wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PAT BAHASA JAWA

Total questions: 23

Worksheet time: 46mins

Name
Class
Date
1.

Musim udan padha karo musim banjir padha teka. Got-got kang kasumpet kudu diresiki supaya banjir ora mara. Lingkungan sakupenge kita kudu dijaga amarga udan sawayah-wayah bisa teka. Lelara padha ngincer manungsa mula kuwi ayo padha njaga lingkungan supaya lelara ora teka banjir ora ana.

Ukara kang kacithak miring ing wacan dhuwur iku yen diowahi ngganggo basa krama alus yaiku…..

a)

A. Got-got kang kasumpet kedah diresiki supaya banjir ora mara.

b)

B. Got-got ingkang kasumpet kedah diresiki supaya banjir ora mara.

c)

C. Got-got ingkang kasumpet kedah dipunresiki supados banjir mboten dugi.

d)

D. Got-got kang kasumpet kedah dipunresiki supados ora mara.

2.

Wacanen kanthi setiti!


Nandur empon-empon


Dhek dina minggu aku lan ibuku menyang kebonan. Kebonanku rumbuk suket. Suket iku ora ana gunane. Suket iku banjur dakresiki karo ibuku. Sawise dakresiki, kebonanku daktanduri lan dakpaculi luwih dhisik. Aku lan ibuku nandur jahe, kencur, puyang, laos, kunir, lan sapanunggale.


Wacan ing dhuwur kalebu jinise karangan . . . .

a)

A. deskripsi

b)

B. eksposisi

c)

C. narasi

d)

D. persuasi

3.

Titipane anak putu,

Alam endah edi peni,

Den jaga mrih lestari,

Aja lali den pengudi,

Temah jaya lan sentosa,

Ayem tentrem kita sami.


Tembang macapat ing dhuwur isine . . . .

a)

A. njaga alam seisine

b)

B. njaga alam supaya lestari tur urip mulya

c)

C. njaga alam supaya lestari

d)

D. njaga alam supaya urip ayem tentrem.

4.

Gunung-gunung aneng bumiku Pertiwi,

Merak ati endah,

Gunung Bromo tur Merapi,

Agung Kerinci Arjuna.

Guru wilangan lan guru lagune gatra katelu tembang ing dhuwur yaiku….

a)

A. 12 i

b)

B. 6 a

c)

C. 8 i

d)

D. 4 i

5.

18. Ayo pra muda taruna,

Ngisi kamardikan mbela nagari,

Ngudi ilmu dimen maju,

Tansah laku trapsila,

Reksanen budaya bangsa kanthi laku,

Mrih raharja nuswantara,

Gemah ripah loh jinawi.


Gatra kapitu tembang ing dhuwur tegese ….

a)

A. tata tentrem

b)

B. adil makmur

c)

C. kerta raharja

d)

D. subur makmur

6.

Pak Guntur iku sugih pangapurane. Pak Guntur iku ….

a)

A. kandel kupinge

b)

B. abang kupinge

c)

C. abang lambene

d)

D. jembar segarane

7.

Gatekna wacan ing ngisor iki!


Jaman saiki akeh wong tuwa padha bingung. Apa maneh yen nduwe anak wadon. Bingunge wong tuwa mau amarga ngawasi tingkah polahe pasrawungane arek nom-noman kang wis ora kena diatur. Akeh wong tuwa padha kuwatir marang anak-anake yen salah pasrawungane.


Paribasan kang cocok karo wacan ing dhuwur, yaiku ….

a)

A. Kebo nusu gudel

b)

B. Anak polah bapak kepradah

c)

C. Asu arebut balung

d)

D. Kriwikan dadi grojogan

8.

Sapu Sada

Jumat asri

Resik lan sehat

Cancut tali wanda

Nandur kabecikan


Cilik gedhe bagus ayu

Ora mung padha gumuyu

Ora tinggal glanggang colong playu

Tumuju adiwiyata murih rahayu


Tembung sing kacethak miring ing geguritan dhuwur iku tegese….

a)

A. seneng banget

b)

B. nyambut gawe

c)

C. resik lan sehat

d)

D. guyub rukun

9.

Padang Bulan


Yo prakanca dolanan ing njaba,

Padhang mbulan padhange kaya rina,

Rembulane kang ngawe-awe,

Ngelingake aja turu sore-sore.

Isi tembang dolanan ing dhuwur medharake rasa…

a)

A. seneng

b)

B. wedi

c)

C. susah

d)

D. gething

10.

Kupu Kuwi

Kupu iku dak incupe,

Mung aburmu ngewuhake,

Ngalor ngidul ngetan bali ngulon,

Mrana-mrene mung saparan-paran,

Sapa bisa ngincupake,

Mentas menclok cegreg,

Nuli mabur bleber.


Mung aburmu ngewuhake, tembang ngewuhake tegese…

a)

A. angel banget

b)

B. gampang banget

c)

C. adoh banget

d)

D. cedhak banget

11.

Tulisan Aksara kang diwaca kembang yaiku ... .

a)
b)
c)
d)
12.

Bapak Pucung,

Wujude mlungker kaya kalung

Tangan papanira

Nuduhake rina wengi

Lamun mati bingung wektu sang bendara


Tembang Pucung kasebut keperang ana ... gatra.

a)

4

b)

5

c)

6

d)

7

13.

Sepet-sepet, sawone mentah

Diempet-empet, selak ora ....


Ukara kang trep kanggo jangkepi parikan kasebut yaiku ....

a)

bungah

b)

munggah

c)

susah

d)

betah

14.

Aksare latine ....

a)

tuku duren telu

b)

tuku duku siji

c)

tuku duku telu

d)

tuku duren siji

15.

Ngopeni Banyu Sumber Panguripan


Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhaek banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.


Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.


Irah-irahan teks ing dhuwur yaiku .........

a)

banyu resik

b)

ngopeni banyu

c)

ngopeni banyu sumber penguripan

d)

banyu kali sumber panguripan

16.

Ngopeni Banyu Sumber Panguripan


Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhaek banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.


Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.


Teks wacan ing dhuwur klebu jenis wacan ...........

a)

narasi

b)

deskripsi

c)

persuasi

d)

fabel

17.

Gambar kang ana sisih kiwa iki klebu jinise .........

a)

iklan

b)

pawarta

c)

gambar carita

d)

slogan

18.

"Negor sauwit nandur satus bibit". Ukara iki klebu ...........

a)

narasi

b)

slogan

c)

persuasi

d)

deskripsi

19.

Gambar kasebut basa kramane yaiku....

a)

gulu

b)

kuping

c)

jangga

d)

talingan

20.

Bapak puncung renteng-renteng kaya kalung

Dawa kaya ula

Pencokanmu wesi miring

Yen lumaku sipuncung ngumbar suwara

Adhedasar tembung kasebut bedhekane yaiku ….

a)

Tasbih

b)

gelang

c)

sepur

d)

kalung

21.

gambar iku kalebu..

a)

sesanti/slogan

b)

pariwara

c)

pawarta

d)

persuasi

22.

Ireng-ireng gorengan kopi, ....

Tembung sing mathuk kanggo nggenepi parikan ing dhuwur yaiku ....

a)

Legi-legi rasane gula

b)

Ati seneng juwara siji

c)

Bocah cilik ajar ngaji

d)

Ngenteni bocah sing keri

23.

Rukun agawe santosa, crah .....

Paribasan ing dhhuwur iku terusane sing bener yaiku .....

a)

Agawe lumrah

b)

Agawe bungah

c)

Agawe susah

d)

Agawe bubrah