wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PH Kelas 6 Bahasa Jawa: Pacelathon

Total questions: 15

Worksheet time: 30mins

Name
Class
Date
1.

Karangan kang wujude guneman para paraga kang tumindak arane ....

a)

pacelathon

b)

crita

c)

geguritan

d)

tembang

2.

Wacanen pacelathon iki!

Anton : “Pak, punapa maos geguritan punika wonten caranipun?”

Pak Timan : “Ana. Apa wae kuwi mesthi ana ngelmune. Dene maca geguritan kang perlu digatekake yakuwi lafal, intonasi, irama, lan ekspresi. Sapa sing ngerti?”


Manut naskah kasebut iku sing perlu digatekake maca geguritan yaiku ....

a)

lafal lan intonasi

b)

irama lan ekspresi

c)

lafal, intonasi, ekspresi, lan irama

d)

penjiwaan, ekspresi lan lafal

3.

Wacanen pacelathon iki!

Anton : “Pak, punapa maos geguritan punika wonten caranipun?”

Pak Timan : “Ana. Apa wae kuwi mesthi ana ngelmune. Dene maca geguritan kang perlu digatekake yakuwi lafal, intonasi, irama, lan ekspresi. Sapa sing ngerti?”


Anton anggone matur marang Pak Timan nggunakake basa ....

a)

ngoko alus

b)

krama alus

c)

krama lugu

d)

ngoko lugu

4.

Wacanen pacelathon iki!

Anton : “Pak, punapa maos geguritan punika wonten caranipun?”

Pak Timan : “Ana. Apa wae kuwi mesthi ana ngelmune. Dene maca geguritan kang perlu digatekake yakuwi lafal, intonasi, irama, lan ekspresi. Sapa sing ngerti?”


Pak Timan nggunakake basa ngoko marang Anton amarga ....

a)

bapake Anton

b)

gurune ing sekolahe

c)

kancane ing pagaweyan

d)

ora gelem basa krama

5.

Paraga Anton lan Pak Timan iku ngrembug babagan carane ....

a)

gawe geguritan

b)

maca geguritan

c)

ngonceki isine geguritan

d)

milih

6.

Kanggo nggampangake gawe pacelathon, diwiwiti saka nemtokake ....

a)

jenenge paraga

b)

tema pacelathon

c)

tujuwane pacelathon

d)

swasana pacelathon

7.

Pacelathon bisa kalaksanan manawa ditindakake paling sithik wong cacah ....

a)

lima

b)

papat

c)

telu

d)

loro

8.

Tanda waca kang digunakake kanggo misahake jeneng paraga lan ucapane yaiku ....

a)

titik

b)

petik

c)

titik loro

d)

koma

9.

Basa Jawa krama alus iku lumrahe digunakake dening ....

a)

kanca sakelas

b)

guru marang siswa

c)

anak marang wong tuwa

d)

wong tuwa marang anak

10.

Susi mangan kacang godhok lan ibune ... kripik pisang.

Ukara iku kudune dijangkepi tembung ....

a)

dhahar

b)

mangan

c)

nedha

d)

maem

11.

Ukara ing ngisor kang migunakake basa ngoko lugu yaiku ....

a)

Kowe wingi neng ngendi?

b)

Mbak, aku nyuwun jajan meneh.

c)

Ibu kesah nyambut damel.

d)

Ibu tindak nyambut damel.

12.

Unggah-ungguh kang becik nalika tetepungan yaiku ....

a)

bengak-bengok saka kadohan

b)

nyedak karo meneng

c)

nyedak karo ngajak salaman

d)

mripate ngawaske wong liya

13.

Bapak dereng rawuh.

Ukara ing ndhuwur iku nggunakake basa ....

a)

mudha krama

b)

madya krama

c)

krama mudha

d)

wredha krama

14.

Tuladha ukara kang becik kanggo tetepungan marang wong liya yaiku ....

a)

“Halo, kenalan yo!”

b)

“Eh, kenalan yok! Jenengmu sapa?”

c)

“Mas, kowe wong ngendi?”

d)

“Mbak, nderek nepangaken, nami kula Jono, panjenengan?”

15.

Candra : “Bu, dos pundi manawi kula ndherek rekreasi sekolahan?”

Ibu : “Apa sekolahanmu arep nganakake rekreasi?”

Candra : “Inggih , Bu!”

Pethikan pacelathon iku nuduhake tata krama antarane putra marang wongtuwa.


Basa kang digunakake dening Candra yaiku basa ....

a)

ngoko

b)

krama

c)

campuran

d)

ngoko andhap