WorksheetsPAT GENAP B JAWA X
Total questions: 31
Worksheet time: 31mins
Wacanen tembang ing ngisor iki kanthi premati!
Nuladha laku utama,
Tumrape wong tanah Jawi
Wong Agung ing Ngeksiganda
Panembahan Senopati
Kepati amarsudi
Sudaning hawa lan nepsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amemangun karyenak tyasing sesama
Kang ora kalebu surasane tembang macapat ing dhuwur yaiku ...
Nuladhani tumindak kang becik
Njaga dhiri saka hawa nepsu kang ora becik
Sregep ngibadah utawa nindakake poso
Panembahan Senopati iku ora tumemen olehne golek ilmu
Njaga sesrawungan
Kang diarani ‘Ngeksiganda’ ing tembang Sinom yaiku …
Majapahit
Mataram
Surakarta
Sriwijaya
Demak
Panembahan Senopati
Kepati amarsudi
Tegese tembung “amarsudi” yaiku …
tenanan
pasrah
tanpa daya
suka cita
tresna asih
Amemangun karyenak tyasing sasama Ana ing tembang sinom gatra pungkasan kasebut kang nduwen teges “gawe seneng” yaiku …
amemangun
karyenak
tyasing
sasama
nulada
Kang ora kalebu wujuding tembang macapat ana ing Serat Wedhatama yaiku …
Pangkur
Sinom
Pocung
Gambuh
Maskumambang
Nitik guru wilangane tembang sinom, gatra kang cacahe paling akeh ana ing gatra ...
1 lan 2
6 lan 8
1,2, 3, lan 4
5 lan 7
9
Gatra kang cacah wilangane 8 wanda yaiku mapan ing gatra ...
1,2,3,4 lan 5
1,2,3,4,5, lan 6
1,2,3,4,6 lan 8
1,2, 3, lan 4
5 lan 7
Wateke tembang Sinom yaiku …
trengginas
galak
seneng
mituturi
nuladhani
Kang ora kalebu gunane tembang macapat yaiku …
Kanggo kasusastran jaman saik
Kanggo kasusastran jaman biyen
Kanggo mbawani utawa nggerongi gendhing
Kanggo lagu-lagu kethoprak lan wayang wong
Kanggo parikan lan dhagelan
Crita wayang Mahabharata iku nyritakake lakone … lan …
Rama lan Sinta
Pandhawa lan Kurawa
Anoman lan Pandhawa
Hayamwuruk lan Gajahmada
Pandhu lan Dewi Kunthi
Nakula lan Sadewa iku tunggal bapak beda ibu karo Pandhawa kang liyane. Nakula lan Sadewa iku putrane Pandhudewanata kalian ...
Dewi Gendari
Dewi Arimbi
Dewi Kunthi
Dewi Madrim
Dewi Sinta
Dasanamane Bima yaiku …
Bratasena
Brantasena
Arya Sena
Abiyasa
Yudhistira
Perangan kang nggambarake lakune crita wayang diarani …
Tema
Paraga
Amanat
Alur
Latar
Gagasan pokok utawa idhe dhasaring crita diarani …
Tema
Paraga
Amanat
Alur
Latar
Paraga kang kajibah nglantarake titilaksana ana ing sawijining acara diarani …
ketua panitia
pranatacara
sekretaris
modherator
dhalang
Kang ora kalebu dasanamane panatacara yaiku ...
pangandhar materi
pranata adicara
pambiwara
MC
modherator
Kang ora kalebu bab-bab kang kudu digatekake nalika dadi panatacara yaiku ...
wirasa
wirama
wirasa
wirupa
busana
Nalika maca teks panatacara, solah bawa kang becik yaiku ...
sikil karone rapet
sedhela-sedhela nyawang cathetan
ngadeg karo semendhe ing tembok
lungguh jigang ing kursi
tangane ngapurancang
Ing ngisor iki kang ora kalebu bab-bab kang kudu digatekake nalika dadi panatacara yaiku ...
Klambi kudu salaras karo kahanane
Ngadeg kanthi jejeg, lan luwes
Nggoceki mikrofon kanthi lumrah
Nguwasani lan ngendhaleni kahanan
Nganggo klambi kang mewah
Surasaning pangandikan utawa intine kang diomongke ana ing panatacara mapan ing perangan ...
purwaka
surasa
wasana
panutup
pambuka
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah SMK Siswa Utama
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu dwija SMK Siswa Utama
..................
Pratelan kasebut kalebu perangan ...
purwaka
ngaturake ayahan
salam pambuka
atur pakurmatan
atur syukur
Kedaling lathi kudu digladhi, supaya metune suwanten luwih cetha. Bab menika gegayutan karo sarat panatacara yaiku …
basa
sastra
swara
busana
subasita
Ana unen-unen menawa ajining dhiri saka lathi, dene ajining raga gumantung saka …
bandha
basa
ukara
busana
rupa
Candi Prambanan iku dumunung ana ing tlatah ....
Kabupaten Gunungkidul
Kabupaten Sleman
Kabupaten Klaten
Kabupaten Magelang
kabupaten Kulonprogo
Omah-omahan saka watu kang tinata edi kanggo papan pasembahyangan diarani ....
pomahan
tugu
candhi
gapura
Joglo
Aku lagi (rabuk) tanduran.
Tembung kang dikurung rimbage yaiku ....
ngrabuk
ngrabukake
dirabuk
rabuki
Rabukan
Tembung lingga kang karaketan ater-ater anuswara (an, ang, any, am) lan ngemu surasa makarya diarani ....
tembung lingga
tembung andhahan
tembung tanduk
tembung tanggap
tembung andhapan
Geguritan Yaiku. . . .
Puisi Jawa Modern
Pantun Jawa
Tembang Jawa
Teka teki Jawa
Sekar Jawa
Ukara sing ngaggo ater-ater anuswara yaiku ....
Rina jajan pecel lele
bukuku koselehke ana ngendi?
Ranti mangan nagasari
satene wis dipangan adhiku
opo koe wis mbayar tablemanner
Unen-unen kang dumadi saka rong ukara utawa patang ukara. Ukara kapisan kanggo narik kawigaten lan ukara kapindho minangka isi, diarani ....
paribasan
bebasan
parikan
cangkriman
sanepo
Pantun ing basa jawa diarani ....
paribasan
parikan
bebasan
cangkriman
