Font size
WorksheetsTRY OUT 2 BAHASA JAWA
Total questions: 25
Worksheet time: 38mins
Gelenging Tekad
Pendhut anggameng aneng pucuking arga
Nutup sorothing surya ing wanci enjang
Mbudidaya kanthi sakehing tenaga
Sang baskara jwa nganti aweh pepadhang
Ning Sang Hyang-E weruh marang kuwajiban
Sigra nempuh barisaning pendhut gunung
Pepalanging laku ginempur lawaran
Matemah ebun kandel tapis tinudhung
Apa irah-irahane geguritan ing dhuwur... .
baskara jiwa
ning Sang Hyang-E
gelenging Tekad
ebun kandel
Pak Mardi : “Sugeng enjing pak!”
Pak Narto : “Sugeng enjing Pak! Saking SD pundi?”
Pak Mardi : “Saking SD Pelita Ilmu, Pak. Punika lho Pak, siswa-siswi kula kepingin mangertosi sejarah prastawa 10 November 1945.”
Pak Narto : “...........”
Basa krama kang trep kanggo njangkepi pacelathon ing dhuwur yaiku... .
ten mriki mboten wonten sejarah prastawa 10 November 1945
mangga-mangga, Pak! Kula dherekaken
iki patunge Bung Tomo, sawijining tokoh pejuang saka Surabaya
apa iki museum?
Wacanen sing setiti!
Dhek jaman biyen ing kraton Kediri ana puti Ratu Aran Dewi Sanggalangit. Dewi Sanggalangit putri kang ayu sulistya ing warna, awatak lembut bebudine lan ora akeh omonge. Akeh pangeran pati lan para raja mudha ing padha nglamar, nanging sang Dewi ora tau gelem nampa penglamar mau. Sawijining dina ingkang rama ndangu, kena apa saben ana priya nglamar kok mesthi ditolak? Kamangka ingkang rama lan ibu wis kepingin banget kagungan wayah. Jinurung rasa kepingin bekti marang wong tuwane, Dewi Sanggalangit gelem didahupake. Dheweke banjur menyang sanggar pamujan saperlu nyuwun pituduh marang Gusti Kang Maha Agung supaya diparingi jodho sing setya tuhu tresna. Sawise teung dina ngebleng ing sanggar pamujan, sang Dewi banjur entuk wangsit. Isine wangsit yaiku: calon garwane kudu bisa nekakake tontonan kang gawe eram sing durung ana sadurunge. Totonan kasebut diiringi gamelan sarta ana pangiring turangga kembar sing cacahe 140 kanggo ngiringi temantene.
Kepriye watake Ratu Aran Dewi Sanggalangit... .
sombong
ora manut marang wong tuwane
lembut bebudine lan ora akeh omonge
gampang nyerah
Wacanen sing setiti!Dhek jaman biyen ing kraton Kediri ana puti Ratu Aran Dewi Sanggalangit. Dewi Sanggalangit putri kang ayu sulistya ing warna, awatak lembut bebudine lan ora akeh omonge. Akeh pangeran pati lan para raja mudha ing padha nglamar, nanging sang Dewi ora tau gelem nampa penglamar mau. Sawijining dina ingkang rama ndangu, kena apa saben ana priya nglamar kok mesthi ditolak? Kamangka ingkang rama lan ibu wis kepingin banget kagungan wayah. Jinurung rasa kepingin bekti marang wong tuwane, Dewi Sanggalangit gelem didahupake. Dheweke banjur menyang sanggar pamujan saperlu nyuwun pituduh marang Gusti Kang Maha Agung supaya diparingi jodho sing setya tuhu tresna. Sawise teung dina ngebleng ing sanggar pamujan, sang Dewi banjur entuk wangsit. Isine wangsit yaiku: calon garwane kudu bisa nekakake tontonan kang gawe eram sing durung ana sadurunge. Totonan kasebut diiringi gamelan sarta ana pangiring turangga kembar sing cacahe 140 kanggo ngiringi temantene.
Amanat crita ing dhuwur yaiku... .
kita ora oleh nyerah karo kahanan
ratu Aran Dewi Sanggalangit
yen kepingin dadi maten kudu diiringi gamelan
ora perlu manut karo wong tuwa
KUPU KUWI
Kupu iku dak incupe
Mung aburmu nguwuhake
Ngalor ngidul ngetan bali ngulon
Mrana-mrene mung saparan-paran
Sapa bisa ngincupake
Mentas menclok cegreg
Nuli mabur mbleber
Kepriye mabure kupu kuwi... .
bisa ngincupake
abure nguwuhake
mrana-mrene saparan-paran
ngalor ngidul ngetan bali ngulon
yen ditulis latin dadi... .
madang daging pitik
mangan daging sapi
masak daging sapi
madang sapi
Pancine ibuku digawe karo bulekku.
Tembung digawe kalebu ater-ater... .
tripurusa
anuswara
liyane
seselan
UWUH
Uwuh utawa sampah tambah dina ora tambah suda nanging tansaya tambah nganti matikel-tikel. Kahanan mau bisa didelok ana sakiwa-tengene awake dhewe. Uwuh mumbruk nyepeti mata ambune nduleg irung, amis campur basin. Uwuh plastik pating kleler ing sadhegah papan. Bisa dibayangake piye kahanan bumi iki mbesuke, yen uwuh ora dikelola kanthi becik.
Ukara ing ngisor iki sing mujudake inti saka paragrap yaiku... .
uwuh mumbruk ing sadhengah papan
uwuh ora dikelola kanthi becik
uwuh plastik kleler ing sadhengah papan
uwuh ambune amis campur basin
Wacanen sing setiti!
............................................
“Hutan Indonesia Paru-paru Dunia” ukara kuwi ing sabne dina pengetan lingkungan hidup mesthi dikumandangake saindhenge donya. Alas ing bumi Indonesia pancen klebu alas tropis sing paling amba sadonya. Alas tropis mujudake produsen oksigen sing paling gedhe sadonya. Mula ora salah yen alas Indonesia diarani paru-parune donya.
.................................
Ukara inti ing wacan dhuwur yaiku... .
alas rusak, paru-parune donya rusak
alas Indonesia paru-parune donya
alas Indonesia kuwi alas tropis
alas tropis prodhusen oksigen
Wacanen kang patitis!
Kabar bab anane virus corona ing Wuhan negara Cina lagi dadi wabah. Kudune, kita kabeh luwih waspada lan jaga-jaga aja ana sing dadi kurban. Perlu panyuluhan lan latihan khusus kanggo pancegahan. Sebab, wabah iki ora disangka-sangka nyerang warga ing negara endi wae. Mesakake para manungsa padha lara lan mati kena virus corona.
Isine pawarta ing ndhuwur yaiku ... .
wabah kang ora disangka
virus corona lagi dadi wabah
akeh manungsa lara lan mati
panyuluhan kasehatan
Putra kang mituhu marang bapa biyung, uripe bakal ayem tentrem tur rahayu wilujeng.
Tembung sing dicetak kandel kuwi kalebu tembung ….
entar
garba
saroja
camboran
Dadi bocah kuwi aja gedhe endase , amarga bisa ora duwe kanca.
Ukara ing ndhuwur sing kalebu tembung entar yaiku ….
dadi bocah
bocah kuwi
ora duwe kanca
gedhe endhase
Pocung
Murid iku wajib bekti lan mituhu
Pitutur ing dwija
Sabarang reh ngati-ati
Tata krama empan papan katindakna
Pira cacahe guru gatrane tembang Pocung ing ndhuwur ....
2
3
4
5
Wacan deskripsi yaiku sawijining karangan kang gagasan utamane nggambarake sanubarang kanthi jelas lan gamblang supaya sing maca kaya-kaya langsung .... apa kang di waca.. .
weruh
ndheleng
ngrasakake
ngalami
Teks informasi duweni ciri-ciri utowa titikan mligi kang becik yaiku, kajaba . .
Ngandareke fakta.
Kamomot ana ing medhia cetak utawa elektronik
Isine pawarta sing lagi dadi bahan omongane masyarakat.
Nyeleneh gawe wong seneng.
Sinom
Nuladha laku utama
Tumrabe wong tanah jawi
Wong agung ing Ngeksiganda
Panembahan Senapati
Kapati amarsudi
Sudaning hawa lan nabsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amemangu karyenak tyasing sasama
(Sumber : Pepak Basa Jawa)
Guru wilangan lan guru lagu tembang sinom ing ndhuwur yaiku ….
(a)
21. Sekar pangkur kang winarna
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
Ala lan becik punika
Prayoga kawruhana
Adat waton punika dipunkadulu
Miwah ingkang tata krama
Den kaesthi siyang ratri
Tembang macapat ing dhuwur kalebu jenise tembang macapat ... .
(a)
“ Ing Ngarso Asung Tuladha “ kalebu unen – unen ing basa jawa awujud ... .
(a)
Ula marani gepuk. Bebasan iku tegese ... .
(a)
Cebloke mengisor, sing digoleki mendhuwur. Batangane ...
(a)
Bapak pucung wujud mlungker kaya kalung,
Tangan papanira,
Nuduhake rina wengi,
Lamun mati bingung wektu sang bendara.
Apa badhekane tembang pucung ing dhuwur iku ?
(a)
Jaman saiki wis maju. Ana handphone sing bisa digawe nggubungi dulur adoh. Ora usah nganggo surat. Biyen wong dol tinuku iku kudu ana pasar, toko, utawa panggon saemper liyane. Saiki ana pasar modern sing nggunakake majune teknologi. Umpamane: dodolan sarana online. Olehe nawakake barang cukup nganggo internet. Semono uga sing tuku, ora usah mara nanging cukup nganggo internet, telephone, WA, sms, lan liyane. Kanyatan kuwi kang bisa diweruhi ing era globalisasi saiki.
Globalisasi asal saka tembung “globe”, ‘bola dunia banjur dadi global, sing tegese mendunia. Saking globalisasi ana dhampake gawe urip. Dhampak positif globalisasi, yaiku: masyarakat tansaya maju, tekade wong kanggo nyambut gawe tansaya gedhe, komunikasi tansaya gampang, anane pasar global, lan mlebune budaya asing bisa nyengkuyung budaya nasional. Uga ana dhampak negatipe, dhampak negati globalisasi yaiku: negara sing maju nduweni kuwaw sing luwih gedhe, lunture rasa nasionalisme, rusake lingkungan, lunture kabudaya lan nilai-nilai luhur bangsa, sarta lunture sipat kakeluwargan lan gotong royong.
Kenapa jaman saiki gampang kanggo usaha?
Kepriye ciri-ciri utowo titikan mligi teks informasi kang becik ?
Coba jlentrehna ngenani struktur/perangane pidhato!
Apa bedane basa sing dianggo ing pidhato resmi lan pidhato ora resmi!
