WorksheetsUnggah-Ungguh Basa Jawa
Total questions: 20
Worksheet time: 3600secs
Manut wujude, unggah-ungguh basa dibedakake dadi 4 yaiku ....
Ngoko , ngoko lugu, krama madya, krama alus
Ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, krama alus
Basa ibu, basa ilmu, basa budaya
Basa sanskerta, aksara jawa, basa daerah
Nalika pacaturan karo Pakdhe, minangka pawongan kang luwih enom kudu nggunakake basa .....
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
Kowe maeng apa uwis mangan?
Ukara kasebut yen diowahi dadi krama inggil dadi ....
Panjenengan kalawau menapa sampun dhahar?
Sampeyan kalawau napa sampun dhahar?
Panjenengan wau napa sampun nedha?
Panjenengan wau menapa wis dhahar?
Basa kang kanggo bocah-karo bocah utawa sapadha-padha yaiku ….
krama
Krama inggil
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama andhap
Basa kang tembunge ngoko kabeh diarani ...
ngoko alus
ngoko lugu
ngoko biasa
ngoko umum
Ing ngisor iki kena nggunakake basa ngoko, kejaba ...
guru marang murid
bapak marang anak
wayah marang simbah
kanca marang kanca
Nalika aku bali sekolah, Bapak lagi ...
nedha
madhang
dhahar
mangan
Kanca-kanca, dina iki bu Susi ora rawuh.
Ukara ing dhuwur kalebu basa Jawa ragam... .
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
Pak Budi : “Bocah-bocah, Pak Guru pan nginformasikena, kiye ana surat sing Dinas Dikbud sing isine yaiku rong minggu maning pan ana lomba macapat.”
Sobri : “Nyuwun pangapunten Pak, kalih minggu malih menika pasipun tanggal pinten?”
Doni : “Tembangipun menapa kemawon Pak?”
Pak Budi : “Kosik ta, sabar takone siji-siji. Pelaksanaane tanggal 27.”
Sobri lan Doni anggone matur marang Pak Budi nggunakake unggah-ungguh basa ...
krama alus
ngoko alus
krama lugu
ngoko lugu
Basa kang digunakake kanggo wong kang lagi wae dikenal yaiku . . . .
Krama
Krama inggil
Ngoko
Ngoko lugu
Bu Guru lagi nulis ing blabag.
Tembung nulis basa kramane yaiku . . . .
Maos
Nyerat
Lenggah
Nedha
Pak Ahmad kondur saka mesjid sawise shalat isya.
Tembung kondur tegese padha karo tembung . . . .
Mulih
Rawuh
Kesah
Dugi
Ibu lunga menyang pasar.
Ukara kasebut yen diowahi nganggo basa krama alus yaiku . . . .
Ibu kesah dhateng peken
Ibu bidhal dhateng peken
Ibu tindak dhateng peken
Ibu rawuh saking peken
Mbah kakung lara untu.
Yen dikramakake dadi mbah kakung gerah . . . .
Waja
Mustaka
Tutuk
Grana
Aku turu ing kamar tengah, wondone simbah . . . . ing kamar mburi.
Tilem
Sare
Siram
Ngunjuk
Nalika sliramu matur bapak lan ibu becike nganggo ragam basa apa?
basa ngoko lugu
basa krama lugu
basa ngoko alus
basa krama alus
Ukara ing ngisor iki kalebu jinis ragam basa apa?
Bapak lagi dhahar sega pecel sapincuk
Krama alus
Ngoko alus
Krama lugu
Ngoko lugu
Ukara ing ngisor iki kalebu jinis ragam basa apa?
Apa kowe ora seneng mangan jajan pasar sing jenenge gethuk?
Krama alus
Ngoko alus
Krama lugu
Ngoko lugu
Ukara ing ngisor iki kalebu jinis ragam basa apa?
Andi dipunutus bu Guru mendhetaken buku wonten ing ruang guru
Krama alus
Ngoko alus
Krama lugu
Ngoko lugu
Ukara ing ngisor iki kalebu jinis ragam basa apa?
Panjenengan ora mundhut brambang mumpung lagi murah lho iki!
Krama alus
Ngoko alus
Krama lugu
Ngoko lugu
