NEW
Font size
WorksheetsBAHASA JAWA 9
Total questions: 45
Worksheet time: 2hrs 30mins
Anger-angger ingkang wonten ing serat kekancingan dipunandharaken bilih dangunipun pengurus punika tigang warsa. Sapunika sampun kathah para mudha ing kalurahan ngriki ingkang kathah kreativitasipun. Pramila sinten kemawon ingkang sampun nate ngesuhi dados pengurus prayoginipun gentosan kaliyan kadang sanes, amrih waradin lan sedaya para mudha nggadhahi pengalaman gladhen mandhegani. Dene adicara pamilihing pengurus karangtaruna wonten wekdal punika badhe kapandhegani kadang panyitra karang taruna.
Dudutan saka sesorah kasebut yaiku …
A. pengetan ambal warsane karang taruna
B. adicara genten pengurus karang taruna
C. adicara ganten ketua karang taruna
D. pengetan telung taune karang taruna
Gatekna wacan
ing ngisor iki!
“Nuwun
Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, Bapak Komite Sekolah ingkang
kinurmatan. Bapak Ibu guru, tamu undangan, saha karyawan ingkang kula urmati.
Kanca-kanca tuwin adhik kelas ingkang kula tresnani.”
Pethilan teks sesorah kasebut kalebu ....
A. purwaka basa
B. surasa basa
C. wasana basa
D pangarep-arep
Gatekna wacan
ing ngisor iki!
1. Wasana cekap semanten
anggen kula matur wonten ngarsa panjenengan sedaya, bokmanawi wonten
kalepattan kula tansah nyuwun agunging samodra pangaksami
2. Panjenenganipu para rawuh
ingkang tansah kinurmatan, lan kanca-kanca ingkang kula tresnani.
3. Dinten menika kula badhe
ngaturaken matur nuwun sanget para rawuh saged dumugi wonten adicara syukuran
lulus sarjana putra kula.
4. Sumangga panjenengan kula
dherekaken ngaturaken puji sukur dhateng Ingkang Maha Agung ingkang paring
rahmad hidayah dhateng panjenengan
sedaya.
Urutan
sesorah kang bener ana ing syukuran kasebut yaiku....
A. 4, 3, 2, 1
B. 3, 1, 4, 2
C. 2, 4, 3, 1
D. 1, 4, 3, 2
Gatekna wacan
ing ngisor iki!
Tikete
Entek
Janjane kudune jam 09.00 wis mangkat, ning malah mundur nganti jam 17.00.
Jaman semana tuku tiket sepur nganti ora kumanan. Arep mulih nganggo bis ning
dhuwit ora cukup! kepeksane ngenteni nganti sore. Plonga-plongo ora ana sing
ngancani. Ndilalah ana wong sing lungguh dhewe, banjur dakparani lan
daktakoni. Beja tenan aku, jebul ana wong sing nasibe padha karo aku. Wis ngomong
ngalor-ngidul tekan jam 11.45, banjur aku diajak lunga ning masjid kanggo
nyambi ngenteni sepur. Jam setengah 12 aku sholat dzuhur lan sarampunge
leyeh-leyeh karo crita maneh. Ora krasa jebulane wis jam 15.30, banjur aku
lan pawongan kuwi mau sholat ashar. Rampung sholat, bajur bali ning stasiun
lan tuku tiket. Sepur bisa mangkat jam 17.05 lan tekan omah jam 20.00.
Ukara
kang ora bener saka crita kasebut yaiku ....
A. sawise Ashar paraga utama banjur mlaku-mlaku
B. paraga utama lunga ing mejid karo nyambi ngenteni sepur
C. amarga jam e mundur, paraga utama nunggu sepur teka sore
D. paraga utama mangkat jam 17.05 tekan omah jam 20.00
“...Janjane kudune jam 09.00
wis mangkat, ning malah mundur nganti jam 17.00. Jaman semana tuku tiket
sepur nganti ora kumanan. Arep mulih nganggo bis ning dhuwit ora cukup!
kepeksane ngenteni nganti sore. Plonga-plongo ora ana sing ngancani. Ndilalah
ana wong sing lungguh dhewe, banjur dakparani lan daktakoni. Beja tenan aku,
jebul ana wong sing nasibe padha karo aku ....”
Manut
pethilan crita pengalaman kasebut, aku ora tuku tiket bis amarga ....
A. ora ana kancane
B. dhuwite ora cukup
C. tikete wis entek
D. pengin numpak sepur
Tata
Cara upacara tedhak siten
Kaping pisan, bocah dituntun ibune mlaku maju
lan ngidhak jadah 7 warna kang kagawe saka ketan. Warna yaiku : abang, putih,
ireng, kuning, biru, ungu lan jambon. Jadah ditata saka warna sing padhang
nganti warna sing peteng. Kaping pindho, bocah dituntun munggah andha kang
kagawe saking wit tebu “arjuna” banjur mudhun maneh. Tebu saking ukara
“antebing kalbu” tegese yaiku tekad ati ingkang mantep. Kapig telu yaiku
bocah dituntun mlaku ing pasir utawa lemah. Bocah nyeker-nyeker pasir, kang
nduweni tegese nggolek pangan. Karepe bocah bisa nyukupi kaperluanne dhewe
menawa wis gedhe. Kaping papat, bocah dilebokake kurungan kang apik lan
dilambari klasa, ing njerone ana akeh bandha-bandha kaya pari sabengket,
kapuk sabengket, Piranti nulis, bokor kang diisi beras kuning, werna-werna
jinis dhuwit, lan sak jinising perhiasan. Ingkang kaping lima, bapak lan
simbah nyebar udik-udik utawa duit receh dicampur kembang. Karepe supaya si
bocah nalika dewasa bisa dadi bocah kang dermawan lan seneng tetulung. Kaping
enem yaiku bocah wau diadusi nganggo banyu setaman kang wis dicampur
kembang-kembang (melathi, mawar, kenanga lan kanthil). Kapitu, bocah
didandani nganggo klambi resik lan apik. Dene ancase tedhak siten, atur puji
sukur marang gusti Allah, dene wis paring kekuatan sarta keslametan nganti
bisa ngidak bumi lan bisa urip mandiri.
Miturut
wacan kasebut, urut-urutan upacara Tedhak Siten nomer papat yaiku ….
A. bocah dituntun munggah andha sing kagawe saka wit tebu “arjuna”
B. bocah dilebokake ing jero kurungan kang isine bandha - bandha
C. bocah dituntun ibune mlaku maju lan ngidak jadah saking ketan 7 werna
D. bocah ingkang tedhak siten didandani ngagem klambi resik lan apik
“...Dene ancase tedhak siten, atur puji sukur marang gusti Allah, dene wis paring kekuatan sarta keslametan nganti bisa ngidak bumi lan bisa urip mandiri ....”
Miturut wacan kasebut maknane tata cara Tedhak Siten yaiku kanggo ....
A. kekuatan marang manungsa
B. puji sukur marang gusti
C. manungsa kang wis ngancik tuwa
D. njaluk pitulungan marang sasama
Pangkur
Deduga lawan prayoga,
myang watara reringa
aywa lali,
iku parabot satuhu,
tan kena tininggala,
tangi lungguh angadeg tuwin lumaku,
angucap meneng
myang nendra,
duga-duga nora kari
Paugerane tembang Pangkur kasebut
yaiku ....
A. 8a, 11i, 8a, 7a, 12u, 8a, 8i
B. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 7a, 8i
C. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
D. 8a, 11a, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
Gambuh
Ing
wong kang paha ngunggung,
pan
sepele iku pamrihipun,
mung
warege wadhuke klimising lathi,
lan
telese gondhangipun,
reruba
alaning uwong.
Piwulang
luhur saka tembang Gambuh kasebut
yaiku aja seneng ....
A. aweh gunggungan marang wong liya
B. golek kanca karo wong ala
C. gunggung wong supaya ora diapusi
D. pamrih nalika nulungi wong
Dhandhanggula
Lamun
sira anggeguru kaki
Amiliha
manungsa kang nyata
Ingkang
becik martabate
Sarta
kang wruh ing hukum
Kang
ngibadah lan kang wirangi
Sokur
oleh wong tapa
Ingkang
wus amungkur
Tan
mikir pawehing liyan
Iku
pantes sira guronana kaki
Sartane
kawruh ana
“Lamun sira anggeguru kaki”
Tembung kang kacithak miring tegese ....
A. kanca
B. anak
C. putu
D. bocah
“...Rajaning peksi punika
namanipun Jathayu. Piyambakipun dados mitra kenthelipun Prabu Dasarata.
Pramila, sareng sumerep anakipun mitrannipun dipuncidra dening Rahwana,
Jathayu enggal tumandang mitulungi. Kreta kencana dipuntrajang kemawon, Sinta
dipunrebat ....”
Manuk
Jathayu iku karo Prabu Dasarata kapernah apa?
A. sedulure
B. kanca
C. mungsuh
D. adhi
bunas kopen, batangane...
tapak kebo amba tapak ula dawa
bubur panas kokopen
mlaku gawe sandhal klompen
mbakar tela sumendhe keren
“...Dumugi
ing panggenanipun Jathayu. Jathayu menggeh-menggeh meh koncatan nyawa.
Sanadyan makaten, ewadene taksih saged nyariyosaken lelampahanipun, sarta
suka sasmita arah plajengipun pandung. Sinta kabekta dhateng Nagari Alengka. Dereng
ngantos telas anggenipun ngucapaken wandaning tembung, Jathayu angemasi.
Rehne tetela sampun boten saged katulungan malih, raganipun dipunbesmi dening
Rama Lesmana. Kelukipun latu kumelun nggayuh gegana nedahaken penering Nagari
Alengka dalasan kapireng swanten ginaib ingkang suka pitedah caranipun saged pinanggih
kaliyan Sinta ....”
Dudutan saka crita kasebut yaiku ....
A. Jathayu menehi pituduh Negara Alengka
B. Sinta kadusta dening Manuk Jathayu
C. Rama lan Lesmana ketemu karo Rahwana
D. Rahwana meh koncatan nyawa amarga Jathayu
“...Crita iki kedaeyan dina
Senen kepungkur. Wektu iku aku isih kelingan pas pelajaran/wulangan basa Jawa
Kompetensi Dasar (KD) maca ukara mawa aksara Jawa. Nalika aku melu pelajaran/wulangan
basa Jawa sirahku rada ngelu amarga sewengi pancen kurang turu melek-melek
sedukurku dhuwe gawe sunatan. Pak D asmane guru basa Jawa. Piyayine gedhe
dhuwur kaya Werkudara. Guru basa Jawa ku iki pancen guru kang sabar lan
apikan mungguh kanggoku. Buktine sasuwe aku diwulang, Pak D ora tau duka apa
maneh nganti ngeplak marang para siswa. Amarga kalebu guru sabar lan apikan,
Pak D disenengi para siswa ....”
Manut
pethilan crita pengalaman kasebut, sirahku ngelu amarga ....
A. ora bisa maca ukara aksara Jawa kang angel
B. masuk angin amarga melek-melek
C. ngadhepi guru basa Jawa kang gedhe dhuwur
D. kurang turu amarga sedulurku duwe gawe sunatan
“...Crita iki kedaeyan dina Senen kepungkur. Wektu iku aku isih kelingan pas pelajaran/wulangan basa Jawa Kompetensi Dasar (KD) maca ukara mawa aksara Jawa. Nalika aku melu pelajaran/wulangan basa Jawa sirahku rada ngelu amarga sewengi pancen kurang turu melek-melek sedukurku dhuwe gawe sunatan. Pak D asmane guru basa Jawa. Piyayine gedhe dhuwur kaya Werkudara. Guru basa Jawa ku iki pancen guru kang sabar lan apikan mungguh kanggoku. Buktine sasuwe aku diwulang, Pak D ora tau duka apa maneh nganti ngeplak marang para siswa. Amarga kalebu guru sabar lan apikan, Pak D disenengi para siswa ....”
Saka pethilan crita pengalaman kasebut, paraga utamane yaiku ....
A. aku
B. pak D
C. guru basa Jawa
D. aku lan pak D
Ihsan ndulu ardi kanthi seneng, ndulu tegese ....
Mangan
Nyawang
Gunung
Wadon
“...Crita iki kedaeyan dina Senen kepungkur. Wektu iku aku isih kelingan pas pelajaran/wulangan basa Jawa Kompetensi Dasar (KD) maca ukara mawa aksara Jawa. Nalika aku melu pelajaran/wulangan basa Jawa sirahku rada ngelu amarga sewengi pancen kurang turu melek-melek sedukurku dhuwe gawe sunatan. Pak D asmane guru basa Jawa. Piyayine gedhe dhuwur kaya Werkudara. Guru basa Jawa ku iki pancen guru kang sabar lan apikan mungguh kanggoku. Buktine sasuwe aku diwulang, Pak D ora tau duka apa maneh nganti ngeplak marang para siswa. Amarga kalebu guru sabar lan apikan, Pak D disenengi para siswa ....”
Papan kedadeyan crita pengalaman kasebut yaiku ana ing ....
A. omahe sedulurku
B. sekolahan
C. kantor guru
D. omahku
“...Chikungunya
ing Trenggalek nganti dina iki tanggal 27 Juli dumadi ing Kecamatan Dongko,
Suruh, Kampak, lan Watulimo. Sing akeh kena penyakit yaiku ing Kecamatan
Dongko nganti 522 kasus. ana ing kecamatan desa Pringapus, Ngerdani,
Sumberbening, lan desa Dongko. Kanggo Kecamatan Suruh panyebaran chikungunya
dumadi ing desa Nglebo lan Wanakarta ....”
Isi
pawarta kasebut yaiku penyebaran ....
A. chikungunya ing Indonesia
B. chikungunya ing Trenggalek
C. lelara ing Kecamatan Dongko
D. lelara Kabupaten Trenggalek
“...Menteri
Koordinator Kemaritiman, Luhut binsar Panjaitan, Rebo (11/1), aweh
kalonggaran marang Negara manca ngemonah (ngelola) pulo-pulo kothong ing
Indonesia. Miturut Luhut, akeh pulo kothong sing mangkrak merga kurang kopen.
Kanthi dikemonah asing, Luhut ngajab pulo-pulo mau bisa luwih produktif,
mligine narik wisatawan. Saka bisnis pariwisata mau, pamarentah bakal entuk
setoran dum-duman kang murwat. Senajan bab dum-duman bathi, wong asing
kang bakal ngemonah pulo kudu manut karo paugerane Indonesia.
Saka wacan kasebut, wisatawan bisa katarik kanthi cara ....
A. ngopeni bisnis pariwisata
C. ngopeni wisatawan saka Negara manca
aweh kalonggaran marang Negara manca
B. aweh gratisan mlebu pariwisata
C. ngopeni wisatawan saka Negara manca
B. aweh kalonggaran marang Negara manca
Raja
: “Putraku, kapan kowe golekke ramamu iki mantu?”
Raden
: “Nyuwun pangapunten Rama, kula dereng kepanggih kaliyan tiyang
ingkang trep
kalian
Ati kula.”
Raja
: “Ramamu iki wes tua ngger, pengenku, kowe ngganti aku yen awakmu wis
duwe
garwa”
Raden
: “Sendika dawuh Rama”
Raja
: “Ananging, aku kepengen sik padha-padha saka kerajaan”
Pacelathon
kasebut nuduhake menawa watake Raja yaiku ....
A. teges
B. ala
C. galak
D. durjana
“...Rikala semana, ana
sawijining kraton ing tanah Jawa kang arane Medang Kamulan. Raja Medang
Kamulan asmane Prabu Dewanata Cengkar lan nduweni watak dur angkara. Prabu
Dewata Cengkar nduweni kasenengan mangan manungsa. Saben dinane, Prabu ewata
cengkar kudu mangan pawongan. Patih Jugul Anom, patihe Prabu Dewata Cengkar saben
dina golek sawijining kawula Medang Kamulan sing bakal didadekake tumbal.
Tumbal iki diwenehake marang Prabu Dewata Cengkar. Kabiyasan sing ora lumrah
saka raja Medang Kamulan iki ndadekake rakyat Medang Kamulan keweden. Akeh
wong sing padha mlayu ngungsi tumuju dhaerah liyane supaya slamet saka Prabu
Dewata Cengkar ....”
Piwulang
luhur saka wacan kasebut yaiku ....
A. dadi rakyat kudu manut marang ratune
B. dadi patih kudu setya marang ratune
C. rakyat kudu wedi marang dhawuhe ratune
D. dadi ratu utawa pemimpin kudu bisa ngayomi rakyate
“...Rikala semana, ana
sawijining kraton ing tanah Jawa kang arane Medang Kamulan. Raja Medang
Kamulan asmane Prabu Dewanata Cengkar lan nduweni watak dur angkara. Prabu
Dewata Cengkar nduweni kasenengan mangan manungsa. Saben dinane, Prabu ewata
cengkar kudu mangan pawongan. Patih Jugul Anom, patihe Prabu Dewata Cengkar
saben dina golek sawijining kawula Medang Kamulan sing bakal didadekake
tumbal. Tumbal iki diwenehake marang Prabu Dewata Cengkar. Kabiyasan sing ora
lumrah saka raja Medang Kamulan iki ndadekake rakyat Medang Kamulan keweden.
Akeh wong sing padha mlayu ngungsi tumuju dhaerah liyane supaya slamet saka
Prabu Dewata Cengkar ....”
Ukara
kang trep karo pethilan crita kasebut yaiku ....
A. Rakyat Medang Kamulan setya marang Prabu Dewata Cengkar
B. Prabu Dewata Cengkar iku ratu sing adil lan bisa
didadekake panutan
C. Patih Junggul Anom iku patih sing setya marang rakyat
Medang Kamulan
D. Prabu Dewata Cengkar nduweni watak angkara amarga seneng
mangan manungsa
“...Rikala semana, ana
sawijining kraton ing tanah Jawa kang arane Medang Kamulan. Raja Medang
Kamulan asmane Prabu Dewanata Cengkar lan nduweni watak dur angkara. Prabu
Dewata Cengkar nduweni kasenengan mangan manungsa. Saben dinane, Prabu ewata
cengkar kudu mangan pawongan. Patih Jugul Anom, patihe Prabu Dewata Cengkar
saben dina golek sawijining kawula Medang Kamulan sing bakal didadekake
tumbal. Tumbal iki diwenehake marang Prabu Dewata Cengkar. Kabiyasan sing ora
lumrah saka raja Medang Kamulan iki ndadekake rakyat Medang Kamulan keweden.
Akeh wong sing padha mlayu ngungsi tumuju dhaerah liyane supaya slamet saka
Prabu Dewata Cengkar ....”
Paraga
antagonis kang ana ing pethilan crita rakyat kasebut yaiku ....
A. Prabu Aji Saka
B. Prabu Dewata Cengkar
C. Rakyat Medang Kamulan
D. Patih Jugul Anom
Jaka Tingkir :
Ayo minggir leren
dhisik, getheke aja lali dicancang ana kana!
Mas Manca :
Iya. Senajan ora
milah dhewe, nanging awak rasane remek.
Ki Wuragil :
Iya bener. Saiki
turua, sesuk nembe mlaku maneh.
Ki Wila :
Langite katon
endah, rasane kepenak bisa turu ing sakndhuwure banyu, sakngisore langit.
Iya apa ora? Welah dalahh... lah kok wis padha turu angler. Ya wis aku tak
melu turu.
Isi
saka pethilan crita kethoprak kasebut yaiku ….
A. Ki Wila milah gethek nganti awake rasane remek
B.Jaka Tingkir lan rombongan padha ngaso ing sakpinggiring kali
C. Jaka Tingkir mrentah rombongane supaya nyawang langit kang endah
D. Ki Wuragil lan Mas Manca turu kasebut gethek kang dicancang
Simbah menehi wejangan marang putune, wejangan tegese ....
Gunung
Nambani
Nasehat
Ali - ali
Wacanen pacelathon ing ngisor
iki!
Petugas : Mas, Bapake neng dalem apa
tindakan?
Faisal : Wonten pak, mangga katuran
pinarak rumiyin.
Faisal : (mlebu ngomah nyedhaki bapake) Nuwun sewu Pak, wonten tamu.
Bapak : Sapa tamune Sal?
Faisal
: Tamunipun bapak – bapak, kula boten emut ......, nanging ...... badhe
......bapak.
Tembung
kang trep kanggo ngganepi ceceg – ceceg kasebut yaiku ......
A. asmanipun, ngendikanipun, pinanggih
B. asmanipun, ngendikane, pinanggihan
C. asmanipun, sanjangipun, pinanggih
D. asmanipun, ngendikanipun, ketemu
Wacanen pacelathon ing ngisor iki!
1. Agus : “Mar opo kowe wes tau weroh boyo.”
2. Maryana : “Wis, nalika menyang ing kebon kewan.”
3. Agus : “Boyo kui mangane opo.”
Maryana : “Werno-werno, ono pitek, bebek, lan truwelu.”
Pacelathon sing bener panulisane yaiku angka ....
A. 1
B. 2
C. 3
D. 4
Wacanen pacelathon ing ngisor
iki!
Tono : “ Aku ora kulina olah raga kaya Aris. Kasenenganku ngrungokke
radhio, nggambar,
lan maca. ”
Aris : “ Apa entuk – entukane wong sing seneng ngrungokake radhio?”
Tono : “ Wah, kowe kuwi kepancal sepur, Ris! Akeh banget gua paedahe
seneng
ngrungokake radhio. Bisa tambah kawruh,
bisa nglipur, bisa tambah kanca, bisa
ngreti kaanan sing lagi dumadi tanpa kudu
maca koran. Malah kadhang kala entuk
rejeki, utawa hadiah.”
Aris : “ Iya. Yen ngono kasenengane manungsa
iku duweni guna sing maneka werna. Sing
seneng olah raga ya bakal ngundhuh uwohing
olah raga, samono uga sing seneng
maca ya bakal ngundhuh uwohing maca.”
Manut
Tono ing pacelathon kasebut mau, andharan ing ngisor iki kang ora kalebu
paedahe maca yaiku ....
A. dadi panglipur ati
B. nambah kawruh
C. nambah kanca
D. nambahi mumet
Gatekna pacelathon ing ngisor
iki!
Simbah
: “ ...................... balane wanara balane Rama padha bungah lan
surak-surak.
Balane
Dasamuka padha keplayu awit senapatine gugur kabeh. Para dewa
padha seneng atine,
dene Rahwana kang tansah gawe rusuh wis tekaning pati.”
Daffa
: “Maturnuwun mbah, mugi-mugi kula saged mendhet wosing cariyos lan saged
mendhet patuladhan
ingkang sae.”
Piweling kang bisa kajupuk saka pacelathon kasebut yaiku ....
A. kudu melu tumindake Rahwana anggone gawe rusuh
B. dadi manungsa kudu niru patuladhan kang ala
C. aja dadi patuladhan kanggo wong liya
D. saka crita wayang bisa dijupuk patuladhan sing apik
Pangkur
Alaning
liyan den andhar,
ing
becike liya kang den simpeni,
becike
dhewe ginunggung,
kinarya
pasamuan,
nora
ngrasa alane dhewe ngandhukur,
wong
mangkono wategnya,
nora
kena dencedhaki.
Pada
tembang kasebut nduweni watak ....
A. apikan
B. gumedhe
C. lembah manah
D. andhap asor
bunas kopen, batangane...
tapak kebo amba tapak ula dawa
bubur panas kokopen
mlaku gawe sandhal klompen
mbakar tela sumendhe keren
Elinga
marang sanak sedulur kang lali, supaya karep urip tentrem, mangkono kang kudu ditindakake. Yen ora
gelem manut, ya wis menenga wae aja padha ngrasani.
Isi tembang Durma kasebut,
jumbuh karo cakepan tembang ….
A. Kang mangkana ingaran yuda nagara, pagut ing sabda gati, aneng pasewakan, yen wus bangkit mangkana, sasat bisa anguwasi, mapan ing mengsah, pasang ing byuha wasis.
B. Bener luput ala becik lawan begja, cilaka mapan saking, ing badan priyangga, dudu saking wong liya, mulane den ati-ati, saking dirguna, singgahana den eling.
C. Ingkang eling iku ngelingana marang, sanak kadang kang lali, den nedya raharja, mangkono tindak ira, yen tan nggugu iya uwis, teka menenga, mung aja sok ngrasani.
D. Damarwulan aja ngucireng yuda, tangia sun enteni, tandhing lawan ing wang, padha mangsa padha, tandhah ana pedhang mami, ingkang prayitna, kena mesthi ngemasi.
Wacanen geguritan ing ngisor iki!
Pakaryane manungsa
Pindha kupu luru madu
Ana dina ana upa
Gelema gliyak gliyak golek gawean
Aja nganggur angethekur
Aja dlongap dlongop ongap angop
Tansah nyadhong berkah, berkahing Gusti
Wose geguritan kasebut yaiku….
A. manungsa kudu gelem makarya supaya diberkahi Gusti
B. saben dina akeh wong kang mbutuhake upa lan madu.
C. manungsa yen nganggur kudune dlongap – dlongop wae.
D. kupu lan manungsa saben dina saingan golek madu.
Wacanen geguritan ing ngisor iki!
Pakaryane manungsa
Pindha kupu luru madu
Ana dina ana upa
Gelema gliyak gliyak golek gawean
Aja nganggur angethekur
Aja dlongap dlongop ongap angop
Tansah nyadhong berkah, berkahing Gusti
Lageyan basa kang digunakake ing ukara “Pindha kupu luru madu” yaiku…
A. personifikasi
B. metafora
C. hiperbola
D. pangumpama
1.Prapti pancen bocah ayu, bathuke...
nyela cendani
nduren sajuring
ngembang bakung
miji timun
2.Bocah kae yen mlaku merak ati jalaran lakune...
ngembang bakung
blarak sempal
macan luwe
nanggal sepisan
3.Yen ngguyu, Anton tambah bagus jalaran lambene...
manis banget
manggis karengat
nanggal sepisan
mecucu
Ibu mundhut gilingan bumbu. Tembung gilingan tegese ….
piranti/alat
asal
panggonan
tindakan
merk
Klething Abang: Klething kuning cepet mrene! arep lunga menyang kutha, iki kumbahan ndang dikumbah!
Klething Kuning: Inggih Mbak Yu sendika dhawuh
Saka pacelathon drama ing nduwur, watek Klething Abang yaiku ....
sabar
wicaksana
ladak/galak
seneng tetulung
gampang iri
Nalika pagelaran drama, ditampilake paraga loro lagi guneman.
Gunemane wong loro ing pagelaran kasebut diarani....
babak
dialog
prolog
epilog
casting
Ing alas ana wanara papat mlaku bebarengan, wanara tegese ....
Wedhus
Sapi
Roti
Kethek
Anoman iku sawijine wanara kang setya marang ....
Ramayana
Ramasinta
Ramawijaya
Wijayakesuma
Eyang ... Wonten kamar.
Sare
Siram
Ngunjuk
Maos
Bapak lunga menyang pasar legi numpak sepeda.
Lunga menyang pasar basa kramane ....
Tindak menyang pasar
Tindak dhateng peken
Tindak menyang peken
Lunga dhateng peken
Anoman diutus menyang alengka saperlu nggoleki ....
Dewi kunthi
Dewi sandra
Dewi sinta
Dewi setyawati
