NEW
Font size
WorksheetsUTS Semester Genap Kls 7
Total questions: 30
Worksheet time: 15mins
Karya sastra Jawa kang ora kaiket paugeran guru gatra, guru wilangan lan guru lagu lan ora dilagokake diarani...
Tembang dolanan
Tembang macapat
Tembang kreasi
Geguritan
Karya sastra geguritan iku kalebu karya sastra gagrag…..
lawas
kuna
tengahan
anyar
Saiki jamane wis ora karuan
Manungsa seneng ngomongake liyan
Alane wong dadi guyonan
Apike janma mung dadi drengkian
………………..
Pethikan geguritan ing dhuwur migunakake purwakanthi apa?
Guru swara
Guru sastra
Guru basa
Guru lumaksita
Puisi kang diripta nalika jaman Jawa Kuna diarani…..
Kakawin
kidung
geguritan
macapat
Perangan kang dadi pokok utawa dhasare nggawe geguritan yaiku…..
Diksi
Irah-irahan
Koda / amanat
Tema
Cacahe tembang macapat iku ana…..
12
11
10
9
Tembang macapat kang guru gatrane padha karo tembang Pucung yaiku……..
Tembang Maskumambang
Tembang Dhandhanggula
Tembang Sinom
Tembang Mijil
Cacahing wanda saben sagatra ing tembang macapat diarani…..
Guru gatra
Guru wilangan
Guru basa
Guru lagu
Setya iku dumadine saka laku
Bisa dipercaya
Omongane ra nggorohi
Dadi kancaning urip ana ing dunya
Paugeran guru wilangan lan guru lagu tembang Pocung ing dhuwur yaiku…..
12u, 8a, 6i, 12a
12u, 6a, 7i, 12a
12u, 6a, 8i, 12a
12u, 8a, 8i, 12a
Tuladha ukara kang migunakake purwakanthi guru basa, yaiku…
Aku lunga menyang Madura
Macane mari mangan mati
Aja turu, turune kok karo ngguyu
Wingi bengi Esti bali
“Yen kepengin dadi nomer siji, marang wong tuwa kudu ngabekti”
Tetembungan ing dhuwur migunakake purwakanthi….
Guru swara
Guru sastra
Guru basa
Guru lumaksita
Aluse atimu kaya beninge tirta.
Dasanamane tembung “tirta” yaiku…
angin
kaca
Mata
banyu
Tembang macapat migunakake basa…….
Jawa anyar
Jawa kuna
Jawa pertengahan
Jawa Tengah
Geguritan iku adate migunakake basa kang endah tur mentes, kang diarani basa…..
krama
rinengga
ngoko
bagongan
Tegese Purwakanthi yaiku…..
Unen-unen kang ajeg panganggone lan ngemu surasa pepindhan (perumpamaan)
Unen-unen kang ajeg panganggone lan ngemu surasa wantah (utuh)
Unen-unen/rakitan tetembungan kang runtut swara, sastra lan basane
Unen-unen kang runtut tembung, ukara, lan padane
Purwakanthi, wujude dibedakake dadi 3, pamilahe kaya ing ngisor iki, sing dudu yaiku….
Purwakanthi guru swara
Purwakanthi guru basa
Purwakanthi guru sastra
Purwakanthi guru lagu
Timun monte – tela landa – ndemok asu – sugih utang – tanggal siji – jimantolo – lan sateruse.
Rakitaning tetembungan kaya mengkono diarani purwakanthi…..
Guru swara
Guru sastra
Guru basa
Guru lagu
Paugeran guru wilangan lan lagu tembang macapat Pocung yaiku……..
12u, 8a, 6i, 12a
12u, 6a, 7i, 12a
12u, 6a, 8i, 12a
12u, 8a, 8i, 12a
Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyentosani
Setya budya pangekese dur angkara
Yen disawang saka paugerane, tembang ing dhuwur kalebu tembang…..
Maskumambang
Pocung
Sinom
Dhandhanggula
Akeh janma sing seneng ngomongake liyan. Tembung janma tegese……….
Manungsa
Jaler
Bocah
Simbah
Pambeda antarane titi laras slendro lan pelog yaiku ...
4 lan 7
2 lan 5
4 lan 6
1 lan 3
Isine tembang pocung iku lumrahe ...
Kasmaran
Getun
Susah
Pitutur
PUCUNG
Urip bareng iku kudu guyub rukun
Ora nggolek perkara
Ngomong ya sing ati-ati
Aja nganti bubar gegara perkara
Tembang kasebut kedadean saka ... pada
1
4
5
6
PUCUNG
Urip bareng iku kudu guyub rukun
Ora nggolek perkara
Ngomong ya sing ati-ati
Aja nganti bubar gegara perkara
Pesen sing bisa dijupuk saka tembang kasebut yaiku ...
Yen urip kudu ngati-ati
Dadi wong kudu seneng tulung-tinulung
Dadi wong kudu seneng golek gegara
Yen urip iku kudu guyub rukun
Bapak pucung amung sirah klawan gembung
Padha dikunjara
Mati sajroning ngaurip
Mijil baka sipucung dadi dahana
Wangsulan saka tembang kasebut yaiku ...
Geni
Gajah
Sepur
Penthol korek
Urip bareng iku kudu guyub rukun
Tembung "guyub rukun" tegese yaiku ...
Nyawiji
Congkrah
Bubrah
Tukar padu
Tuladha basa Krama kang bener yaiku….
Ibu mangan, aku melu dhahar
Ibu dhahar, kula tumut mangan
Ibu nedha, kula tumut dhahar
Ibu dhahar, kula tumut nedha
Senajan wis ngrasa dadi bocah pinter, nanging ora kena gedhe sirahe, mundhak disengiti kancane.
..................
Tembung kang digarisi kalebu basa rinengga jinis……
Tembung Saroja
Tembung Entar
Tembung Garba
Tembung Dasanama
Titi laras ing karawitan, sing duweni 5 swara, dumadi saka 1 2 3 5 6 (ji ro lu ma nem) arane….
Laras pitu
Laras Slendro
Laras Pelog
Titi laras
Ing ngisor iki pasangan tembung Ngoko – Krama Inggil kang bener yaiku….
budhal – tindak
mangan – nedha
kondur – bali
tumbas – mundhut
