wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

GLADHEN 1 9B

Total questions: 10

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.

Kartika katon kemrelip ana ing mega-mega.

Tembung Kartika duweni teges...

a)

Lintang

b)

Rembulan

c)

Mendung

d)

Srengenge

2.

Donga pangestumu Biyung kang dak antu-antu murih rahayu ing lakuku.


Tembung Biyung nduweni teges...

a)

Gusti Allah

b)

Bapak

c)

Ibu

d)

Simbah

3.

(1) Surabaya, 23 April 2021

(2) Katur dhumateng Mas Joko

ing Bandung


(3) Kados pundi Mas Joko kabaripun? Mugi-mugi Panjenengan tansah pinaringan sehat.


(4) Mas lumantar layang punika, kula badhe paring pawartos menawi riyaya mbenjing kula mboten saged mudik. Amargi kahananipun taksih mutawatiri.


(5) Cekap semanten nggih Mas layang saking kula. Menawi wonten kalodhangan, kula nyuwun walesanipun.


(6) Keng Adhi

(7)

(8) Rohimah


Perangan kang ana ing angka (6) diarani bageyan...

a)

Papan lan titimangsa

b)

Pambuka

c)

Tapak asma

d)

Paprenah

4.

Paugeran tembang ing dhuwur kang bener yaiku ...

a)

8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i

b)

8u, 8i, 8a, 9i, 8a, 8i

c)

8u, 8p, 8a, 8i, 8a, 8g

d)

8u, 8p, 8a, 9i, 8a, 8g

5.

Ing donyane pewayangan ana sawijine kisah kang kasusra yaiku Mahabarata. Ing ngisor iki kang dadi lakone kisah Mahabarata yaiku...

a)

Pandhawa

b)

Punakawan

c)

Rama lan Sinta

d)

Bethara Guru

6.

Bapak lagi mlaku-mlaku ing plataran omah. Sinambi nyawang tetanduran kang katon ijo royo-royo. Hawane uga krasa seger. Nanging kabeh ora bisa ngapusi kahanan atine kang lagi nandang susah. Abot sanggane mikir kluwarga. Nanging Bapak tansah dawa ususe.


Saka wacan ing dhuwur kang klebu jinise tembung entar yaiku...

a)

mlaku-mlaku

b)

ijo royo-royo

c)

dawa ususe

d)

nandang susah

7.

"Wingi rak wis tak kandhani, ing kana kae akeh preman sing gawene mbegal wong liwat. Mula aja kulina liwat kono, apa maneh wayah bengi"


Unen-unen kang cocog karo crita ing dhuwur yaiku....

a)

ula marani gepuk

b)

anak polah bapak kepradah

c)

kebo nusu gudel

d)

rawe-rawe rantas malang-malang putung

8.

Perangan pidhato ing ngidor iki kang klebu bageyan pambuka yaiku....

a)

Ingkang kinurmatan Bapak Ibu guru. Ingkang kula tresnani kanca-kanca

b)

Cekap semanten atur kula, menawi wonten kalepatan kula nyuwun pangapunten.

c)

Puji syukur tansah konjuk dhumateng Gusti Allah Swt ingkang sampun paring kasarasan tumrap kita sedaya.

d)

Para rawuh sedaya, ing mangsa iki kita kudu tansah njaga kasarasan. Kabeh bisa dibudidaya kanthi cara mangan kang cukup gizine, istirrahat cukup, bisa uga kanthi ditambahi ngombe multivitamin. Sing paling penting yaiku kita kudu tansah njaga karesikan.

9.

Kali Amazon dumunung ing bawana Amérika Kidul. Kali Amazon minangka kali paling dawa nomer loro ing kali sawise Nil (Afrika).

Nanging, yen dideleng saka jumlah aliran banyu sekunder, Kali Amazon minangka kali sing mili aliran sing paling gedhe.

Aliran banyu Kali Kali Amazon menyang segara minangka siji kaping lima saka jumlah banyu seger sing mlebu segara ing saindenging jagad. Banyu segara ing sacedhake kali duwe kandungan uyah sing sithik.

Dawane kali yaiku 6,400 km. Kali Amazon utama udakara 1 nganti 6 mil.

Amarga suwene, kali kasebut nyabrang 7 negara. Dheweke yaiku Guyana, Ekuador, Venezuela, Bolivia, Brazil, Kolombia, lan Peru.


Sing klebu perangan idhentifikasi saka teks deskriptif ing dhuwur yaiku...

a)

Kali Amazon dumunung ing bawana Amérika Kidul. Kali Amazon minangka kali paling dawa nomer loro ing kali sawise Nil (Afrika).

b)

Dawane kali yaiku 6,400 km. Kali Amazon utama udakara 1 nganti 6 mil.

c)

Amarga suwene, kali kasebut nyabrang 7 negara. Dheweke yaiku Guyana, Ekuador, Venezuela, Bolivia, Brazil, Kolombia, lan Peru.

10.

Kanggo nulis angka Jawa kudu diapit tanda....

a)

pada pangkat

b)

pada lungsi

c)

pada lingsa

d)

pangkon