NEW
Font size
WorksheetsLatihan Soal Bahasa Jawa 6
Total questions: 15
Worksheet time: 11mins
Biyung
daksuwun pandongamu
kareben sapari polahku
tansah manggih rahayu
Tegese tembung “rahayu” sajroning geguritan ing nduwur yaiku ….
sugih
slamet
pinter
kuwat
Wacanen kanthi premati!
Tedhak Siti
Tedhak siti iku salah sijine upacara adat Jawa kanggo bocah umur pitung lapan. Ana uga sing nyebut “Mudhun Lemah” utawa “Udhun-udhunn” Upacara iki ing dherah liya uga ana, contone sing diarani “Injak Tanah” ing dhaerah Jakarta.
Tedhak siti iku upacara adat kanggo bocah umur pira?
pitung lapan
pitung dina
pitung minggu
pitung taun
Wasana cekap semanten atur kulo, mugi-mugi punapa ingkang kulo aturaken saged nyaosi manfaat dhumateng kita sedaya. Menawi wonten kiranging atur saha kirang trapsilaning tindak-tanduk, kulo nyuwun gunging pangaksama. Matur nuwun.
Teks sesorah ing inggil kasebut diarani ….
salam pambuka
pangarep-arep
wasana basa
surasa basa
Tembang Pangkur cacahe ono …gatra
5
6
7
8
Indonesia kondhang kanthi potensi budayane.
Tembung sing dicithak kandel tegese.…
terkenal
perhatian
berkembang
seneng
Watak luhure Raden Gathotkaca kang bisa ditiru,yaiku….
Ala,ora netepi kewajiaban
Jirih, ora wani ngadhepi musuh
Gampang nesu lan seneng goroh
Jujur, kendel, lan seneng tetulung
Padha gulangen ing kalbu,
Ing sasmita amrih lantip,
Aja pijer mangan nendra,
Kaprawiran den kaesthi,
Pesunen sariraniro,
Cegah dhahar lawan guling.
Tembung sasmita tegese….
ati
pratandha
pinter
kelakon
Umpama wong lumaku,
Marga gawat den liwati,
Lamun kurang ing pangarah,
Sayekti karendhet ing ri,
Apese kasandhung padhas,
Babak bundhas anemahi.
Ukara kang dicithak kandel tegese…
pungkasane kelara-lara
ngati-ati kena eri
rine pancen lanthip
bisa kena eri (pepalang)
“Salajengipun, kula sakanca boten kesupen nyuwun pangaksami bilih wonten kalepatan saha tindak tanduk ingkang kirang prayogi . . . . “
Tembung sing dicithak kandel tegese . . . .
njaluk
menehi
maringi
nyukani
Gambuh
Aja nganti kabanjur
barang polah ingkang nora jujur
yen kabanjur sayekti kojur tan becik
becik ngupayaa iku
pitutur ingkang sayektos
Kepiye akibate yen urip ora jujur?
entuk pangkat dhuwu
sugih bandha donya
dadi wong asor
dadi wong pinter
Gathotkaca Gugur
Perang Baratayuda wis dumadi. Ing Tegal Kurusetra, prajurit Pandhawa lan Kurawa wis padha adhep-adhepan. Prajurit kang ketaton lan nemahi tiwas wis ora bisa diwilang. Para senapati kang gugur uga wis akeh.
Sagugure Abimanyu pinangka senapati agung Pandhawa, ganti Gathotkaca winisudha madeg senapati agung. Senapati agung iku pemimpin perang, menawa ing istilah saiki panglima perang.
Pokok-pokok isi cerita paragrap kapindo, yaiku….
Abimanyu gugur
Gathotkaca winisudha
Perang Baratayuda
Senapati Agung
Gatekna pacelathon ing ngisor iki!
Budi : “Rud, kowe nggawa apa?”
Rudi : “Aku nggawa dhompet. Anggonku nemu ana ing dalan.”
Budi : “Kowe aja ngono, Rud! Luwih becik balekna marang sing duwe dhompet.”
Rudi : “Aku ora nyolong, iki nemu ing dalan dadi aku ora salah.”
Budi : “Sanadyan ora nyolong, bocah sing jujur yen dudu duweke aja dipek.”
Isine pacalethon ing dhuwur yaiku ....
Rudi nemu dhompet
Rudi nyolong dhompet
Budi nemu dhompet
Budi nyolong dhompet
Bapak : “To, mrenea! rewangen Bapak ngresiki pekarangan omah!”
Narto : “Nggih, Pak! kula mendhet sapu ijuk rumiyin.”
Bapak : “Iya. Jupukna arit sisan kanggo mbabat suket ana pekarangan.”
Narto : “Nggih, Pak, punika aritipun.”
Tema kang trep adhedhasar pacelathon ing dhuwur yaiku . . . .
kasarasa
kaendahan
kabersihan
kasenengan
Aksara Jawa ing inggil iku tulisen nganggo aksara latin ….
Elinga jer basuki mawa bea
Elinga jer basuki slamet
Eling lan waspada
Eling lan wicaksana
Gatekna pethilan sesorah ing ngisor iki!
(1) Mekaten ingkang saged kula aturaken. Mbok bilih anggen kula matur pinangka wakilipun adhik-adhik kelas wonten kekirangan lan kalepatanipun utawi kirang sopan, kula nyuwun pangapunten.
(2) Salejengipun kula inggih ngaturaken gunging panuwun dhumateng Bapak saha Ibu Guru ingkang sampun nggulawentah kula sarencang wiwit kelas setunggal ngantos kelas enem.
(3) Ingkang dhadhat kinurmatan Bapak Kepaa Sekolah, lajeng Bapak Ibu Guru ingkang kula urmati, kanca-kanca kelas 6 serta adhik-adhik ingkang kula tresnani.
(4) Puji sokur kula aturaken dhumateng Gusti Ingkang Mahaagung ingkang sampun paring bagas kasarasan dhumateng kita sedaya. Awet kita saged pepanggihan ing pasamuan punika. Ing kawontenan punika kita saged kempal kanthi sehat wal’afiat.
Perangan sesorah kang diarani purwaka basa dituduhke nomer . . . .
(1) lan (2)
(1) lan (3)
(2) lan (3)
(3) lan (4)
