Font size
WorksheetsAssesmen Sumatif Bab 1 Kls 9 (Geguritan)
Total questions: 28
Worksheet time: 1hrs 26mins
Ing ngisor iki kalebu ciri-ciri geguritan, kajaba...
Ora kudu ana maknane
Duweni makna utawa arti ana ing lirike
Nggunakake basa kang endah lan mentes
Jenenge pengarang ditulisake ing ngisor irah-irahan teks geguritan.
Teks Sastra kang basane cekak, mentes, lan endah iku diarani apa?
Paribasan
Geguritan
Pantun
Tembang
Majas sing nggambarake benda mati nanging kaya urip yaiku majas apa?
Simile
Personifikasi
Hiperbola
Metafora
Ing ngisor iki sing kalebu unsur intrinsik geguritan yaiku?
Amanat
Sosial
Swasana
Rima
Wong maca geguritan, sing paling apik yaiku...
kanthi solah bawa lan patrape dhewe-dhewe
kanthi nuladha solah bawa lan patrape wong liya
kanthi solah bawa sing digawe-gawe
kanthi tanpa solah bawa lan patrap
Apa bedane geguritan gagrak anyar karo geguritan gagrak lawas?
Ranek bedane, kabeh kaiket dening paugeran.
Gagrak anyar iku kaiket dening paugeran, menawa gagrak lawas iku ora kaiket paugeran.
Gagrak anyar iku ora kaiket paugeran, menawa gagrak lawas kaiket paugeran tartamtu.
Gagrak anyar diwiwiti tembung "sun nggegurit", menawa gagrak lawas ora.
Yen isine geguritan iku sedhih, polatane sing maca kudu...
katon seneng supaya sing ngrungokake melu seneng
katon bungah supaya sing ngrungokake melu bungah
katon nelangsa supaya sing ngrungokake melu sedhih
katon sedhih supaya sing ngrungokake melu seneng
Gatekna geguritan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 8 & 9!
Mudha-mudhi jaman saiki,
Aja lali dhiri pribadi,
Ngangsu kawruh sing ngati-ati,
Singkirana luput lan lali,
Saben dina kudu ngabekti,
Mring Gusti kang murbeng budhi.
Tegese ngangsu kawruh padha karo tembung...
Golek sangu
Golek kanca
Golek ngilmu
Golek dungo
Mudha-mudhi jaman saiki,
Aja lali dhiri pribadi,
Ngangsu kawruh sing ngati-ati,
Singkirana luput lan lali,
Saben dina kudu ngabekti,
Mring Gusti kang murbeng budhi.
Geguritan ing ndhuwur, katujokake kanggo sapa?
para guru
para wong tua
para masyarakat
para mudha-mudhi
Tembung "urip pancen kaya racikan kopi", klebu jinis majas apa?
Hiperbola
Metafora
Simile
Personifikasi
Sun nggegurit
Lelakon jaman saiki
Kabeh pemudha-pemudhi
Kutha ndesa gunung sami
Mung sinau kang den esthi
Geguritan ing ndhuwur migunakake purwakanthi…
Lagu
Basa
Sastra
Swara
Geguritan kang kaiket dening paugeran tartamtu diarani geguritan gagrak?
(a)
Basa rinengga iku basa sing apa?
(a)
Andharan kang digunakake kanggo nggambarake gegambaran kang bisa dirasakake dening panca indra diarani ...
(a)
Unsur pembangun geguritan ana 2 yaiku unsur instrinsik lan unsur...
(a)
Ing geguritan, biasane sing ditulis ing ngisor irah-irahan yaiku...
(a)
Kahanan batin/jiwa pamaos sawise maca geguritan diarani...
(a)
Aku rumangsa ora duwe apa-apa, sing awujud bandha donya lan raja brana. Tetembungan kasebut migunakake purwakanthi …
(a)
Salah sijine ciri geguritan gagrak lawas yaiku nganggo tembung …
(a)
Ilmu nata aksara ing teks supaya katon nengsemake lan nyenengake diarani …
(a)
Tema, swasana, amanat, rasa pangrasa iku kalebu unsur…
(a)
Apa sing diarani diksi?
Apa sing diarani purwakanthi?
Sebutna ciri-ciri geguritan!
Sebutna unsur intrinsik sing ana ing geguritan!
Coba sebutna ciri-cirine geguritan modern!
Tembang macapat iku kalebu puisi Jawa tradhisional (gagrak lawas), apa sebabe?
Kopi Ireng
Dening : Lestari Sahsa Malika
Nyruput kopi ireng
Makpyar ngipatake rasa peteng
Takudheg kanthi ati seneng
Praupan padhang ora njenggureng
Taksedhot wangine kopi
Takrasakake kanthi weninge ati
Nggambar maneka imajinasi
Urip pancen kaya racikan kopi
Pait lan manis kudu dinikmati.
Saka geguritan ing ndhuwur, wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi trep!
a. Apa irah-irahan geguritan ing ndhuwur?
b. Sapa sing nganggit geguritan iku?
c. Golekana majas ing geguritan iku, tulisen ukarane!
d. Golekana citraan/imaji ing geguritan iku, tulisen ukarane!
e. Golekana purwakanthine!
