NEW
Font size
WorksheetsBahasa Jawa ( KD 3.4 Cangkriman)
Total questions: 20
Worksheet time: 20mins
Unen-unen kang tetep panggonane lan mbutuhake wangsulan utawa batangan diarani ... .
cangkriman
paribasan
bebasan
saloka
Ing ngisor iki kalebu jenise cangkriman, kajaba ... .
pepindhan
wancahan
saloka
blenderan
Cangkriman uga bisa diarani ... .
badhekan
paribasan
saloka
bebasan
Pocung kuwi salah sijine tuladha cangkriman sing awujud ... .
tembang
geguritan
karangan
wancahan
Bapak demang klambi abang, yen disuduk manthuk-manthuk.
Batangane cangkriman ing ndhuwur yaiku ... .
apel
lombok
ontong
tomat
Bapak pucung,
tanpa untu darbe siung
badan ira panjang,
tutuk ira pesagi
dina-dina si pucung mangan buntut ira
Batangane cangkriman ing ndhuwur yaiku ... .
kalung
ula
sepur
sabuk
Wit adhikih woh adhakah
Batangane cangkriman ing ndhuwur yaiku ... .
uwi
tales
semangka
kentang
Yu mahe rong, lut mahe ndhut.
Batangane cangkriman ing ndhuwur yaiku ... .
yuyu omahe ngerong, welut omahe endhut
kayu omahe ngerong, welut omahe endhut
yuyu omahe ngerong, kelut omahe endhut
kayu adahe terong, kelut adahe mendhut
Bapak pucung, dudu watu dudu gunung
Sangkamu ing Plembang
Ngon ingone sang Bupati
Yen lumaku ... .
si Pucung ngumbar swara
si Pucung lengguk-lengguk
si Pucung lembehan grana
si Pucung lembehan tangan
Wit thoyung, batangane .....
yen dijiwit atho biyung
ana uwit ditoto karo payung
kopi pahit wetenge kembung
lare alit kelangan biyung
Anake gelungan, emboke ore-ore
batangane ....
pak demang klambi abang, disuduk mantuk-mantuk, batangane .....
Ing tengah-tengah pasar kui ana . . . .
bakul
dalan
s
dagangan
Wong buang bathang tikus sing dicekel dhisik iku . . . .
irunge
buntute
sikile
kupinge
Sing endhek didhudhuk, sing dhuwur diurug, batangane ....
timbangan
sumur
juglangan
omah
Bapak pucung dudu watu dudu gunung
sangkamu ing sabrang
ngon-ingone sang bupati
yen lumampah, si pucung lembehan grana
batangane tembang ing dhuwur yaiku ....
gajah
mobil
macan
sepur
Bapak pucung, tanpa untu darbe siung
badan ira panjang
tutuk ira panpesagi
dina-dina si pucung mangan buntut ira
batangane tembang pucung ing ndhuwur yaiku .....
sabuk
sepur
ula
bis
Bapak pucung, bisa nggereng bisa mbengung
ngambah jumantara
kaya manuk rajawali
wira-wiri nggawa barang lan manungsa
batangane .....
sepur
ula
sabuk
kapal mabur
Burnas kopen ( bubur panas kokopen), iku mujudake tuladhane cangkriman . . . .
wancahan
pepindhan
blenderan
sinawung tembang
Yen cilik dadi kanca, yen gedhe dadi musungsuh iku batangane . . . .
buto
gajah
geni
genteng bocor
