WorksheetsUTS Kelas XI Basa Jawa
Total questions: 40
Worksheet time: 24mins
Serat wedhatama kaanggit dening KGPH Mangkunegara IV, kang nduweni teges....
Ajaran sing bener
Ajaran bab ilmu kasekten
Piwulangan sing kudu ditiru
Piwulangan utama
Piwulangan alam gaib
Damel tembang macapat, kedah wonten tata aturane. Salah sijine yaiku pathokane tembang macapat. Dene cacahing wanda saben selarik diarani....
Guru wilangan
Guru lagu
Pada/ bait
Guru gatra
Guru swara
Tembang macapat nduweni cacah 11, lan saben tembang nduweni watak kang beda-beda. Dene kang dadi watake tembang Gambuh yaiku....
Sumanak
Luwes, resep
Sembrana
Galak
Sedhih
Saben tembang macapat, nduweni pathokan kang beda-beda. Menawa tembang Gambuh, nduweni guru wilangan lan guru lagu....
10i, 6o, 10e, 10i, 8i
7u, 10u, 12i, 8u, 8o
8a, 11i, 8u, 7a, 12u
8a, 8i, 8a, 8i, 7i
8i, 8a, 8e, 8a, 7a
Gatekaken tugelan tembang macapat Gambuh ing ngisor iki!
Sekar Gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula tula katali
Kadaluwarsa kapatuh
Kapatuh pan dadi awon
Tembung awon tegese....
Awan
Sore
Becik
Ala
Wingi
Tembang kaperang dadi 3 golongan, yaiku tembang gedhe, tengahan lan alit/ macapat. Ing ngisor iki kang kalebu tembang macapat yaiku....
Balabak
Wirangrong
Kupu kuwi
Durma
Pamularsih
Daur hidup manungsa digambaraken kaya tembang macapat. Saben tembang nduweni gambaran kang beda-beda. Menawa ana gambaran uripe manungsa kang wis cocok/ jumbuh kaliyan pasanganipun kagambar ing tembang....
Mijil
Sinom
Pocung
Gambuh
Asmaradana
Ukara kang nduweni teges “menawa kebanjur bakal celaka, ora apik” ing ngisor iki yaiku....
Aja nganti kebanjur
Barang polah ingkang nora jujur
Yen kebanjur sayekti kojur tan becik
Becik ngupayaa iku
Pitutur ingkang sayektos
Tembang macapat kang nduweni gatra paling akeh yaiku tembang macapat....
Sinom
Durma
Dhandhanggula
Gambuh
Pangkur
Gatekna tembang Gambuh ing ngisor iki!
Aja nganti kebanjur
Barang polah ingkang nora jujur
Yen kebanjur sayekti kojur tan becik
Becik ngupayaa iku
Pitutur ingkang sayektos
Miturut tembang ing inggil, tegese tembung polah yaiku....
Apik
Omongan
Sikap/ patrap
Mlayu
Kuciwa
Pitutur-pitutur saka wong tuwa kudu tansah diestokake. Tembung diestokake nduweni teges....
Ditinggalake
Diwangsuli
Dimirengake
Digatekake lan ditindakake
Ditilarake
Salah sijining cerita rakyat yaiku dianggep duweke rakyat bareng-bareng, sing diarani nganggo istilah....
Pralogis
Statis
Kolektif
Imajiner
Anonim
Cerita sing wis sumebar ana ing rakyat lan turun-temurun tanpa ana owah-owahan sing wigati, diarani....
Fabel
Cerita rakyat
Mitos
Dongeng
Sage
Ing ngisor iki kang ora kalebu ciri-cirine cerita rakyat yaiku....
Imajiner
Kolektif
Anonim
Statis
Duweke pribadi
Legenda yaiku cerita sing dipercaya dening saperangan wong neng sawijining panggonan. Nyata-nyata kedadeyan, nanging ora dianggep suci utawa sakral sing uga mbedakna karo mite. Panemu neng dhuwur miturut....
Hooykaas
Pudentia
KBBI
Emeis
Willian R. Bascom
Cerita rakyat sing nyritakaken kepercayaan-kepercayaan masyarakat setempat diarani....
Mite
Fabel
Dongeng
Legenda
Sage
Cerita sing dianggep nyata-nyata bener kedadeyan lan nate dialami dening sawijining wong, contoh legenda....
Keagamaan
Alam gaib
Nusantara
Pawongan
Lokal/ satlatah
Si Pitung lan Nyai Dasima saking Jakarta, Lutung Kasarung saking Jawa Barat lan liya-liyane, bisa dilebetaken jenis legenda....
Alam gaib
Lokal/ satlatah
Pawongan
Nusantara
Keagamaan
Bareng ngerti yen sejatine sing tumindak apik tur adoh sekang kadurjanan, Klenthing Kuning kasil sinandhing Andhe-andhe Lumut, banjur urip mulya nganti tekaning anak putu. Sekang pethikan cerita rakyat mau, bisa kapethik pesen....
Tumindak durjana
Tumindake sing becik
Urip mulya
Sandhingane Andhe-andhe Lumut
Urip sansaya rekasa
Neng ngisor iki kang kalebu putra lan putrine Prabu Siliwangi, kejaba....
Banyak Cotro
Banyak Ngampar
Banyak Blengur
Banyak Blabur
Dewi Pamungkas
Cerita rakyat Baru Klinting arupa legenda asal-usule....
Kota Semarang
Rawa Pening
Kota Surabaya
Bali
Banyuwangi
Miturut cerita/ dongeng dumadine aksara jawa, Ajisaka nduweni abdi papat. Dene jeneng abdi kang dititipi keris iku arane sapa....
Sembada
Dora
Duduga
Prayoga
Yoga
Aksara Hanacaraka jenenge dijupuk saka urutan limang aksara wiwitan iki sing unine “hanacaraka”. Urutan dhasar aksara jawa nglegena iki cacahe ana rongpuluh lan nglambangake kabeh fonem basa Jawa. Kang duwe teges padha digdayane yaiku....
Ha na ca ra ka
Pa dha ja ya nya
Da ta sa wa la
Ma ga ba tha nga
Pa dha sa wa la
Neng ngisor iki tembung liyane iklan yaiku....
Reklame
Baliho
Poster
Pariwara
Pamflet
Iklan sing nitik berataken isine maring upaya mbujuk utawa ngrayu khalayak kanggo nindakaken sawijining bab jumbuh karo sing dikarepake dening komunikatore diarani iklan....
Hiburan
Persuasi
Informasi
Ndidik
Parodi
Iklan-iklan kanggo bank, jasa tabungan, asuransi, lan investasi. Kanggo pelengkap terkadang disertakna uga laporan keuangan perusahaan diarani iklan...
Eceran
Keuangan
Perdagangan
Kosmetik
Antar bisnis
Neng ngisor iki kang ora kalebu syarat-syarat nggawe iklan yaiku....
Ukara kang dienggo narik kawigaten lan gampang diemut-emut dening masyarakat
Kena ngasoraken barang utawa jasa sejenis saka perusahaan liyane
Ora nglomboni, kudu apa anane
Iklan kudu digawe nggatekaken unggah-ungguh, etika, sopan santun
Tetembungan lan ukarane cetha, ora duwe tafsir gandha
Adhedhasar cakupan/ wilayah sasaran, iklan kiye bisa diperang dadi werna-werna, kejaba iklan....
Regional
Interlokal
Lokal
Nasional
Internasional
Iklan pariwisata yaiku iklan sing isine ana gegayutane karo pariwisata. Sing ora kalebu iklan pariwisata yaiku....
Resort wisata
Kosmetik
Traveling
Proyek wisata
Hotel
Iklan sing sipate sosial, ora nggolet keuntungan ekonomi. Iklan kiye digunakaken kanggo nginformasikaken, ngrayu utawa ndhidhik khalayak supaya tuwuh kesadaran tindak-tanduk masyarakat tumrap perkara sing diiklanaken, serta ngolehi citra apik neng mata masyarakat. Katrangan neng dhuwur pangerten sekang....
Iklan komersial
Iklan bisnis
Iklan distributor
Iklan layanan masyarakat
Iklan regional
Malem Minggu BT, kelawu, bingung? Ayuh dari padha bingung lan ora nggenah, padha teka rame-rame maring Lapangan Garuda Gentasari merga ana tontonan yaiku Orkes Dangdut. Aja ngani kelalen lan ketinggalan acara dimulai jam 19.30.
Teks iklan ing dhuwur, kalebu jenis iklan....
Kesehatan
Olahraga
Otomotif
Politik
Hiburan
Iklan sing teknik penyampaian pesene kanthi nggunakake dasar rasional utawa akal sehat, diarani....
Natural appeals
Emotional appeals
Etics appeals
Normative appeals
Rational appeals
Jaman wis modhern, kok model rambute esih kaya jaman bahela. Mula ayuh padha potong rambut neng Salon Pasti Kinclong. Ora marem, dhuwit bali 100%.
Teks iklan neng dhuwur, nawakaken bab....
Jasa
Barang lan bandha
Barang
Jasa lan barang
Bandha
Bu Lik Karti kesah dhateng peken kangge tumbas ulam kaliyan jeram.
Ukara teng inggil ngginakaken basa....
Ngoko alus
Krama alus
Ngoko lugu
Krama lugu
Bagongan
Pak Jono nganggo klambi ireng. Basa kramane ireng yaiku....
Ijem
Cemeng
Pethak
Abrit
Oranye
Basa krama alus/ inggil dipunginakaken teng sinten dhumateng sinten kemawon, kejawi....
Batur dhumateng majikan
Murid dhumateng guru
Putra dhumateng tiyang sepuhipun
Tetepangan enggal
Tiyang ingkang kalenggahan sedrajat
Aku mangan gethuk, Ibu lunga pasar lan Simbah maca koran neng teras.
Ukara teng inggil menawi dipundadosaken basa krama alus yaiku....
Kula dhahar gethuk, Ibu tindak peken lan Eyang maos ariwarti teng teras.
Kula nedhi gethuk, Ibu kesah peken lan Eyang maos ariwarti teng teras.
Dalem nedhi gethuk, Ibu tindak pasar lan Eyang maos ariwarti teng teras.
Kawula nedhi gethuk, Ibu tindak peken lan Simbah maca ariwarti teng teras.
Kawula nedhi gethuk, Ibu tindak peken lan Eyang maos ariwarti teng teras.
Basa krama aluse untu yaiku....
Jangga
Palarapan
Waja
Asta
Talingan
“Kok sepi nak, apa padha tindakan?” wangsulan sing bener yaiku....
“Inggih Pak, Bapak lan Ibu sami tindakan.”
“Inggih Pak, Bapak lan Ibu sami kesah.”
“Inggih Pak, Bapak kaliyan Ibu sami tindakan.”
“Iya Pak, Bapak Ibu sami tindak.”
“Leres Pak, sedaya sami kesah.”
Tembung kesah, nedhi, tilem kalebu tembung....
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
Krama desa
