NEW
Font size
WorksheetsBAHASA JAWA KELAS 4 SD
Total questions: 40
Worksheet time: 20mins
Tembang macapat cacahe ana …
9
10
11
12
Watake tembang Gambuh yaiku ….
Galak
seneng
sedhih
pitutur
Tibane swara ing pungkasan gatra diarani ….
guru gatra
guru wilangan
guru lagu
guru swara
Cacahe gatra ing tembang Gambuh saben sapada ana….
4
5
6
7
Kang diarani guru gatra yaiku cacahing … saben sapada
larik
bait
pada
wanda
Sekar gambuh ping catur. Tegese tembung catur yaiku ….
1
2
3
4
Laras pelog tegese laras kang nggunakake … titi laras.
5
6
7
8
Tembang ing ngisor iki kang kalebu jenise tembang macapat yaiku …
Gambuh
Gambang suling
Suwe ora jamu
Gundhul-gundhul pacul
Tembang kang duwe paugeran guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu diarani tembang …
dolanan
tengahan
macapat
gedhe
Tembang macapat kuwi ditembangake kapedhot …
siji-siji
loro-loro
telu-telu
papat-papat
Tembang macapat kang guru wilangan lan guru lagune 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i yaiku …
gambuh
kinanthi
mijil
pocung
Kang cinatur, polah kang kalantur. Tegese tembung kalantur yaiku …
kebacut
keblasuk
kewanen
keweden
Guru lagu lan guru wilangane tembang Gambuh yaiku ….
7u, 10u, 12i, 8u, 8o
7a, 10u, 12i, 8u, 8o
7u, 10u, 12i, 8o, 8u
7o, 10u, 12i, 8o, 8u
Cacahe wanda saben sagatra ing tembang macapat diarani ….
guru gatra
guru wilangan
guru lagu
guru swara
Laras slendro tegese laras kang nggunaake … titi laras.
5
6
7
8
Wayang kulit kuwi digawe saka kulit ….
macan
gajah
kidang
kebo
Seniman kang nglakokake wayang diarani ….
niyaga
wira swara
dhalang
waranggana
Ana ing pagelaran wayang kulit, wayang kuwi mau ditancepake ana ing …
debog
kayu
pring
emah
Piranti wayang kulit sing kanggo madhangi wayang nalika pagelaran wayang kulit diarani …
teplok
senter
sokle
blencong
Wayang klithik sinebut uga wayang…
precil
krucil
kancil
mecicil
Piranti pewayangan sing digawe saka kuningan lan nggone ngunekake nganggo tlapakan sikil tengen karo lungguh sila arane ….
kelir
kepyak
cempala
cempurit
Raden Werkudara yaiku putrane Prabu Pandudewanatha karo …
Dewi Madrim
Dewi Shinta
Dewi Kunthi
Dewi Srikandhi
Werkudara duweni gaman sing sekti banget arupa …
panah pasopati
keris pulanggeni
jamus kalimasada
kuku pancanaka
Ing ngisor iki kang dudu dasanamane Werkudara yaiku …
Gajahsena
Bayusuta
Balawa
Bratasena
Sing bisa mecah bungkuse Bima yaiku …
Prabu Pandhu
Gajahsena
Bathara Guru
Dewa Ruci
Werkudara ora tau guneman nganggo basa sing alus karo sapa bae, kajaba karo …
Dewi Kunthi
Dewa Ruci
Bathara Guru
Prabu Pandhu
Raden Janaka sowan marang Begawan Abiyasa nakokake bab kahanane Raden Werkudara. Raden Werkudara kuwi kaprenah … Raden Janaka
wong tuwane
kakange
adhine
pamane
Raden Janaka didherekake repat Punakawan. Kang kalebu salah sijine Punakawan yaiku ….
Semar
Permadi
Togog
Narada
Kanggo olah bab batin lan kaprajuritan, Bima meguru marang …
Prabu Baladewa
Dewa Ruci
Begawan Abiyasa
Resi Durna
Watake Werkudara utawa Bima yaiku ….
srakah
jirih
gumedhe
teguh ing janji
Tembang macapat kang guru gatrane ana 4 (papat) yaiku …
kinanthi
dolanan
gambuh
maskumambang lan pocung
Tembang Gambuh kuwi nggambarake pitutur lan ….
paseduluran
kekancan
wejangan
Sekar gambuh ping catur. Sekar tegese ….
wit
kewan
tembang
segara
Laras gamelan kang nggunakake 7 titi laras yaiku ….
pelog
slendro
Kadaluwarsa katutuh, kapatuh pan dadi awon. Awon tegese …
becik
ala
mrengut
pecicilan
Ana ing crita Bimabungkus, Gajahsena sing bisa mecah bungkuse Bima sejatine putrane ….
resi durna
prabu pandu
bethara guru
punakawan
Miturut dhawuhe Dewa, Bima kudu dadi satriya kang …
utama
wicaksana
prakasa
nelangsa
Seniman seniwati kang pakaryane nabuh gamelan diarani …
dhalang
niyaga
sindhen
waranggana
Sumber crita kanthi lakon Bima Bungkus kalebu epos ….
mahabaratha
roro jonggrang
dewa-dewi
Piranti pewayangan sing kanggo ngiringi pagelaran wayang kulit yaiku …
cempala
gamelan
kepyak
kelir
