bola dunia‟ banjur dadi global, sing tegese ....
mendunia
Urip ing dunia
kabeh kanggo dunia
bola dunia
Globalisasi iku bisa digambarake menawa donya iki tanpa wates, kabeh mau amarga...
Batese negara wis dirubuhno kabeh
Negara sak liyane Indonesia pancen ora adoh
Wong-wong tan saya pinter
Majune ilmu pengetahuan lan tehnologi
Ing era globalisasi iki, kanggo nyumurupi kadadean ing sawijining negara, wong ora perlu lunga menyang negara kasebut. Kanthi mangkono, kaya-kaya negara-negara sadonya dadi siji tanpa wewatesan.
Carane nyumurupi kadadean ing sawijining negara cukup bisa dilakoni kanti...
Ndeleng TV utawa golek kabar saka internet
Numpak kapal mabur tinuju negara sing dimaksud
takon nang wong sing ono negara mau
Takon nang kanca sing tau lungo nang negara iku mau
Ing ngisor iki sing nduduhake kerugiane kemajuan informasi nganggo internet yaiku ....
dodolan sarana online, Semono uga sing tuku, ora usah mara nanging uga cukup nganggo internet, telephon, WhatsApp,
Nalika ana dulur adoh sing arep kirim kabar, ora kudu ngenteni surat sing tekane bisa pirang-pirang dina. Cukup nganggo telepon utawa handphone
Rapat bebarengan tanpa kudu padha lungguh sapejagong
Kabeh informasi iso diweruhi tanpa disaring luwih disik, sing cocok karo kepribadene bangsa opo ora
Saiki patemone wong sing beda panggonan, bisa kaleksanan kanthi sarana teknologi canggih. Ya patemon ngono kuwi sing diarani audio conference.
Maksude audio conference yaiku...
krungu swarane, uga bisa ndeleng gambare wong sing lagi padha melu rapat lan lungguh bareng ing siji panggonan.
saliyane krungu swarane, uga bisa ndeleng gambare wong sing lagi padha melu rapat.
mung nggunakake swara wae tanpa ndeleng gambare
Mung ndeleng gambare wae ora iso omong-omongan
Yen nengeri globalisasi iso dideleng saka bab ing ngisor iki, kajaba...
Tipise wates antar negara, tegese kedadean ing sawijining negara gampang banget diweruhi dening wong ing negara liyane.
Masyarakat rumangsa ora tenang uripe, amarga akeh barang sing pengin dituku.
Saya majune dol-tinuku utawa perdagangan antarane negara siji lan sijine.
Pawarta saindenging jagad, cepet banget sumebare.
Globalisasi gedhe banget pangaribawane tumrap sawijining negara. Ana dhampak sing positip (apik, nguntungake), nanging uga ana sing negatip.
Ing ngisor iki sing klebu dhampak positif globalisasi yaiku...
Negara sing maju nduweni kuwasa sing luwih gedhe,
Nuwuhake sipat konsumtip lan boros,
Lunture kabudayan lan nilai-nilai luhur bangsa,
Tekade wong kanggo nyambut gawe tansaya gedhe,
Ing ngisor iki sing klebu dhampak negatif globalisasi yaiku...
Mlebune kabudayan asing sing bisa nyengkuyung budaya nasional.
Tekade wong kanggo nyambut gawe tansaya gedhe,
Anane pasar global,
Barang gaweane luwar negri bisa ngalahake barang gaweane jrone negri,
Sifat sing kudu dihindari kanggo ngadepi era globalisasi yaiku...
kudu bisa nyaring pangaribawa saka manca negara
Tetep nduweni rasa bangga karo kabudayane dewe
Gampang niru kabudayan sing ora cocok karo kepribadene bangsa
kudu bisa mbudidaya amrih lestari lan ngrembakane budaya bangsa
Salah sijine dampak negatif globalisasi yaiku lapangan kerja tansaya sethithik amarga indhustri nggunakake mesin modheren. Mangka saka iku sebagai generasi penerus kudune....
Perlu bangga lan niru-niru kabudayan saka luar sing ora cocok karo kabudayan negeri dewe
Seneng urip santai lan ora kepingin kerja keras amarga wis akeh mesin modern
Nduweni ketrampilan sing mumpuni lan nguwasai teknologi
nggiyatake dol-tinuku utawa perdagangan nganggo cara online.
Unen-unen sing kudu dibedhek utawa dibatang maksude diarani...
Batangan
Parikan
Cangkriman
Guyonan
Gatekna pernyataan ing ngisor iki.!
1. cangkriman sing wujude wancahan (cekakan),
2. cangkriman sing wujude pepindhan (irib-iriban),
3. cangkriman sing wujude geguritan, lan
4. cangkriman sing sinawung ing tembang.
Sing dudu wujude cangkriman yaiku nomer ...
(1)
(2)
(3)
(4)
Wiwa wite, lesmba dhonge, karwa pake, batangane uwi dawa wite, tales amba godhonge, cikar dawa tipake.
Cangkriman ing ndhuwur iku klebu jenise cangkriman ...
cangkriman sing sinawung ing tembang.
cangkriman sing wujude plesetan,
cangkriman sing wujude pepindhan (irib-iriban),
cangkriman sing wujude wancahan (cekakan),
*pakbomba, paklawa, pakpiut*
Batangane cangkriman kuwi...
Pager kobong, watune mendhelis
Segane pera sambele pedhes lan kecut
bapak nggawa tamba lan tuku lemah ciut
Tapak kebo amba, tapak ula dawa, tapak sapi ciut
Untuk krowok larane ora karu-karuan
yen dinggo cangkriman dadine...
rora rawan
Wone kawan
tuwok rawan
Rawon kawan
Bapak pucung
renteng-renteng kaya kalung,
Dawa kaya ula, Pencokanmu wesi miring,
Yen lumaku si pucung ngumbar swara.
Cangkriman ing nduwur kalebu ...
cangkriman sing wujude wancahan (cekakan),
cangkriman sing wujude pepindhan (irib-iriban),
cangkriman sing wujude plesetan
cangkriman sing sinawung ing tembang.
Bapak pucung amung sirah lawan gembung, Padha kinunjara, Mati sajroning ngaurip, Mijil baka si pucung dadi dahana.
Bedhekane ....
sepur
Pentol korek
sabuk
lampu
Pasangan parikan lan batangane sing ora mathuk yaiku...
Surles penen ,batangane: susur teles pepenen.
“Burnas kopen‟ ,batangane: bubur panas kokopen.
Dikethok malah dowo ,batangane: clana.
Bocor malah kebak ,batangane: prau bocor.
Batangane “ontong gedhang”.
Cangkrimane, pak demang klambi abang ....
disawang malah ilang
penggaweane saba blumbang
rupamu kaya kranjang
disuduk manthuk-manthuk
Sing klebu cangkriman plesetan yaiku ....
Bocor malah kebak
Sega sakepel dirubung tinggi.
Segara beldhes
Adoh-adoh diparani, bareng wis tekan diliwati.
Saiki jamane wis maju. Samubarang gawe wis nggunakake piranti sing sarwa modheren.Yen jaman biyen, kenthongan digunakake kanggo tandha anane bebaya,Saiki kenthongan mau wis diganti nganggo piranti canggih kaya dene sirine sing otomatis bakal muni menawa ana banjir utawa tsunami.
Pernyataan ing nduwur nduduhake yen saiki wis diarani jamane....
jaman kuno
jaman internet
globalisasi
sosial media
Jaman saiki nalika ana dulur adoh sing arep kirim kabar, ora kudu ngenteni surat sing tekane bisa pirang-pirang dina. Cukup nganggo....
layang
handphone
pesen singkat
telegram
Perusahaan sing duwe cabang ing ngendi-endi, upamane nganti ana manca negara, bisa nganakake rapat bebarengan tanpa kudu padha lungguh sapejagong. Arane aplikasi sing dienggo rapat kuwi yaiku...
meeting
zoom meeting
Bedane wong dodolan jaman biyen sak durunge ana globalisasi karo jaman saiki yaiku...
Biyen wong dol-tinuku iku kudu ana pasar, toko, utawa panggonan saemper liyane.
saiki dodole ing njero pasar.
Biyen wong dol-tinuku iku kudu ana pasar, toko, utawa panggonan saemper liyane.
saiki dodolan nganggo aplikasi grab.
Biyen wong dol-tinuku iku kudu ana pasar, toko, utawa panggonan saemper liyane.Saiki ana pasar modheren sing nggunakake majune teknologi. Umpamane: dodolan sarana online.
Saiki wong dol-tinuku iku kudu ana pasar, toko, utawa panggonan saemper liyane.Biyen ana pasar modheren sing nggunakake majune teknologi. Umpamane: dodolan sarana online.
Kanyatan ing ngisor iki kang bisa diweruhi ing era globalisasi saiki, kajaba....
tuku barang ora usah mara nanging uga cukup nganggo internet, telephon, WhatsApp, sms, lan liya-liyane.
Saiki ana pasar modheren sing nggunakake majune teknologi.
Perusahaan sing duwe cabang ing ngendi-endi, upamane nganti ana manca negara, bisa nganakake rapat bebarengan tanpa kudu padha lungguh sapejagong.
kenthongan digunakake kanggo tandha anane bebaya, umpamane titir terus-terusan tandhane ana banjir gedhe.
